Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-10, #76

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-10, #76. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-10, #76. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 20, 18 Pasa Taun Jimakir 1858, 10 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [381] ---

Ôngka 20, 18 Pasa Taun Jimakir 1858, 10 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Swèdhên

[Grafik]

Krêtêg Sêpur ing Swèdhên, sabrebetan wujudipun kados krêtêg sêpur ing tanah Pasundhan.

--- 382 ---

Raos Jawi

Sabar lan Rupaking Budi

Mênggahing tiyang, sabar tuwin rupaking budi punika tansah dipun angge, yèn ta wujuda undhak-undhakan, pun rupak ingkang dipun idak rumiyin, awit limrahipun tiyang, ingkang dipun ambah rumiyin punika, kawontênan ingkang kados makatên, kados ta: samukawis ingkang dipun sumêrêpi namung sarwa sakêdhik, dhatêng kawontênaning kawruh inggih botên sapintêna. Dangu-dangu wiwit ngambah dhatêng pêpadhang, sumêrêp dhatêng têba wiyar, sumêrêp dhatêng kawruh nyata.

Sayêktosipun mênggahing bêbudèn punika kados sampun manjing dados dhêdhasar, wontênipun piwulang ingkang dhumawah namung nama nusul, punika dèrèng tamtu manawi lajêng sagêd nyirnakakên dhêdhasaripun, awit kasantosaning dhasar punika kajêngipun namung badhe andadra, dados saupami tiyang ingkang dhêdhasaripun brangasan, punika sanadyan angsal piwulang, trakadhang inggih botên sagêd nyirnakakên dhêdhasaring brangasanipun, malah adhakan saya andados, awit kasantosanipun malah dados diwasa. Nanging adhakanipun, tiyang ingkang gadhah wêwatêkan makatên punika asring manggih piduwung ing wingking, dados têrangipun mênggahing budi rupak punika manggènipun botên pilih papan.

Manawi ing jaman purwa, manah brangasan punika dumunung wontên narendra ing Mandura, mila kêrêp amanggih lêlampahan kêduwung ing wingking, sabên tampi wêwaduling Kurawa lajêng prêmpêng duka sanalika, botên mawi dipun titi lajêng nindakakên panguwaosipun, nanging wusananipun kadospundi, inggih namung lajêng kêwêlèh, awit brangasanipun angsal tandhinging kasabaraning Pandhawa, lajêng mak cês kados latu kêsiram toya.

Manawi jaman neneman, brangasan punika pinanggih wontên ing Arya Panangsang ing Jipang. Yèn ta dipun manaha prakawis angsaling piwulang, sang arya sampun botên kêkirangan, dene gurunipun malah para wali. Nanging wantunipun sang arya punika dhêdhasar brangasan, bêbasanipun botên kenging kambêtan ing tantang, lajêng brabat supe ing purwa duksina. Lan malih mênggahing têtuwuhipun, punika sampun tamtu jalaran saking kataman ing sabab ingkang ngengingi raosing manah, dados saupami manahipun kisèn ing sabab, angrêmipun tansah mubal dados brangasan.

Makatên ugi mênggahing Sang Arya Pinangsang,[1] sakawit panggalihanipun pancèn sampun kêdhêdhêran, amelikakên dhatêng karaton Dêmak, awit ugi ngrumaosi dados waris karaton Dêmak. Dene anggènipun nindakakên kamelikanipun wau kanthi ngunggar kabrananing galih, mawi nyirnakakên warga ingkang dipun anggêp ngalang-alangi, inggih punika Sunan Kalinyamat.

Kamungkaraning manah punika manawi kasêmbadan pancèn anggêgirisi, bêbasanipun sagêd angrêgêm jagad. Nanging sarèhning kamungkaran punika

--- 383 ---

sajatinipun inggih rupaking budi, tamtu kemawon gampil kasoripun, samantên wau manawi pun mungkar sagêd tandhing kalihan sabar, sampun tamtu lajêng kêkês tanpa daya. Dene manawi murka sami murka, sampun tamtu kemawon unggul ingkang kamurkanipun agêng tuwin ingkang kasampiran panguwaos. Wujudipun inggih sang arya punika, nalika dèrèng dhawah ing kalamangsanipun, tiyang ingkang nêdya lumawan tamtu sami giris, mila saya andados ing kamurkanipun.

Sang arya saya kalajêng-lajêng anggènipun angunggar panggalih, tansah nêdya nyirnakakên tiyang ingkang ginalih dados kalilip, inggih punika nêdya badhe nyirnakakên sinuhun sultan ing Pajang. Nanging wantunipun sinuhun sultan kêbak bêbètèng karahayon, sêdyanipun sang arya inggih tansah cabar.

Ing sapunika ubaling kamurkan dipun kêmbari ing tindak rahayu, sang arya dipun lurugi ing Radèn Ngabèi Saloringpasar, ingkang ngêmban panguwasaning ratu, tur tumindakipun kangge kaprayitnan, makatêna malih sampun botên kêkilapan dhatêng brangasanipun sang arya, mila lajêng dipun tantang purun saking katêbihan. Sarêng sang arya kambêtan tantang, lajêng kasupèn ing kaprayitnan, trangginas anyengklak titihanipun lajêng anggêbyur ing lèpèn nêdya lumawan ing mêngsah, nanging lajêng pinapagakên ing tumbaking Sang Sutawijaya inggih Radèn Ngabèi Saloringpasar. Nalika sang arya nandhang tatu ing padharan, ngantos ngalawèr ususipun, botên dipun damêl raos, malah ususipun dipun sampirakên ing wangkingan, nanging wêkasanipun lajêng tiwas dening ususipun kêtaton kenging wangkinganipun piyambak, ingkang pikantukipun namung damêl piduwung.

Ing sapunika sampun têtela, bilih rupaking budi punika tuwuhipun saking supe, tuwin adhakan adamêl kapitunan, kadospundi murih tiyang punika cinakêtan ing sabar, awit sabar punika sajatosipun sawênèhing daya ingkang sagêd ngadhêmi kamurkaning dumadi.

Gadhah Damêl Cara Kina ing Bawah Ngayogyakarta

Ingkang dipun wastani gadhah damêl punika: mantu, têtês, supitan, lan sanès-sanèsipun, sabab ing ngriku badhe gadhah pandamêlan ingkang botên rampung dipun tandangi piyambak.

I. Bab Tarup, tarup punika wiwit jaman kina dumugi jaman samangke, mênggah pirukunanipun botên kathah ewah-ewahipun, tiyang ingkang badhe gadhah damêl kêdah lapur dhatêng lurah ingkang ambawahakên, nyuwun supados kônca ingkang dados pundhak panggulipun sami dhatêng griyanipun ambêkta pêngarip-arip, inggih punika: klapa, kalihan blarak, ingkang botên gadhah wit klapa, kenging nyukani dêling utawi arta, dene kathah sakêdhiking urunan manut pirukunanipun. Manawi sampun rampung tarup lajêng ngêdalakên gêndhuri rasulan, utawi tumbasan pêkên, jongkong inthil dhawêt, mênggah pikajêngipun wilujêngan punika: tumbasan pêkên, anggènipun gadhah damêl sagêda tamunipun kados tiyang

--- 384 ---

dhatêng pêkên, jongkong inthil, tiyang ingkang sampun tampi ulêm sagêda sêmrinthil kados kajongjongkongakên[2] anggènipun dhatêng urun sumbangan. Dhawêt tamunipun sagêda kathah kados cendholing dhawêt.

[Grafik]

Pangantèn sasampuning panggih

II. Bab Atur-atur, utawi ulêm-ulêm. Ing jaman kina dipun wastani nyuruhi, ingkang gadhah griya lajêng matah tiyang ingkang sagêd atur-atur, utawi mangrêtos unggah-ungguh, tiyang ingkang dipun kèngkèn nyuruhi punika wau, dipun sukani sarana lintingan sêdhah ing nglêbêt dipun sukani dom sajodho, utawi dhêdhak, mênggah pikajêngipun gugon tuhon, suruh, kêsusu arêp wêruh, dom kalihan dhêdhak, sadaya ingkang sampun kadhatêngan ulêm-ulêm sagêd risi kados dipun cocogi ing dom, gatêl kados gupak dhêdhak, anggènipun badhe dhatêng urun sumbangan. Namung ing jaman sapunika cara ingkang kados makatên wau sasat sampun ical, malah sapunika cêkap mawi sêrat ulêm-ulêm kemawon.

III. Bab midadarèni. Ingkang dipun wastani midadarèni punika dintên malêm dumuginipun tamu, ing ngriku kêdah pasang saji-saji, malah sok wontên ingkang ngaturi kiyai dhukun, supados nyumpêt, pasang tumbal, nulak jawah. Nyumpêt punika mênggah pikajêngipun sadaya tamu sagêda sami kraos tuwuk botên anggrangsang dhatêng tatêdhan, tumbal, tumbal punika mênggah pikajêngipun ing salêbêtipun tarup sagêda wilujêng, nulak jawah, tiyang gadhah damêl môngsa rêndhêng punika kathah kuwatosipun manawi jawah, sabab manawi jawah kajawi papanipun jênês, ugi sisah yèn botên wontên tamunipun, mila sok minta sraya kiyai dhukun, kajawi punika ugik[3] wontên ingkang nyranani: nguncalakên kathokipun ingkang gadhah griya ing nginggil tarup, ngênjêti alu [a...]

