Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-04, #49

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-04, #49. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-04, #49. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 1, 11 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 4 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ingkang damêl kayungyuning manah.

[Grafik]

Wêkasaning Kajawèn 1927 ngêwrat adining patamanan ing Wèltêprèdhên. Ing sapunika nyarêngi wêdalipun Kajawèn wiwitaning taun 1928 ngêwrat sawangan ingkang langkung èdi, inggih punika patamanan ing Wilhelminapark ugi ing Wèltêprèdhên.

--- 2 ---

Kajawèn 1928.

[Dhandhanggula]

sasilêming arka manjing wêngi / ngêlêm maring asrining buwana / têmah kucêm mêmanise / wiyat katon ngêlangut / tan prabeda rasaning sêpi / tidhêm sabawanira / sêsirat mawêlu / têtêp titining kang warsa / nitih kanthinira nêrusi sawiji (1927) / kukut satêmah sirna //

kêsêsêring ari kang kawuri / kang tumiba nuju ari Tumpak / sinambut ari Radite / acakêt runtung-runtung / nanging datan pinanggih malih / dening wus kêlêm sirna / kêsaput ing taun / têmah kari kang kawuntat / ngèsthi kanthinira anrusi panunggil (1928) / mrih pinuji widada //

[Grafik]

gumiwanging kaanan kang kèksi / kang gumêlar anèng tanggap warsa / maksih wèh kasamarane / ing cipta rangu-rangu / de kawuryan ambalêrêngi / labêt maksih kanggonan / rasa kang kêpungkur / kang wus kulina sawarsa / ing satêmah sarasaning samar kêndhih / mung kandhêg sawatara //

dyan umulat kaanan sajati / kang kawang-wang anèng jagad raya / tan kuciwa ing isine / kèbêkan sarwa pênuh / kang umèsi wiji linuwih / myang dadya bêtahira / ing janma sawêgung / kang wajib ingupa drawa / lan ingarah kanthi tusing akal budi / dadining kasambatan //

ing sumarma kang samya mangrêti / mring sêsirat sulaking pêpadhang / tan kewran ngakal budine / dinohan tindak lumuh / kang kadyèku têmah pinanggih / wimbaning tanggap warsa / kang nêmbe umungup / yêkti kêmbang kawêkêlan / lan ing têmbe awoh piguna linuwih / nrahi sadayanira //

kêsilêping warsa kang wus anis / yèn rinasa rarase kêrasa / Kajawèn ing sajatine / pindha wiji ingipuk / kang rumêsêp umanjing bumi / sanggyaning kawruhira / pan sumêbar sampun / tumanême pra nupiksa / mung sinarah kanthi linut ing pamuji / mrih woh suka pirêna //

myang numusi mring rasaning ati / kakênan ing kêkaranganira / dene yèn wontên lupute / sayêkti antuk maklum / bara-bara antuk pamuji / pramila ananira / mung sumanggèng kayun / Kajawèn datan kawasa / mêmiluta mawèh limuting pangèksi / kang mrih kliruning tômpa //

pan ing mangkya rêdhaktur Kajawin / ing wimbaning punang tanggap warsa / angasokkên ing sayahe / kang tumindak sataun / mung watara mamèt pêpulih / anon srining kaanan / lan anggati nungtum / miwah sukur ing Pangeran / dene lulus sataun dènnya ngêmbani / maring momonganira //

ing puwara sarasèng panggusthi / pindhaning kang wiji anèng kisma / mangkya kawuryan tuwuhe / murwèng wiwiting taun / kang Kajawèn mêdal ping kalih / ing dalêm pitung dina / lir kang wus tinutur / nèng sajroning [sajro...]

--- 3 ---

[...ning] wara-wara / ing sumarma wimbanira kang murwani / pinuji ayunira //

myang winarah ingangkah sayêkti / isinira ywa mawèh kuciwa / pinapantês sakecane / mrih isi sanggèng kawruh / kang medahi mring bôngsa Jawi / myang nyakêt rasanira / Kajawèn satuhu / miwah kawruh warna-warna / ingkang dahat agung pigunane ugi / maring para nupiksa //

myang pêthikan kaananing warti / ingkang wontên laladan Indhia / ringkês kêcakup prêlune / tanamitanapi. wartanipun / kaananing sajaban nagri / myang Jagading Wanita / lan malih pun Petruk / anggung dènira banyolan / kang tan kêndhat arasa main cêmêthi / mung lagu sêsêmbranan //

myang ing mangkya punang kalawarti / pan ginêlar papane awiyar / nyadhiyani karênane / para kang ulah kidung / mung pinuji pedahe ugi / nênuntun ulah kridha / raras Jawa lugu / lan nênangi kaèngêtan / mrih tumanêm tuman rêmên nganggit-anggit / kang sinawung ing sêkar //

lawan ugi rêdhaksi nampèni / patanyaning kang para lêngganan / kang kintên mawèh pedahe / aran tuntun-tinuntun / ambukani pêtênging ati / apan mangke têtela / ing kaananipun / Kajawèn saya sumrambah / datan pisan kawuryan mêngku pakolih / kang ingaran tan yogya //

ing wusana tan kêndhat mêmuji / myang nênuwun mring para lêngganan / mrih sêtya ing pambayare / tanapi ambiyantu / antuk rowang lêngganan malih / tindak ingkang mangkana / ing pigunanipun / dadya tuntunan sayoga / anjêmbarkên têbaning Kajawèn yêkti / mrih sumêbar warata //

lan pininta srêndhaning panggalih / karênana urun kakarangan / kang medahi pigunane / kapan tiniti sampun / kang wêwarah môngka murwani / wimbanirèng wiwitan / ing purwaning taun / têtêpa ing wurinira / anumusi kadi sarasaning puji / amrih widadanira //

Raos Jawi

Raos tumraping gôngsa

Mênggahing bôngsa Jawi, tamtu botên kêkilapan dhatêng ingkang dipun wastani gôngsa, awit punika mèh kenging dipun wastani sampun dados kanthinipun, kenging kangge sarana anglairakên raos bingahing manah, bab ing ungêlipun ingkang rinarasakên ing gêndhing, sagêd nuwuhakên raos warni-warni, ingkang grêgêd, sagêd adamêl gambiraning manah, ingkang ngêrês, ngantos sagêd damêl trênyuh. Ingkang makatên wau dados têtela bilih gôngsa punika satunggaling yêyasan linangkung, kados kêdunungan daya panggèndèng ingkang ngèngingi dhatêng daya gêsanging tiyang, lan têtela bilih ingkang yasa inggih para linangkung ing budi, awit sadaya antuk-antukaning kawontênanipun, namung sarwa angèngingi dhatêng kawontênaning manungsa, malah sawênèh wontên ingkang lajêng dipun lèrègakên dhatêng ngèlmu kasampurnan. Lèrèg ingkang makatên wau tumrapipun bôngsa Jawi anganggêp sampun kêkêtogan, awit mênggahing inggiling sêsêrêpan, manawi encokipun sampun mriku, sampun botên wontên inggahipun malih.

--- 4 ---

Ing Kajawèn ngriki tumut badhe ngrêmbag ing bab wontênipun gôngsa mencokipun dhatêng tata kalairan ingkang cundhuk kalihan kawontênaning jaman, inggih punika jamaning pakêmpalan.

[Grafik]

Gambaring gôngsa ingkang jangkêp

Manawi dipun perang, ricikaning gôngsa punika warni-warni, satunggal-satunggalipun gadhah nama piyambak-piyambak, kalêmpaking ricikan sadaya wau nama gôngsa sarancak, ing sarancakipun mêngku nama piyambak, inggih punika salendro utawi pelog, manut saking larasing ungêl, dene tumrap larasing swaranipun, inggih angwontênakên grêgêt tuwin êngês piyambak-piyambak, tuwin anuwuhakên cêcondonganing raos-pangraosing tiyang.

Bab punika manawi dipun cundhukakên kalihan kawontênaning pakêmpalan ingkang sampun têtêp adêgipun, wontên èmpêripun, awit kawontênaning jênggêrêngipun sampun jangkêp.

Nanging kadospundi sagêdipun mastani jangkêp mênggahing gôngsa, bilih dèrèng nyumêrêpi ricikanipun, mila inggih kêdah kapratelakakên, yèn gôngsa sarancak punika ingkang baku awarni: rêbab, kêndhang, gêndèr, gambang, dêmung, kêthuk, kênong, kêmpul, tuwin gong. Punika sanadyan [sana...]

