Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-01, #65

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-01, #65. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-01, #65. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 9, 9 Ruwah Taun Jimakir 1858, 1 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Javasche Bank umur 100 taun.

[Grafik]

Ing tanggal 24 Januari 1928 kantor Javasche Bank umur 100 taun. Dhawahipun ing dintên wau, para punggawaning kantor-kantor Javasche Bank sami damêl pahargyan. Ing nginggil punika gambaripun kantor bang ing Batawi.

--- 162 ---

Raos Jawi

Utamining Ngagêsang

Sadaya ingkang gumêlar ing ngalam donya punika, kajawi damêlanipun manungsa, kawastanan titah. Mênggah sadaya titah wau sami kabedak-bedakakên, kados ta titah ingkang sipat botên mobah-mosik, sipat gêsang, ingkang gadhah nyawa, (sadaya kewan, sarta manungsa) enz.

Dene sadaya titah wau ingkang kawical luhur piyambak budinipun namung manungsa. Sarta sadaya titah sanèsipun wau sami kinodratakên dening Pangeran minăngka pirantosing gêsangipun manungsa ing ngalam donya. Wontên ingkang mastani: Gusti Allah punika kawasa, dene manungsa punika wicaksana. Kuwasaning Pangeran inggih sadaya ingkang sampun gumêlar punika. Dene kawicaksananing manungsa: têka lajêng sagêd mastani barang ingkang sampun gumêlar, sarta sagêd ngrekadaya, ngantos sagêd maedahi gêsangipun.

Dados sampun cêtha manawi manungsa punika langkung luhur katimbang lan titah sanèsipun. Mila kathah-kathahing manungsa lajêng wontên ingkang kadunungan watêk têkabur, awit saking piyambakipun kalajêng anggènipun angrumaosi kaluhuranipun katimbang sasamining titah. Wasana botên èngêt manawi piyambakipun wau dumadosipun ugi saking kodrating Hyang Agung, kaparingan kabêgjan miwah kasangsaran, botên beda kalihan kawontênaning surya tuwin rêmbulan.

Manungsa punika anggadhahi pikiran saha pamawasan ingkang lêpas katimbang lan sato. Sadaya tindak-tanduk, solah tingkah ingkang badhe linampahan, sarana dipun manah rumiyin, sadaya pandamêl ingkang badhe migunani, botên ketang rêkaos, punika sanadyan krêntêging manahipun suthik anandangi, mêksa dipun lampahi sarana tekad, awit badhe migunani wohipun wau. Sarta anggènipun pados têdha botên kangge sadintên kalih dintên kemawon, pangangkahipun manawi tirah kasimpên kangge kêkiyatan gêsangipun ing sanès wêkdal, kewan punika ugi anggadhahi pikiran sarta pamawas, ananging botên sagêd sampurna kadosdene manungsa.

Sanadyan manungsa wau sampun nama titah ingkang luhur piyambak, ananging manawi dipun tandhing kalihan sasamining manungsa ugi beda-beda, wontên manungsa ingkang asor sarta luhur kawruh saha budinipun, punika wau gumantung saking pangajaran saha pakulinanipun. Kaluhuraning manungsa punika saking gagapaning manah kula, manawi botên kalintu, namung gumantung saking utamining budinipun. Sanadyan sampun pêjah, manungsa têksih tilar gănda ingkang anggambrat arum, ingkang dados pocapan sae, sarta sadaya pandamêlanipun, dados têtuladan ing ngakathah.

Wondene manungsa ingkang kadunungan budi utami wau kabêkta saking:

1. Pancèn saking dhêdhasaripun.

2. Saking pamarsudi, inggih punika anjiyat manahipun [manah...]

--- 163 ---

[...ipun] dhatêng kautamèn, upaminipun tansah kawawa mênggak krêntêging manahipun ingkang awon, wasana ngantos dados watêk (budi). Makatên wau srananipun kêdah tlatos sabar panggilutipun, botên beda kados caraning para siswa marsudi piwulang ing pawiyatan. Angsalipun namung saking sakêdhik, nanging ajêg sarta tlatos.

[Grafik]

Prabu Dasamuka, Nata Rêksasa ingkang kêbak kamurkan.

Ing sanubarining manungsa punika sadangunipun tansah kadhêdhêran wijining budi awon lan sae, thukulipun budi kêkalih wau sami sêsarêngan rêbat unggul. Yèn ingkang subur (unggul) wau budi awon, sampun ngalamati yèn ngagêsang ical kamanungsanipun. Ing nginggil sampun kula aturakên bilih asor luhuring manungsa punika gumantung saking utami lan botêning budinipun. Dados punapa botên prêlu manungsa punika nyinau (ngulinakakên) anduwa dhatêng budi awon wau, lajêng angrukêbi dhatêng budi utami.

Sajatosipun sadhengah tiyang sampun kathah ingkang sami mangrêtos dhatêng tumusing budi awon lan sae, namung kemawon kathah-kathahing ngagêsang awis-awis ingkang sagêd nanggulangi dhatêngipun: budi hawa, satêmah lajêng subur thukulipun wontên têlênging sanubari.

Suburing budi hawa, anumusi dhatêng karisakan. Pêpiridan nalika jaman purwa, (padhalangan) inggih sampun wontên, inggih punika budinipun Sang Prabu Dasamuka, ing Ngalêngkadiraja. Saking suburing budi hawanipun lajêng anumusi manah: drêngki, panasbaran, jail, angkara murka, lan sasaminipun. Dene wohing tumusipun budi hawa wau, manungsa namung badhe gêsang pribadi, suthik pinadhan ing sasami. Botên èngêt manawi ngagêsang punika botên sagêd uwal saking pitulunganing asanès.

Jalaraning ngrêbdanipun budi awon punika upaminipun, botên mangrêtos, sarta kasupèn manawi

--- 164 ---

budi hawanipun wau badhe andhatêngakên kasangsaran. Kajawi punika manahipun kabuntêl ing pêpenginan dhatêng barang donya ngantos ngêlanggar garis (kamurkan). Punika ingkang dados dêlêgipun manungsa badhe karisakan gêsangipun. Kathah sangêt dêdongengan utawi lêlampahaning manungsa ing jaman kina dumugi jaman samangke, ingkang dhawah ing sangsara, sarta sampun makna saking kamurkanipun.

Kamurkan punika wiwitanipun namung thukul sakêdhik, nanging yèn botên dipun sirnakakên badhe thukul ngrêbda wontên sanubari, ngrêbdaning kamurkan sagêd anuwuhakên watêk ingkang nilar kuwajibaning ngagêsang, lan sagêd ugi ngrêregoni dhatêng kasarasaning badan. Mila utamining ngagêsang kêdah ajêg pamawasipun budi kêkalih wau, sarta kajagia klayan santosaning manah.

Mangsuli ingkang kasbut ing nginggil, bilih manungsa punika sami-sami titah kasêbut luhur piyambak. Wontên pratăndha malih ingkang anjunjung kaluhuraning manungsa, katimbang lan titah sanèsipun, pundi isèn-isèning sato wana ingkang rosa, rikat plajêngipun, sarta galak, sagêd kapikut dening manungsa, wasana dados tutut (anjilma). Blêdhèg ingkang ambêbayani tumrap manungsa lan sadaya titah, sagêd babar dening pandamêling manungsa, lan taksih kathah sangêt sawarnining kawontênan ingkang ambêbayani, adamêl kapitunan, ngalang-alangi dhatêng katêntrêmaning manungsa, ingkang kaudi sirnanipun. Namung satunggal ingkang adamêl karisakan agêng tumrap manungsa, nanging kathah-kathahing manungsa awis-awis ingkang sagêd mêrangi, inggih punika: budi hawa. Manungsa ingkang kêbak ing uwohing budi hawa, ngasorakên drajating gêsangipun, malah kapara sagêd ugi narik asoring drajatipun. Pramila amrih utami ing gêsang, manungsa wajib anyirnakakên budi hawanipun.