--- 385 ---

[...lu] kaplanggarakên lambe sumur, ngêdêkakên sapu wontên têngah latar kacublêsi bawang, lombok, trasi.

Yèn midadarèni punika ingkang dhatêng sawêg sanak sadhèrèk piyambak, mila sêgahanipun lêgamara, ingkang dipun damêl kêtan kalinting ujungan ing nglêbêt kaisenan ulam utawi srundèng, mênggah pikajêngipun jangji wis mara bae lêga. Sabab namung sadhèrèk piyambak.

IV. Bab dumuginipun tamu, utawi tapuking damêl, dhatêngipun para têtêpangan ingkang sami dipun aturi, sami urun pasumbang sakadaripun, sêgahanipun lêgadha, ingkang kadamêl tunggilipun lêgamara wau, kaotipun namung isinipun pisang, pikajêngipun kangge pasêmon, wus lêga dikôndha, sabab tiyang gadhah damêl punika, awon sae têmtu dipun kôndha. Kurmatipun tamu bulusan, tiyang satunggal dipun adhêpi ancak satunggal, utawi layah agêng, isinipun kacang godhogan, mlinjo, bêton, têbu, lèmpèng, juwadah, lan sapanunggilanipun. Jaman dèrèng wontên piring ingkang kangge tata dhahar namung layah dipun ênjêti silitipun, wedang namung ujungan kahwa, cangkiripun cawik. Mênggah panganggenipun tiyang jagong udhêng tênunan Jawi, rasukan tênunan, bêbêd tênunan, manawi sampun bakda dhahar lajêng mêdal tike kalihan bêdudan saprabotipun, tiyang nyumbang kêdah kasukanan ulih-ulih sapantêsipun, anggènipun jagong angsal brêkatan. Môngga para maos kula aturi manggalih, dene bedanipun kathah sangêt tinimbang kalihan jaman samangke.

Lêlucon

Kajêngipun ngajrih-ajrihi nanging malah kêtiwasan

Kacariyos wontên satunggiling tiyang mantuk saking panggenanipun tiyang wilujêngan nyèwu, kanthi nyunggi tampah ingkang isi brêkat. Botên antawis dangu lampahipun dumugi ing wod alit. Tiyang wau lajêng nguwod alon-alon, kuwatos manawi kaplèsèd. Sarêng lampahipun mèh dumugi ing pungkasan, dumadakan kêpêthuk sagawon. Tiyang ingkang nguwod bingung sangêt, dening ajrih, gagasanipun, upami piyambakipun wangsul, sagawon wau têmtu ngêtutakên lajêng nyawèl, lan upami lajêng têmtu inggih nyakot, badhe ambalang botên wontên barang ingkang kenging kangge ambalang, badhe mlajêng wodipun ciyut sangêt, ajrih manawi kêplèsèd. Dumadakan piyambakipun kemutan dhatêng criyosipun tiyang kathah, bilih sagawon punika manawi dipun dhodhoki lajêng mlajêng, awit rumaosipun dipun pêndhêtakên balang. Tiyang wau lajêng andhodhok. Ing sakawit sagawon badhe mlajêng, nanging sarêng mambêt gandaning sêkul ulam, botên ajrih, malah thukul kêkêndêlanipun, lan malih kabêkta saking luwe, botên sarônta lajêng mlumpat dhatêng tampah. Tiyang wau saking kagètipun, nyat lajêng lumajêng sipat kuping kalihan nyunggi sagawon. Têtiyang ingkang sumêrêp sami anggêgujêng. Sagawon ngeca-eca pista wontên ing sunggèn. Sadumugining griya namung kantun tampah kalihan sagawon.

Pun W.

--- 386 ---

Bab Kasarasan

Tiyang sakit punika kêdah mênangan.

Tiyang sakit punika sayêktosipun kenging dipun wastani nuju nglampahi siksan, awit ing salêbêtipun sakit tansah angraosakên ingkang sarwa botên sakeca. Pandulunipun sanadyan kangge ningali sawangan ingkang nêngsêmakên, inggih kêtingal bêlawur, sarwa botên adamêl sênênging manah. Panggônda, sanadyan kangge anggônda gêgandan ingkang arum awangi, inggih araos botên adamêl sêgêring badan. Cangkêmipun, sanadyan kangge ngraosakên têtêdhan ingkang miraos, inggih botên damêl mogèling ilat. Pamirêng, sanadyan kangge mirêngakên ngrêrangêning gôngsa, inggih namung rinaos pating grombyang. Wosipun botên wontên ingkang damêl panuju, mila adhakanipun tiyang sakit punika namung sugih muring-muring.

[Grafik]

Tiyang ingkang tuwi wicantên: têntrêming atimu kang gawe kawarasan.

Yèn lare alit, manawi nuju sakit punika namung nêdha dipun eman-eman, ewadene sanadyan dipun eman-eman, mêksa taksih kêdah nêpsu kemawon, dene ingkang dados jalaranipun botên sanès inggih namung saking angraosakên badanipun botên kantên-kantênan.

Saya tumrapipun tiyang sêpuh, manawi nuju sukêr sakit, nêpsunipun saya cêpak sangêt, awit sadaya sabab-sabab ingkang tumanduk dhatêng badanipun, anggènipun ngraosakên sarwa pramana sadaya, kuwaganging manahipun namung cêpak anglairakên pamuring-muring. Nanging sarêng tumrap pamuring-muringipun tiyang sêpuh ingkang makatên wau adhakan dipun sulayani dening tiyang ingkang angladosi, dipun wastani

--- 387 ---

tiyang nganyih-anyih, tiyang angèl lados-ladosanipun. Sampun tamtu kemawon tumrap ingkang sakit malah saya muring-muring, awit rumaos manawi anggènipun napsu dipun ladosi, wêkasan malah dados andadra. Ingkang kados makatên punika têtela botên prayogi sangêt, awit tumrap ingkang sakit sagêd andadosakên indhaking sakitipun. Mila ing sasagêd-sagêd, tiyang sakit punika dipun êmonga, murih ingkang sakit rumaos mênang.

Sajatosipun tiyang sakit punika prayogi ingkang mênangan, awit mênang punika sayêktosipun inggih kanikmatan, lan kanikmatan makatên, tumrapipun dhatêng tiyang sakit inggih tumônja dados jampi.

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng tindaking dhoktêr, sadaya sarwa ngarah-arah, ngirih-irih, ulatipun tansah sumèh, wicantênipun namung sarwa nyakecani manah, sanadyan sumêrêp manawi sakitipun rêkaos, inggih mêksa cariyos: botên dados punapa, wosipun supados tiyang ingkang sakit ayêm manahipun, awit ayêming manah punika inggih atêgês pamênang. Makatên malih tumrap juru pangupakara tiyang sakit, punika ugi gadhah tindak, ingkang sarwa damêl sênêngipun ingkang dipun ladosi. Mila tumrap sintêna kemawon, manawi angladosi utawi ngopèni tiyang sakit, ugi kêdah gadhah tindak makatên.

Gambaranipun kados sampun kêtingal, tiyang anèm manawi nuju sakit, punika manawi nuju dipun tuwèni ing tiyang ingkang prênah sêpuh, raosing manahipun lajêng kêpêksa nindakakên tatakrama, dados salêbêtipun sakit wau, manahipun nama kêrèh, ingkang makatên punika sanadyan botên cêtha, nanging tamtu wontên raosipun ingkang nuwuhakên botên sakeca, dening kêlungsur kamênanganipun. Beda kalihan manawi ingkang sakit tiyang sêpuh dipun tuwèni ing tiyang anèm, ingkang sakit rumaos taksih têtêp mênangipun, ingkang sami têtuwi, tumrapipun ingkang sakit rinaos dados kasênêngan, wêkasan andayani dhatêng ènthènging sakitipun.

Tumrapipun tiyang sakit, kados botên wontên ingkang anggadhahi pamênang kados lare sakit ingkang dipun opèni dhatêng biyungipun piyambak, awit niyatipun pun biyung namung ngêsrahakên pamênang thok.

Dados mênggah wosing andharan punika, namung mratelakakên, bilih tiyang sakit punika wajib gadhah pamênang, dene sarananipun botên sanès, tumraping tiyang sanès kêdah nyênyênêng tuwin nyakecani dhatêng manahipun ingkang sakit.

--- 388 ---

Panglipur Manah

Tumitah ing Donya

[Mêgatruh]

Yèn rinaras rasane wong urip iku / tan pêgat anggung anggusthi / mring lakon ingkang tinêmu / tan kêndhat ambanyu mili / datan pisan têtêp manggon //

tan prabeda sato kewan ananipun / dènira tinitah urip / mung nêtêpi kodratipun / kang tan kêni dèn singgahi / dening winêngku lêlakon //

datan pae kaananing tanêm tuwuh / dènira tuwuh nèng bumi / mung nêtêpi wajibipun / ngrêrêngga ring bawana di / mrih antuk asri tinonton //

sadayèku yèn pinikir wose amung / mrih ngrêbda ngèbêki bumi / mung bae kawasanipun / kang daya sawiji-wiji / môngka pamênggaking lakon //

pamanipun ngrêbdaning sato wana gung / yèn ta tan pinrih ing pati / dening kang sato lyanipun / kang kawasa mêmunjuli / yêkti kang wana tan amot //

dene lamun sabangsaning tanêm tuwuh / yèn ta dèn umbara pasthi / kang bawana yêkti kêmput / têmah tan ana nyêlani / sadaya dadya bêbondhot //

nanging janma kang agung wisesanipun / bangkit babad kang rêrungsit / malah ing pigunanipun / rangkêp dènnya makolèhi / sapisan wèh padhang kaot //

kang rêrungkut binabadan kongsi nglangut / têmah kang sato kêpêncil / sinirnakkên pisan tamtu / satêmah tinêmu bêcik / katon kuwasaning uwong //

nanging tuhu kaananing janma iku / sanadyan sarwa mumpuni / mung parêk lan apêsipun / kinroyok sagunging wèsthi / anggung ngrêbda tanpa pêdhot //

kang wus katon kadi ta ing tatanipun / janma parêkan sakawit / beda lan kaananipun / sato-sato ing wanadri / mring sêsakit lir tan wanoh //

kang kadyèku mênggahing sajatinipun / kaanan kang anèng bumi / mung mrih muyêk pamoripun / lan daya-dinayan sami / uga anggung asêsatron //

kang winuwus [winu...]

