Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-01, #190

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-01, #190. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-01, #190. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 61, 13 Sapar Taun Alip 1859, 1 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1085] ---

Ăngka 61, 13 Sapar, Taun Alip 1859, 1 Agustus 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Surabaya.

[Grafik]

Lumahing kitha Surabaya dipun tingali saking gêgana. Para maos sagêd anggalih piyambak mênggahing agênging kitha wau.

--- 1086 ---

Raos Jawi

Ing pundi Pantoging Kasênêngan.

Sampun kacariyos bilih tiyang nyambut damêl punika bakunipun ing tekad namung ngupados sênênging manah. Lairipun tiyang nyambut damêl ingkang dipun upadosi: yatra, nama, pangalêmbana tuwin sasaminipun. Sanajan tiyang nyambut damêl nyêngkut ingkang tanpa ngalap bêrahan, punapa ingkang dipun padosi, inggih namung sênênging manah.

[Grafik]

Tiyang pasulayan, ingkang namung badhe pados unggul.

Tuwuhipun pakêmpalan tiyang sami damêl golong-golongan, ingkang kaudi condhong saha rukun, manawi sampun condhong saha rukun amasthi nambahi ing kasênênganipun. Nyandhak tiyang ingkang lampah awon, kados ta: mêmandung, ngutil, nyêbrot, ngabotohan lan sapanunggilanipun, punika sampun têtela bilih sadaya wau kaewokakên tindak awon, ewasamantên mêksa katindakakên dening tiyang ingkang purun anglampahi, awit inggih namung nuruti sênênging manahipun, nanging tumrap tiyang mangrêtos suthik anglampahana ngupados sênênging manah ingkang mêdal saking tindak awon wau.

Sapunika kagêntos,[1] tumrapipun tiyang ingkang ahli lampah, kados ta: sampun angêmohi samubarang kawontênan ing donya, sampun malih nyambut damêl, nênêdha utawi nyandhang ngangge kemawon sampun botên purun, punika punapa ingkang dados pêpuntoning tekadipun, botên liya inggih dhatêng kacondhongan, murih sagêda gathuk gêgayuhanipun. Kacondhongan tuwin kagathukaning gêgayuhan ingkang dipun gayuh, manawi sampun pinanggih, punika nama sênêng ugi.

Tiyang ingkang ahli lampah kados makatên wau, manawi katitik saking lairipun pancèn katawis susah ingkang nglangkungi, awit tindak-tanduk saha pratingkahipun sampun mèh botên nyondhongi dhatêng kawontênan ing donya. Ananging mokal manawi pratingkah ingkang makatên wau botên mêngku kajêng badhe manggih kasênêngan ingkang linangkung. Yèn pancèn makatên, têtela ing ungêl-ungêlan: susahe amêngku sênêng, utawi ênênge amêngku osik, punika manggèn ing tiyang ingkang makatên wau.

Tiyang pêrang utawi kêkêrêngan, punika sami ngangkah mênang, suthik kasoran, awit salêbêtipun pêpêrangan utawi kêkêrêngan ngriku sampun gadhah wawasan bilih tiyang nêmahi kawon badhe gampil dhumawah

--- 1087 ---

ing kasusahan, sanadyana ingkang mênang wau dèrèng kantênan yèn sagêd angsal kasênêngan, ewasamantên ing gagasan gadhah panjăngka manawi ing salêbêtipun kamênangan makatên isi kasênêngan, pramila kêkalihipun sami suthik kasoran. Tăndha yêktinipun: manawi tiyang badhe kêkêrêngan, măngka sanalika punika lajêng èngêt: iya, upama aku mênang utawa unggula sajroning kêkêrêngan iki bakal nêmu apa, sanajan mênanga durung mêsthi yèn aku nêmu kasênêngan, tur ora olèh opah. Yèn sadèrèngipun kalampahan sami gadhah panglaras makatên, amêsthi tiyang tinêbihan ing kadadosan pabên utawi kêrêngan wau. Kajawia yèn bangsanipun boksên punika sanès nama kêrêngan, punika abên kakiyatan angrêbut nama. Awit ing sadèrèng lan sasampunipun ngadat kanthi badhami, ananging ugi taksih ngênggèni manah pangajêng-ajêng sênêng kemawon.

Wangsul tumrap tiyang nyambut damêl ingkang tanpa ngalap bêrahan, punika dipun wastani têtulung, ingkang dipun tulungi limrahipun sumêdya malês kasaenan, saha kasaenan wau tumănja dhatêng tiyang ingkang têtulung sarta sagêd anjalari sênênging manahipun. Yèn pandamêl tanpa ngalap bêrahan saha botên melik dipun saèni ing tiyang, adhakan pados misuwuring nama utawi nêtêpi kuwajibanipun tiyang gêsang kêdah têtulung, timbang dipun tulungi aluwung têtulung, wasana angsal pangalêmbana. Misuwuring nama tuwin pangalêmbana punika sagêd adamêl kalêganing manah. Lêganing manah makatên inggih atêgês sênêng, tăndha yêktinipun manawi tiyang katandukan panacad tamtu botên rêna utawi gêla.

Dene kawontênan ingkang makatên punika botên tiyang sêpuh botên lare, utawi botên pilih-pilih băngsa tamtunipun ing manah sami kemawon. Malah yèn tumrap lare, sanajan dipun kèn punapa kemawon anggêr parentahipun kanthi têmbung manis, amasthi tumandangipun, awit têmbung manis wau adamêl sênênging manah. Langkung-langkung manawi lajêng pikantuk pangalêmbana, saya cekat-cèkêt tandangipun.

Nirrasa

Ekonomi

Pêthetan Lombok Pêthak.