Wasana kula sumăngga saha nyuwun gunging pamêngku.

Suprapta ing: Imagiri.

Panglipur Manah

Lêlangên ing Antariksa

[Dhandhanggula]

mawèh sêngsêm sarasèng mêmanis | sri rarasing punang antariksa | wanci wimbaning srêngenge | kang maksih nêmbe mungup | nèng sêlaning kang wukir-wukir | yayah kasor prabawa | lan kêkêsing gunung | têmah kang arka umpêtan | tan kawawa ambêdhah pêdhuting enjing | kang ngêmuli aldaka ||

mung kawasa padhange mrabani | amêmêtha langêning awiyat | kang sumamar pêpindhane | kadi rarasing alun | lembak-lembak anèng jaladri | pandhukuling kang mega | tan srênti gumulung | dening panranging maruta | dènira mrih kawasa nêdya dhèwèki | mratani jagad raya ||

kang sanyata langêning wiyati | jaladara ngêndhanu warata | raras kadi kêkêmule | bumi kang maksih samun | ingkang rasa katrêsan atis | lumuh arsa amberat | kawasaning pêdhut | ing sumarma mung kawuryan | pindha janma kang anggung ngraras kamuktin | katrêm [ka...]

--- 165 ---

[...trêm] anèng paprêman || ing têpining punang mega putih | pan kawuryan kitrining padesan | tan pae lir sêsinome | kang têntrêm akêkêmul | anganti mring sirnaning atis | kang numusi sarira | anrus ing bêbalung | yèku nyataning kaanan | kang tinêmu anèng sarasaning bumi | pambabaring kawasa ||

[Grafik]

dening nyata rasanirèng atis | anggung ngêmbêng ananirèng tirta | kang mawèh panguripane | sanggyaning tanêm tuwuh | kang tumuwuh ngrêrêngga bumi | dadya daya-dinayan | panguwasanipun | puwara ing dadinira | sawarnaning kaanan kang katon sami | amung sarwa prayoga ||

pan sanyata kawasaning Widhi | dènnya mawèh rarasing sawangan | tanpa pêpindhan sêngsême | beda lan ananipun | ing kagunan karyaning janmi | nadyan sarwa sambada | tinêmune tamtu | maksih ana kang nênacad | dening amung inganggêp gunaning janmi | kang aran kaluwihan ||

beda lawan ananing dumadi | nadyan amung kaananing mega | kang rumêngga ngawiyate | rasanira ngêlangut | yèn rinaras lan tusing ati | gagas kawasanira | Ingkang Maha Agung | pamangunirèng sawangan | kongsi ewuh ginagapan ing pangrêti | ing kaluwihanira ||

kang tinêmu mung sarwa prayogi | lan munpangat nêrahi kawula | nadyan mung sawangan bae | sayêkti wèh pakantuk | angênani warasing ati | têmah nênuntun marang | têntrêmirèng kalbu | nging jatine kang mangkana | mung tumuwuh ing tyasing janma kang mamrih | wruh adining pangrasa ||

awit janma kaprah tan marduli | mring elok myang yogyaning sawangan | kang dahat asri rarase | kadi gambar ing luhur | kang pinêtha kadi sayêkti | lamun ta nyipatana | anane satuhu | baya rinasa sanyata | angênani maring ciptanirèng ati | kang tumuwuh dadakan ||

awit masthi tumanduk mring dhiri | tungtumira hawaning kasrêpan | mawèh osiking rasane | lan rumasa dumunung | anèng don kang mirêna ati | myang nglanguting gagasan | saya wuwuh-wuwuh | kalamun ta kawijila | yêkti arsa mêmêtha kang mega putih | paran sawusing sirna ||

ciptaning tyas kang mangkana yêkti | bangkit antuk waluyan kang nyata | wusing sirna pêpêtênge | mèsi gumlaring wujud | kang araras bumi sinungging | ingukir kaelokan | kawasaning Mulku | lan kèbêkan sarwa ana | pala boga miwah sanggyaning rijêki | kang sumarah samoa ||

--- 166 ---

Bab Kasarasan

Pigunanipun toya

Kados botên wontên tiyang ingkang botên migunakakên dhatêng toya, malah limrah tiyang mastani, bilih toya punika tansah dados kanthinipun gêsang, ngantos dumugining janji pisan, toya mêksa taksih dipun pigunakakên, inggih punika kangge nucèni mayitipun.

[Grafik]

Wadhuk ing bawah Brêbês, kimplah-kimplahing toya, ngantawisi manawi cêkap kangge ulah têtanèn.

Mênggahing tiyang anggèning migunakakên toya wau, sapisan kangge sarana angulah siti, salajêngipun ngantos sagêd mujudakên rijêki ingkang dados têdhanipun. Dados toya wau baku kangge ulah siti, awit sadaya tanêm tuwuh botên sagêd gêsang manawi tanpa toya. Mila tumrapipun para among tani anggatosakên sangêt dhatêng kawontênaning toya, tumrapipun toya manawi ngantos kêkirangan, sangêt andadosakên prihatosipun, sok wontên ingkang ngantos dipun labuhi pasulayan prakawis rêbatan toya. Mila bêgja sangêt tumrapipun jaman sapunika, para tiyang tani sampun sagêd angsal toya ingkang saking pambagening pamarentah kalayan adil, wontên ingkang sarana toya ilèn, inggih punika tumrap pasitèn ingkang cêlak kalihan ilèn-ilèn toya lèpèn, ing ngriku pasitènipun dipun wastani sae, awit nama botên kêkirangan toya. Wontên malih ingkang angsalipun saking toya wadhuk, inggih punika saking toya tandhon, punika tumrap pasitèn ingkang bakunipun pancèn saking kêkirangan toya. Beda kalihan kawontênanipun ing jaman kina, wontêning toya namung tansah dados rêrêbatan. Sapunika sampun têrang, bilih pigunaning toya ingkang kapisan, punika kangge têtanèn. Tumrap pêpilihanipun toya ingkang makatên punika namung waton anyêkapi.

Kaping kalihipun, toya punika dados baku

--- 167 ---

têdhaning tiyang, awit botên wontên tiyang ingkang badanipun botên kêlêbêtan ing toya, inggih punika dados sarana kangge ngolah têtêdhan utawi dipun ombe, wosipun amurakabi dados bakuning gêsang ingkang sarana nêdha.

[Grafik]

Toya pangombèn sae, ingkang asli saking toya gêsang, ing Batawi. Ingkang katingal punika papan pangombèning sato kewan.

Têtiyang botên badhe kacariyosan malih, tamtu mangrêtos, bilih toya ingkang makatên wau kêdah bêning, rêsik lan botên anggănda, lan tiyang inggih sampun caluluk piyambak, sabên ngombe toya ingkang sae lajêng cariyos: toyanipun bêning, rêsik tuwin botên anggănda. Dene toya ingkang kados makatên wau adamêl kasarasaning badan, lan têtela ombèn-ombèn punika botên wontên ingkang saenipun ngungkuli toya, mila mèh sabên tiyang angudi murih sagêdipun angsal toya ingkang rêsik, manawi botên angsal, jalaran kêbêkta saking papan padununganipun botên wontên toya ingkang kados makatên, inggih dipun labuhi ngawontênakên saringan, dipun ênêpakên, tuwin patrap sanès-sanèsipun, ingkang pamurihipun namung supados toya wau adamêl kasarasan.

Dados tiyang ingkang sampun sumêrêp dhatêng ajining toya bêning, punika inggih atêgês sampun sumêrêp dhatêng kasarasan, punika pinuji sangêt murih têtiyang siti sagêda gadhah pamanggih makatên, tuwin manawi sampun mangrêtos dhatêng piguna wau, tamtu botên wontên tiyang badhe damêl sumur sapurun-purunipun, tamtu lajêng milih pasitèn ingkang dhaas, ingkang wêdaling toya lêbêt, lan bêning, lan nêbihi panggenan ingkang anggănda botên eca.