--- 389 ---

[...wus] kadi ing caritanipun / kang pêksi unta winarni / ing salami-laminipun / umanggon samodra pasir / jênêk lan bangsane amor //

datan pisan angira yèn mangguh mungsuh / yèku jatinira janmi / kang anggung mamèt pakantuk / amrih kalêganing ati / kamurkane elok-elok //

awit janma nulya darbe cipta tuwuh / kalamun wuluning pêksi / yogya pinèt gunanipun / môngka rêpangganing[4] topi / mung amrih kawuryan kaot //

dupi nyata kaanan ingkang kadyèku / sinayogyan ing sasami / têmah dadya lumrah kasub / rêrênggan kang wulu pêksi / têmah anggung ingupados //

mangkya têtêp têntrême ing gêsangipun / kang pêksi têmah kêtitih / anggung mangguh arubiru / nadyan wus andhêlik ugi / mêksa ingupaya uwong //

dangu-dangu tindak kang mangkono iku / malah lumrah dèn arani / yèn pinêsthi pêksi iku / dadya lantaraning janmi / kang amrih kadonyan kaot //

nadyan pêksi kang tan darbe budi putus / nanging wusing ngulinani / nulya ing satêmah tuwuh / mring janma nêdya nyingkiri / mung bae tansah kaprêgok //

awit janma dahat ing pangudinipun / ing satêmah punang pêksi / lir koncatan budinipun / loking janma amastani / primpêna yêkti pinanggoh //

kang kadyèku pan yêkti kaananipun / pêksi kongsi mamlas asih / lir tan kobêr nrahkên turun / pijêr dènnya bosah-basih / ingubrês bae dening wong //

nanging wantu tumêrahing turun iku / atas karsaning Hyang Widhi / punang pêksi mêksa antuk / asèlèh êndhog tarêtip / mung nyambi kalawan playon //

mung kumandêl sinrahkên maring Hyang Agung / mrih sambada anuruni / kang dadya lantaranipun / sinêrang sunaring rawi / wèh daya umêcah êndhog //

pan kinocap sawênèhing pêksi nuju / sèlèh êndhog wus arêmpit / dumadakan pan tinêmu / ing janma ngupaya pêksi / bungah linêbokkên kanthong //

apan dangu rinimat nèng wismanipun / ing wusing antara sasi / rinungu swara jumêblug / kang angrungu nonah alit / anuwèni alon-alon //

dahat suka duk uning kaananipun / mring warna kang nêmbe kèksi / yèku punang tigan sampun / pêcah lan kang katon mijil / piyaking pêksi kang elok //

sêmunira kang pêksi lir pungun-pungun / uning mring padhanging rawi / nanging tan wruh jatinipun / kaanane kang pinanggih / dènira nèng tangan uwong //

pan mangkana sira nonah alit iku / uga tan darbe pangrêti / paran ing pigunanipun / piyaking nêmbe umijil / dadine punang lêlakon //

amung bae yèn ta cinundhukna gathuk / lawan kang ingaran pasthi /awit nadyan pêksi iku / kang wus nèng êndhog andhêlik / mêksa kêcêkêl ing wong //[5]

kang kadyèku têtela elok kêlangkung / lamun ginagas ing ati / dene ing salaminipun / tan pisan rinasa yêkti / kalamun bakal kêprêgok //

nanging tuhu tumrap kawasèng Hyang Agung / tan kêni pinikir gampil / tumrap janma ing wruhipun / amung lamun wus kapanggih / lagya wruh caraning elok //

marmanipun wajibing janma puniku / mung dèn kumandêl ing Widhi / awit ing sajatinipun / janma mung kari nglakoni / tan wruh sungiling lêlakon //

--- 390 ---

Jagading Wanita

Kawruh Sawatawis Bab Ambathik

Dumuginipun ing môngsa punika, ingkang nama taksih têtêp migunakakên sinjang, namung tiyang èstri, tuwin saprika-sapriki, ingkang nama sinjang sae, punika botên ewah, inggih punika sinjang bathik (sêratan tangan). Ingkang nama sinjang bathik punika manawi dipun tandhing saenipun tinimbang sinjang cap, kathah sangêt bedanipun, makatên ugi awèting panganggenipun, mila rêganipun inggih tikêlan.

Bakuning sinjang bathik ingkang nama sae, punika kêdah mrêtamèni, kados ta mori kêdah sae. Sêratanipun ingkang alus, nêtês, têgêsipun nêtês, canthing-canthing ingkang cêtha awijang, dumugi têrusanipun pisan, malam sae tuwin cêlêpanipun sêpuh. Soganipun mandhês.

Ingkang nama mori sae, punika sadaya kados sampun botên kêkilapan, awit ing pundi sabên wontên tiyang nyêrat (ambathik) inggih wontên mori sae. Nanging dadosing mori ingkang lajêng kenging dipun sêrat, punika taksih dipun upakara malih, inggih punika dipun loyori utawi dipun kêmplongi.

Alusing sêratan, punika kajawi saking alusing canthing, ugi saking caking tangan, malah caking tangan punika [pu...]

--- 391 ---

[...nika] ingkang nama baku piyambak. Sayêktosipun tiyang sagêd nyêrat sae punika saking pakulinan, awit botên kirang tiyang ingkang baut nyêrat, ingkang sêratanipun awon. Ingkang makatên punika jalaranipun saking sampun kêtlêtuh rêmên nyêrat rikatan, mila tiyang sinau nyêrat punika kêdah alon, mangke manawi sampun matuh sanadyan nyêrat rikat, inggih sae.

Caranipun tiyang nyêrat punika wontên warni tiga, polan, rujagan, tuwin garisan. Ingkang dipun wastani polan, punika wanguning sêratan mêndhêt saking mola sêratan sanès, sarana dipun tèmplèkakên ing mori ingkang dipun sêrat, tuwin sanadyan pamolanipun sampun dipun tèmplèkakên, tumrap ingkang sagêd taksih dipun ewahi sakêdhik, murih dados luwês. Rujagan punika panyêratipun botên mawi pola, namung apalan kemawon, utawi nganggit, mila limrahipun namung tumrap tiyang ingkang sampun sagêd sayêktos. Polan tuwin rujagan punika ingkang kathah bangsaning sêmèn-sêmenan, garisan punika panyêratipun manut ing garisan ingkang sampun dipun damêl wontên ing mori, sêratanipun bangsaning cêplok tuwin garis miring.

Urut-urutaning tiyang nyêrat punika: ngèngrèng, ngisèni, nêrusi tuwin nembok. Ngèngrèng punika damêl cêngkorongan, ngisèn-isèni punika ngisèni cêngkorongan wau, kados ta: cêcêk, sawut, nêrusi punika nyêrat sawalikipun, dene nembok punika nutup sêratan murih ing salajêngipun dados pêthak, bab nyêrat sadaya wau botên kenging kasupèn, lilinipun kêdah sae.

Sêpuhing cêlêpan punika gumantung wontên saening nila, dene sêratan sasampunipun dipun cêlêp, lajêng dipun kumbah (kêrok) utawi dipun bironi. Ngumbah punika prêlu ngicali malam ingkang tilasipun badhe kêtumpangan soga, tuwin ambironi punika nyêrat prêlu nutup labêting nila. Dados têrangipun, tembokan punika badhe andadosakên pêthak, kêrokan adamêl panggenan soga, tuwin ambironi punika nutupi warni biru, murih botên kêtumpangan soga.

Dene bab saening sogan, punika gumantung wontên saening abên-abênan.

Dados mênggahing lampah-lampahipun, sasampunipun dipun soga punika sampun rampung, manawi sampun dipun lorod (dipun icali malamipun), nama sampun dados sinjang.

Watak Gêmi

Mênggah watak gêmi punika badhe agêng sangêt paedahipun tumrap sadaya tiyang ingkang sagêd anglampahi. Dene watak gêmi punika warni-warni, kados ta:

1. Anggêmèni dhatêng kaskaya, têgêsipun sampun ambucal arta utawi ngêdalakên arta ingkang tanpa prêlu, kados ta têtumbasan barang ingkang sakêdhik gunanipun utawi ingkang botên wontên gunanipun, [gunani...]

--- 392 ---

[...pun,] lan sanès-sanèsipun ingkang nama kirang maedahi, dados prakawis punika botên prêlu, amargi badhe murugakên kaborosan.

2. Anggêmèni dhatêng barang darbèkipun piyambak. Tiyang ingkang anggêmèni dhatêng barang darbèkipun piyambak makatên, kêdah sadaya barang darbèkipun karimat kanthi sae-sae, prêlunipun supados botên nama ngêbrèh.