--- 5 ---

[...dyan] dèrèng jangkêp mênggahing gôngsa, nama sampun tumindak dipun tabuh. Dados mênggahing pakêmpalan, inggih kêdah nêtêpakên adêging bêstiripun, sanadyan dèrèng kathah, nanging bakuning bau ingkang badhe rumagang ing damêl nama sampun jangkêp, kados ta ingkang dados pangarsa, panitra, ardana, panitya.

Sasampuning nyumêrêpi ricikaning gôngsa, lajêng manah tumindaking panabuhipun. Mênggahing gôngsa, satunggal-tunggalipun gadhah swara piyambak-piyambak, botên wontên ingkang sami, ewadene manawi sampun dipun tabuh, swara ingkang botên sami wau lajêng sagêd runtut manut ing gêndhingipun, tuwin botên kenging pisan-pisan mênggahing gôngsa tinabuh sêsarêngan manut sakajêng-kajêngipun piyambak, upaminipun rêbab ngraras gambir sawit, gêndèripun pangkur tuwin gôngsa sanès-sanèsipun ugi beda-beda, sampun tamtu lajêng pating klênyit botên kantên-kantênan. Dados sanadyan cêtha manawi gôngsa punika ungêlipun beda-beda, nanging manawi ungêlipun turut kados larasing gêndhingipun, lajêng runtut rampak, sakeca dipun mirêngakên.

Makatên ugi mênggah tumraping pakêmpalan, rumaganging damêlipun para bêstir inggih kêdah sêsarêngan, samôngsa botên golong, inggih badhe botên sae dadosipun, adêging pakêmpalan lajêng botên wujud santosa. Dados têrang bilih ingkang beda punika namung tiyangipun, nanging tumrap rêmbagipun runtut kemawon.

Mila mênggahing pakêmpalan, manawi angèngêti dhatêng pêpiridan kawontênaning gôngsa, tamtu sae ingkang pinagih,pinanggih. awit wontênipun namung sarwa turut-tinurut, salah satunggalipun botên wontên ingkang nyêbal saking jêjêr ingkang dipun kajêngakên.

Ing nginggil sampun kacariyosakên mênggah bakuning gôngsa, sampun sagêd kangge mindhakakên adêging bêstiripun. Sapunika nyariyosakên ricikan sanèsipun, kados ta gêndèr panêrus tuwin sanès-sanèsipun, punika upaminipun para warga limrah, sanadyan botên baku dados jêjêr, nanging lajêng umyung ambarung amor nunggil laras, wêkasan jumbuh dados sakeca, punika ngibarat gumêlênging rêmbagipun pakêmpalan. Dene tumrap dayanipun dhatêng ing ngakathah, punika namung gumantung dhatêng raras sakecaning gêndhing.

___________

Wong kang wis duwe panguwasa, aja ngetokake panguwasane, awit panguwasa kang diketokake iku, sajatine durung nunggal karo kang kasampiran, dadi yèn tansah diketokake, pikolèhe malah agawe sudaning drajade.

Kautamaning budi iku dudu saka panggawene kang nglakoni, awit sanadyan panggawe bêcik, manawa ing batin isih duwe pangarêp-arêp olèh piwalês, bêcike mau mung bakal mulih dadi piranti. Dene jatining kautaman, iku kang nglakoni ora ngrumasani, sanadyan kang nglakoni dituduhi ing liyan mungguhing kautamane, anane mung gèdhèg ora wêruh.

--- 6 ---

Ekonomi

Pangintunan pisang saking Banyuwangi dhatêng Ostrali

[Grafik]

Sabên taun pangintunan pisan saking Banyuwangi dhatêng Ostrali, punika katingal tansah mindhak kemawon. Ing taun 1913 pisang ingkang kakintunakên dhatêng Ostrali kirang langkung wontên 30.000 tundhun, ananging ing taun 1916 pangintunipun wau mindhak dados 150.000 tundhun. Murih gamblangipun, ing ngandhap punika pratelan cacahing pisang ingkang kakintunakên dhatêng Ostrali ing dalêm sataun-taunipun:

Ing taun 1913 ngintunakên 30.000 tundhun | Ing taun 1914 ngintunakên 60.000 tundhun | Ing taun 1915 ngintunakên 80.000 tundhun | Ing taun 1916 ngintunakên 100.000 tundhun | Ing taun 1917 ngintunakên 98.000 tundhun | Ing taun 1918 ngintunakên 90.000 tundhun | Ing taun 1919 ngintunakên 114.000 tundhun | Ing taun 1920 ngintunakên 104.000 tundhun | Ing taun 1921 ngintunakên 125.000 tundhun | Ing taun 1922 ngintunakên 130.000 tundhun | Ing taun 1923 ngintunakên 119.000 tundhun | Ing taun 1924 ngintunakên 137.000 tundhun | Ing taun 1925 ngintunakên 163.000 tundhun | Ing taun 1926 ngintunakên 150.000 tundhun

Nalika ing taun 1913 wontên pakêmpalan dagang Ostrali gadhah sêdya badhe dêdagangan pisang dhatêng tanah Ostrali, lan pisang ingkang badhe kasade dhatêng Ostrali wau pisang tanêmanipun têtiyang pribumi, salajêngipun salah satunggiling amtênar dhepartêmèn lanbao kakintunakên dhatêng Ostrali supados anitipriksa punapa padagangan pisang ing Ostrali punika sagêd majêng. Ing sarèhning tumrap amtênar wau têtela, bilih dagangan pisang ing Ostrali badhe kathah pêpajênganipun, amila dhepartêmèn kasbut nginggil amanggalih prêlu, bilih prakawis wau kêdah kabantu kanthi samêsthinipun.

Sadèrèngipun taun 1913 pakêmpalan dagang kasbut nginggil ugi sampun anyobi angintunakên pisang abmon asli saking Kêdhiri, nanging pisang ambon saking Banyuwagi punika dhatêngipun ing tanah Ostrali langkung sae, amila inggih botên kenging dipun paibên bilih pakêmpalan dagang wau lajêng milih pisang ambon wêdalan ing Banyuwangi. Ananging kala punika [puni...]

--- 7 ---

[...ka] ing têpis wiringipun Banyuwangi botên sagêd ngintunakên pisang ingkang dados kabêtahanipun ing tanah Ostrali. Amila nagari lajêng ambagi trubusan pisang cacahipun kirang langkung 18000 iji dhatêng têtiyang ing sacêlakipun Banyuwangi, tuwin amaringi siti wiyaripun 150 bau dhatêng têtiyang ngriku kangge ananêm pisang. Murih tanêman palawija sampun ngantos angsal kapitunan, amila pananêmipun pisang lêtipun têbih.

Wiwit punika ing Banyuwangi ing pundi-pundi sami katanêman pisang, ngantos têtiyang ing ngriku sagêd ngintunakên pisang kathah dhatêng tanah Ostrali, ing samangke tanêman pisang ing Banyuwangi kenging kawastanan satunggiling pangupajiwa ingkang sayêktos kathah pamêdalipun. Eman angêt, dene dumugining samangke botên kabudidaya sagêdipun ananggulangi rêngêting pisang, ingkang anjalari kulitipun pisang dados risak. Inggih lêrês, bilih ing sawênèhing kêbon pisang, nagari nyobi amêrangi amaning pisang wau, tur wohipun inggih sae sangêt. Ananging ing têmbe wingkingipun anggènipun amêrangi amaning pisang wau, kêdah katindakakên ing pundi-pundi, sampun ngêmungakên ing satunggal panggenan kemawon. Awit ing benjingipun sagêd ugi kalampahan, bilih tanah Ostrali ujug-ujug lajêng botên purun numbas pisang wêdalan tanah Jawi, manawi tanah Kwinêslan utawi ing pulo-pulo Phuyi sampun sagêd nyêkapi pangintunipun pisang, awit ing tanah kêkalih wau pambudidayanipun amêrangi ama pisang dipun santosani sayêktos.