Tanêman lombok punika ingkang kêlimrah wontên ing patêgilan utawi ing sabin, manawi tumraping parêdèn tanêman lombok punika, kajawi katanêm mligi lombok, ugi sok kangge sêlang-sêling tênanêman sanès-sanèsipun. Mênggah băngsa kula Jawi lombok punika sasat sampun kangge umum, malah wontên tiyang ingkang ngantos katagihan lombok, mila lombok punika satunggiling tanêman ingkang kangge kabêtahan umum, măngka lombok punika ungsum-ungsuman, rêrêgènipun ugi minggah mandhap manut ungsumipun. Bakul lombok punika bêjan,

--- 1088 ---

yèn dhong kojur kilak lombok sarupiyah pajêng satêngah rupiyah dipun sukakakên, jalaran upami botên kasukakakên badhe bosok. Manawi dhong bêgja kilak sarupiyah pajêng kalih ringgit, kadospundi ta bakul têka botên mangrêtos minggah mandhaping lombok, jalaran ing kitha kalihan ingkang gadhah uwit botên sami ajêgipun, lombok kalêrês andados utawi têlak. Lombok punika inggih kenging dipun tandho, mênggah panandhonipun lombok punika dipun angge karag, mênggah pandamêlipun karag punika makatên: lombok kêdah kaêdang rumiyin ingkang matêng, manawi sampun matêng lajêng kaêpe ingkang ngantos garing, karag lombok punika pêdhêsipun botên suda, namung raosipun inggih ragi beda sakêdhik.

Kula badhe matur bab tanêman lombok pêthak (lombok gadhing), kangge ing Ngayogya sak sumêrêp kula lombok wau namung kangge pêthetan, katanêm wontên pot utawi pakêbonan, malah kula sumêrêp wontên tiyang ing Patalan (Bantul) piyambakipun gadhah pêthetan wit lombok pêthak kalih uwit, ing ngriku kula takèni sêdyanipun namung kangge pêthetan, sarêng wohing lombok langkung andados, lajêng dipun pêthiki sabên dintên kangge tambal bêtah pawon, kalih uwit kemawon sampun tirah kangge bêtahing kêlan sabên dintênipun, tur warninipun sae kados kanthil pêthak, manawi ingkang andados godhongipun ngantos botên katingal. Sarêng wangsul kula saking ngriku gadhah kêpengin ambibit, sabab kula ngèngêti angsal kalih-kalih wau. Sarèhning kula botên gadhah pot inggih namung kula sukakakên kuwali amoh kemawon, kula jèjèr-jèjèr wontên tritis griya, punika tamtu badhe mikantuki.

Siswamiharja, Pundhong, Ngayogya.

--- 1089 ---

Panglipur Manah

Ayêming manah.

[Mijil]

Duk samana wus anggagat rawi | kang purnama anjlog | umanjing têpi cakrawalane | gumalewang surêm sunarèki | cahyanya ngalêntrih | kadi mangun wuyung ||

surêm-surêm alon dènnya manjing | mangu-mangu katon | lir tan tega ninggal rêrênggane | lêlangêning buwana nglam-lami | prêntuling bun enjing | lir rêtna kadulu ||

sitarêsmi kêpêksa ngoncati | dinulu tan katon | ginêntosan sang surya wijile | mungup-mungup sapucaking ardi | arsa amadhangi | buwana sawêgung ||

wijiling kang bagaskara kèksi | nèng wetan nyrêmomong | sumambirat sumunar sunare | yèn sinawang kadyarsa ngwasani | buwana sakalir | pinrih têluk sujud ||

sasadhara duk wau umèksi | ngrumasani asor | rêmyêng kucêm surêm sumunare | wit kasoran prabawaning rawi | tan kêlar nadhahi | gya musna dinulu ||

byar kawuryan bastara[2] madhangi | buwana sri tinon | datan ana samar-sumamare | pra tumitah wus pating bathithit | arsa anglampahi | karya wajibipun ||

--- 1090 ---

anglur sêlur lampahe pra janmi | wênèh mikul brêngkot | pra pawèstri bandheyot gawane | kang ginendhong mêndhoyot ing gigir | isi sruwa-sruwi | mring pasar nêripun ||

juru tani sumêkta piranti | nuli padha bodhol | wênèh sikêp garu walukune | wontên malih pacule cinangking | samya maring sabin | lawan têgalipun ||

Si Galempo nèthèk kandhang aglis | arsa giring kêbo | gya pinêcut mijil sing kandhange | sigra-sigra Galempo numpaki | ngenak-enak mungging | gigir sarwi mungkur ||

ing samargi sinambi ngrêrêpi | sinawung lêlagon | kang pinurih suka wardayane | pan kinarya nylamur tising dhiri | sayêkti nênarik | suka ingkang krungu ||

gayêm uyêm nora kaya mami | sapêpadha ingong | esuk-esuk gagat rainane | rêpêt-rêpêt wus nèng têgal sabin | ngadhangi sunaring | surya wijilipun ||

karya sêgêr pikolèh wak mami | sarwi ngulur otot | anglêlantih molahkên balunge | dadya gancar lakune kang gêtih | tan ana malangi | lir mina ing kêdhung ||

sajêg ingsun tumitah ngaurip | tan nate prihatos | durung wikan di paran rasane | kang ingaran badan angalêntrih | datan ana maning | mung bingah tyas ingsun ||

têmah tuwuh sêgêre mratani | lêngêne mêthekol | kuwat kiyêng kaèksi kucinge | kênèng sawabing bun wanci enjing | kang sinêbar ngangin | wor lan sunaripun ||

sang baskara kang katêmbèn mijil | padhange sumorot | kênèng angga sumlêngêt rasane | pan baskara datan pilih asih | dènira mandumi | nyêbar sorotipun ||

kabèh-kabèh pan ginawe sami | datan pilih uwong | nora kaya manusa watake | kadang konang tur dhêmên pilih sih | kathah watêk drêngki | têbih adilipun ||

lamun ngêlak ingsun badhe warih | sing padhas gumrojog | anut gêgêmpalan sumarèwèh | bêning nyarong rêsike kapati | sêgêr maring dhiri | sumyah raosipun ||

sakèh ingkang ombèn-ombèn adi | jênèwêr anggur port | arak obat ciu lan brandhine | wiski pait sadaya ngêndêmi | măngsa pilih tandhing | lan sêgêring banyu ||

tur yèn banyu datan mawi picis | amung kari ngokop | ombèn-ombèn sing kamirahane | kang sinêbut samurbèng sabumi | datan angêndêmi | iya sira banyu ||

mêngko mulih madhang ajang cêthing | nikmate kêraos | jangan lodhèh kang dadi lawuhe | sambêl rawit lalabe kacipir | sêga dikokohi | lodhèhe cinampur ||

sêtam-sêtom wah enak kapati | telap-tèlêp dhokoh | tangan karo tumandang ing gawe | yèn wis warêg wêtêngong malênthi | kakiyatan pulih | ayêm manah ulun ||

--- 1091 ---

apa manèh ingkang ingsun pikir | lamun sore mêngko | mapan turu anèng lincak age | kêmul ikêt alambaran widhig | mrênah wuri sênthir | tan samar ing unthuk ||

têntrêm ayêm rasane tyas mami | tan ngandhut kuwatos | mung kumandêl maring pangrêksane | kinêmulan pangwasaning Widhi | nora dangu nuli | blêg sêg angêlepus ||

Kapirangu[3]

[Grafik]

Tangsi Prajurit Marine ing Surabaya.