3. Anggêmèni dhatêng wanci. Radin-radin bôngsa kula punika anggadhahi wanci ingkang nganggur sakêdhikipun 2 utawi 3 jam ing sabên dintênipun. Dene wanci samantên punika manawi kaangge ingkang 1 jam kemawon kangge sinau utawi kangge maos, kados inggih sampun nama botên ambucal wanci. Tur ing ngriku badhe manggih kauntungan ingkang agêng. Dene wanci sanèsipun kangge ngasokakên pikiran, amargi tumrap tiyang cêpêng damêl, mêntas kangge mikir 7 jam dangunipun.

4. Anggêmèni dhatêng têtêdhan, limrahipun tiyang anggêmèni dhatêng têtêdhan punika, tiyang ingkang sumêrêp dhatêng pêpetanganing bêtah sabên dintên, ingkang badhe dipun têdha, punika malah wajib sangêt dipun sumêrêpi, awit têdha makatên ingkang ajêg tumindak tanpa towong.

Lan malih ingkang kawastanan anggêmèni dhatêng têtêdhan punika, saupami wontên tirahan sêkul sakêdhik, tinimbang sêkul punika kabucal rak inggih aluwung kaêpe, dene ing têmbe badhe wontên paedahipun.

Kula pun Padmamiharja.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasênênganipun tiyang maos.

Garèng : Ora Truk, aku saiki arêp takon nyang kowe. Kowe kuwi apa dhêmên maca apa ora, yèn dhêmên, wêwacan apa sing kodhêmêni, apa bangsaning roman, apa carita babad, apa bangsaning buku kawruh, apa layang wulang bêcik.

Petruk : Wah, nèk nyang maca aku kiyi pancèn dhêmên bangêt, saking dhêmênku, nèk kabênêr maca kuwi, aku sok nganti lali nyambut gawe lan lali nyaur utang, ananging wêwacan sing dak sênêngi kuwi, dudu bangsaning roman, amarga mundhak aku kêpengin mèlu dadi roman, dudu carita babad awit atine sok dadi gêla, dudu bangsaning buku kawruh jalaran aku sok banjur ngantuk, dudu wulang bêcik, sabab iki bisa anjalari aku banjur ngala-ala nyang wong tuwaku dhewe.

Garèng : Lo, rada judhêg anggonku ngrasakake calathumu kiyi, mara critakna siji-sijine, [siji-si...]

--- 393 ---

[...jine,] mungguh karêpe calathumu kang mangkono kuwi.

Petruk : Hla kuwi mangkene: lumrahe roman kuwi anyaritakake lêlakone wong lanang lan wong wadon nom-noman, kang wiwitane uripe sangsara bangêt, ananging tibaning ngênggon padha dadi jodhone. Hara, kang mangkono kuwi apa ora mengin-menginake bae, suwe-suwene aku sabên sore banjur sênêng klintang-klintong nang papan sing rame-rame, kaya ta ing gambar idhup, sêtambul utawa ing wayang wong, bokmanawane aku dhewe bisa ngalami roman kaya sing tak waca kae.

[Grafik]

Garèng : Yah, kuwi saka jêrone anggonmu mikir bae. Hla, saiki apa sababe dene nèk maca carita babad atine banjur dadi gêla.

Petruk : Le ora gêla bae kêpriye. Nèk nitik kaanane jaman kunane wong Jawa kuwi bôngsa sing patohan têmênan, bôngsa sing gêdhe panguwasane, unggul kawruhe, lan jêmbar jajahane, nganti ing ngêndi-êndi nagara ana wonge Jawa sing padha among dagang. Iya bênêr, saiki kiyi ing nagara ngêndi-êndi iya ana wonge Jawa, ananging sing akèh kok padha wong kontrakan.

Garèng : Wiyah, kowe mono, ana bae sing kogunêm. Saikine maca buku kawruh têka dadi ngantuk.

Petruk : Kuwi êmbuh, apa sababe ora mlêbu nyang pikiran, apa sabab saka angèle.

Garèng : Sabanêre kang mangkono kuwi wis jênêng lumrah, ora beda karo maca buku isi wulang bêcik, kuwi sing akèh iya banjur sok padha ngantuk. Pancèn mula wis dadi padataning manusa, anglakoni mênyang kautaman kuwi luwih angèl tinimbang mênyang kadurakan. Kanggo gampangane bae, wong kuwi nèk dikon main lan dikon tayuban, kuwi sanadyan sawêngi muput pisan iya ora ana bosêne, ananging manawa dikon ngrungokake wong maca kitab sing angrêmbug mênyang kautamaning wong urip, sajêrone sapuluh mênit bae iya wis banjur ngulat-ngulèt. Mulane wong maca kuwi iya nganggo kudu disinau, aja maca buku sacêg-cêge bae, awit sabênêre uga maca buku bisa anumanake. Nèk kowe ngulinakake maca buku sing ora karu-karuwan caritane, kuwi marang buku kawruh utawa buku-buku sing isi kautaman, iya banjur ora dhêmên. Kosok-baline, nèk wong angulinakake maca sing apik-apik, nyang dêdongengan sing kira ora ngurakabi ing awake, iya ora doyan.

Petruk : Rèng, Rèng, nèk dipikir kanthi têmênan, dadi juru ngarang kuwi kok ora penak, sabab tansah kudu angèlingi mênyang kasênêngane siji-sijining wong sing maca. Môngka siji-sijining wong kuwi karêmane dhewe-dhewe, kaya ta: Si Suta sênêngane maca bab dongèng-dongèng, Si

--- 394 ---

Naya sing lucu-lucu, Si Waru sabab omahe adoh kutha, sing disênêngi maca bab kasarasaning badan, prêlune nèk-nèke bisa nyonto dadi sathithik-sathithik bisa ngurangi wragade nyang dhoktêr. Si Dhadhap sing disênêngi maca bab rasa Jawa, amarga wis kasuwèn anggone kêkumpulan karo bôngsa ngamônca, dadi Jawane wis lali samah sêkali, lan sapiturute.

Garèng : Mula iya mangkono dadi juru ngarang kuwi pancèn angèl, sabab tansah kudu ngèlingi marang kabutuhane sing maca. Jalaran saka mangkono mau, mulane aku iya ora maido, dene kalawarti Kajawèn, ingatase umure lagi rong taun bae, langganane wis ewon cacahe, kuwi sababe ora liya, amarga juru ngarange tansah ambudidaya murih pêpaking isine, prêlune siji-sijining wong bisa nêmu karangan sing pancèn dikarêmi.

Petruk : Sanadyan aku ora langganan nyang Kajawèn, ananging tumêkaning saiki aku isih ajêg maca, dhèk biyèn aku mula iya langganan, barêng têlung sasi aku kalalèn ora ambayar, têka banjur disêtop dhêngên sigrah bae.

Garèng : Anggone dilèrèni kuwi iya wis bênêre, awit rêganing Kajawèn kuwi rak murah bangêt, mung 1 1/2 rupiyah sakwartale, mêtune kaping pindho saminggune. Ing môngka sok ana uwong sing duwe padatan kayadene nèk ana ing tayuban, anggêre durung dhonge olèh sampur, anggone anjogèd tanpa ana lèrène, sapa bae sing olèh sampur dilarihi, nganti sing padha andêlêng padha sêbêl kabèh. Ananging barêng wis mangsane katiban sampur banjur ambolos, kuwatir yèn banjur kudu bayar tomboke. Kang mangkono kuwi apa ora kêna dipadhakake karo wong maca koran, barêng wis mangsane ambayar langganane, korane banjur dibalèkake kanthi ditandhani: Geweigerd.

Petruk : Sabab saka panyana kang mangkono kuwi, aku banjur isin anjaluk dadi langganan manèh. Ananging ing sarèhning aku isih dhêmên maca Kajawèn, aku banjur ambegali duwèke kônca bae.

Garèng : Lha, tindakmu sing ngono kuwi jênêng luput bangêt, yèn ta kowe ngrumasanana, mêsthi rikuh mênyang awakmu dhewe, lagi tata laire bae, anggonmu duwe patrap mangkono kuwi wis aran buyuting saru, dene kasarane bedane apa karo anjupuk barange uwong tanpa nêmbung. Saya manèh yèn koencokake karo rasaning kaalusan, apa kowe ora rikuh karo awakmu dhewe, awit sanadyan patrapmu kuwi kolakonana dhêdhêmitan, nganti ora ana sing wêruh, nanging batinmu apa ora jêlèh-jêlèh ngakoni duwe tindak nistha mangkono. Lan yèn koelingana mungguhing karêpe, kuwi saya mêmêlas, awit kowe rak ngrêti ta, yèn anggonmu duwe tindak luput mau satêmêne saka anggonmu arêp ngambah bênêr, yakuwi maca supaya olèh kabêcikan, geneya têka nganggo kosaranani tindak cidra. Wis, Truk, marènana, ngisin-isini. Luwung kirima dhuwit bae manèh karotêngah, mêngko rak mêsthi banjur dikirimi Kajawèn manèh, tur atimu rak krasa sênêng.

--- 395 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 19.

XV. Pêthikan Saking Sêrat Kabar A.I.D.

Tatananing pamarentah.