Dados manawi tanah Jawi badhe salami-laminipun sagêd dêdagangan pisang kalihan tanah Ostrali, pambudidayanipun ananggulangi rêngêting pisang wau inggih kêdah dipun wigatosakên. Ing taun 1916 mêdal buku karanganipun Tuwan S. Leefmans minôngka pawartosipun, insêtitut tumrap sêsakit têtanêman, bab kawontênanipun rêngêt pisang. Ing buku ngriku kacariyosakên kanthi cêtha mênggah gêsangipun rêngêt pisang wau, makatên ugi sawênèhing coban-coban anggènipun amêrangi ama pisang wau. Pungkasaning pamanggihipun Tuwan S. Leefmans pamêrangipun rêngêt pisang punika, sêkar pisang ing salêbêting tundhunan, kêdah dipun sêmproti mawi sabangsaning sêkar ingkang sampun dipun giling lêmbat sangêt, wontênipun gilingan sêkar wau ing tanah Eropah kathah sangêt, mila ing ngrika sêkar wau niyat dipun upakara ngêmungakên kangge amêrangi ama pisang wau. miturut pangandikanipun Tuwan S. Leefmans ingkang adamêl risaking tanêman pisang ingkang sangêt punika, manawi badhe pêntil utawi pêntilipun dipun môngsa ing rêngêt wau. Ingkang makatên wau limrahipun manawi kalêrês kuliting ontongipun sami dhawah. Sadèrèngipun kalampahan makatên sêkar pirantos kangge amêrangi ama pisang wau kêdah sampun dipun tamakakên, mênggah patrapipun makatên: klothokaning tuntut ingkang abrit kêdah dipun udhari saha dipun junjung, sasampunipun bising pumpa lajêng kalêbêtakên. Pamasangipun bising pumpa kêdah ing sangandhapipun tuntut wau, prêlunipun kangge anjagi wohipun ingkang wontên ing ngandhap ngriku. Manawi kintên-kintên sampun wontên 6 dintên, lajêng katindakakên ing lirangan ngndhapipun, makatên mênggah pangandikanipun Tuwan S. Leefmans. (Badhe kasambêtan)

--- 8 ---

Kawontênanipun Tanah Dalah Têtiyangipun

Cariyos sawatawis bab kawontênanipun bôngsa Kalang

Ing sêrat anggêr nawala pradata ing Surakarta, ingkang katiti tanggal 4 Oktobêr 1818, wontên ingkang nyariyosakên bab kawontênanipun bôngsa Kalang, Pinggir lan Gajahmati. Ing sarèhning kawontênanipun tiyang Kalang wau ragi sumêbar kasumêrêpan ing tiyang, ing ngriki badhe anyariyosakên sawatawis mênggah cacriyosanipun tiyang Kalang wau, sokur bage wontên para maos ingkang karsa amêwahi mênggah ingkang dados kêkiranganipun, punika badhe katampi kanthi suka bingahing manah.

Mênggah kala punapa wiwitipun têtiyang Kalang dêdunung wontên ing tanah Jawi, punika dumugining sapriki botên kasumêrêpan, kintên-kintên sadèrèngipun agami Islam sumêbar ing tanah Jawi, têtiyang wau sampun sami manggèn wontên ing ngriki. Sagêd ugi bilih bôngsa Kalang punika suwaunipun têtiyang tawanan asli saking têpis wiringipun tanah Kêdhah, Kêlong utawi tanah Pêgu, inggih punika ing taun 800 petangan Saka.

Wontên ingkang anyariyosakên, bilih bôngsa Kalang punika, ing kinanipun namaning satunggiling bôngsa ingkang botên têtêp padununganipun, ananging tansah pindhah-pindhah kemawon. Sarêng ingkang jumênêng nata ing Mataram: Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, têtiyang wau lajêng sami kadhawuhan manggèn ing papan ingkang têtêp, saha salajêngipun kampungipun tiyang Kalang wau kanamakakên: Kalangan, dumugining samangke ing Surakarta kampung Kalangan wau inggih wontên, ingkang têgêsipun dados balabag padununganipun para abdi dalêm Kalang. Ing wusana têtiyang Kalang wau lajêng kadhawuhan ambayar paos sirah, paos sirah wau kala samantên têtiyang Jawi botên kawajibakên ambayar. Dene têtiyang Kalang wau padamêlanipun sami dados undhagi, saha dipun pangagêngi dening satunggiling bupati. Dumuginipun jaman Surakarta ugi taksih wontên padamêlan kalang wau. Wusananipun Kalang wau lajêng dados namaning abdi dalêm ingkang kapasrahan pandamêlan yêyasan bab kajêng, ngantos dumuginipun ing jaman samangke, saha inggih taksih dipun kapalani ing bupati, ingkang dipun wastani: Bupati Kalang. Ananging punapa abdi dalêm Kalang samangke punika turunipun bôngsa Kalang kados ingkang kacriyosakên ing nginggil wau, punika botên kasumêrêpan, ananging nitik kawontênanipun kados sanès.

Kala rumiyin bôngsa Kalang punika sabên sabatih dipun kengingakên paos saringgit, ananging sarêng ingkang jumênêng gupêrnur jendral ing tanah Indiya swargi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Daendels arta paos kasbut nginggil kaicalakên, wiwit punika têtiyang Kalang lajêng miwiti sagêd kêmpal kalihan bôngsa sansènèsipun.sanès-sanèsipun.

Ing jaman Mataram kathah sangêt tiyang Kalang ingkang sami manggèn wontên ing Mataram, malah dumugining samangke tiyang Kalang ingkang sami dêdunung wontên ing Ngayogyakarta, [Ngayo...]

--- 9 ---

[...gyakarta,] punika pamanggènipun amiyambaki. Ananging salêrêsipun manggènipun tiyang Kalang punika sumêbar ing saindênging Jawi Têngah. Mênggah pangupajiwanipun têtiyang Kalang ing jaman samangke punika: dagang, dados sayang, undhagi lan sasaminipun. Ananging ing jaman rumiyin padamêlanipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, sami dados tukang kajêng.

Miturut punapa ingkang sampun kasumêrêpan ing ngakathah, bôngsa Kalang ing jaman rumiyin satunggiling bôngsa ingkang botên kenging dipun gêgampil, dêdunung wontên ing praja alit-alit ingkang para pangagêngipun tansah bêbêngbrikan,bêbêngkrikan. sampun tamtu yèn bôngsa Kalang wau kêrêp kausir saking papan padununganipun saha lajêng pindhah ing papan sanèsipun. Manawi nata ingkang ambawahakên satunggiling nata ingkang agêng panguwasanipun, inggih purun angakên dados rerehanipun, ananging manawi ingkang anggêntosi nata punika satunggiling tiyang ingkang ringkih, têtiyang Kalang wau inggih lajêng sami ambalela. Kala jamanipun Mataram, têtiyang Kalang wau inggih sami angakêni dados rerehanipun Sinuhun ing Mataram, lan purun nêtêpi kuwajibanipun ambayar paos sirah, makatên ugi sami prajangji tansah anglampahi dados tukang kajêng, ananging ingkang lugu ngêrèhakên têtiyang Kalang wau inggih bangsanipun piyambak. Ing sêrat anggêr nawala pradata ingkang katiti tanggal 21 Januari 1784 wontên pangandika dalêm ingkang sinuhun: kawulaningsun bôngsa Kalang. Nanging sajatosipun bôngsa kalang wau anggadhahi paprentahan mandhiri, anggadhahi pangagêng piyambak ing salêbêting karaton, sanajan ta pangagêngipun wau satunggiling priyantun luhur Jawi, ananging lami-lami têtiyang Kalang wau lajêng kasamèkakên kalihan têtiyang Jawi, ing têpis wiringipun papan padununganipun. (Badhe kasambêtan)

Tindaking Kamajêngan

Panyêgah nyambutakên mawi anakan tikêl têkuk

Saking pamanggihing tiyang, juru potang ingkang gadhah tindak mêrês sangêt, punika janji jagad taksih gumêlar, botên badhe sagêd sirna. Dados botên beda kalihan kawontênaning durjana, salaminipun tansah wontên kemawon.

Mênggahing durjana pandung, begal tuwin sanès-sanèsipun, wontên undhang-undhang tuwin pranatanipun, punapadene pakunjaran tuwin pambucalan, ingkang minôngka panyêgah, awit prêlu mênggahing praja dipun rêksa katêntrêmanipun.

Makatên ugi ing bab potang. Lêrês bilih juru potang ingkang mêrês sangêt punika botên sagêd ical, ananging manawi dipun kèndêlakên kemawon tamtu saya andadra, anggêga kajêngipun piyambak.

Golonganing para lêpasing budi, sampun amastani [ama...]

--- 10 ---

[...stani] bilih juru potang pamêrês punika ngrisakakên katêntrêmaning tiyang, tuwin dados amaning ngagêsang, punapadene dados pêpalanging kamajênganipun pangupajiwa golongan ringkih.

Mila prayogi sangêt bilih pamarentah tuwin golongan partikêlir sêsarêngan ngawontênakên panyêgah bab tindak wau.