Tangsi punika kangge padununganipun prajurit marine golongan gêgana, manggèn ing sacêlakipun ara-ara Marakrêmbangan, Surabaya.

Waosan Lare

Trêsna ing Wong Tuwa.

IV

Sêtya eling ing wong tuwa.

[Mijil]

uwis suwe Sêtya angladèni | lurahe nèng kono | saya bangêt olèhing êsihe | saka gone bisa nuju ati | lan wêruh ing wajib | cekat-cèkêt rampung ||

suwe-suwe Sêtya saya ngrêti | mênyang ing lêlakon | gone ana kono cêkakane | uwis ana sawatara sasi | banjur mak nyut eling | sadulur lan biyung ||

sawijining dina ditakoni | ki sudagar alon | lah geneya dene Sêtya kowe | polatanmu sajak ketok sêdhih | apa sing kopikir | kaya-kaya gêtun ||

Sêtya alon anggone mangsuli | kula èngêt pun bok | sampun wontên nêm wulan lamine | kula dèrèng nate sagêd tuwi | tuwin èngêt malih |

--- 1092 ---

adhi tunggil biyung ||

kang rumiyin kala kula ngili | ing margi kêprêgok | barandhal kang mawi salah gawe | thole lajêng pun rêbat kêdugi | jêlih-jêlih nangis | botên pun paelu ||

adhi kula tansah dados pikir | kula wêlas yêktos | mêsakakên ingatasing lare | botên ngrêtos ing bab ngrika-ngriki | dadosipun naming | nama katut alun ||

lajêngipun thole kadospundi | tansah dados batos | sarêng biyung makatên namane | tiyang sêpuh umure dumugi | badhea nyingkiri | budinipun cukup ||

tuwin malih namanipun ugi | sampun prênah manggon | kula kantun ngraos ing sakite | punapa ta mangke sampun mari | yèn kula padosi | gênah prênahipun ||

ki sudagar cumlêkut ing ati | wangsulane alon | hèh ta Sêtya watêkanmu kuwe | ketok bangêt anggonmu nrêsnani | biyung karo adhi | aku milu sukur ||

wruhanamu mungguhing wong urip | tumrape wong anom | ora ana kang luwih bêcike | kaya uwong kang nyang biyung asih | pakolèhe kuwi | bisa anênuntun ||

eling mênyang biyung luwih bêcik | kang wajib diêmong | măngka walês biyèn rêkasane | wiwit ngandhut nganti sangang sasi | ngrasa panas pêrih | kang tansah ngêlantur ||

malah nganti dadi bocah isih | ajêg angrêrontog | anjêjuwing ati wong tuwane | ora nêdya anguwis-uwisi | bok nadyan saiki | rak ngono biyungmu ||

awit ora ana mungguh êsih | kang kaya mangkono | kajaba mung sihing biyungmu dhewe |[4] ing mulane uwong anom kuwi | têtêpa ngèlingi | nyang trêsnaning biyung ||

mêmbêg-mêmbêg Sêtya ketok nangis | malah anggêlolo | saya bangêt kêrasa atine | ki sudagar ambacut nuturi | mangkene saiki | bèn ayêm atimu ||

ing bêcike ya mrêlokna tilik | yèn ta isih manggon | lan gawakna apa sênêngane | nadyan ora ketang mung sathithik | yèn bisa nujoni | bungahe rak nutug ||

dene ing babe adhimu kuwi | wis êbèn mangkono | ora usah bangêt korasake | apa iya bocah dipatèni | kuwi rak mung saking | tindak grusa-grusu ||

mung sajrone kowe anggolèki | èlinga ing mêngko | lagi ana rusuh kaya ngene | aran lagi akèh wong sing lali | kowe aja nganti | duwe tindak luput ||

awit mungguh kaslamêtan kuwi | ora liya manggon | ana uwong rahayu budine | dikalisi piala sakalir | wêlingku mung kuwi | slamêta lakumu ||

Sêtya ngrasa bungah jroning ati | olèh tutur ngono | nuli tata-tata gêgawane | sauwise pêpak amiranti | umun-umun uwis | mangkat lênthuk-lênthuk ||

rêpêt-rêpêt lintange ing langit | isih ketok abyor | nanging mung sing lintang gêdhe-gêdhe | dene kabèh lintang cilik-cilik | wis angslup ing langit | dening padhang kêsuk ||

saplêthèking srêngenge madhangi | abange mancorong | Jaka Sêtya karasa atine | wêruh cêtha gumêlaring bumi | prênahe kêtitik | dununge si biyung ||

ing atine tansah sênik-sênik | sadhela sumêdhot | kaya arêp nêmu bungah gêdhe | nanging kandhêg kêsundhul prihatin | kabèhe mung manjing | nyang adhi lan biyung ||

dhèk samana lakune wis mlipir | pinggir desa ayom | baronganing [ba...]