Wiwit ing wêkdal punika ingkang lajêng dipun wigatosakên sangêt: kawontênanipun ing dhusun. Kanthi kagèt pamarentah Sopyèt sumêrêp grêgêtipun têtiyang dhusun sajak amêngsah dhatêng pamarentah, ingkang saya dangu saya cêtha, punapadene kêmpaling sadaya tiyang dhusun ingkang sumêdya ambalela dhatêng caranipun amrentah ingkang kadhawuhakên saking kitha, punika anjalari ancasipun lajêng enggal-enggal dipun enggokakên. Anggènipun mêmoyok saha ngujar-ujari dhatêng kulak (tiyang tani sugih) andadak dipun kèndêli. Pranatan ingkang amatêsi wêwênang tumrap anyewa tiyang nyambut damêl, tumbas lan anyewakakên siti, sapiturutipun, punika sadaya dipun icali, têtiyang tani ingkang sugih-sugih lajêng ugi dipun sukani wêwênang nyambut siti kadosdene sanès-sanèsipun, saha ugi lajêng dipun idini, tumut-tumut dhatêng pamilihipun warga Sopyèt.

Ananging jalaran wontênipun pranatan ingkang makatên wau, sadaya pangkat Sopyèt dhusun inggih lajêng dipun icali sêsarêngan.

Inggih lêrês, bilih anggèning suka prentah nginggil lajêng suda, ananging sabab-sababipun punika amargi botên wontên punapa-punapa ingkang kenging kaparentah malih. Para tani sami dipun mardikakakên anggènipun nindakakên padamêlanipun, tuwin prakawis-prakawis tumrap umum ing dhusun-dhusun botên wontên. Anggènipun Sopyèt dhusun (rad wêwakiling kaum bêrah lan para tadi)[6] anêmtokakên agênging wêdalipun panenan, ugi dipun sumêrêpi, jalaran saking punika ing kantor-kantor paos ing dhistrik lajêng sagêd angetang, pintên kathahing paos ingkang kêdah kabayarakên.

Kados inggih namung ing bab ing nginggil wau, tuwin ing bab panjagining lare jalêr ingkang kêdah nindakakên kuwajibaning prajurit ing sataun-taunipun, ingkang dados kuwajibanipun Sopyèt tumrap umum, dene sanèsipun: inggih punika angrêmbag sêrat-sêrat sêbaran, ingkang isinipun nênangi dhatêng têtiyang supados ngawontênakên pranatan-pranatan sawatawis, lan supados têtiyang puruna suka darma dhatêng wontênipun mêsin-mêsin mabur lan sapiturutipun, cêkakipun sadaya wau bêbadan-bêbadan ingkang kêdah suka katrangan dhatêng ngandhap, mênggahing sêdya saha pikajênganipun pamarentah, inggih punika pamarentah ing parte komunis.

Ing konggrès parte ingkang mêntas kalampahan, wontên panyaruwe dhatêng kawontênan ingkang makatên punika, saha dipun angluhakên, bilih langkung saking sangang pradasanipun dhusun-dhusun sami botên anggadhahi rantaman, têgêsipun, botên anggadhahi wragad kangge anggarap punapa-punapa tumrap kaprêluanipun umum. Sanadyan Sopyèt ing Ruslan pisan, manawi botên gadhah arta, inggih botên wontên ajinipun babarpisan.

Ing pundi-pundi manawi Sopyèt anggadhahi panguwaos, sanadyan panguwaosipun wau namung sakêdhik, ing ngriku inggih kajagi, murih lid-lid parte anggadhahi swara ingkang langkung kathah. Ingkang makatên wau ugi ing dhusun-dhusun ing sacêlakipun kitha-kitha, ingkang anggadhahi anggêr wragad piyambak, pangarsa saha panitra ingkang dipun bayar. Katindakakên makatên wau, manawi parte sampun yakin, bilih kawontênanipun ing ngriku sampun kacêpêng ing tanganipun.

Anggènipun panguwasaning parte nama sampun têtêp, punika pambudidayanipun kanthi sarana warni-warni. Kalanipun wontên pilihan, ingkang kapisan, anggènipun ngawontênakên kandhidhat, punika cacahipun dipun samèkakên kalihan cacahing panggenan ingkang kêdah dipun isi, dados kandhidhat-kandhidhat wau kanthi swara ingkang kathah inggih lajêng dipun pilih sadaya.

Salajêngipun lising kandhidhat-kandhidhat wau lajêng dipun umumakên wontên ing parêpatan pilihan ngriku, dados botên sadèrèng-dèrèngipun. Kaping tiganipun, caraning amilih wau sarana ngacungakên tanganipun manginggil wontên ing parêpatan umum, samantên punika, manawi kalêrês wodtên[7] pilihan, lan usuling pangarsa supados sadaya kandhidhat tanpa dipun undhi malih, sampun botên dipun tampi mawi surak rame. Lising kandhidhat-kandhidhat wau dipun damêl dening pangrèhing parte ing apdhèling ingkang ambawahakên, tumrap ing dhusun-dhusun, dening pangrèhing dhistrik, dados botên dening pranataning dhusun, sanadyan ta ing ngriku ingkang makatên wau wontên. Sasagêd-sagêd, ingkang dipun kandhidhatakên ingkang kathah piyambak, têtiyang komunis lan têtiyang ingkang sanès liding parte, saha ingkang lajêng dados warganing satunggilipun bêbadan pamarentah, punika dipun titipriksa kanthi angatos-atos sangêt, inggih punika têtiyang ingkang sanadyan dede liding parte, ananging ngrujuki dhatêng kawontênanipun parte saha

--- 396 ---

panuntunipun, caranipun kadosdene tiyang-tiyang, ingkang ambêkta salamipun kônca-kônca kathah ingkang dede lid parte, saha ingkang tansah ajak-ajak, murih ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang kêncêng tumrap para ingkang anggèsèhi pamanggihipun komunis, cêkakipun têtiyang ingkang têtela rêmên dhatêng pranataning komunis kadosdene lid parte piyambak.

Jalaran wontênipun pranatan ingkang makatên punika, inggih lajêng namung ing dhusun-dhusun kemawon, ingkang sagêd ngawontênakên kandhidhat-kandhidhat sanèsipun wontên ing parêpatan pilihan, amargi ing ngriku sabên tiyang têpang kalihan para kandhidhatipun, janji nama-namanipun kemawon dipun sêbutakên. Ananging manawi wêwakilipun bêbadan-bêbadan dhistrik, ingkang tansah dipun kanthèni dening para punggawa gepeoe, inggih punika punggawa pulisi kapêtêngan, tumut anjênêngi wontên ing ngriku, satunggal-satunggaling tiyang kêdah ingkang angatos-atos sangêt, amargi cara ingkang makatên wau anêdahakên, kadosdene mêngsahipun panguwasaning Sopyèt (manawi tiyang wani nyêbut kandhidhat sanès, kajawi kandhidhat-kandhidhat ingkang sampun dipun ajêngakên dening parte, lajêng kemawon dipun rêngkuh kadosdene mêngsahipun panguwasaning Sopyèt).

Ananging ing kitha ingkang agêng-agêng, ingkang makatên wau botên sagêd tumindak babarpisan. Ing ngriku caranipun lajêng anglêmpakakên tiyang maèwu-èwu (wancinipun anglêmpakakên tiyang punika wancinipun tiyang-tiyang sami nyambut damêl, prêlunipun supados kathah sangêt tiyang ingkang sami dhatêng) tuwin kados inggih botên prêlu babarpisan anyêbut nama-namaning tiyang, amargi tumrap para ingkang sami anjênêngi ngriku ingkang kathah sami botên sumêrêp dhatêng nama-nama wau. Dene manawi wontên tiyang utawi gêgrombolaning tiyang, sadèrèng-dèrèngipun kumawani tumandang adamêl pilihan kangge kaprêluaning kandhidhatipun piyambak, kalayan tumuntên lajêng tampi sêrêgan saking pulisi sandi ingkang botên nyakecakakên. Ngawontênakên kandhidhat tumrap: Sopyèt, pangrèhing pakêmpalan-pakêpalan[8] tunggil damêl, kopêrasi, cêkakipun tumrap bêbadan punapa kemawon, punika padamêlanipun pangrèhing parte piyambak, dene tiyang ingkang badhe anyampuri ing bab punika têmtu badhe amanggih cilaka.

Ing wulan Marêt taun 1927 Tuwan Baars anjênêngi parêpatan pilihan tumrap para warganing Sopyèt ing kitha Moskou wontên ing salah satunggaling kitha dhistrik, sanadyan ta Tuwan Baars botên magêpokan babarpisan kalihan pilihan wau. Ananging tiyang ingkang tumut lumampah kalihan grombolaning tiyang kathah, ingkang lampahipun saking kantor saha pabrik pintên-pintên, sumêdya dhatêng papaning parêpatan pilihan, punika sok botên dipun titipriksa kanthi sayêktosan. Parêpatan ingkang dipun jênêngi dening tiyang sakêdhik-sakêdhikipun 3000 ing salêbêting salah satunggiling kamar agêng ing Sofeika, kabikak dening pangrèhing pakêmpalan tunggil damêl ing jajahan ngriku. Salah satunggiling tiyang adamêl sêsorah. Ing sêsorahipun wau, ingkang dangunipun 15 mênit, anyariyosakên wawasan mênggah kawontênanipun pulitik donya, sasampunipun lajêng maos nama-namaning kandhidhat ingkang kasbut ing lis ngriku.