[Grafik]

Toya lèpèn ingkang maujud makatên punika manawi kangge adus, botên damêl kasarasan. (Lèpèn ing Batawi kitha lami).

Kapasangyogi tumrapipun ing jaman sapunika, pamarentah tansah nindakakên rekadaya adamêl ilèn-ilèn toya ngombe ingkang dipun pêndhêtakên saking tuk toya gêsang, tuwin sampun dipun pariksa ing tiyang

--- 168 ---

ahli kasarasan, sampun tamtu kemawon pigunanipun toya wau agêng sangêt, lan tiyang botên prêlu pados rekadaya malih murih sagêdipun angsal toya rêsik. Nanging toya ingkang makatên wau sawêg tumindak wontên ing kitha ingkang agêng-agêng.

Dados mênggahing wosipun, toya ingkang kangge ngombe wau kêdah milih toya kados ingkang kasêbut ing nginggil, bakunipun dados sarana kasarasaning tiyang ingkang lumantar saking ing lêbêt.

Kaping tiganipun ing bab pigunaning toya ingkang kangge rêrêsik badan, punika dayanipun ugi adamêl kasarasan, mila inggih prêlu kêdah pados toya ingkang rêsik. Dene panganggenipun botên liya namung kangge umbah-umbah tuwin adus.

Pangangge rêsik tuwin badan rêsik, punika kêdah dipun tindakakên sêsarêngan, dene rêsikipun inggih saking toya. Ing bab umbah-umbah botên prêlu kacariyosakên, awit sabên tiyang inggih mangrêtos dhatêng caraning umbah-umbah rêsik. Namung ing bab adus, punika ingkang kêdah dipun sumêrêpi, awit kathah kemawon tiyang adus ingkang pamrihipun namung pados asrêping badan, botên ngèngêti adus ing lèpèn, ingkang toyanipun rêgêd, tuwin wontên malih tiyang ingkang botên nate adus, punika sadaya tamtu namung saking anggènipun dèrèng nyumêrêpi dhatêng daya tuwin pigunaning toya kanggenipun ngrêsiki badan. Tuwin angèngêtana, bilih tiyang adus punika pamurihipun rêsik, mila manawi adus inggih kêdah ingkang anjalimêt anggènipun kosokan, rêrêgêd ingkang wontên ing badan murih luntur kasiram ing toya, punika nama anêtêpi, bilih toya tumănja kangge ngrêsiki badan, lan damêl kasarasan.

Ing wusana tiyang angèngêtana dhatêng pigunaning toya tigang prakawis wau punika sami dados baku sadaya.

Kabar Sanès Praja

Cariyos kawontênanipun Karajan ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn ăngka 8

Ing Kajawèn ngajêng sampun nyariyosakên gêgayutanipun nagari Siyêm kalihan tanah Jawi, ingkang makatên wau têka cocog kalihan Babad Tanah Jawi kala jamanipun Prabu Hayam Wuruk ing Majapait, kala jaman punika panguwaosipun karajan Siyêm kalihan karajan Jawi sawêg agêng-agêngipun. Ing nginggil sampun kacariyosakên sakêdhik mênggah jajahanipun karajan Siyêm ing jaman punika. Ing ngriki samangke ngandharakên sawatawis jajahanipun karajan Jawi jamanipun Prabu Hayam Wuruk wau. Jajahanipun karajan Majapait ing kala punika, kajawi Jawi Têngah lan Jawi Wetan, ugi ambawahakên: Bali, Nusa Pênidha, Lombok, Sumbawa, Plorès, Pulo-pulo Solor, Pulo Gunung Api, Ambon lan taksih kathah malih nagari saha pulo-pulo ing sawe-

--- [169] ---

Sri Nata ing Siyêm ingkang jumênêng sapunika.

[Grafik]

Nata ing Siyêm, Maha Prabu Praja Dhibok nalika miyos siniwaka sakalihan pramèswari dalêm. Sang nata adhawuh sêsorah dhatêng para upsir tuwin para wadya militèr, ingkang sampun sami sumpah ing wulan kapêngkêr, sadaya nêdya anyêtyani dhatêng ratu gustinipun.

--- 170 ---

tanipun tanah Jawi, makatên ugi ing Borneo inggih kathah tanah-tanah ingkang kabawah dhatêng Majapait, kajawi punika pulo-pulo ing saantawisipun Borneo kalihan Malakah, malah ing Malakah piyambak ugi wontên ingkang dados jajahanipun karajan Majapait.

Ing sarèhning tanah jajahan Majapait ing sajawinipun tanah Jawi, sabên taun sami angaturakên bulu-bêkti awarni arta, amila kala punika karajan Majapait inggih abăndha-bandhu, ngantos sagêd yasa kadhaton ingkang endah ing warni, sagêd andandosi saha anyaèkakên kawontênanipun candhi-candhi, lan sagêd ngawontênakên karamean agêng-agêngan, ingkang anjalari Majapait saya dados misuwur namanipun. Ingkang punika tanah Jawi mila inggih lajêng tansah dipun dhatêngi dening têtiyang saking nagari mănca, kados ta: têtiyang saking Hindhu ngajêng, nagari Cina, lan têtiyang saking nagari-nagari sêkuthunipun, kados ta: Kamboja, Jawana, Cêmpa, Karnataka lan saking Siyêm, dhatêngipun wau kanthi numpak baita kapal mawi ambêktani para sudagar para pandhita lan para brahma, têtiyang wau sami kadunungakên wontên ing pasanggrahan saha kasugata kanthi sênênging manah, salaminipun wontên ing tanah Jawi, têtiyang wau rumaos sênêng sangêt.

Ing ngriki dados cêtha, bilih kala punika tanah Jawi sampun sêsrawungan kalihan karajan Siyêm, punapa malih ing nginggil kacariyosakên, bilih kala punika karajan Siyêm dados nagari sakuthunipun karajan Majapait. Dados nama Siyêm punika wiwit kina mila tiyang Jawi inggih sampun sumêrêp.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati.

Candhakipun Kajawèn ăngka 8.

IV. Pethikan saking sêrat kabar A.I.D.

Tuwan Baars anêrangakên: anggèning nyêrat wontên ing sêrat kabar punika, sêdyanipun kadosdene ingkang sampun kasêrat ing nginggil, botên badhe anyariyosakên cêcriyosan utawi dêdongengan tumrap sadaya, ingkang dipun sumêntêrêpi[1] utawi dipun mirêngi ing panggenan pintên-pintên utawi tatananipun, ingkang kacariyosakên kanthi kacêkak namung papan anggènipun Tuwan Baars nyambutdamêl kala rumiyin saha punapa ingkang sampun katindakakên, prêlunipun kangge anêdahakên, bilih ingkang kaandharakên punika saking kasumêrêpanipun piyambak mênggahing panggêsanganing tiyang ing sabên dintênipun ing nagari Rus ingkang sajati.

Mênggah ingkang andadosakên sabab, dene waradinipun para tani ing nagari Rus sami purun anglampahi kaprentah cara komunis wau, punika botên jalaran saking saening pranatan paos ing ngrika, ananging perangan agêng jalaran saking

--- 171 ---

pambaginipun siti-siti, ingkang suwau dados gadhahanipun para luhur ingkang sami anggadhahi siti wiyar-wiyar, dhatêng kaum tani. Sadèrèngipun wontên gegeran, para luhur wau sami nyewakakên sitinipun dhatêng para tani, angsal-angsalaning panenanipun sabagian agêng kêdah kaaturakên dhatêng ingkang kagungan siti wau minăngka sewanipun, kajawi punika taksih wontên tirahanipun warni-warni mênggahing padamêlan rencang tumbasan, ingkang sayêktosipun kawontênaning rencang tumbasan wau sampun kasuwak kala ing taun 1869, ingkang makatên wau para tani asring sok kapêksa dening pangrèhipun supados nyambutdamêl wontên ing pasabinanipun para ingkang kagungan siti wau, ingkang punika panènipun piyambak ingkang sok lajêng risak babarpisan.