--- 1093 ---

[...ronganing] pring kêtêl godhonge | ing ngisore ana kalèn cilik | sing banyune bêning | iline kumrucuk ||

jêron desa ramene ngluwihi | ora kêndhat dhang-dhong | wong nutoni pari kana-kene | ing kadohan prênah dhuwur mêncit | krungu galik-galik | ana kutut manggung ||

Jaka Sêtya uwis ora pangling | lah iya ing kono | ing ênggone biyunge dhèk biyèn | banjur mlêbu nyang desa malipir | têkan nglatar nuli | muni kula nuwun ||

dhèk samana ana sing marani | karo atêtakon | durung nganti tutug pitakone | uwong mau banjur jêlih-jêlih | rak Sêtya ta kuwi | dhuh adhuh anakku ||

Ranakarya wong sing diiloni | mara karo alok | we la dene uwis jaka kowe | pun ta ngrika yung dika têmoni | ampun pijêr nangis | wong jênêng kêtêmu ||

anu thole anggonku golèki | wah wis nganti katog | dene iki malah têka dhewe | wise ngono têlu pisan nuli | padha kumpul linggih | nèng salu akêpung ||

Jaka Sêtya sakawit ngandhani | adhine dicolong | ing barandhal nuli sabacute | ngandhakake awake saiki | milu uwong sugih | ketung dadi batur ||

ing sakawit êmbokne anangis | karo ngonggo-onggo | nanging banjur mupus piye manèh | Ranakarya banjur ngandhani |[5] anane saiki | desa têntrêm rukun ||

lan biyunge ditêtêpke dadi | têtuwa ing kono | Jaka Sêtya bangêt panrimane | gêgawane banjur dibukaki | mulung karo muni | punika pak srutu ||

Rana tămpa lan ngiling-ilingi | iki rak sigago | kêtara ing ules lan grayange | iya thole bangêt trima kasih | iki mêngko bêngi | tak go tămba watuk ||

Sêtya alon-alon anguculi | buntêlane ketok | bako enak irêng amêncèrèt | diulungke biyunge tumuli | anjumput sathithik | suwêl digo susur ||

sajêrone susur brêbês mili | kaya dirêrontog | dene bocah bisa têmên gawe | bungahing wong tuwa amêthuki | karêmane kuwi | nganti gawe jujul ||

ing wusana kabèhe saiki | padha sukur katog | biyunge dikon lêstari bae | ana kono Sêtya kang niliki | têtêpa lêstari | padha runcung-runcung ||

Jagading Wanita

Kabêsusan.

Tiyang punika mênggahing warni, manawi jalêr rêmên bagus, manawi èstri rêmên ayu, lan sanadyan botên purun dipun wastani makatên, nanging ing batos ngakêni. Dados saupami kasêmbadana ing jagad punika namung isi tiyang bagus utawi ayu thok.

Nanging sampun têtela bilih wontênipun bagus tuwin ayu punika jalaran saking wontên ingkang awon, tumrap ingkang tinitah warni awon kemawon [kema...]

--- 1094 ---

[...won] ingkang narimah, tur botên tiyang ingkang awon punika lajêng ngicalakên budidayanipun, ingkang tamtu malah dipun tambal-tambal, murih sagêd nyuda awonipun, trêkadhang manawi dados sae sakêdhik kemawon lajêng ngrumaosi brêgas sangêt, punika sampun kinodrat dados wêwatêkaning tiyang, inggih sintên kemawon. Ingkang kangge tăndha saksi, kados botên wontên tiyang gadhah niyat: tak dandan, bèn èlèk ah, kajawi dandosing tiyang ingkang nêdya pados gujêng.

[Grafik]

Mênggahing tiyang jalêr, punika manawi pados bagus, anggènipun dandan kêtingal sangêt, saya nalika jaman dèrèng kados sapunika, kathah kemawon para anèm ingkang rêmên kêrik alis, pidihan anjalirit kantun sasada, pupuran lamat-lamat, bengesan ngantos kaduk abrit, kajawi panganggenipun pilihan sadaya, lampahipun kemawon inggih dipun damêl, ngantos dados mêrak ngigêl, tur sajatosipun malah ribêd, amargi manawi nuju kringêtên, adhuh, namung sarwa pakèwêd, yèn dipun kèndêlakên andalèwèr, badhe ngentirakên pidih. Badhe dipun kêsut bilai. Sagêd-sagêdipun namung dipun tutul ing kacu kanthi mêgêng napas. Dene manawi èstri, sanadyan bêsusa botên kêtawis, namung prakawis lampah punika pancèn kalêbêt limrah, nanging namung manjing wiraga, tumrap ingkang kaduk, lampahipun ngantos alaras: Anjasmara ari mami. Nanging ing jaman sapunika bab lampah kados makatên punika sampun botên wontên.

Anglajêngakên rêmbag bab kabêsusan, awit punika kados botên sagêd ical ing salami-laminipun, sanadyan santuna inggih namung gagragipun kemawon, dene ingkang kacariyosakên ing ngriki bab kabêsusanipun tiyang èstri.

Manawi dipun manah yêktos, bêsus punika malah wajib dipun lampah ing tiyang, awit menggahing kabêsusan makatên malah sagêd adamêl prayogi tumrap trap-trapaning badan, dhatêng sawangan inggih sakeca, beda kalihan tiyang ingkang ekrah-ekroh, punika nêbihakên manah, nanging bêsus punika manawi kaladuk inggih lajêng botên sae, ingkang nama sae punika ingkang cêkapan.

Tumraping sawangan, mênggahing barang sêmbêt, tiyang èstri punika wontên ing tapihan ingkang sae kêdah singsêt aramping, lajêng wontên ing rasukan, punika mapanipun wontên ing badan kêdah ingkang srêg, nanging kêtingal botên ambêthêthêt. Kajawi punika utaminipun kêdah sagêd mathukakên thuk-thukaning warni tuwin coraking sinjang rasukanipun, punika [pu...]

--- 1095 ---

[...nika] gumantung dhatêng panglaras kaparêngipun piyambak-piyambak. Manawi kalêrêsan, muyêking wêwarnèn ingkang kasarira, tamtu adamêl lam-laming manah. Têgêsipun beda kalihan tiyang ingkang botên sagêd ngêtrapakên, upaminipun sinjang latar pêthak unthêr babaran enggal ingkang kaduk jêne, dipun ênggèni rasukan jêne, tamtu kemawon lajêng angèmpêri pêksi podhang. Sanadyan botên damêl ewaning tiyang, nanging ingkang ningali kêpêksa nyuda kêdhèp dening kamitênggêngên.

Sapunika ing bab pangangge mas intên, punika manawi sagêd botên prêlu ngrempyang, kados sae namung sacêkapipun, nanging manawi wontên ingkang sarwa ngêgètakên, utawi ingkang damêl sêngsêm, awit botên dumèh mas intên, manawi kêkathahên malah damêl cêblèh.