Panyêgah ingkang dipun wontênakên dening pamarentah, inggih punika Woekerordonnantie (undhang-undhang panyêgah potang mêrês) ingkang kalimrahakên kawrat ing sêtat sêblad taun 1916 No. 643, undhang-undhang wau tumraping sawarnining bôngsa, dados tumrap pribumi ugi kalêbêt ing ngriku.

Tumrap bôngsa Eropah tuwin bôngsa ingkang kasamèkakên, undhang-undhangipun ing bab wau sampun wontên, inggih punika bab 23 ing Algemeene bepalingen van wetgeving voor Nederlandsch Indie, ing ngriku mratelakakên: tata tuwin prajanjian punapa kemawon, botên badhe tumindak, bilih nyulayani suraosing undhang-undhang ingkang gêgayutan kalihan tata cara limrah tuwin kasusilan.

Ing bab 1320, 1335 tuwin 1337 Burgerlijk Wetboek mratelakakên, bilih prajanjian ingkang botên kalal, botên anggadhahi kêkiyatan.

Prajanjian ingkang mêngku suraos bab pamêndhêting sarêman langkung saking mêsthi, punika pangadilan anganggêp nêrak ing kasusilan, dados botên gadhah kêkiyatan.

Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, bilih Woekerordonnantie punika tumrap sawarnining bôngsa, dados inggih kalêbêt dalah pribumi.

Ing ngriki prayogi nêrangakên suraosing undhang-undhang wau sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Manawa ing salah sawijining layang prajanjian, môngka salah sawijine wonge, golèk kaontungan kanggo awake dhewe utawa kanggo wong liya, sarana nganggo migunakake kurang dêrênge golongan liya, yaiku kurange dêrêng jalaran saka kurang panimbange, (saka ora pradulèn) utawa saka kurang kawruh, utawa manèh nuju sajrone susah, ing môngka kaontungane mau sambungan kao kaanan, ngluwih-ngluwihi, (yaiku ngliwati saka mêsthine) upama dipandhing karo kuwajibane sing kadadeyan sabab saka prajanjian mau. Kang mangkono iku, pangadilan kêna anggawe timbange kang gawe karugian mau, samono mau yèn saka panjaluke sing dipitunakake, utawa bisa angebrakake prajanjian mau babarpisan. Sajrone andhawuhake karampungan, pangadilan kudu nganakake pranatan kang kaya mangkono, kang nganti golongan karo pisan mau sabisa-bisa pulih kaya sadurunge prajanjian mau digawe.

Katrangan lan saksi apa bae diparêngake.

Woekerordonnantie punika kalêbêt dhatêng prakawis sipil, sagêd tumindak kangge sawarnining prajangjian. Dados ingkang kalêbêt ing undhang wau botên ngêmungakên prakawis nyambut arta kemawon, ugi tumrap prakawis sade sendhe, gadhe tuwin sanès-sanèsipun, bilih sadaya wau katindakakên [katinda...]

--- 11 ---

[...kakên] sarana pados kauntungan ingkang langkung saking mêsthi. Ing bab wau, pangadilan kagungan panguwaos adamêl timbangipun tiyang ingkang kapitunan, (inggih punika tiyang ingkang ambayar sarêman langkung awrat) utawi ngebrakakên prajanjian wau babarpisan, bilih têtela ingkang kapitunan wau sarana adamêl prajanjian, nalika pandamêlipun saking botên pradulèn, utawi saking kirang kawruh, utawi malih nuju wontên salêbêting kasusahan, janji wontên panêdhanipun tiyang ingkang kapitunan wau.

Suraosing undhang-undhang ingkang mungêl: kanggo wong liya, kajêngipun tumrap dhatêng tiyang ingkang mêndhêt kaontungan langkung saking mêsthi, supados sarêng wontên ngarsaning pangadilan botên sagêd ngiyatakên prajanjianipun, jalaran sarana gadhah atur, bilih pamêndhêting kaontungan wau namung saking anggènipun dados agèn, botên tumrap dhatêng badanipun, nanging tumrantumrap. tiyang sanès.

Kajênging ungêl-ungêlan: sambungan karo kaanan, punika pangadilan botên kêsiyut ingatasing pathokan sarêman ingkang kêlimrah, ananging kêdah ngangge pathokan piyambak, inggih punika ingkang mathuk kalihan kawontênaning tiyang utawi kawontênaning panggenan.

Ungêl-ungêlan: golongan karo pisan mau sabisa-bisa pulih kaya sadurunge prajanjian mau digawe, kajêngipun: supados samukawis ingkang sampun dipun pasrahakên ing tiyang nalika damêl prajanjian, dipun wangsulakên malih.

Oreyan ingkang kados makatên wau bokmanawi sampun têrang mênggahing kajêngipun undhang-undhang wau.

Sapunika rumaos lêga, dene suraosing undhang-undhang wau mikantuki dhatêng tiyang ingkang nyambut, botên dhatêng tiyang ingkang nyambutakên. Sampun tamtu kemawon wêkasanipun kados makatên, awit prajanjian makatên wau tamtu damêl kapitunanipun tiyang ingkang nyambut.

Ananging tumrapipun para lintah dharat, tansah sagêd kemawon anggènipun gadhah akalan murih sagêd mêrês tiyang.

Cobi para maos karêngakaparênga. maos sêrat pisambut ingkang kacêtha ing ngandhap punika, tuwin sêrat ingkang makatên punika mèh sampun kêlimrah kangge wontên ing kitha-kitha agêng ing tanah Jawi, suraosipun ing basa Jawi makatên:

Griya ingkang ngadêg ing pasitèn gupêrmèn wau warni griya payon gêndhèng, pagêr gêbyog kajêng jati, ngandhap plêstèr, ukuran miturut sêrat palilah saking ruimistêr tanggal 20 Nopèmbêr 1926 nomêr 135 rêgi f 240,- (kalih atus kawan dasa rupiyah) kropyok, kanthi aprajanji, kula gadhah hak tumbas griya tuwin pasitènipun wau ing salêbêtipun sataun, sapundhating titimangsanipun sêrat sade tinumbas punika.

Manawi salangkungipun saking tanggal 1 Agustus 1928 kula botên numbas griya malih, griya wau sampun têtêp dados gadhahanipun.

Ing ngriku ugi dipun têrangakên, bilih pamasrahing siti tuwin griya wau, sampun miturut pranatan. Taksih wontên sambêtipun.

--- 12 ---

Cariyos Wigatos

Paduka Ingkang Minulya Tuwan Dr. A.A.L. Rutgers. Gupêrnur Surinamê.

Paduka Ingkang Minulya Tuwan Dr. A.A.L. Rutgers dhirektur dhepartêmèn têtanèn ing Bogor, kawisudha jumênêng gupêrnur Surinami,Surinamê. inggih punika jajahan nagari Walandi ing Amerikah, ugi ingkang karan Indhia Kilèn.

[Grafik]

Panjênênganipun wau sawênèhing prayagung ingkang ahli dhatêng bab têtanèn. Ing sadèrèngipun kawisudha jumênêng dhirèktur dhepartêmèn, kala ing taun 1923, panjênênganipun wau jumênêng dhirektur Avros ing Medhan. Dene kaparêngipun pamarentah misudha panjênênganipun jumênêng gupêrnur punika, amêngku karsa murih sagêd ngajêngakên ing bab ekonomi ing jajahan Walandi, ingkang badhe dipun rawuhi punika.

Ingkang dipun gêntosi Paduka Tuwan Dr. A.A.L. Rutgers punika, panjênênganipun Tuwan Mr. A.J.A.A. Baron van Heemstra, lèrèhipun saking pangkat agung wau kalayan urmat, kanthi pènsiun, jumênêngipun gupêrnur wontên ing wulan Mèi 1921 tuwin tampi kanugrahan Commandeur in de Oranje Nassau Orde.

Para maos kados sagêd amanggalih, mênggah raosing tiyang tampi kanugrahan agung, gênging panggalihanipun ingkang tampi tamtu inggih agêng sangêt. Nanging manawi dipun manah yêktos, kanugrahan agêng punika dhawahipun tamtu sampun botên kenging dipun wancèni malih, awit tumrap ingkang kadhawahan, tamtu sampun amêndhêm lêlabêtan ingkang linangkung. Makatên malih mênggahing panjênênganipun Tuwan Dr. A.A.L. Rutgers, lêlabêtanipun nama dados piguna agêng, mila ugi wontên têtêmbunganipun, bilih anggèning panjênênganipun jumênêng gupêrnur wontên ing Surinamê punika, kanthi mêngku kêkajêngan badhe ngajêngakên ing bab ekonomi ing ngrika. Lan tiyang wajib angèngêti, bilih pinanggihing pangkat agêng punika saking pangkat alit. Tiyang manawi ngèngêti makatên, tamtu botên kasamaran, tuwin lajêng ngèngêti, murih kasêmbadaning sêdya punika, botên liya namung kêdah tumêmên tumindak ing damêl.