Tumrap tanah-tanah kadosdene ing Indhia, ingkang botên wontên tiyangipun ingkang anggadhahi siti ingkang wiyar-wiyar, punika pambagining siti dhatêng tiyang tani botên kenging kangge propagandhaning komunis, amila lajêng migunakakên akal sanès, inggih punika para tiyang dhusun dipun sakecani ing rêmbag, manawi Indhia ngriki kabawah ing paprentahan komunis, para tani badhe linuwaran saking anggènipun ambayar paos.

Ingkang makatên wau botên lêrês babarpisan.

Kosokwangsulipun, kawontênanipun paos ing nagari Rus ing samangke, punika langkung inggil tinimbang kalanipun dèrèng wontên gegeran, inggih punika antawisipun 3% kalihan 20% saking angsal-angsalaning siti ingkang dèrèng rêsik, miturut kathahing garapan sabin. Radin-radinipun dipun paosi 7% saking angsal-angsalaning pamêdalipun siti, inggih punika ingkang katur nagari, dene kintên-kintên sapalihipun nginggil wau kangge ambayar paos inthilan tumrap panggenan-panggenan, dados gunggunging paos sadaya wontên 11% saking pamêdalipun siti: lan 9/10 ning pakaryanipun para tani punika wiyaripun radin-radin inggih samantên, dados radin-radinipun inggih sayêktos ngèngingi dhatêng sakathahing para tani. Samantên wau kalêbêt sampun inggil sangêt, manawi angèngêti bilih angsal-angsalaning pamêdal siti ing tanah Rus punika sakêdhik sangêt.

Saking sadaya angsal-angsalaning pamêdalipun siti ingkang katêdha piyambak wontên 4/5 lipun, dados ingkang kasadhiyakakên kangge dipun sade namung wontên 1/5 lipun, dados têtirahanipun, ingkang pancènipun kêdah kangge têtumbas pangangge, pirantos anggarap sabin lan sasaminipun, punika langkung saking sapalihipun kêdah kabayarakên paos.

Pamupunipun arta paos têtanèn, punika lajêngan kemawon sabibaripun paos. Lan sadèrèngipun wulan Januari paos saindênging nagari tumrap taun ngajêngipun malih kêdah sampun lumêbêt sadaya.

Têlas-têlasaning wulan Nopèmbêr tiyang sampun sagêd maos ing sêrat-sêrat kabar Rus, bilih paos enggal ngrika-ngriki sampun wontên ingkang pundhat. (Badhe kasambêtan)

--- 172 ---

Ekonomi

Pisang Kluthuk

Ing Kajawèn sampun mêntas ngêwrat ing bab padagangan pisang ing tanah Jawi, ingkang kabêkta mêdal dados padagangan agêng wontên ing tanah Ostraliyah. Pisang ingkang dados padagangan wau pisang ambon tuwin garaita. Sintên ingkang maos dhatêng kawontênaning padagangan wau tamtu gumun, dene pisang têka dados padagangan agêng. Nanging gumunipun wau manawi dipun timbang kalihan tumindaking pakaryan, ing bab pananêm, pangupakara punapadene caraning ngintunakên, inggih lajêng sagêd mangrêtos, bilih tumindakipun wau yêktosan, saha lajêng sagêd mastani yèn bab pisang wau pancèn dados kabudidayan agêng. Sukur lajêng sagêd nênangi dhatêng manahipun tiyang siti, kêbuka dhatêng among dagang ing bab punapa kemawon.

[Grafik]

Pasar Pisang ing Sênèn, Batawi. Ing ngriku kêtingal kathahipun sêsadean pisang. Lan papanipun wau inggih karan Pasar Pisang.

Sayêktosipun mênggahing pisang, tumrapipun tiyang siti, kêlimrahipun namung dipun anggêp dados padagangan sambèn, dèrèng wontên tiyang ingkang kêtingal dados sudagar pisang. Măngka manawi dipun manah, ing ngatasing wowohan, pisang punika sumrambah piyambak, tur mêdalipun tanpa angèn măngsa, mila botên wontên têmbung usum pisang, saking sabên dintên têmtu wontên.

Ing ngriki badhe nyariyosakên kawontênaning panyadean [pa...]

--- 173 ---

[...nyadean] pisang ing Batawi, awit nama kitha agêng, punika kêtingalipun ing sabên dintên botên sakêdhik, malah saking kathahipun wau ngantos wontên pêkên ingkang nama Pasar Pisang. Dene kawontênaning pisang ingkang dipun sade ing ngriku warni-warni sangêt, tuwin sawarnining pisang ingkang kasade ing ngriku botên wontên ingkang bubruk, nanging pisang punapa ingkang pajêng piyambak, dèrèng wontên ingkang nyatakakên.

Èdi-èdining pisang punika pisang raja têmên, wujudipun andêmênakakên, raosipun eca mila pajêngipun kathah. Nanging manawi dipun nyatakakên kanthi pêpetangan ingkang yêktos, tumrapipun ing Batawi, ingkang kathah artanipun piyambak punika pisang kluthuk, awit mênggahing pisang kluthuk, ingkang dipun sade botên ngêmungakên wohipun, inggih godhongipun, malah dumugi gêdêbogipun pisan. Mênggah têrangipun makatên:

Pisang kluthuk punika tumrapipun ing Batawi godhongipun kangge sangêt, botên wontên tiyang sêsadean ingkang ngangge godhong pisang sanèsipun godhong pisang kluthuk, awit godhong pisang wau wiyar, mêmês lan wulêt. Manawi kapetang racak, sabên godhong sapapah sagêd pajêng saêsèn, malah manawi ingkang lêma botên angsal samantên. Măngka sagêsanging pisang punika godhongipun tansah lumintu dipun pêndhêti. Saupami gadhah wit pisang sèkêt uwit kemawon, pangundhuhing godhong sampun sagêd lumintu botên sagêd ngrisakakên wit, makatên malih pisang kluthuk punika gampil tanêm-tanêmanipun, mèh kenging dipun wastani gampil lêmanipun. Dados bab godhong wau angsal-angsalaning arta sampun kathah, kèndêl-kèndêl pamêndhêtipun sasampuning montong.

Sasampuning montong, punika kantun manasuka, pisangipun kasade ênèm, punapa kasade sêpuh, punika tumrap ing Batawi sami pajêng sadaya. Manawi ênèm kangge rujakan, manawi sêpuh dipun têdha matêng.

Pisang sasampunipun dipun undhuh, gêdêbogipun kenging kangge tangsul suwiran, pandamêlipun: gêdêbog dipun kêthok-kêthok saha dipun kêlokopi, lajêng dipun suwir-suwir saha dipun pe wontên ing sampiran ngantos garing, sasampuning garing lajêng kenging kangge tangsul ambêbuntêl, awit limrahipun ing Batawi, sawarnining têtumbasan tamtu dipun tangsuli. Panyadenipun tansul wau dipun gêbungi, sabên sagêbung isi nyadasa lêr, rêgi nyatêngah sèn. Măngka gêdêbog sauwit punika dados pintên atus gêbung.

Mirid kawontênanipun ing Batawi, botên wontên tiyang sêsadean ingkang botên migunakakên tangsul. Dados kintên-kintên tumrap pêpajênganing godhong tuwin tangsul wau botên sakêdhik, saupami maujuda dados padaganganipun tiyang satunggal, bokmanawi sampun sagêd maujud kabudidayan, nanging sarèhning ingkang sade wau tiyang kathah, dados kalêmpaking artanipun botên kêtingal. Makatên ugi ing bab padagangan pisang sanèsipun.

--- 174 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk, ing Wukir Lawu.