Antawisipun para ingkang sami anjênêngi parêpatan, wontên ingkang pitakèn, sintên tiyang ingkang sami dipun kandhidhatakên punika, salajêngipun ugi lajêng dipun têrangakên, kandhidhatipun sadaya wontên nêm, ingkang gangsal, sami pangrèhing pakêmpalan tunggil damêl saha pangrèhing parte, dene ingkang satunggal buk odhêr pabrik ingkang dede lid parte komunis. Kandhidhat kêkalih kangge Sopyèt tumrap saindênging dhistrik Moskou kalih-kalihipun sami punggawa pakêmpalan tunggil damêl. Mawi dipun saranani surak, sadaya wau sami dipun têtêpakên, malah tanpa wontên ingkang ngacungakên tanganipun. Pilihan wau dangu-dangunipun namung wontên tigang prapat jam.

Sopyèt ingkang kapilih cara makatên wau, lajêng milih pangarsa saha panitranipun. Nitik kawontênan ing nginggil wau, kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih pangarsa tuwin sèkrêtaris wau botên kanthi kasêsêlan sanèsipun, têmtu tiyang komunis, makatên ugi têtiyang wau sampun têmtu ugi kenging kapilih malih, samantên punika manawi parte botên ngajêngakên tiyang sanès kangge gêgêntosipun. Tumrap Sopyèt guprêmèn republik, tuwin Sopyèt ing saindênging Ruslan, malah botên dipun wontênakên pilihan, sanadyan ta namung pilihan komidhèn kemawon, ingkang rakyatipun sajak angagdhahi wênang milih. Bêbadan-bêbadan wau dipun pilih antawisipun Sopyèt tuwin dening Sopyèt ingkang andhap-andhap, dados pamilihipun wau sarana tundha-tinundha. Saya inggil undha-usuking Sopyèt wau, saya langkung kathah komunisipun ingkang angsal panggenan tumrap bêbadan ingkang amakili kawula. Lan wakil wau saya dipun saring sayêktos, ing samangke dening komite-komite sentraling parte ing republik-republik tuwin ing Moskou.

Makatên malih, bilih Sopyèt punika, sanès wakiling rakyat kadosdene kawontênanipun ing tanah Indhia, ngêmungakên pangarsaning Sopyèt ingkang agadhahi wêwênang marentah, adamêl undhang-undhang tuwin mutusi punapa kemawon, lan parêpatan Sopyèt, manawi kalêrês ngawontênakên parêpatan, inggih lajêng anampi sadaya namung sapisan kemawon. Saha malih ing ngriki sagêd anggambar sawatawis agênging panguwasanipun amtênar-amtênar, ingkang cariyosipun amakili kaum prolêtar sadaya, tuwin sabab-sababipun, dene cara ingkang makatên punika kanthi sayêktos-yêktosipun lajêng dipun wastani: panguwasa tanpa wêwangênan dhatêng tiyang kathah. (Badhe kasambêtan)

--- 397 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Punggawa Dhowanê ing Tanjungpriuk mêntas nyêpêng bôngsa Tionghwa ingkang badhe bidhal dhatêng Lampung, awit nalika kopêripun kagledhah, pinanggih wontên batunipun api wawrat 1 kilo. Sarêng dipun priksa ngakên, bilih asli tumbas saking sawênèhing bôngsa Tionghwa ugi, rêgi f 50, sarêng pulisi anggledhah dhatêng toko Tjoeng Hoa sagêd manggih batu api malih wawrat 35 kilo. Ingkang gadhah cariyos manawi barang lami. Wusana barang-barang wau tuwin buku-bukunipun sami dipun bêslah ing pulisi. Rêgining barang-barang wau sadaya wontên f 15.000.

Golonganing sudagar bôngsa Tionghwa ing Cêpu, gadhah atur dhatêng pamarentah, supados badhe ewahing paprentahan enggal punika, ing Cêpu sampun kagolongakên dhatêng propènsi Jawi Têngah, ingkang administrasinipun tumindak ing propènsi Jawi Wetan, awit tumindaking padagangan mèh 90% ingkang sêsambêtan kalihan Jawi Wetan, langkung agêng ingkang tumrap Surabaya. Makatên ugi wontêning agèn-agèn kathah ingkang manggèn ing Cêpu, papriksaning pangadilan wontên ing Surabaya, dados pangintuning barang-barang inggih dhatêng Surabaya, botên dhatêng Sêmarang.

Dhoktêr Stehn ingkang nêmbe ngaso saking pajagènipun, kala ing dintên Sênèn sampun wangsul malih dhatêng pulo Panjang, badhe anglajêngakên papriksanipun ngantos 4 minggu. Kawahing rêdi Krakatao taksih wontên salêbêting toya, pulo ingkang rumiyin katingal, sapunika sampun ical malih, jalaran saking kataman ing hawa bêntèr. Pamriksa ingkang wêkasan piyambak, nindakakên rekadaya warni-warni ing bab mriksa kawah sarana ngukur lêbêting kawah, nanging tanpa damêl, awit tangsul ingkang kangge ngukur kirang panjang. Ugi sampun ngintunakên toya ing ngriku dhatêng Bandhung, prêlu badhe kapriksa. Dados mênggahing kawontênaning rêdi wau, dèrèng sagêd nêtêpakên yêktinipun.

Dhoktêr Koningsberger mêntas nyatakakên, bilih sêsakit rosan ingkang pinanggih wontên ing tanah Kajawèn, punika asli kêtularan saking bibit, tuwin sêsakit wau botên pinanggih wontên ing pasitèn waradin, namung ing parêdèn kemawon. Sêsakit wau kados sêsakit sêre, ing sabên ros-rosan wontên balêntongipun abrit. Ing sapunika sampun manggih sarana ingkang kangge panulakipun.

Pamulangan ôngka kalih ingkang mawi klas gangsal ing Kêbumèn, wontên kalih, nanging mêksa kêbak, ing sapunika dipun wêwahi pamulangan sambêtan satunggal malih.

Ing wêkdal punika ing Ngayogya tuwuh sêsakit bêntèr ingkang sairib kados inpluensah, tuwin sakit wêtêng ingkang mèmpêr tipus, nanging ingkang kataman, ingkang kathah namung lare-lare, kathah ingkang tiwas. Tumrap tiyang sêpuh botên sapintêna, tuwin botên nguwatosi. Ing sabên dintênipun, ing griya sakit Petronelah kathah tiyang ingkang dhatêng ambêkta lare alit-alit badhe jêjampi, nanging botên sadaya sagêd kapitulungan, amargi sakitipun sampun kasèp.

Wiwit malêm Jumuwah 8/9 wulan punika, komite ngajêngakên babagan kawruh umum ingkang dipun pandhegani Radèn Mas Suryapranata badhe ngwontênakên sêsorah, ingkang badhe mêdhar sabda Mistêr Suyudi, bab sêtat rèh. Dene ingkang kenging dhatêng ing ngriku namung para warganing P.S.I. sarta P.N.I.

Kawartosakên ing padhusunan sacêlakipun pabrik Sèwu Galur, kêrêp kêdhatêngan sagawon saba ing wanci dalu, sami nêdhani pitik iwèn, dhatênging sagawon wau mawi kônca kathah, malah wontên ingkang purun anyawèl pêdhèt.

Radèn Mas Arya Sumadarmaka, opêrsêsê lèsiyun Mangkunagaran, kawartosakên nyuwun pènsiun, ingkang anggêntosi Radèn Mas Bratatanaya, mayor.

Tuwan van Lith tilas wakil gupêrnur ing Makasar, sampun bidhal dhatêng Batawi, angasta pakaryan up amtênar wontên ing dhepartêmèn B.B.

Dhirèktur Lambao nêtêpakên: sami dados opsihtêr klas 1 Mas Muhadi, Mas Ismana, Mas Kamid Suriya, Mas Rustam, Radèn Kandhuruan, Sasradisura, Sastrawiyata, Mas Maskun, Radèn Citrasudirja, Mas Akram, Mas Sastramijaya, Jayadikrama, Sastradirja, Mas Ngabèi Supratna, Mas Sastra Adiwijaya, tuwin Mas Cakradisastra.

Radèn Salamun, asistèn wadana pulisi ing Ngayogya mêntas anggledhah griyanipun Tuwan Tejasumarta, saha ambêslah sêrat sêbaran, ingkang suraosipun angandharakên kalampahanipun Tuwan Arjasurana, hèlêp kasir griya pagantosan gupêrmèn, ingkang kadakwa ngirangi arta tirahan barang lelangan.

Tumapakipun taun punika, kalurahan dhusun ing Brosot, Ngayogya sawatawis, sami angsal paringan lêmbu utawi maenda pamacêg saking pamarentah, awit ing ngriku pancèn kathah kewan èstri.

--- 398 ---

Ing bab icaling arta f 36,500 ing kantor kas bêhirdhêr ing Bandhung sapriki pulisi dèrèng sagêd nyêpêng durjananipun. Pulisi sampun anggantungi arta epahan f 1000 dhatêng tiyang ingkang sagêd angsal katrangan, nanging mêksa sêpên. Tiyang ingkang sampun dipun priksa minôngka praboting katrangan kasbêhirdhêr, sêtatsiun asistèn kêkalih, sêtatsiun klèrêk, kuli plat, tuwin kasir. Yustisi ing Batawi mêntas mriksa sêtatsiun asistèn 2, sêtatsiun klèrêk tuwin kuli plat, sapriki dèrèng wangsul dhatêng Bandhung.

Ing gang Bungur Wèltêprèdhên, wontên komite kangge nampèni jakat pitrah, awit kathah tumindaking jakat pitrah, ingkang tanjanipun botên nêtêpi kados kajêngipun.