--- 13 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambutdamêl

Sêmar : Angunandika: e, tak pikir-pikir mula ya têmênan, wong urip kuwi ora kêna anggêdhèkake kamuktèn, kudu ngèngèh-ngèngèh sing buri, awit wong sing duwe turun, kuwi kudu eling marang uripe. Mungguh contone mula iya pirang-pirang: wong sing amburu kasênêngan lan kamuktène dhewe, ora ngèlingi marang pêmburine, kuwi anak turune sing akèh iya banjur padha ora karuan. Tata laire bae rak wus kênyataan, sapa wonge amburu kasênêngane dhewe, kuwi iya ora ngaruhake mênyang anake, apa anake sêkolah utawa mlincur, iya ora wêruh utawa ora ambil kêpala pusing. Anake nakal utawa ora, iya ora ambil pêrdhuli. Wis mêsthi ta yèn anake wusanane iya banjur dadi kapiran-kapirun. Seje karo wong sing mikir nyang uripe, kuwi anak turune mêsthi padha dadi, awit sabên dina tansah mikir lan mrihatinake. Apa sababe, dene anak-anakku: Garèng lan Petruk, padha dadi samtênar-samtênar, ora liya saka gêdhene prihatinku, lagi narayanane lakuku mula iya abot têmênan, wong mangan godhong gandhul thok bae lawase kok nganti 40 dina, ya bênêr sajêrone mangan godhong gandhul mau sok katutan sêga têlung piring lan sambêl salayah, ananging...

[Grafik]

Garèng : Wadhuh, mêngkono kuwi tirakatmu, Ma, sapa bae iya mêsthi bêtahe, bok iya aja ngunèkake godhong gandhul thok, bok iya muni bae mangan sêga lalabe godhong gandhul, kathik diubang-ubêng ora urus ngono.

Petruk : Lho, aja kagèt, Rèng, wis mêngkono watêke Si Rama, mara takonana sababe apa Rama sabên bêngi tansah dhomino bae, mêngko wangsulane rak kanggo nirakatake anake utawa supaya anake padha prihatin, jarene êlèke mau diparingake nyang anak putune, dene anggone dhomino mau supaya bandhane enggala êntèk, awit yèn bandhane tansah lumpuk, ing têmbe burine mundhak andadèkake pasulayane anak putune.

Sêmar : E, anak lanang loro kathik padha wani-wani karo wong tuwa, kaya-kaya anggonku nyakolahake iya ora kainan, sêkolahe Mlayu iya wis tutug, tandhane dhèk nyêbrot jarit nang pasar dioyak upas pirang-pirang ora kêcandhak.

Garèng : Hara, kok banjur kêdlarung-dlarung, wis, Ma, uwis, têkaku karo Si Petruk rene [re...]

--- 14 ---

[...ne] kiyi ora nêdya arêp padu, ananging arêp anjaluk buktine, jarene wong tuwa kuwi salah siji kudu anduwèni, yakuwi: uwur, sêmbur utawa tutur, nèk nguwuri kiraku kowe ora bisa, amarga saka pandêlênganku jaritmu siji bae wis koanggo kabèh, malah kapêksa gêntenan karo simbok. Nèk sêmbure kiraku iya ora mandi, marga wis kakehan maksiyat, amara, duwe donga panggêndam baya, kathik banjur kanggo anggunani rôndha sugih, la, banjur katut dhewe. Dadi mung kari pituture bae.

Sêmar : E, kathik ngina wong. (Anggagas) luwih bêcik tak kalahane bae Si Garèng kiyi, awit yèn nêpsu sok ambubrah agama têmênan, ing môngka bokne lagi ngolah jangan mênur, ora wurung dadi karang abang mêngko janganku. (Wicantên sora) lo Rèng, sing arêp kotakokake apa.

Garèng : Ora, Ma, mungguh sing arêp dak takokake nyang kowe kuwi bab wêwatêkane wong nyambutgawe kuwi kêpriye, la wong kêpriye-kêpriye têka tansah kliru bae.

Petruk : Aku ya mangkono, kêpriye-kêpriye tansah kliru. Wong urip kuwi jarene dikon sing sumèh, kang mangkono mau wis mêsthi iya tak èstokake bangêt, oraa kabêlêt guyu iya tak èsêm-èsêmake, wusana kônca-kancaku, apa manèh panggêdheku anggone ngarani: uwong kae apa rada gêndhêng, cangkême kathik amblèwèh bae kaya celengan. Barêng raiku tak prêngutake, jarene: ulate kaya wong sing lagi bêbêlên.

Sêmar : La iya wis mêsthi bae, yèn kaya mêngkono kuwi ora andadèkake rênane panggêdhe utawa manèh kônca-kancamu, wong mèsêm utawa mrêngut kuwi kudu ana kala mangsane. Aja kok mèsêm têrus-têrusan utawa mrêngut dhur-dhuran. Upamane kowe lagi didunung-dunungake dening panggêdhemu tumrap ing pagaweanmu, ing môngka kowe tungkul mèsêm-mèsêm bae, wis mêsthi kowe banjur olèh sêkrobi, awit dikira yèn kowe kurang ajar lan ora mikir apa dhawuhe panggêdhe mau. Mêngkono uga yèn kowe mrêngut, kuwi kowe bisa dikira, yèn ora sênêng didunung-dunungake pagaweanmu dening panggêdhemu, dadi kabèh-kabèh mau kudu sing samadya bae, aja kêtungkul mèsêm-mèsêm, ananging iya aja mrêngut. Dene mungguh wêwatêkane wong anyambutgawe kuwi ana patang prakara. I Kudu angênggoni wêwatêkane Nakula lan Sadewa, II Wêwatêkane Arjuna, III Bratasena, lan IV wêwatêkane Puntadewa.

Garèng : Wadhuh, Ma, sajake têka nyamlêng, sing kanggo tuladan kathik sadulur Pandhawa. Nèk wêwatêkane Radèn Arjuna kaya-kaya ora angèl, aku bae anggêre duwe dhuwit bae iya bisa, ya kuwi anggone royal kae.

Petruk : Wêwatêkane Radèn Bratasena aku kirane iya bisa nglakoni, anggêre aku aja diwalês, ya kuwi anggone pijêr-pijêr anggêrêng lan muni: hi, hi, hi, tak jotos.

Sêmar : E, sing dipilih ki kathik sing kapenak-kapenak bae. Ora mangkono mungguh karêpe, liya dina bae dak critani wêwatêkane siji lan sijine.

--- 15 ---

Panglipur Manah

[Grafik]

1. Tukang sulap: E, le, dêlêngên aku tak nyulap, iki dhuwit mêngko bisa ilang, pismilah.

2. Arta dipun kopyok, kalihan maos donga: bismilah, ajêbar-ajêbir, lan beda wajare jêdhir, akêbar-akêbir, sayur enak sayur mênir.

3. Hup, dêlêng, ilang, ilang.

4. Lare: Astaga, tobat-tobat, kathik dadi sêpuran.

5. Tukang sulap: Srithit ilang manèh. Jajal saiki wacanên.

6. Lare: Êmbok, bok, bok.

--- 16 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

I. Miyose Dèwi Mênurseta

[Dhandhanggula]

pangarange layang crita iki / tanpa manis mung sasat gancaran / lowung kanggo tuntunane / bocah sing arêp wêruh / ing carane wong nganggit-anggit / carita nganggo têmbang / bokmanawa besuk / atine bisa kêbuka / ing mulane kaanane layang iki / mung digawe prasaja //

kocap biyèn ana ratu luwih / ngêrèh mênyang pêpadhaning raja / nagarane luwih gêdhe / kabèh sing padha têluk / ora srana gawe pêpati / têtelane mung saka / ambêge sang prabu / bisa ngenaki sapadha / lan galihe wêlasan sasami-sami / lumuh panggawe ala //

kuciwane sang prabu saiki / yuswane mèh nyandhak suwidakan / mung durung ana putrane / kocapa kangjêng ratu / katon bangêt anggone sêdhih / rina wêngi kêgagas / priye têmbe bêsuk / nuju sawijining dina / kangjêng ratu lênggah ijèn tanpa kanthi / sambi ngasta dondoman //