Bab gara-gara, warnasari

Sêmar : Ura-ura ulêr kambang: luwih jibêg rasane wong sugih utang... ning nong, ning nong, nong nong ning, nong nong nong ning... timun rênyuh-rênyuh, tangi bangun krênguh-krênguh. Adhuh biyung...

Petruk : Lah, iki nèk kyaine. Wong wis tuwa pikun, rambutnya wis putih, têka uran-urane timun rênyuh-rênyuh. Apa kuwat... Kakang Gorèng, enggal mrenea. Rama, mêndêm kêcubung.

[Grafik]

Garèng : Hos... hos... hos...

Petruk : Wah, ngèsès, kaya sêpur langsir.

Garèng : Ana apa ta, Truk. Têka ngundang uwong lagi kiyah-kiyah. Apa ana burukan. Nèk-nèke ana wong wèwèh kêsasar.

Petruk : Anu, Rama iku kaya wong baring, têka ura-ura kambi jogedan, dak arani kêsurupan. Mulane aku enggal ngundang kowe.

Garèng : Lho, kowe sing kurang ngrêti. Rama jogedan iku rak rêpêtisi. Aku krungu warta, yèn Rama wis dadi warga: klêb. Malah layang kabar Lokomotiph sing kari dhewe iki nyritakake, yèn kyaine arêp dipursêtèl dadi: dhansêr. Lan simak arêp dadi: dhansêrès.

Sêmar : Wiyah, wiyah, bocah padha ora urus. Panggarape mênyang wong tuwa sagêlêm-gêlêm. Mara... padha munia manèh, sida dak onthèl kowe.

Petruk : Ning rak sabênêre bae: ta: Ma. De appel valt niet ver van den stam, têgêse: tibaning apêl iku ora adoh saka ing uwite. Artine: pangira-ira iku masthi ora adoh karo nyatane. Dadi sing ora urus iku Si Rama, apa Kang Garèng. Sing jogedan apa sing ngêlokake. Saupama dhèk slirane jogedan mau banjur sêtrikêl, apa ora dadi gawening anak. Bênêre rak trima kasih, dielingake wong ênom iku.

Sêmar : Êlo, banjur arêp ngalahake wong tuwa, aku rak wis lawas olèhku mangan uyah, aku wajib mituturi anak, dudu anak sing mituturi wong tuwa, iku kuwalat.

Garèng : Lah kuwi nèk priyayi kolot, sing diêndêl-êndêlake mung ênggone mangan uyah. Arêp êntèk uyah sadina sabata kae, yèn mulang anake kaya mangkono iku, iku aran wong tuwa majênun.

Petruk : Aku pro, karo kowe Kang Garèng. Yèn wong tuwa mulang ala nyang anak, iku patut: dilaut.

--- 175 ---

Sêmar : Hara, ta. Anak loro, gêmblung loro, kabèh-kabèh padha ngritik marang wong tuwa, wong tuwa ala-ala malati, wong tuwa wajib digugu tuture.

Garèng : Sing digugu kuwi rak pitutur sing bêcik, dudu pitutur sing ora-ora. Lamun ana wong tuwa mulang marang anake supaya nglakoni ala, iku pantês diundangake malaekat wanakirun, karêbèn digada rujak polo.

Sêmar : Lah, iki bocah yèn wis kursus olèhe sêkolah. Ithik-ithik arêp ngrêkès wong tuwa. Kurang kabênêran sathithik bae, wis padha nguman-uman. Iya, munia manèh.... dak supatani kowe.

Garèng : Wathah, wathah, wathah. Iki nèk priyayi sêpuh. Gulang-gulangane mung arêp nyupatani anak. Ora ilok lo, nyupatani anak kuwe.

Petruk : Iya, cikbèn, yèn Rama sida nyupatani. Ayo padha audientie nyang ênggone daoke, karêbèn Rama disitah daoke.

Sêmar : I, i, i. Rêmbuge pating clêmong, mung padha mangarah patine wong tuwa. Apa kowe padha tega yèn aku kapiran, apa kowe mêntala, yèn aku mati kalirên.

Garèng : Lho, ya ora tega ngono, ning aku rak kodhisiki. Mau slirane Rama, rak arêp nyupatani aku karo Si Petruk. Apa nyupatani iku ora nrajang artikêl sing unine mangkene: sira aja negakake anak... dadi yèn kowe sida nyupatani, iku têtêp nrajang anggêr. Manut adile kudu disêkorês, têrus diprèpèntiph.

Petruk : Wadhuh, kowe saiki têka wis apal mênyang wèt, apa wis sida sêkolah mênyang: Huke sêkul, calon marêkmèstêr, ngono kae.

Garèng : Mêsthi ta. Malah aku wis dhurlopên ngaweès. Lah, wong putrane Rama. Rak iya ta Ma.

Sêmar : Iya bênêr. Iku bocah bagus, ngetok-etokake olèhe diragadi wong tuwa. Kacang măngsa ninggala lanjaran, bapakne dadi priyayi gêdhe, anake calon mostêr.

Garèng : Sliramu: klèdhêng, Ma. Mostêr mono rak bangsane bumbu, dadi gèsèh karo mèstêr. Nèk mèstêr kuwi tukang adol karcis pasar, dadi gaweane nglumpukake dhuwit.

Sêmar : Lah, iku pêpêthinganing anak lanang. Pintêr nglumpukake dhuwit, kêna kanggo ngulur wong tuwa.

Petruk : Elo, têka mèlike pribadi. Dhuwit kang diklumpukake iku rak kagunganing nagara, ora kêna dianggo sakarsa-karsanèki. Sêtrèng pêrdhublêng, diulurake nyang wong tuwa. Sabab mèstêre wis mangan gajih, sasasi têlung puluh jêjêg... sliramu kuwi kêna ukil, Rama. Nèk anake rada manglar sathithik bae, wus kumêcêr olèhe arêp mupu. Nanging kosokbaline, yèn luput sathithik bae, masthi dipêrklarêng. Mara, apa adil iku.

(Badhe kasambêtan)

Pun, R.S. Kartawardaya.

--- 176 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

IX. Layone Dèwi Mênurseta digawa mênyang pamêlikan

[Pocung]

wis mèh surup srêngengene wiwit angslup | langite bêranang | kaya mripate wong nangis | anangisi ing layone Mênurseta ||

kolik tuhu sing kulina saba dalu | wiwit kamirêngan | suwarane kolik-kolik | tuhu-tuhu bangêt gawe tarataban ||

ing dhèk mau wong lima lakune krungu | swara sing mangkana | karasa rada mêngkirig | banjur duwe pangira sing ora-ora ||

barêng tutug ing omah ketok ditutup | lan isih pêtêngan | jêron omah sêpi mamring | sanalika banjur duwèni pangira ||

yèn dhèkmau ana lêlakon kêtêmu | banjur ora tahan | lawang padha dibêjadi | uwong lima padha mlêbu bêbarêngan ||

kabèh bingung sapolahe padha kidhung | kono dumadakan | wêruh ana wong gumlinting | lan wis cêtha iku Dèwi Mênurseta ||

padha bêkuh wong lima barêng wis wêruh | aloke apa ta | ing kiraku rak wis mêsthi | măngsa ora panggawene si wong ala ||

kabèh banjur gêmêt anggone nalusur | anggolèki sabab | apa ta sing gawe pati | nganti gêmêt ora olèh katêrangan ||

wise tutug anggolèki ora entuk | sing dadi jalaran | kabèh padha mrêbês mili | ketang wêlas karo uwis kasok trêsna ||

uwong mau ana sing muni kêwêtu | nanging bokmanawa | ing kiraku isih urip | nitik saka guwayane isih abang ||

mirid wujud yèn matia ora patut | titike katara | kaya isih angèsêmi | eman-eman yèn ta nganti dipêndhêma ||

ana sambung kancane sêmu kêduwung | kuwi jênêng mokal | arane uwong wis mati | ngêndi ana wong mati bali nyang donya ||

tiwas bawur nyimpên wong arêp dikubur | bok ayo tumandang | nuli dikubur bae wis | dadi ora dadak ngêcèh-êcèh măngsa ||

wong sing ngumur mangsuli karo nglêlipur | wis ta aja kaya | madu balung tanpa isi | ta rungokna aku tak kăndha sing cêtha ||

kabèh iku mungguh saka panêmuku | ora ana salah | mula anggonku nêngahi | mung supaya aja kêbacut grêjêgan ||

yèn ta rujuk sing murih bisane mathuk | gawea trêbêla | ananging diwangun pêthi | sakubênge kabèh didokoki kaca ||

ora kisruh dadi sabên dina wêruh | lan yèn padha lunga | digawa bae ya bêcik | awit aku dhewe iya ora tega ||

kabèh rujuk banjur padha manthuk-manthuk | ing wusana yasa | trêbêla diwangun pêthi | ditulisi ing jênênge Mênurseta ||

sastranipun êmas blêg diwangun-wangun | tutup kaca gêdhah | lan ing sauwise dadi | Mênurseta banjur dilêbokke kana [ka...]