Pulisi ing sèksi Pasar Sênèn, sampun mêntas ambêslah têtêdhan bleg-blegan, ingkang sampun botên eca katêdha, kados ta susu Holandhia, ulam sardhèn tuwin sanès-sanèsipun. Bôngsa Tionghwa ingkang sadean lajêng kabêkta dhatêng sèksi prapatan dalah buktinipun.

Pulisi ing Pakis, Malang, mêntas manggih satunggiling Walandi apangkat sêrsan, nami J.K.A. Soderholm nganyut tuwuh, inggih punika sarana amblèrèk tangan kiwa tuwin gulunipun sarana lading panyukuran, kadadosan pêjah ing griya sakit Malang, punapa darunanipun dèrèng kasumêrêpan (N).

Lan-gêrèh ing Sumêdhang mriksa prakawisipun Muhamad Sanusi, ing Cibaga, kadakwa ambêdhèl wêtêngipun tiyang nama Nyi Icin. Pasakitan ngakên, lêrês ambêdhèl mawi lading gapit, awit Nyi Icin wau sakit busung. Pasakitan kaukum dhêndha f 1000.- utawi anglampahi paukuman tutup kalih wulan.

Kajawi griya 64 iji gadhahaning gêmintê ingkang dipun êdêgakên wontên ing Timurwèh, Gondhangdhia, Wèltêprèdhên. Ing Lantripèli, ugi badhe dipun adani malih 70 iji, sami sewan f 40.- tuwin f 80.- sawulan.

Rad pan yustisi ing Batawi mêntas ngrampungi prakawisipun Tuwan H.H.E. Sutherland, punggawa Ned.-Ind. Gas. Mij. ing Palembang, bab salingkuh, dakwa kaukum 5 taun kunjara, kasuda tahanan.

Pambantu Kajawèn martosakên, ing dhusun Banjarêja, Pandhanajêng tuwin Argasuka, bawah Tumpang, Malang, ing antawisipun jam 3-4 jawahipun dêrês kanthi lesus, ngantos adamêl karisakaning tanêm tuwuh lan griya-griya kathah ingkang risak, ing dhusun Banjarêja kasêbut nginggil, wontên griya 2 karêbahan kajêng, tiyang-tiyang ingkang wontên salêbêting griya wilujêng (N.)

Ingkang kawisudha dados pêpatih ing Prabalingga, Tuwan M. Jayadirana, wadana Kêpanjèn (Sêngguruh) panjênênganipun wau rumiyin wadana ing Tumpang (N.)

Ing Kudus mêntas wontên kasangsaran pabrik long anjêblos. Pabrik wau nama Jiyuciyang, ing kampung Kramat. Griya-griya ing sacêlakipun ngriku sami ambruk. Ingkang sawatawis têbih, gêndhèngipun sami rontog. Kawontênaning kasangsaran, tiyang ingkang tiwas 25, ingkang nandhang tatu 100 langkung, nanging ingkang kathah namung tatu mayar kemawon. Cacahing têtiyang ingkang nyambut damêl ing ngriku wontên 46, ingkang 25 pinanggih sampun pêjah, 1 kêtaton, dene ingkang 20 dèrèng pinanggih. Sagêd ugi taksih kathah mayit ingkang dèrèng kêpanggih, nanging sagêd ugi sami lumajêng saking ajrih. Karisakanipun agêng sangêt, inggih punika nalika panjêblosing pabrik long wau, swaranipun sora sangêt, latunipun mumbul ing awang-awang, salêbêtipun samênit kemawon, pabrik wau sampun dados pasitèn waradin. Ing sakubêngipun papan wau griya ingkang ambruk langkung 100 wuwung. Ingkang kathah griya pakampungan, têtiyangipun namung nandhang tatu kemawon. Griya-griya ing Kudus ingkang mawi jandhela kaca sami pêcah. Swaraning panjêblos ngantos kamirêngan saking panggenan sanès ingkang têbihipun pintên-pintên dasa kilomètêr. Ingkang dados jalaranipun dèrèng kasumêrêpan, awit têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing ngriku sampun sami botên wontên. Pabrik wau tumrap ing Kudus, tatanipun kalêbêt sae piyambak, saha mêntas dipun priksa ing up insinyur Veiligheidstoezicht botên wontên ingkang kuciwa. Wontên ingkang gadhah pangintên, jalaranipun saking anggèning ngudhak obat mawi tosan, sanès têmbaga. Pabrik wau rêgi f 20.000. Kapitunanipun kintên-kintên ugi samantên. Asuransi botên nyukani lêlintu, awit ing polis sampun kapratelakakên, bilih ingkang jalaran kados makatên punika botên kalêbêt ing prajanjian angsal lêlintu. Pinanggihing bangke pating plêsat, sami risak. Dhoktêr-dhoktêr sami tumandang ing damêl, ugi angnakêsal[9] pambantu saking Sêmarang.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2216. Kintunan panjênêngan gambar sampun kapacak ing Panji Pustaka tuwin Kajawèn. Dene Panji Pustaka, panjênêngan sampun kakintunan kêkalih, adrès dhatêng Majakêrta. Gambar sampun kakintun wangsul.

Lêngganan nomêr 986. Bab sêrat kabar ingkang panjênêngan pitakèkakên, sapunika sampun botên mêdal malih. Bab jampi, prayogi pitakèn dhatêng griya panyadean jampi.

Anglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 17 ing kaca 330 larikan kaping tiga saking nginggil, perangan sisih têngên mungêl: manawi balumbang wau wontên ulamipun, punika ambêbayani sangêt tumrap nènèr-nènèr wau, punika lêpat, lêrêsipun: manawi balumbang wau ngantos wontên ulamipun kotès utawi kutuk, punika ambêbayani sangêt tumrap nènèr-nènèr wau.

--- 399 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

22

7

Sang Sultan Barung lajêng ngandika malih: Dhuh Sang Putri Walda Nagasta, panjênêngan punika kagungan sêdya botên sae tumrap kaluhuranipun dewa kula Sang Harmac, nanging tumrap panjênêngan, kalangkunganipun Sang Harmac punika agêng sangêt. Kêkiyatan ingkang sagêd adamêl sela sawatawis dados awu, lan sagêd adamêl tiwasing tiyang pintên-pintên, punika botên anggadhahi daya punapa-punapa mênggahing Sang Harmac ingkang dipun titahakên saking manahing rêdi, tuwin pinanjingan suksma langgêng. Dene manawi wontên karsanipun sang dewa wau nilar kula sadaya, jalaran saking kêkiyatan panjênêngan wau, têtiyang Fung wontên ingkang badhe kantun ing ngriki badhe malêsakên sang dewa wau, ing sadèrènging andhèrèkakên tindakipun. Lan kula anyêtyani dhatêng makutha kula punika tuwin amrasêtyaning[10] lêluhur kula ingkang sumare ing sadhasaring kitha Mur. Têtiyang Yahudi bôngsa Abati wau namung satunggal ingkang badhe kula gêsangi, inggih punika namung panjênêngan piyambak sang putri putraning para nata, amargi saking luhuring panggalih panjênêngan, lan tiyang ngamônca têtiga punika, jalaran saking kêkêndêlan lan kawêgiganipun. Ananging sadhèrèk sampeyan jalêr pun jandhela kaca cêmêng badhe kula kurbanakên ing sang dewa, samantên punika manawi sampeyan sadaya botên purun tumut dhatêng kula, dene manawi purun, badhe kula cobi luwaripun saking bêbaya kurban wau. Bok inggih karsaa, ing mangke têtiyang Abati malah inggih badhe kula gêsangi, lan badhe kula purih nyambut damêl kados rencang tumbasan, supados sagêda ambiyantu kaluhuranipun Sang Dewa Harmac.

Sang putri ingkang kala punika astanipun ingkang ramping anglêus-êlus lapak, amangsuli makatên: O, ingkang makatên punika botên sagêd. Punapa Jahova ingkang dipun sêmbah ing Salomo bapa kula, punapa badhe kawon kalihan rêca, ingkang katitahakên dening tangan damêlanipun Jahova. Têtiyang kula ing sapunika sampun sami tanpa bayu, sami supe dhatêng agaminipun, saha sami pating tlêngsêng wontên ing sagantên wêdhi, kados sacaraning têtiyang Yahudi. Ingkang makatên punika kula sumêrêp. Malah bokmanawi sampun dumugining wancinipun têtiyang wau sami sirna. Inggih prayogi, nanging ingkang kula suwun, mugi têtiyang wau pêjahipun wontên salêbêting kamardikan, sampun ngantos pêjah dados rencang tumbasan. Ewasamantên, kula botên badhe nyuwun sih kawêlasan panjênêngan Sang Prabu Barung. Kula botên purun badhe dados dêdolanan wontên ing kadhaton panjênêngan, dene manawi sampun pantos, kula inggih botên badhe nyelaki dhatêng pêjah kula amargi kuwajiban kula tumrap Hyang Maha Suci tuwin lêluhur kula, sampun kula tindakakên. Makatên wangsulan kula dhatêng panjênêngan, inggih punika wangsulanipun putri putraning para nata. Ananging (kala punika sang putri anglajêngakên pangandikanipun sajak sumèh) kula matur sèwu nuwun dhatêng kasaenan panjênêngan. Dene manawi ing benjing kula ngantos kasoran, dhuh Sang Prabu Barung, mugi kaparênga manggalih dhatêng badan kula kanthi alus, kadosdene tiyang, ingkang têmên-têmên sumêdya ananggulangi kêkiyatan ingkang langkung saking mêsthinipun. Sasampunipun lajêng kèndêl anggènipun ngandika.