Wusana ing bab pangupakaraning badan, kados ta tasikan sapanunggilanipun, punika inggih prayogi ingkang namung lêlamatan, ucapipun kemawon wontên, kados ta panyandraning tiyang dhatêng rai pinupuran: tasikanipun lêlamatan, namung kados mega rumamyang angaling-aling rêmbulan agêng, pêtêngipun malah sumamar adamêl cêthaning wadana. Dados kajêngipun tasik lêlamatan punika malah sae, saenipun wau jalaran saking mrasajakakên dhatêng wujudipun ingkang saèstu, botên kok pupuripun malah nyamarakên warninipun ingkang sayêktos. Sanadyan tumrap pakulitan cêmêng makatên ugi, awit tumrap tiyang pakulitan cêmêng, manawi anggènipun tasikan kêkandêlên, mangke lunturipun lajêng dados pating blêntong, sampun tamtu kemawon botên anèh saupami tiyang sanès mastani manawi kulitipun kêtingal kados bathok jamurên.

Mênggah kamajênganing jaman, sapunika ing Amsêtêrdham wontên sawênèhing pirmah ingkang sagêd andandosi warnining tiyang èstri murih sagêd ayu, sarana patrap amangun praean dipun lèlèti lêmpung lumêr, wosipun bangsaning pupur. Tiyang èstri ingkang nêdya malihakên warni lajêng dipun upakara, kados ing gambar.

Bab andadosi, tumrap băngsa Jawi inggih sampun wontên, nanging namung tumrap pangantèn, ewadene juru andandosi punika ugi pancèn tiyang sagêd dandan, dados saupami purun andandosi tiyang barès-baresan, inggih sagêd ngindhakakên warni yêktos.

Dene mênggah ingkang nama ayu tumrap tiyang èstri, punika mathukipun kêdah ingkang pancèn gadhah dhêdhasar ayu, pocapanipun wontên, Rêtna Banuwati, punika ruwèk-ruwèk kalung sêmêkan, ambombrong inggih ayu kemawon. Dados mênggah ingkang ayu sayêktos, punika dandan, tilêm, tangi tilêm inggih botên malih ayunipun, mila pantês manawi tiyang ayu punika dados pasihaning Allah.

--- 1096 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Wêwatêkaning Satriya.

IV

Petruk : Ho, hah, hêm, andèkne ora, kang Garèng, kang Garèng, nèk wis ngunèni uwong kuwi le sagêlême dhewe bae. Dumèh panêmuku kliru sathithik, diunèkake salah wèsêl, dene panêmune dhewe kok ora ngêmungake salah wèsêl thok, malah jêbul dika ngalor kula ngidul mêngkono, têka ora beda karo panêmune bangsaning propsor.

Sêmar : Lho, lho, lho, omong kok banjur sak-sok kaya dudu karêpe dhewe ngono. Apa kowe ora ngrêti, he, pangkat propesor kuwi rak pangkate êmbahing guru, yaiku guru kang diwajibake mulang ing pamulangan luhur, dadi bangsaning sarjana kang wus unggul bangêt kawruhe, masa iya têka dipadhakake kayadene panêmune Garèng sing kaliru mau.

[Grafik]

Petruk : Lho Ma, wong tuwa kuwi kudu sing akèh sêbute, aja kok banjur tansah amburu marang hawa nêpsune bae. Durung-durung kok wis pêcuca-pêcucu kaya wong kelangan simpênane êndhas gêrèh. Aku mau rak ora matur propesor, sing dak aturake rak propsor, mungguh karêpe: yèn prope wis dicopot, isine banjur diilingake ing gêlas: sor, yaiku gathuke karo wong kang karêm bir, anggone: cêpat-cêpot ora lèrèn-lèrèn ambukaki proping gêndul bir, banjur: sar-sor, diilingake ing gêlase, kang wusanane bire mau nganti munggah ing sirahe. Amara, wong sing kaya mangkono kuwi apa iya bisa bêning pikirane, rak iya ora beda ta karo pikirane si Garèng kae.

Garèng : Kurang ajar, ana wong kathik dipadhakake karo tukang mabuk. Wis, wis, Ma, ora prêlu dimirêngake omongane Petruk kuwi, mundhak agawe untabing krumane borok bae. Luwih bêcik nuli ngandikakna mungguh wêwatêkaning satriya kang ăngka papat.

Sêmar : Iya thole, mungguh wêwatêkaning satriya ăngka papat kuwi: kudu bisa nunggang jaran.

Petruk : Wah, la nèk kapintêranaku ing bab kiyi wis jênêng ngêtog tênan, malah durung suwe kiyi, aku mêntas dipitongtonake ing ngarêpaning wong akèh mungguhing kapintêranaku nunggang jaran: kala samono jarane banjur dak sirigake, dak jojrogake, dak têgarake, kathik nganggo ditabuhi mangkene: mung, nong, mung, dhêt, dhêt, mung nong, mung, jur. Mung ...

--- 1097 ---

Garèng : We, la, saya kasambêt si Petruk kiyi, la kuwi rak lagu tumraping wong nunggang jaran kepang. Ana calathu kok anggêr mêtu bae. Ora, Ma, nèk mangkono, kapintêraning blantik kuwi, iya kalêbu salah sawijining wêwatêkaning satriya. Jalaran kaya-kaya sabên balantik, nunggange jaran iya pancèn patohan têmênan.

Sêmar : Lho, kuwi seje rêmbug thole, mula iya nyata yèn balantik kuwi kudu pintêr nunggang jaran, awik kapintêrane mau mula kanggo sangu panguripane. Ananging sanyatane ora mangkono mungguh karêpe, kudu pintêr nunggang jaran kuwi, ora kok atêgês pintêr anggone nunggang jaran. Ananging: ngibarat wong kang lêpas ing budi.

Petruk : Wah, la kiyi kalêbu wêwatêkanaku wiwit cilik mula, nganti tumêkaning saiki ya mêksa isih dak anggo bae, ya kuwi yèn aku kabênêr lagi ngabotohan, saking lêpasing budiku, lagi têlu utawa patang kasutan bae, aku sanalika iya banjur ngrêti apa kang dadi cêkêlane musuhku.