dhèk samana udan riwis-riwis / sarupane kêmbang ing tamanan / kaya sèngklèh godhongane / rupane padha blawus / pêpadhange ing rina nganti / kaya mung ramyang-ramyang / mula kangjêng ratu / pindhah cêdhak lan jandhela / ungak-ungak astane karo nyênyambi / gone ngasta dondoman //

ing wusana kagèt ing panggalih / krasa lara astane sing kiwa / sumêngkrang mêtu gêtihe / dene nyatane iku / kêcocog dhom dhèk andondomi / tètèsing gêtih tiba / ana kêmbang mênur / rupane dadi sêmu bang / lah ing kono kêwiyos raosing galih / ngandika piyambakan //

upamane Allah nyêmbadani / ingsun nuli bisa apêputra / wadon sing ayu rupane / kulite putih mênthur / mirib kaya mênur sing putih / pipine rada abang / sing kaya gêtihku / dhasar rambut irêng panjang / mêmanise ngasorke lêgining gêndhis / bungahku iba-iba //

ngandikane kangjêng pramèswari / wis dilalah dadi lêlantaran / kasêmbadaning karsane / kono nuli kêtêmu / kangjêng ratu pêputra putri / cahyane sasat kaya / lintang panjêr esuk / ingkang rama bangêt rêna / putri mau kaparênge diparabi / Sang Dèwi Mênurseta //

rina wêngi pijêr ditênggani / rama ibu tansah angêngudang / bêsuk krama ratu gêdhe / ananging ora tulus / barêng olèh watara sasi / kang ibu nuli gêrah / madal ing pitulung / kabèh dhukun tanpa guna / ing wusana seda kangjêng pramèswari / anilar Mênurseta //

sang prabu ribêd ing panggalih / èngêt mênyang Dèwi Mênurseta / dene ditilar ibune / bocahe isih nusu / barêng ngono sang prabu nuli / kagungan karsa krama / bokmanawa iku / sing bisa angêmongana / ing putrane sing bangêt mamêlas asih / nganti gêdhening putra //

--- 17 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Ing dhusun Gumêlar Kidul, dhistrik Sumpyuh (Banyumas) wontên satunggiling dhukun nama: Kyai Haji Muhamad Yusup. Salêbêtipun sawatawis môngsa kemawon, namaning dhukun wau kasuwur sangêt, ngantos pintên-pintên èwu tiyang saking pundi-pundi nagari dhatêng ngriku prêlu jêjampi. Botên ngêmungakên têtiyang siti kemawon, makatên ugi bôngsa Walandi saha Tiyonghwa. Inggih kathah ingkang sami jêjampi dhatêng kyai dhukun wau. Kabaripun kyai dhukun wau botên purun nampi epahan babarpisan.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih ing Bayalali lan Tampir kala malêm Slasa ingkang kapêngkêr punika wontên lindhu lampahipun mangilèn, dangunipun kintên-kintên wontên 12 sêkon, kintên-kintên jalaraning lindhu wau saking rêdi Mêrapi.

Up biro pakaryan pos suka pawartos, bilih wiwit tanggal 1 Januari ngajêng punika, kenging ngintunakên pos wisêl (inggih pos wisêl limrah utawi pos wisêl ingkang lumampah tilgram) dhatêng tanah Hijas. Isèn-isènaning pos wisêl wau kêdah mawi basa Inggris, lan arta ingkang kakintunakên kêdah manut caranipun angintunakên arta Inggris, inggih punika mawi arta Pon Inggris. Kathah-kathahipun arta ingkang kenging kakintunakên dhatêng Hijas f 480.-.

Wiwitanipun wulan Dhesèmbêr kapêngkêr ing dhusun Kêdhungwringin, apdhèling Purwakêrta (Banyumas) wontên tiyang 10 pêjah jalaran sinêrang ing sêsakit longpès. Kajawi punika ugi wontên tiyang 5 malih ingkang kenging sêsakit wau. Jalaran saking punika lajêng wontên tiyang 20 ingkang lajêng dipun barak, saha ing Purwakêrta lajêng dipun têtêpakên, bilih ing ngriku wontên sêsakit nular.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih ing dhusun salêbêtipun kalurahan Panjatan, Dhepok, Bojong, Mangunan, tuwin Tayuban, kabupatèn Adikarta (Kulonpraga) samangke sawêg usum ulêr kalapa, ulêr wau sami nêdhani balarak sarta manggar. Tiyang-tiyang anggènipun sami ngrêsiki ama ulêr karigênakên mantri tani, malah ngantos kabiyantu mantri tani Ngayoga, manawi ama ulêr wau botên tumuntên ical, sampun tamtu adamêl kapitunanipun tiyang padhusunan ngriku.

Saking Ngayogya kabaripun samangke wontên sêsakit kucing. Ing kampung Suryèngjuritan salêbêtipun tigang dintên kemawon, wontên kucing 20 ingkang sami pêjah. Wiwitipun kucing wau sakit bêntèr, lajêng ngilêr, botên doyan punapa-punapa, dangu-dangunipun tigang dintên lajêng pêjah.

Wontên kabar bilih ing Ngayogya badhe enggal dipun wontênakên krêtêg timbang, inggih punika kangge nyumêrêpi wawratipun têtumpakan ingkang langkung ing ngriku, kangge nimbang kalihan wawrat taun kapêngkêr ingkang sampun katamtokakên.

Sawênèhing murid H.I.S. ing Padhang, dipun pariksa ing up jaksa ing bab anggènipun kadakwa ngêmori têtêdhan utawi toya pangombèning gurunipun, ingkang dipun morakên awarni: karbol, arsènikum, tuwin karbit. Ingkang kadakwa mukir.

Konggrès Yong Yapha ingkang kaping sadasa ing Sêmarang, ingkang andatêngi botên kirang tiyang 1000, rêmbagipun nyênêngakên. Tuwan Dêliyan, wakil komite tamu, ngaturi sugêng dhatêng para tatamu. tuwin angunjukakên panuwun dhatêng kamirahan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ing bab kaparêngipun jumênêng pangayoman, punika dipun pèngêti ing pakêmpalan. Salajênging rêmbagipun rame adamêl gambiraning manah. Satamating pidhato lajêng ringgitan, enjingipun dipun wontênakêna lahuragawontênakên ulah raga. tuwin mitongtonakên kagunan èstri, salajêngipun andumugèkakên konggrès malih.

Ihtiyaripun P.K.O. Ngayogyakarta bab anggènipun badhe damêl klinik, sapunika sampun wontên wartos, angsal paringan panjurung saking Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan f 1000.- saking Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan f 1000.- tuwin saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam f 1000.- waragading klinik wau kintên-kintên wontên f 5000.- nuntên badhe dipun garap.

Wontên pawartos saking Têgal, saking kaparêngipun Tuwan Asistèn Residhèn J.B. Hartelust ingkang badhe lèrèh, angwontênakên parêpatan ngrêmbag bab anaggulangi lintah dharat. Ingkang sami parêpatan: Tuwan H.D. Schouten guru H.I.S., D.J.Wolterbeek apdhèling sèp S.C.S., R.W. Sasra Adikusuma, kontrolir pagantosan gupêrmèn R.M. Utarya, amtênar sentralê kas Mr. Surya Nandhika, ondêr pursitêr landrad Mr. Bêsar tuwin Mr. Sastra Mulyana tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang badhe dados sèkrêtaris Tuwan D. Kapteyn.

--- 18 ---

Ing Ngayogya mêntas wontên parêpataning para warga Yong Islamitênbon, rame sangêt. Rêmbag ing parêpatan ngriku badhe nyatunggalakên pakêmpalan, ingkang nama: Al Islam Lique Indonesia.

Cara Ngayogya ing bab pangkat lurah tumurun dhatêng waris sampun dipun icali, sapunika tumindaking pamilih lurah sarana dipun lotre. Tuwin botên kenging milih tiyang saking sajawining dhusun. Patraping panglotre, para calon lurah sami kapurih mêndhêt lintingan dalancang, ingkang isi pris namung satunggal. Dèrèng lami ing kalurahan Gondhanglêgi kabupatèn Kitha, mêntas tumindak makatên, ingkang angsal pris Jagabaya ing Gibêran.

Saking Ngayogya kawartosakên, bilih Radèn Tumênggung Harjakusuma, putranipun suwargi Gusti Pangeran Arya Buminata, kajumênêngakên pangeran santana, wiwit ing sapunika angsal sêsêbutan pangeran.