--- 177 ---

[...na] ||

yèn ing wujud ora pisan ketok surut | isih manthêr abang | malah ayune ngluwihi | gêbyar-gêbyar kaya parada binabar ||

barêng esuk wong lêlima pating thrênguk | padha arêp mangkat | nanging bot-botên ing ati | wise awan padha mangkat gliyak-gliyak ||

karo mikul wong lima pating dhrêkukul | lumaku lon-lonan | digawa nyang gone mêlik | wise têkan disèlèh alon-alonan ||

banjur mungkul gone nyambutgawe kumpul | nyandhing pêthi kaca | kang ing jêro isi mayit | ora tega ninggal tansah kambang-kambang ||

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Indhia

Kala tanggal 27 wanci jam 4.30 enjing, ling[2] Padhang karaos wontên lindhu. Lawang-lawang ngantos êbah sêru.

Benjing wulan Juli ngajêng punika, ing Bahrawa badhe dipun dêgi Katholieke Mulo dalah griya pamondhokanipun.

Sampun nyata bilih Tuwan de Jonge Oudraat ngajal jalaran sakit kolerah. Bab punika dipun anggêp botên ambêbayani dhatêng tiyang sanès.

Tuwan Dr. Kraemer ingkang mêntas wangsul saking pulo Sangi, saking nglampahi ayahaning pamarentah, amratelakakên ing bab tuwuhing pasulayaning sèndhêng kalihan sèlêp bêstir, jalaran saking têtiyang siti Kristên ing ngriku, botên purun tumut urmat bêksa, ingkang dipun wastani kabesaran nalika nampèni rêsidhèn Mênadho enggal. Nanging ing sapunika sampun rukun.

Apdhèling P.P.P.H. ing Ngayogya, milih Tuwan Cakra Aminata dados kandhidhat up bêstir, têtêping pamilih badhe katindakakên benjing parêpatan ing tanggal 3 Pèbruari.

Parêpatan taunan sêpur bon têtiyang siti mêntas pilihan pangrèh, dumugi sapunika cacahing warga wontên 3500, ingkang 3000 golongan S.S.

Kawartosakên, bilih rantaman waragad praja ing taun 1927 wontên tirahan arta kathah, kados ta saking producten 28 yuta rupiyah, dene tumrap ing bab sanès-sanèsipun, lêbêting arta langkung kathah tinimbang wêdalipun. Padagangan praja botên nirahakên arta, botên ngirangakên. Gungunging rantaman waragad taun 1927 wontên sangandhaping taun 1926.

Wontên wartos, pamarentah badhe ngawontênakên pasinaon punggawa pakunjaran middelbaar, pangagênging Gevangeniswezen sampun anglêmpakakên handleiding kangge pangajaranipun.

Ing Pontianak wontên sêrat kabar enggal nama Oetoesan Borneo, Sinuhun Sultan Langkat rawuh ing kantoripun sêrat kabar wau.

Ing sapunika sadaya punggawa dhepartêmèn pangajaran dipun wontêni kundhisi sêtat, tuwin dipun tamtokakên, kundhisi sêtat wau kêdah katêdahakên dhatêng punggawa ingkang dipun timbang, ing bab awon saening padamêlanipun.

Benjing rawuhipun Sri Nata ing Siyêm ing wulan Juli taun punika, hotèl Dièng badhe dipun sewa, kagêm sri nata sapandhèrèkipun. Konsul Jendral Siyêm sampun dhatêng ing Wanasaba ngrêmbag bab punika.

Miturut cathêtan ing kantor Centraal Statistiek, gunggunging uwos ingkang lumêbêt dhatêng tanah Jawi tuwin Madura ing wulan Dhesèmbêr kêpêngkêr wontên 15.000 ton rêsik, utawi 240.000 pikul.

Ing Batawi badhe wontên ingkang ngêdêgakên Nationale Indonesische Bank, pawitanipun sarana kabage ing andhil, rêgi f 10.-.

Miturut sêrat kabar Sêdyatama, salêbêtipun Sang Nata ing Siyêm 6 dintên wontên ing Ngayogyakarta, rancanganipun makatên: dhahar kêmbul ing kraton sinambi mriksani ringgit tiyang, dhatêng Pakualaman sêgahanipun ringgit wacucal. Mubêng kitha mawi mriksani A.M.S. klinikipun Dhoktêr Yap, Griya Sakit Petronelah, Tamansari, Kitha Agêng, mriksani candhi-candhi Barabudur, Prambanan, lan saurutipun, [sauru...]

--- 178 ---

[...tipun,] mriksani salah satunggilipun pabrik gêndhis, kintên-kintên Dêmak Ijo.

Sêdyatama martosakên: karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, sampun sarêmbag kalihan paduka tuwan residhèn, salowongipun Radèn Wadana Dwijasewaya, ingkang dipun karsakakên anggêntosi dados pangagêng kantor komtabilitit kas karaton: Gusti Radèn Mas Suatmaji. Kakarsakakên dados kontrolir pêkên kabupatèn Bantul: Bandara Radèn Mas Sayidu, putra têtilaranipun suwargi Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih Tuwan Mr. Radèn Kartanagara, amtênar ingkang kabiyantokakên landrad ing Ngayogya, katêtêpakên dados pangarsa landrad ing Pamêkasan.

Aneta martosakên, pamarentah mêntas nampi pawartos, bilih kala malêm 26/27 Januari punika, ingkang Kawang wontên kabêsmèk[3] agêng-agêngan, ingkang anjalari wontên griyaning tiyang bumi lan tiyang Tyonghwa 70 iji, ingkang têlas dening krodhaning latu wau. Karugianipun kintên-kintên wontên f 100.000.-.

Wontên pawartos, benjing tanggal 17 Marêt ing ngajêng punika, ing Pura Wèltêprèdhên, badhe dipun wontênakên parêpatan prêlunipun badhe angrêmbag kawontênanipun rantamtan[4] tumrap ing taun 1929.

Kintên-kintên sadasa dintên sapriki, Radèn Adipati Arya Suwănda, Bupati ing Pathi, tampi ganjaran bintang mas agêng saking nagari. Ingkang amaringakên papaduka[5] Tuwan van Gulick, residhèn ing Sêmarang. Ing dintên wau ing pandhapa kabupatèn Pathi wontên pasamuwan ingkang kajênêngan dening para bupati ing: Kudus, Japara, Purwadadi, Dêmak, Sêmarang sarta ingkang bupati ing Rêmbang. Makatên ugi amtênar Walandi tuwin pribumi inggih kathah.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih Tuwan Mr. Subrata, wèt ondhêr ing ngrika, badhe ngaturakên sêrat panuwunan, murih ing Surabaya dipun wontênakên pamulangan karajinan tuwin kagun[6] tumrap têtiyang bumi.