Garèng : Iya mêsthi bae, wong krêtune wis kok têngêri kabèh.

Sêmar : Wis, wis, aja padha pathênthêngan, tak kandhani: mungguh sanyatane lêpasing budi, kaya kang wus ditêrangake dening Petruk mau, kuwi iya ana bênêre, ananging tumraping wong ngabotohan, laku kang mangkono kuwi mungguhing wong urip aran nistha bangêt, ora beda karo wong nyolong, ngutil lan sapadhane. Lan ing kono rak banjur cêtha wela-wela, yèn maine mau ora kanggo kaplêsiran, ananging kanggo golèk panggaotan kang sarana laku cidra wong kang mangkono tingkahe kuwi, wis mêsthine kudu disitah saka ing pasamuan. Mungguh lêpasing budi kaya sing dak karêpake kuwi têgêse mangkene: lêpas = adoh, budi = pikiran sing wis luwih jêro. Dadi karêpe: pikiran kang wus buntas. Upamane para pandhita, kuwi sing akèh wis wêruh sadurunge winarah, jalaran saka lêpasing budine, babèh ruwêt rêntênging lêlakon prasasat wus kasumurupan bakal kadadeane.

Garèng : Wadhuh, la sapa bae sing kuwat anglakoni kaya mêngkono kuwi.

Petruk : Anggêre gêlêm nyukupi isarate, mêsthi bisa bae, kang kapisan kudu nganakake slamêtan rupa: sêga golong, pêcêl pitik jangan mênir, jênang abang putih, jajan pasar lan sapiturute, kanthi disaranani donga mangkene: sun watak ajiku si Sêmar kuning, kang gilang-gilang ana ing têngahing rêmbulan, amadhangi jagad kabèh, sapa kang wêruh rupaku, têka wêlas têka asih, kasoran dening prêbawaku, amin, amin. Kajaba kuwi, lakune:mutih têlung dina, mêlèk têlung dina, ora ambêkan iya têlung dina, o ...

Sêmar : Wiyah, apa niyat dikon ngêlalu. Wis, wis samene dhisik, besuk manèh padha dibanjurake anggone padha rêrêmbugan.

--- 1098 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Ingkang angsal ganjaran arta bab bathikan ingkang dipun pitongtonakên wontên ing pêkên taunan Ngayogya. Perangan I. Bathikan pradan, Radèn Ayu Prawata ing Magêlang, ganjaran ăngka 2, kathahing ganjaran f 150.-. Ăngka 3, R.H. Soleman f 125.-. Ăngka 4 Kangjêng Ratu Căndra Kirana, f 100.-. Perangan II. Bathikan tangan. Ăngka 3 Radèn Ngantèn Sastradiharja ing Batang, f 100.-. Ăngka 4 Radèn Ayu Sasrasugănda ing Klathèn f 75.-. Ăngka 5 Radèn Ngantèn Arjasukatma ing Wanagiri, f 60.-. Ăngka 6 Bok Bèi Parikrangkungan ing Surakarta, f 50.-. Perangan III. Cap-capan alus, ăngka 4 Nyonyah Tecin Siyang, Ngayogya f 50.-. Perangan IV. Cap-capan kasar botên wontên ingkang angsal ganjaran.

Ing Ngayogya badhe wontên pangêcapan ingkang dipun adani dening golongan kabangsan, asli tumbasan saking Surakarta, sarta sampun anggadhahi lêngganan ngêcap sêrat kabar têtiga.

Pambantu Kajawèn ing Borneo, martosakên bilih wontên băngsa Dhayak 16 ing Kapuas ingkang sami agami Tidhên kalêbêt agami Islam saha lajêng sami santun nama Islam.

Rad pan yustisi ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun Scipio onpangêr ing Bangkalan, prakawis salingkuh arta f 121.000.-. Pasakitan angakêni kalêpatanipun, arta têlas kangge kasukan, sapunika sampun botên wontên arta ingkang dipun umpêtakên malih. Pasakitan kaukum 5 taun nanging nyuwun sudan.

Ing Pordhêkok mêntas karaos wontên lindhu ragi sêru, nanging wilujêng botên adamêl karisakan.

Wiwit tanggal 26 Mèi dumugi 16 Juni, wontênipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing sa-Indhonesiah sadaya wontên 150.

Pakaryan pagadhean gupêrmèn badhe mêwahi griya pagadhean malih tumraping Bali lan Lombok, inggih punika ing Nagara, Klungkung, Karangasêm tuwin Ampênan, kintên-kintên wontên ing wulan Sèptèmbêr, dados ing Bali lan Lombok badhe wontên griya pagadhean ênêm iji, kalêbêt Dhènpasar tuwin Singaraja.

Pakaryan kasarasan nêtêpakên dhoktêr Suwarna manggèn ing Kadhiri, prêlu nindakakên panyêgah sêsakit pathèk. Ingkang badhe dipun tindakakên wiwit saking Nganjuk langkung Kêrtasana dumugi Kêdhiri. Dumugi sapunika tiyang ingkang dipun suntik sampun wontên 700, tumrap tiyang ingkang botên gadhah, kaparêngakên lêlahanan.

S.S. mituruti panuwunipun tiyang ing Bogor, ngawontênakên sêpur sênèl ingkang pangkat saking Bogor jam 2.35, dumugi Manggarai jam 3.15 lan dumugi Wèltêprèdhên jam 3.35 lan ing antawising Manggarai kalihan Wèltêprèdhên mandhêg sabên halte.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Tuwan Atmandha, ing Surakarta. Lêrês, Kajawèn suka lêlintu arta dhatêng tiyang ingkang ngladosakên gambar ingkang sampun kapacak, nanging kathah-kathahipun f 2.50, lan malih gambar ingkang katampèn punika gambar ingkang prêlu saha ingkang migunani ing ngakathah.

Lêngganan nomêr 651 ing Surakarta. Ingkang angsal lêlintu waragad namung gambar ingkang katampèn, dene bab karangan botên.

Lêngganan nomêr 470 ing Surakarta. Bab Bintang Indhia botên têrang pundi ingkang sade. Dene pamrayogi panjênêngan bab gambar rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Surakarta, saupami wontên ingkang dipun êwrat malih nama sampun kasèp.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr:1499 ing Majagêndhil (Baron). Pos wisêl ingkang kakintun kaping 21/7-28 sampun katampi. Duplikat lêbaran nomêr saha nomêr 49 kula kintun kaping 28/7-28.