Dados wadana ing Sukanagara, Radèn Rôngga Ahmad Prawira Adiningrat. Ing Sukabumi, Radèn Rôngga Wira Adirêja.

Wontên pawartos saking Bandhung, kala dintên Rêbo ingkang kapêngkêr, wanci jam satêngah nêm, kampung sawingking toko A.B.C. ing Bandhung kêbêsmèn, têlas griya pitung wuwung, kapitunanipun katapsir wontên f 2000.-.

Insinyur Mas Suharta katêtêpakên dados lanbao konsulèn, ing pakaryan bab têtanèn.

Tuwan A. van Rietschoten rumiyin asistèn residhèn Tasikmalaya, sapunika kontrolir ing Cilacap, angsal cacadan saking pamarentah, ing bab nalika wontên rêrêsah ing Ciamis.

Kabaripun ing Surakarta samangke bab pangudinipun dhatêng kagunan nabuh gôngsa dipun santosani sayêktos, ing museyum Sriwêdari dipun wontênakên wulangan nabuh gôngsa, sintêna kemawon, sarana ambayar sakêdhik kaparêngakên tumut sinau, ing môngka ingkang mulang para ahli gêndhing sadaya. Ing kampung-kampung, punapa malih ing kampung Jagasuran, kathah sangêt pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sêdyanipun angudi dhatêng gêndhing. Dèrèng dangu punika ing Surakarta dipun wontênakên satunggilipun pakêmpalan ingkang dipun pangarsani dening Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, saha warganipun sadaya sami para ahli gêndhing, mênggah sêdyaning pakêmpalan wau, botên ngêmungakên badhe anyampurnakakên kasagêdanipun dhatêng gêndhing, ananging ugi badhe ngalusakên gêndhing-gêndhing enggal.

Kabaripun, bikakipun konggrès Muhamadiyah ing Ngayogyakarta, punika tanggal 4 Januari, up bêstir Muhamadiyah ngaturi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

Ing taun punika kawontênanipun tiyang minggah kaji, ingkang saking Bandhung kemawon wontên 1109, tiyangipun èstri wontên 408 tuwin lare 108.

Aneta martosakên, bilih ingkang katêtêpakên dados pokrul jendral: Paduka Tuwan Mr. Onnen samangke ngasta atpokat jendral.

Saking Surabaya kawartosakên: ing Surabaya dèrèng dangu punika dipun êdêgakên cabanging pakêmpalan P.N.I. (Parte Nasional Indhonesiah), dene ingkang kapilih dados pangrèhipun: Tuwan Wôngsa Kusuma, pangarsa, lan Tuwan Ir. Anwari, panitra.

Benjing tanggal 27 Rêjêb ing ngajêng punika, kalêrês mikrad dalêm Kangjêng Nabi Muhamad s.a.w. pakêmpalan Muhamadiyah ing Surakarta badhe ngawontênakên arak-arakan, kêmpalipun tiyang wau badhe wontên ing Mêsjid Agêng, saha ing ngriku badhe dipun wontênakên sêsorah warni-warni.

Wontên pawartos, bilih benjing salêbêtipun wulan Pebruari, narendra ing Siyêm badhe ngajawi.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih bêtal mistêr pabrik gêndhis ing Rêwulu, miruda kanthi ambêkta arta têtanggêlanipun f 500.-.

Wontên kabar, bilih angsal-angsalanipun pasar darma, ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalan tumrap pamulasaranipun tiyang miskin ing Ngayogya kala tanggal 3 Dhesèmbêr ingkang kapêngkêr punika, sasampunipun kapotong waragad sanès-sanèsipun, taksih wontên tirahan f 5102.04.

Saking Ngayogya wontên pawartos: badhe putra mantu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogyakarta, Radèn Mas Kapirul Kutrati, badhe kaparingan sasêbutan: pangeran saha asmanipun kagantos: Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. Dene putri dalêm kaparingan asma: Kangjêng Ratu Pambayun.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan Atmasuhadi ing Sarirêja, Kaliwungu, S.C.S. panjurung panjênêngan botên kapacak, awit pakabaran wau sampun lungse.

Lêngganan nomêr 2564 ing Purwarêja. Panjurung botên kapacak, kirang migunani. Kajawèn nomêr 44 kakintunan. Lêstantuning dados lêngganan sampun kapèngêtan.

Lêngganan nomêr 2716 ing Banjarnagara. Rêngêng-rêngêng botên kalêbêt. Sanès-sanèsipun ngêntosi papan.

--- 19 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

3. Sêsupe wontên ing nagari Inggris

Kula nuntên miwiti cariyos makatên: kados ingkang kadhawuhakên dening tuwan propesor wau, kula kacêpêng dening para kalipah sarta dados tahanan ngantos gangsal taun laminipun. Pangintên kula namung kula piyambak ingkang botên angrasuk agami Islam, sarta ingkang botên pinêjahan. Ingkang makatên wau margi jalaran kula punika dhoktêr, bokmanawi wontên ugi paedahipun dhatêng têtiyang wau. Salajêngipun kula ngumbara nurut sagantên wêdhi sisih lèr, ngupadosi anak kula pun Roderick. Tuwan propesor bokmanawa iya isih kèngêtan marang anakku mau, awit nalika ana ing Mêsir sariramu prasasat bapake angkat, kajaba iku aku iya sok ngirimake potrète nalika isih cilik.

Tuwan propesor: bênêr pangandikamu iku, dhoktêr, wis sawatara taun lawase aku tômpa layang saka putramu iku, kang ditulis kabênêran ing dina gantining taun. Nanging nganti saprene aku ora krungu manèh kabare, o, Adams, saiki putramu ana ing ngêndi.

Kula nuntên anglajêngakên cariyos kula: sasampuning pêjah biyungipun pun Roderick kesah ambêbujêng bajul dhatêng ing lèpèn, sanajan ingkang makatên punika anêrak wêwalêr kula. Kala samantên sawêg umur kalih wêlas taun. Kalêrêsan wontên bôngsa Mahdi ngumbara dumugi ing Assouan. Pun Roderick kenging dipun apusi dening bôngsa Mahdi wau, nuntên kasade dhatêng tiyang sanès, dados rencang tumbasan. Wiwit kala samantên kula tansah ngumbara ngupadosi piyambakipun, awit pun Roderick tansah gontas-gantos bêndara. Ing sarèhne lare wau pintêr nêmbang sarta mangêrtos dhatêng bab musik, bokmanawi dangu-dangu inggih sagêd nabuh têtabuhanipun bôngsa-bôngsa ing Aprikah. Inggih saking kondhanging kasagêdanipun ing bab musik lan têmbang wau ingkang anjalari anggèn kula tansah sagêd sumêrêp padununganipun. Bôngsa Arab mastani pun Roderick tukang têmbang saking ing Mêsir, awit manawi nêmbang swaranipun sae sangêt. Sapunika pun Roderick dados rencang tumbasanipun bôngsa Fung, ingkang dêdunung ing têngah-têngahing tanah Aprikah sisih lèr. Sarêng para kalipah kasoran pêrangipun, kula lajêng bidhal dhatêng nagarinipun bôngsa Fung wau ngupadosi piyambakipun, sêsarêngan kalihan para sudagar bôngsa Baduwi ingkang kesah dêdagangan dhatêng nagarinipun bôngsa Fung punika. Lampah kula ngantos pintên-pintên taun laminipun. Kula inggih mangangge kados tiyang Baduwi. Anuju ing wanci dalu, kula sakônca kèndêl wontên ing pasitèn ingkang lêdhok ing sajawining pagêr tembok ingkang ngubêngi panggenan suci. Ing salêbêting pagêr tembok wau wontên brahalanipun ingkang sinêmbah-sêmbah dening bôngsa Fung. Kula nuntên numpak kapal angênêr pagêr tembok wau. Saking ing korining gapura ingkang kalêrêsan mênga, kula mirêng tiyang mênyanyi, swaranipun sae sangêt, lagunipun laguning para ngulama Inggris ingkang asring kula wulangakên dhatêng anak kula. Botên antawis dangu têtela, bilih swara punika swaranipun anak kula. Kula nuntên mandhap saking ing kapal lajêng lumêbêt dhatêng ing panggenan ingkang suci wau mêdal ing gapura ingkang korinipun pinuju mênga punika. Lampah kula alon-alonan anjog ing panggenan jêmbar. Ing ngriku kula ningali tiyang neneman linggih ing panggenan ingkang ragi inggil, anyakêti dilah sawatawis, kaadhêp ing têtiyang ingkang sami mirêngakên anggènipun mênyanyi. Sarêng kula ningali rainipun, têtela bilih tiyang neneman wau anak kula. Sanajan piyambakipun ngangge sêrban lan jubah, makatên ugi sanajan anggèn kula pisah lan piyambakipun sampun lami, nanging kula botên pangling dhatêng anak kula wau. Sanalika kula kados tiyang ewah sarta anguwuh-uwuh sora: Roderick, Roderick. Mirêng anggèn kula anyêbut namanipun ambal-ambalan wau tiyang neneman punika katingal kagèt, lajêng ningali kiwa têngên, makatên ugi têtiyang ingkang sami mirêngakên anggènipun mênyanyi wau. Sarêng wontên satunggil ingkang sumêrêp dhatêng kula, têtiyang wau sami pating barêngok, ambujêng kula sarta katingal sami nêpsu sangêt, margi kula lumêbêt dhatêng panggenan suci wau. Kula nuntên lumajêng sipat kuping: kados tiyang jirih, mêdal ing korining gapura. Sanajan kula nandhang tatu kenging dêdamêlipun bôngsa Fung, botên antawis dangu dumugi ing panggenaning kapal kula, kula nuntên anyengklak kapal kula, lajêng kula sandêrakên sakiyatipun. Sarêng sampun têbih kula nêmbe mengo dhatêng ing wingking. Saking katêbihan katingal bilih panggenanipun kèndêl para sudagar bôngsa Baduwi kônca kula ngumbara, dipun bêsmi dening bôngsa Fung, bokmanawi dipun kintên sami tumut angrêsahi panggenan suci wau. Botên antawis lami kula mirêng wartos bilih sudagar-sudagar bôngsa Baduwi wau sami dipun pêjahi. Kula ingkang adamêl jalaraning tiwasipun kônca-kônca kula wau, sagêd angoncati [a...]