Wontên pawartos, bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, badhe kapisungsung bintang Parentah Prasman, ingkang badhe ngaturakên tuwan kongsul jendral.

Sêrat kabar Warna-Warta martosakên: para putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakata, inggih punika: Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya (warga Rad Kawula) lan Kangjêng Pangeran Arya Mangkuningrat, sami pinaringan ganjaran sri nugraha ăngka 2.

Dhepartêmèn ondêrwis martosakên: wiwit tanggal sapisan wulan punika, pamulangan-pamulangan partikulir ingkang badhe kaparingan subsidhi guprêmèn, inggih punika: pamulangan Walandi tiga 1 ing Glêmore, 2 ing Prabalingga, lan 3 ing Sukabumi. H.C.S. sakawan, 1 ing Băndawasa, 2 Tanggêrang, 3 Phordhêkok, lan 4 ing Nganjuk. H.I.S. sakawan, 1 ing Klungkung (Bali), 2 ing Medhan, 3 ing Têgal, lan 4 ing Cilacap. Sêkakêl sêkul tiga, 1 ing Bahrawa, 2 ing Batawi, lan 3 ing Surakarta.

Nagari Walandi

Saking Amsêtêrdham kawartosakên: Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri ing Nèdêrlan, maringi darma arta kangge nindakakên papriksan ing salêbêtipun samudra Indhonesiah ngriki.

Saking Boskup (nagari Walandi) kala tanggal 27 Januari punika, Aneta martosakên kados ing ngandhap punika:

Tuwan T. Ottolander, inggih punika satunggiling ahli tani băngsa Walandi, ingkang sampun kasuwun naminipun wontên tanah Indiya ngriki, dèrèng dangu punika ngawontênakên rêsèpsi wontên ing hotèl Klassen (inggih ing nagari Walandi) ingkang anjênêngi rêsèpsi wau kathah sangêt, minăngka pakurmatanipun Tuwan Ottolander wau, hotèl kapajang-pajang mawi sêsêkaran èdi sangêt. Ingkang dados juru lêlados para sêtudhèn ing pamulangan luhur têtanèn ing Utrecht ingkang sami mangangge nyara jongos, tuwin para nonah-nonah ingkang sami mangangge sarung saha rasukan kêbayak. Dene ingkang angèstrèni rêsèpsi wau, kajawi têtiyang Boskup piyambak, ugi tilas dhirektur têtanèn ing Indiya ngriki, Paduka Tuwan Dr. H.J. Lovink, Tuwan Prof. Dr. Jeswiet, Tuwan Prof. Dr. Roepke lan Tuwan Prof. Ham, tiga-tiganipun guru agêng ing pamulangan luhur kasbut nginggil, kajawi punika: Kangjêng Radèn Adipati Arya Wiranata Kusumah, Bupati ing Bandhung, Tuwan Ir. Baars panganjuring komunis ingkang samangke sampun mantun dados komunis, lan taksih kathah malih sanès-sanèsipun. Salajêngipun nuntên dipun wontênakên dhahar pista.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan Prawira ing Ngayogya, panjurung panjênêngan botên kapacak, awit namung dados prêluning tiyang sagolonganipun piyambak.

Lêngganan nomêr 2912. Kintunan gambar sampun dumugi. Manawi manjurung dhatêng Kajawèn, dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi Kajawèn.

--- 179 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

11. Propesor Higgs ambêbêdhag

Propesor Higgs grênêngan: jajal, bok bêdhilên kae. Aku bisa uga luput pambêdhilku, lan kewan-kewan mau banjur padha lumayu. Saking agênging panalangsanipun, Propesor Higgs malah lajêng dados asor. Kanthi alon-alonan Orme lan kula lajêng tangi saha jèngkèng ngêngakakên platuking sanjata. Kajawi namung satunggal, kewan sanès-sanèsipun sampun sami langkung, lan kewan ingkang satunggal wau lampahipun kintên-kintên kalih dasa mètêr têbihipun saking sanès-sanèsipun. Orme lajêng narik platuking santaja wau, ananging botên mungêl. Ing wingkingipun kula sadaya nyumêrêpi, bilih sanjatanipun kêlêbêtan pasir.

Kula inggih ngincêng, ananging mripat kula dados botên pramana, lan tangan kula jimpe sangêt. Makatên malih wontên ing gagasan, bilih gêsang kula sadaya punika, gumantung dhatêng mimis wau, punika adamêl bingunging manah kula, ananging inggih kêdah katindakakên sapunika ugi, utawi botên babarpisan. Taksih tigang pêcak malih, kewan wau inggih lajêng wontên sawingkinging rêdi.

Kula lajêng nyanjata, ananging kula kraos, bilih panyanjata kula punika lêpat, kewanipun mancolot majêng sakêdhik. Ananging sarèhning kewan wau dèrèng nate mirêng swaraning sanjata, lajêng kèndêl sêmu gumun, sarta lajêng ningali ênêr kula sadaya wau.

Saking agênging kuwatos kula, kula lajêng nyanjata malih prasasat botên mawi ngincêng. Ananging sapisan punika lampahing mimis ngèngingi jantung lêrês. Kula sadaya lajêng bêbrangkangan amurugi. Tumrap kula sadaya bêgja sangêt, dene kewan wau mêntas kemawon ngombe. Cara-caraning panêdha kula sadaya dhatêng kewan wau, manawi kula sapunika kèngêtan, kula sadaya rumaos mêngkirig.

Sasampunipun kula sadaya nêdha ingkang botên pantês wau, kula sadaya rumaos kathah sêgêripun, saha lajêng sami tilêm sawatawis. Miturut petangan kawontênaning lintang kala punika, dununging dhusun wontên sakidul kula. Kula sadaya lajêng ngirisi daginging kewan wau saha sumêdya kangge sangu lumampah. Salêbêtipun sadalu muput, kula sadaya lumampah lajêng, sajakipun larik-larikaning gumuk-gumuk punika botên wontên pungkasanipun. Enjingipun kula sadaya sami nêdha daging mêntah saha ngombe tirahaning toya ingkang namung sawatawis tètès wau.

Dangu-dangu lampah kula sadaya dumugi papan radin adhêdhasar sela, lan sukuning rêdi sajakipun sampun cakêt, sanadyan ta têbihipun taksih pintên-pintên pal saking ngriku, saya dangu kêkiyatan kula saya têlas, sagêdipun majêng kanthi rêkaos sangêt. Sanadyan ing ngrika-ngriki wontên wananipun, ananging botên wontên toyanipun babarpisan. Kula sadaya sami nyêbroti gêgodhonganing wit-witan, lajêng sami dipun sêsêp-sêsêp, ananging raosipun angunêg-unêgi. Kula têtiga wau, Propesor Higgs ingkang botên kiyat piyambak, amila inggih piyambakipun ingkang rumiyin piyambak, botên sagêd anglajêngakên lampahipun. Sanjatanipun sampun kabucal rumiyin-rumiyin, jalaran piyambakipun sampun botên kongan ambêkta, ananging kala punika kula sadaya botên amigatosakên. Salajêngipun kula kalihan Orme lajêng andhabyang Higgs.

Kintên-kintên lêt satêngah jam malih lajêng kula ingkang botên sagêd anglajêngakên lampah, lan kula lajêng gadhah rêmbag, murih katilar wontên ing ngriku kemawon. Minăngka wangsulanipun Orme namung ngulungakên tanganipun kiwa. Sanadyan sangsaranipun makatên, ananging gêsang punika sakeca, amila kula inggih lajêng anyandhak tangan ingkang dipun ulungakên wau.