Sultan Barung amangsuli awigatos:Ingkang makatên punika badhe tansah kula èngêti, sapunika punapa sampun rampung pangandika panjênêngan.

Sang putri ngandika aris: O, dèrèng. Têtiyang mônca punika kula pasrahakên dhatêng panjênêngan, samangke têtiyang mônca punika kula wudhari prajanjianipun dhatêng kula. Prêlu punapa tiyang mônca punika ngêtohakên nyawanipun, tumrap prakawis ingkang botên wontên pangajêng-ajêngipun malih. Dhuh sang prabu, mugi panjênêngan karsa anggêsangi dhatêng têtiyang mônca punika, makatên ugi dhatêng mitranipun ingkang panjênêngan tawan. Makatên malih ing ngarsa panjênêngan wontên sawênèhing rencang tumbasan, ingkang dipun parabi tukang nêmbang saking Mêsir, antawisipun priyantun mônca têtiga punika, têpang kalihan piyambakipun kala taksih alit. Kintên-kintên panjênêngan rak inggih kaparêng maringakên rencang tumbasan wau dhatêng priyantun punika.

Sang putri kèndêl anggènipun angandika, nanging Sang Prabu Barung kèndêl botên mangsuli punapa-punapa.

Salajêngipun sang putri lajêng nolèh dhatêng kula sadaya sarwi ngandika makatên: dhuh para mitra kula sadaya, mugi kaparênga kesah saking ngriki. Sangêt ing panarimah kula dhatêng sadaya kangelan panjênêngan, ingkang panjênêngan lampahi tumrap kula, amila kula sumêdya asuka ganjaran awarni êmas, tamtunipun Sang Prabu Barung karsa amanggalihakên, murih ganjaran wau dumugi panjênêngan sadaya kanthi wilujêng. Pancènipun kula kapengin pitêpangan kalihan panjênêngan sadaya ngantos dangu, bokmanawi kemawon sagêd pinanggih malih wontên salêbêting paprangan. Sumôngga sapunika sami andum wilujêng.

--- 400 ---

Sang putri lajêng kèndêl, lan kula sumêrêp, bilih sang putri anggènipun mriksani saking salêbêting kudhung kêtingal wigatos, makatên ugi Sang Prabu Barung anggènipun mriksani angêmên-êmênakên, sang prabu wau wangunipun kapengin priksa kadospundi wêkasaning rêmbag punika.

Sarêng Orme sampun mangrêtos sadaya ingkang dipun rêmbag wau, piyambakipun lajêng mangsuli makatên: ingkang makatên punika botên sagêd kalampahan babarpisan. Manawi Higgs mirêng, tamtu botên badhe ngapura dhatêng kula sadaya, dene kula sadaya gadhah tindak botên prayogi, namung kangge kaprêluanipun Higgs piyambak. Sabab tumrap prakawis ingkang agêng-agêng, Higgs punika adil sangêt. Salajêngipun ujug-ujug Orme wicantên dhatêng kula makatên: ananging tumrap ing awakmu, dhoktêr, rampungana dhewe, amarga kowe duwe kabutuhan dhewe. Dene kanggone sêrsan, aku dhewe sing bakal ngrêmbugake.

Kula lajêng amangsuli: Tumrape awakku dhewe wis tak rampungi, muga-muga kang mangkono iku anakku awèh pangapura. Kajaba iku Sultan Barung ora duwe janji apa-apa mênyang aku.

Orme awicantên: Wis ta banjur matura mênyang sultan kae, sirahku saiki krasa ngêlu bangêt, lan aku kapengin bangêt bisane ngaso.

Kula inggih lajêng matur dhatêng sang sultan, sanadyan ing batos manah kula rumaos nalôngsa sangêt. Ingatasipun sampun cêlak sangêt dhatêng sêdya ingkang sampun pintên-pintên taun, têka lajêng botên kadumugèn sêdyanipun wau, jalaran namung sabab badhe mitulungi tiyang èstri, gêntho-gêntho lan tiyang jirih sawatawis.

Namung satunggal panyuwun kula dhatêng sang sultan, mugi karsaa ngandikakakên, satêmbung-satêmbung dhatêng Higgs punapa ingkang sampun dipun rêmbag punika, prêlunipun supados Higgs sumêrêp kawontênanipun ingkang sayêktos.

Samangke Sang Sultan Barung ngandika makatên: dhuh Harmac dewa kula. kados punapa gêtun kula, saupami wangsulan sampeyan punika botên makatên. Kula sampun nate mirêng dêdongenganipun tiyang Inggris, saking cariyosipun tiyang Arab. Upaminipun kemawon, kula sampun nate mirêng satunggaling cariyos, bilih wontên satunggiling tiyang Inggris pêjah kalanipun ngêkahi kitha, ingkang dipun têmpuh dening umating nabi, ngakên bilih saliranipun piyambak punika ugi nabi. Ingkang kalampahan makatên punika ing Kartoem sapinggiring banawi Nyl, pêjahing tiyang wau pêjahing prajurit, ingkang lajêng dipun walêsakên dening kônca-kônca bangsanipun. Kula botên patos pitados dhatêng dêdongengan wau, amila kula ngêntosi badhe nêmbang kawontênan sadaya rumiyin. Kula samangke sagêd nêmbang yêktos, lan kula sagêd nêmtokakên, bilih sadhèrèk sampeyan pun jandhela kaca cêmêng, sanadyan ta wontên cangkêming sima, mêksa angrumaosi agêng manahipun, manawi angraosakên wangsulan sampeyan sadaya wau. Amila sampun kuwatos, piyambakipun tamtu badhe mirêng omongan sampeyan wau. Tukang nêmbang saking Mêsir, ingkang mangrêtos dhatêng basaning sadhèrèk sampeyan, tamtu nyariyosakên sadaya wicantên sampeyan, lan wusananipun rêmbag wau tamtu dipun rumpaka. Samangke sami andum wilujêng kemawon, mugi-mugi ing benjing kula sagêda pêrang tandhing kalihan sampeyan. Salajêngipun sang nata antudingi Orme kalihan ngandika makatên: tumrap sampeyan, ingkang prêlu piyambak, sampeyan kêdah ngaso. Dhuh sang putri putraning para nata, mugi kula kaparêng nguswa asta panjênêngan, saha kaparênga angdhèrèkakên wangsul dhatêng dununging kawula panjênêngan. Kajêng kula, bok inggih kawula panjênêngan punika sagêda dados kawulaning putri utami, ingkang kados panjênêngan. Malah pikajêng kula, bok inggih kula sadaya punika dados kawula panjênêngan.

Sang putri lajêng ngacungakên asta saha lajêng dipun uswa ing sang sultan, saha sasampunipun, astanipun sang putri taksih dipun cêpêng kadhèrèkakên ngantos dumugi panggenaning kawulanipun.

Sarêng kula sadaya dumugi ing ngriku, kula mirêng têtiyang Abati sami pating grênêng makatên: E, kangjêng sultan, kangjêng sultan, lan kula sumêrêp, bilih Pangeran Josua ngandikan sawatawis kalihan para upsir ingkang ngupêng panjênênganipun.

Sêrsan Quick abisik-bisik dhatêng kula makatên: sumôngga panjênêngan awasakên, bandara, gêntho punika têmtu gadhah kajêng ingkang botên sae.

Sawêg kemawon Quick kèndêl anggènipun wicantên, Josua kanthi kancanipun sawatawis numpak kapal ambandhang saha lajêng ngêpung kula sadaya.

Josua lajêng ajêlih-jêlih makatên: He Sultan Barung nututa, yèn ora gêlêm mêsthi bakal tak patèni.

Sang sultan amriksani Josua sajak gumun saha mangsuli makatên:

He, upamane aku nyêkêla gêgaman (awit kalanipun sang sultan nyêpêng astanipun sang putri, talêmpakipun kabucal) salah siji mêsthi ana kang nêmahi tiwas, hèh cèlèng kang nganggo sandhanganing manusa.

Salajêngipun sang sultan lajêng nolèh dhatêng sang putri, pangandikanipun: dhuh sang putri putraning para nata, kula sumêrêp, bilih para kawula panjênêngan punika sami jirih saha botên kenging dipun pitados, ananging punapa sang putri badhe marêngakên, têtiyang punika gadhah tindak makatên dhatêng para utusan, ingkang dhatêngipun ambêkta bandera dhami.

Sang putri amangsuli kanthi sora: O, botên. Hèh Paman Josua, paman angrèmèhakên dhatêng kula, tuwin angasorakên namaning bôngsa kula. Kèndêl, kajêngipun sang sinuhun nataning têtiyang Fung lêstantun tindakipun.

Ananging têtiyang wau sami botên purun, amargi manawi sang prabu namung dipun culakên makatên kemawon, rak inggih eman-eman. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. Pênangsang. (kembali)
2. kajongkongakên. (kembali)
3. ugi. (kembali)
4. rêrêngganing. (kembali)
5. Kurang satu suku kata: mêksa kêcêkêl ing uwong. (kembali)
6. tani. (kembali)
7. wontên. (kembali)
8. pakêmpalan-pakêmpalan. (kembali)
9. angsal. (kembali)
10. amrasêtyani. (kembali)