Lêngganan nomêr: 2061 ing Dêmak, pos wisêl f 1.50 tumrap kwartal 3, sampun kula tampi, matur nuwun.

Lêngganan nomêr: 2115 ing Kêdhung Penjalin, pos wisêl f 1.50 tumrap kwartal 3, sampun kula tampi, matur nuwun.

Lêngganan nomêr: 371 ing Kalibakung. Pos wisêl f 3 sampun kula tampi. f 1.50 tumrap kwartal 4 taun punika, ingkang f 1.50 kwartalal 1 taun 1929.

Lêngganan nomêr: 1784 ing Adipurna, pos wisêl f 3 tumrap Kajawèn sampun katampi. Rèhning bayaran taun 1928 punika sampun lunas dados f 3 wau kalêbêt dhatêng pambayaran taun 1929.

Lêngganan nomêr: 649 ing Klojènlêdhok, pos wisêl f 3 tumrap Kajawèn sampun katampi. Rèhning bayaran taun 1928 punika sampun lunas, dados f 3 wau kalêbêt dhatêng pambayaran taun 1929.

--- 1099 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

59

XIX. Pêjah kalirên.

Dhawuh pangandikanipun sang putri: Japhet, diyan-diyan kuwi sumêtên manèh, sabab ing kene pêtêng bangêt.

Japhet umatur: Dhuh sang pugri , sakalangkung anggèn kula kapengin angèstokakên dhawuh panjênêngan, ananging lisahipun têlas.

Lêt satêngah jam malih, dilah ingkang nomêr kalih pêjah, ing salêbêting padhang rêmêng-rêmêng wau, kula lajêng sadhiya punapa-punapa manawi mangke pêtêng babarpisan, wadhah toya sawatawis kacêpakakên wontên sacêlak kula sadaya, makatên ugi tirah-tirahan obat, punapa malih anjèrèngi kêmul-kêmul bêktan kula sadaya wontên ing siti, prêlunipun nêtêpi kapitadosan kula kanthi saèstu kangge papan pêjah kula sadaya. Salêbêtipun kula nindakakên makatên wau, Japhet dhatêng ing ngriku, ujug-ujug kula sumêrêp rainipun Japhet pandirangan, kadosdene dhêmit ingkang muncul saking kuburan. Dilah kula pêjah. Makatên pangangluhipun Japhet. Nalika kula jagi wontên sacêlaking trowongan, urubing dilah wau sampun wiwit suda, lan ing samangke sampun pêjah babarpisan.

Orme awicantên: O, kowe anèng kono. Apa ana kabar apa-apa?

Japhet amangsuli: botên wontên punapa-punapa bandara, cêkakipun botên wontên kabar kathah. Kala wau kula ngangkat prongkalan curi wontên sangajênging lompongan gang, ing ngriku lajêng wontên soroting pêpadhang angèngingi rai kula, soroting pêpadhang ingkang pantês pinuji, kula lajêng nginjên sêla-sêlaning tembok, ananging botên wontên ingkang katingal kajawi umpuk-umpukan barang ingkang kobong utawi kukus saking ênêring ngriku kula mirêng swara rêrêmbagan, ingkang nyariyosakên bilih saupami têtiyang buda utawi sang putri punika tiwasa, tamtunipun sagêd pinanggih balung-balungipun, ingkang têtiyang wau sagêd angyêktosi. Swara sanèsipun amangsuli: bilih têtiyang buda tuwin sang putri wau sami umpêtan, lan piyambakipun angajêng-ajêng supados têtiyang wau sagêda pinanggih, prêlunipun kadosdene punapa mêsthinipun, sagêd pinêjahan kanthi alon-alon jalaran têtiyang wau purun nginggatakên sang putri, lan sampun amêjahi têtiyang Abati pintên-pintên. Kula kuwatos manawi têtiyang ingkang rêrêmbagan wau sumêrêp dhatêng kula saha lajêng mêjahi dhatêng kula, amila kula lajêng enggal-enggal brangkangan wangsul malih.

Sasampunipun matur makatên ujug-ujug Japhet lajêng ngrungkêbi sampeyanipun sang putri saha munjuk makatên: Dhuh gusti pêpundhèn kula, panjênêngan mastani bilih kula punika kêndêl, ananging sajatosipun kêkêndêlan kula punika namung wontên ing papan padhang, wontên ing papan pêtêng punika, ingkang dhêmitipun sami pating kluyur, kula sajatosipun tiyang ingkang jirih. Dhuh, gusti, măngga sami bidhal dhatêng papan padhang, măngga sami pasrah jiwa raga kemawon dhatêng sang pangeran, bokmanawi sang pangeran karsa anggêsangi ing panjênêngan, dene manawi kula sadaya kêpêksa pêjah, sagêda pêjah wontên ing pêpadhang.

Ananging sang putri gèdhèg-gèdhèg, salajêngipun Japhet matur dhatêng Orme makatên: Dhuh, bandara, punapa panjênêngan badhe damêl tiwasipun sang putri, punapa panjênêngan badhe ngrisakakên katrêsnanipun sang putri piyambak dhatêng panjênêngan. Panjênêngan kula aturi ngirid mêdal sang putri, manawi panjênênganipun sang putri tamtunipun rak botên dipun punapak-punapakakên, punapa karsa panjênêngan supados sang putri seda sangsara wontên ing ngriki.

Dhuh, sang putri, panjênêngan rak mirêng aturipun tiyang punika. Makatên aturipun Orme kanthi rêkaos wêdaling têtêmbunganipun. Aturipun Japhet wau wontên lêrêsipun tumrapipun kula sadaya, sajatosipun pêjah wontên ing pundi, tumrapipun kula sami kemawon punapa pêjahipun wontên ing panguwasanipun tiyang Abati utawi pêjah jalaran kêkirangan tuwin kalirên. Bokmanawi kemawon aluwung pêjah wontên ing panguwasanipun tiyang Abati. Dene panjênêngan sang putri, mêsthi botên dipun punapak-punapakakên, punapa panjênêngan karsa tindak, sang putri.