Makatên lampah kula sadaya sawatawis, ngèmpêri têtiyang mêndêm kêkalih, ingkang jinagi ing tiyang satunggal ingkang botên mêndêm, supados botên kacêpêng ing pulisi. Orme punika tamtunipun satunggiling tiyang ingkang kiyat sangêt, ananging ujug-ujug piyambakipun têka lajêng dhawah, kados tiyang ingkang kenging mimising sanjata. Dene Propesor Higgs sanadyan taksih èngêt, nanging sampun pêtêng pandulunipun. Sakêdhap piyambakipun gadhah pangintên, bilih kula punika satunggiling pandhita, saha piyambakipun lajêng angakêni dosanipun dhatêng kula, bab prakawis gêgadhahanipun barang kina, ingkang asalipun wau botên absah.

Murih piyambakipun sagêda aso, jalaran kula kuwatos manawi sagêd dados ewah, kula lajêng suka pangapuntên sacandhak-candhakipun kemawon, salajêngipun, propesor lajêng dhawah kanthi lêga manahipun, lan pangglethakipun jèjèr kalihan Orme botên nyuwara babarpisan. Lajêng punapa daya kula ing samangke, mitra kula ingkang sêtya sampun gumlethak ing ngriku pêjah, utawi inggih sampun lênggèk-lênggèk, makatên ugi lare neneman jejeranipun [jejerani...]

--- 180 ---

[...pun] punika. Kula gadhah gagasan badhe damêl bêdhiyan, ingkang makatên punika rak badhe sagêd nêbihakên para singa barong. Kadospundi girising manah gumlethak wontên ing ngriku, lajêng ngraosakên kukuning singa tanpa sagêd anglawan babarpisan. Ananging kala punika, kula botên kongan anglêmpakakên pirantos-pirantosing badhe bêdhiyan wau. Ing lêbêting sanjata kula, kula taksih gadhah mimis tiga, sanès-sanèsipun sampun kula bucal, amargi kawratên. Salajêngipun kula gadhah niyat sumêdya ngungêlakên mimis tiga wau, jalaran wontên kula samangke punika, mimis wau botên wontên pigunanipun punapa-punapa. Ananging pamanggih makatên punika kula kêlintu. Mimis ingkang satunggal lajêng kula ungêlakên, saha kula tamatakên kanthi wigatos, kapengin nyumêrêpi wontên ing pundi dhawahipun mimis wau. Sasampunipun kula lajêng tilêm, botên watawis dangu kula kagèt, saking pangaluping yenah (inggih punika sabangsaning sagawon, sukunipun ngajêng langkung panjang tinimbang ingkang wingking, têdhanipun bangke), mripatipun yenah ingkang mancorong kala punika sampun cakêt sangêt kalihan kula, kula lajêng ngincêng saha nyanjata, lan lajêng mirêng swara sora tandhaning kasakitan, kewan wau tamtunipun botên bêtah dhatêng têtêdhan malih.

Sêpêning sagantên wêdhi kala punika adamêl aliting manah kula, ngantos kula lajêng kapengin pêpanggihan kalihan yenah wau, mimis ingkang nomêr tiga lajêng kula ungêlakên malih, sanjatanipun kula acungakên wontên sanginggiling sirah kula. Sasampunipun kula lajêng nyêpêng tanganipun Higgs ingkang dados tăndha gêgandhengan kula dhatêng kamanungsan, saha gumlethak wontên ing ngriku, ngêntosi dhatênging malaekat ingkang anjabut nyawa...

Kula lajêng tangi saha kraos, bilih wontên tiyang nètèsi toya wontên ing cangkêm kula, ing batos kula anggagas makatên: e, iki suwarga. Amargi kala punika rumaos kula, toya kalihan suwarga punika sami kemawon. Pangombe kula toya, punika namung sarilanipun ingkang nyukani, salajêngipun kula nuntên tangi, saha saking padhanging lintang-lintang, kula sagêd sumêrêp dhapuripun Sêrsan Quick, ingkang kala punika tumiyung nungkuli kula. Makatên ugi kula sumêrêp Kapitan Orme linggih, menga-mengo sajakipun bingung. Ing ngriku wontên sagawon agêng, ingkang sirahipun kados sirahing sagawon dhog, andilati tanganipun Orme. Samangke kula inggih kèngêtan, bilih sagawon punika, ingkang Kapitan Orme tumbas saking tiyang siti ingkang gêsangipun ngulandara, saha namaning sagawon punika Pharaoh, wontênipun dipun namakakên makatên wau, jalaran mênang kêrahipun kalihan sagawon sanès-sanèsipun, kajawi punika kula kèngêtan dhatêng unta kêkalih ingkang ngadêg cakêt ngriku. Dados kula sadaya punika taksih gêsang wontên ing ngalam donya.

Kula lajêng pitakèn kanthi swara lêlah makatên: kapriye anggonmu bisa nêmu aku kabèh iki: sêrsan.

Sêrsan Quick amangsuli: dede kula ingkang manggihakên panjênêngan: bandara dhoktêr, ananging sagawon punika. Tumrap lêlampahan ingkang kados makatên wau, sagawon punika ajinipun langkung kathah tinimbang manungsa, ingkang kula sadaya botên sagêd sumêrêp, sagawon sagêd ngambêt, manawi panjênêngan sampun ragi dhangan, panjênêngan kula aturi mariksani kawontênanipun Tuwan Higgs, jalaran panjênênganipun sampun seda.

Kula lajêng ningali dhatêng Propesor Higgs lan pamanggih kula inggih sami, mung kemawon botên kula lairakên. Uwangipun ngandhap anggandhul, gumlethakipun tanpa ebah-ebah babarpisan, mripatipun botên kêtingal, jalaran kêtutupan kaca mripat biru.

Kula wicantên: anjaluk banyu. Salajêngipun Sêrsan Quick angêcori toya dhatêng salêbêting cangkêm, ingkang lajêng têrus lumêbêt, ewadene Propesor Higgs dèrèng ebah-ebah. Panganggenipun lajêng kula uculi, saha kula titipriksa jantungipun, ing sakawit kula botên mirêng punapa-punapa, dangu-dangu lajêng kêmirêngan swara lamat-lamat.

Kula wicantên: la, isih ana pangarêp-arêpe, apa kowe anggawa brênduwin.

Sêrsan Quick amangsuli sajakipun jèngkèl: salaminipun dèrèng nate kêkesahan botên ambêkta makatên wau. Salajêngipun piyambakipun mêndhêt gêndul waja isi brênduwin wau.

Wicantên kula: jajal wèhana brênduwin iku sathithik. Sêrsan Quick botên ngantos kaping kalih dipun prentah makatên wau. Sarana makatên punika mitulungi dadakan, sabab Propesor Higgs lajêng linggih, angob saha tansah wahing.

Propesor Higgs lajêng garundêlan kados pelo, wicantênipun: êlo, athik brênduwin, barang anjêlèhi bangêt, aku wong sing ora tau ngombe inuman kêras. E lha, saru bangêt, ora bakal aku ngapura mênyang kowe. Êndi banyu bae, banyu bae.

Salajêngipun kula sadaya lajêng nyukani toya dhatêng piyambakipun, pangombenipun wau sakalangkung kathah, kula sadaya ngantos kêpêksa ngrêbat toya wau. Dangu-dangu piyambakipun lajêng èngêt kados suwaunipun malih. Kacanipun mripat biru, ingkang kala punika taksih dipun angge, enggal-enggal lajêng dipun bêthot saha kanthi mripatipun ingkang landhêp wau, piyambakipun nyawang Sêrsan Quick.

Wicantênipun: saiki aku ngrêti, dadi aku kabèh iki ora mati. Yèn dipikir mangkono iya eman-eman, anggone wis tata-tata kaya sing wis ditindakahe[7] ing ngarêp mau. Kapriye ta dhèk mau.

Kapitan Orme amangsuli: êmbuh ora wêruh, takona bae mênyang Sêrsan Quick. (Badhe kasambêtan)

--- [181] ---

 


sumêrêpi. (kembali)
ing. (kembali)
kabêsmèn. (kembali)
rantaman. (kembali)
paduka. (kembali)
kagunan. (kembali)
ditindakake. (kembali)