--- 20 ---

[...ngoncati] bêbaya. Panyongklanging kapal kula botên kèndêl-kèndêl, anglangkungi margi ingkang anjulêg sangêt. Kula èngêt, bilih kala samantên pêtêng sarta kapirêng swaranipun singa pating galêro, kajawi punika kula èngêt ugi wontên singa satunggal anubruk kapal kula, sarta kula mirêng anggènipun bêkèr-bêkèr, swaranipun mêmêlas. Sasampunipun punika kula botên èngêt malih. Sumêrêp-sumêrêp, kula sampun wontên ing salêbêting patamananing griya ingkang sae, ingkang dipun ênggèni dening tiyang èstri sawatawis, têtiyang wau sami endah-endah rupinipun. Saking pandugi kula turuning bôngsa Abêsi.

Tuwan propesor: bokmanawa iya salah sawijining bôngsa Israil kang adêdunung ing kono.

Anggènipun wicantên tuwan propesor makatên punika sêmunipun kalihan angerang-erang sarwi udud pipanipun.

Kula mangsuli: bokmanawa bênêr kaya pangandikamu iku, besuk dak têrangake kang luwih cêtha. Kula nuntên anglajêngakên cariyos kula - têtiyang ingkang mêlasi wau bôngsa Abati. Kitha ingkang dipun dunungi kawastanan Mur. Têtiyang wau sami cariyos, turunipun bôngsa Abêsi lan bôngsa Yahudi. Watawis sakawan utawi gangsal atus taun ingkang kapêngkêr katundhung saking nagarinipun, nuntên manggèn ing Mur punika. Rupinipun inggih mèmpêr tiyang Yahudi, makatên ugi agaminipun inggih mèmpêr agami Yahudi. Bôngsa Abati punika ragi sae bêbudènipun sarta pintêr, ananging ing sarèhne tansah jêjodhowan kalihan bangsanipun piyambak, kawontênanipun dados mundur sangêt, cacah jiwanipun sangsaya lami sangsaya suda. Watawis tiga utawi kawan turunan kapêngkêr bôngsa Abati wau taksih sagêd ngawontênakên prajurit kalih dasa èwu, sapunika namung kantun sangang èwu. Bôngsa Abati punika tansah ajrih dhatêng mêngsahipun bêbuyutan, inggih punika bôngsa Fung kasêbut ing nginggil, ingkang nagarinipun dumunung ing sakubênging tanah parêdèn Mur, awit Mur punika ingkang suwau gadhahanipun lêluhuring bôngsa Fung.

Kaptin Orme: saminipun Sêpanyol kalihan Gibraltar.

Kula mangsuli: ananging kawontênanipun beda, awit bôngsa Abati ingkang angêbroki Gibraltar ing Aprikah Têngah punika sampun mundur sangêt kawontênanipun. Nanging bôngsa Fung ingkang kawontênanipun sami kalihan bôngsa Sêpanyol, sami kiyat-kiyat sarta kêndêl.

Tuwan propesor: kapriye banjure cariyosmu iku, dhoktêr.

Salajêngipun limrah kemawon, kula nyobi angrêmbagi bôngsa Abati supados puruna ngêmpalakên prajurit kangge mêrangi mêngsahipun, sagêda anulungi anak kula ingkang dados rencang tumbasan wau. Nanging têtiyang wau sadaya sami anggêgujêng dhatêng kula. Wusana kula sumêrêp, bilih namung wontên satunggal ingkang purun amanah dhatêng rêmbag kula wau, inggih punika ratunipun, wanita, ingkang jêjuluk Walda Nagasta utawi turuning raja-raja, sarta ingkang ugi ajêjuluk Takla Warda utawi kuncuping sêkar rus. Dene asmanipun piyambak Macqueda.

Tuwan propesor: para rajaputri ing Seba ingkang misuwur iya ana kang asmane kaya mangkono, ana manèh kang asmane Balkis.

Kula anglajêngakên cariyos kula: ing sarèhne pranatan ing nagari Mur wau kalampahakên kêncêng sangêt, kula botên kenging sowan ing sang rajaputri angrêmbag prakawis ingkang kula pikajêngakên wau. Sagêdipun kalampahan namung sarana api-api sowan sang putri margi nandhang gêrah. Miturut pangandikanipun sang rajaputri, brahala ingkang sinêmbah-sêmbah dening bôngsa Fung punika wujud Sphinx§ Sphinx punika rêca singa sirah manusa, wontênipun ing tanah Mêsir. agêng sangêt. Ingkang makatên punika saking pangintên kula piyambak, miturut saking katranganipun rajaputri wau, awit kula piyambak dèrèng nate sumêrêp wujuding brahala wau.

Sarêng tuwan propesor mirêng wicantên kula ingkang makatên punika, nuntên mênyat saking palinggihanipun sarwi wicantên sêmu gumun: kapriye pangandikamu iku, dhoktêr, ing Aprikah Têngah kang sisih lor ana Sphinx? Nanging bisa uga ana, jalaran miturut ujaring carita, raja-raja ing Mêsir kang wiwitan, ana kang têpung lan bôngsa-bôngsa ing Aprikah Têngah iku. Malah ana kang carita para raja mau ana kang nêdhaki tanah Aprikah Têngah iku. Êndhase mêsthine kaya êndhasing wêdhus lanang, dhoktêr.

Kula anglajêngakên anggèn kula cariyos: sang rajaputri ugi ngandika, bilih panjênênganipun pitados, manawi brahala ingkang êndhasipun kados êndhasing singa punika, botên kados êndhasing menda jalêr, saha kawastanan Harmac, karisak bôngsa Fung ingkang badhe sami lumajêng nilar nagarinipun, anyabrang lèpèn ingkang mili mangidul.

Tuwan Higgs nyêlani rêmbag: Harmac! Mangkono uga jênênge salah sawijining Sphinx-Harmachis, têgêse Allahing surya.

Kula nuntên pitakèn dhatêng sang rajaputri, punapaa bôngsa Abati botên purun angrisak brahala wau. Sang rajaputri gumujêng sarta ngandika bilih botên badhe sagêd kalampahan, awit brahala wau awujud sela agêng kados rêdi anakan. Kaping kalihipun bilih sampun lami bôngsa Abati botên gadhah kawantêran sarta sami dados jirih sadaya, sarta sampun sami narimah manggèn ing nagari ingkang êloh sitinipun sarta kinubêng ing parêdèn ingkang santosa punika. Ingkang kapêrlokakên namung sagêda pikantuk sêsêbutan ingkang sae saha kaurmatan, ngantos dumugi ing môngsa anêmahi cilaka. (Badhe kasambêtan)

Ôngka 2, 14 Rêjêb, Taun Jimakir 1858, 7 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [21] ---