Dhawuh pangandikanipun sang putri kanthi panggalih gragapan: O, botên, botên, tamtunipun badhe wontên ingkang ngêmèk badan kula, inggih punika Pangeran Josua, kula aluwung pêjah rêkaos sangêt, tinimbang dipun êmèk Pangeran Josua, măngga sami ngêntosi dhawahing takdir kemawon, jalaran kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng, tamtu lajêng badhe wontên kori ingkang kawêngakakên kangge kula sadaya, ingkang sapunika dèrèng katingal, dene manawi sasmita kula wau cidra, o, mitra kula Orme, wontên kori sanèsipun malih ingkang kenging dipun lêbêti, ing sawingkingipun kori punika salaminipun têntrêm, tiyang punika mugi kadhawuhana kesah saking ngriki saha sampun ngrêridhu dhatêng kula malih.

Dilah ingkang pungkasan wiwit badhe pêjah, kaping kalih urupipun kêdhêr rêpêt-rêpêt, saha ngatingalakên rai kula sadaya ingkang pucêt tuwin kêlungsur, [kê...]

--- 1100 ---

[...lungsur,] kula têtiyang nêm linggih kêmpal kadosdene bangke ing kuburan.

Salajêngipun dilahipun pêjah babarpisan, sasampunipun punika, pintên dangunipun anggèn kula wontên ing growongan sangandhaping siti wau, langkung saking tigang dintên tigang dalu, nanging lêrêsipun kula botên sagêd mastani, kala punika kula sadaya sampun botên sumêrêp malih dhatêng wontêning wanci, anggèn kula sadaya kaluwèn langkung saking mêsthinipun, kaluwènipun wau lajêng dipun salamur kaombenan toya, nanging botên wontên damêlipun. Ingkang langkung damêl rêkaos, punika dene kula sadaya taksih gadhah bêskuwit sakêdhik, nanging bêskuwit wau tansah karimat kangge anjagi kasugênganipun sang putri, sabên-sabên bêskuwit wau kaaturakên sang putri, dene kula sadaya angrikiti cuwilan kajêng, prêlunipun supados sang putri sampun ngantos uninga, bilih kula sadaya punika botên wontên ingkang dipun têdha babarpisan.

Anggèn kula sadaya nindakakên makatên punika, kuwawi ngantos kawandasa wolu jam, ananging Japhet ingkang lajêng munjuk ing sang putri, ingkang anjalari sang putri botên karsa dhahar punapa-punapa malih. Kala punika bêskuwitipun kantun satunggal iji, lajêng kaaturakên ing sang putri, bêskuwit wau inggih katampenan, nanging lajêng kaparingakên dhatêng Japhet, ingkang lajêng dipun êmplok kados pangêmploking sagawon.

Botên watawis dangu, kula sadaya kecalan Japhet, cêkakipun kula sadaya botên ngraosakên manawi piyambakipun wontên ing ngriku, lan dipun undang botên wontên wangsulanipun. Jalaran saking punika kula sadaya lajêng gadhah gagasan, bilih piyambakipun punika pancèn kesah brangkangan dhatêng panggenan sanès, prêlu sumêdya pêjah. Sarèhning kala punika kula sadaya nandhang sangsara sangêt, mila botên ngraosakên malih dhatêng kawontênanipun Japhet.

Kula kèngêtan, bilih sadèrèngipun kula sadaya anglês têrus, wontên lêlampahan anèh ingkang dhumawah ing kula sadaya, kadosdene tiyang lês ingkang badhe dumugi ing pêjah punika sakêclapan sok anggadhahi pikiran ingkang bêning. Kula sadaya lajêng sami bingar saha sami miwiti rêrêmbagan. Roderick nyariyosakên gêsangipun nalika dipun tahan ing têtiyang Fung, saha sarana swaranipun ingkang galik-galik lajêng têtêmbangan cara Arab kalih warni. Olivier kalihan sang putri sami rêrêmbagan saha gumujêng sêsarêngan, kintên kula Olivier nyobi mulang cara Inggris dhatêng sang putri.

Ingkang kula sumêrêpi wontên ing pungkasaning urubipun rèk ingkang kula sumêt kantun piyambak, punika makatên: sang putri lênggah wontên ing sacêlakipun Olivier, tanganipun Olivier ngrangkul bangkèkanipun sang putri, mastakanipun sang putri sumêlèh ing pundhakipun Orme, rikmanipun wudhar nutupi sarira, tingalipun ingkang blalak-blalak kangge nyawang rainipun Orme ingkang kados jrangkong. Ing sisihipun anak kula jalêr ngadêg sèndhèn ing tembok, dene sawingkinging anak kula Higgs, ingkang kêtingal kados ayang-ayangan, nyobi kanthi rêkaos sangêt, nyathêti potlotan kemawon.

Kula lajêng kraos manawi tanganipun Roderick nyikêp dhatêng kula.

Salajêngipun sadaya ingkang wontên ngajêng kula punika kados mubêng, lan ubêngipun lajêng kemawon kados wontên ing mêsin ingkang agêng lan wiyar. Sasampunipun lajêng karaos mandhap-mandhap ngantos kados kêjlungup mandhap wontên ing papan ingkang pêtêng sangêt. Ingkang punika kula ngrumaosi, bilih kados makatên punika raosing pêjah.

Sarêng kula èngêt malih, kula wontên salêbêting kamar ingkang dèrèng nate kula sumêrêpi, kula gumlethak wontên ing patilêman lan jalaran saking padhanging srêngenge ingkang mêntas malêthèk, ingkang sumorot wontên ing jandhela kaca, kula sumêrêp kănca kula têtiga, inggih punika anak kula, Orme tuwin Higgs, tiga pisan inggih sami gumlethak wontên ing patilêman, nanging taksih sami tilêm.

Rencang Abati sami lumêbêt ambêkta têtêdhan awarni bangsaning sop mawi daging, têtiyang wau lajêng nyukani sopipun sawatawis dipun wadhahi ing kuwung kajêng, ingkang lajêng kula têdha kanthi gas-gasan sangêt, salajêngipun inggih lajêng anggugahi kănca-kănca sanès, sadaya inggih sami nêdha gas-gasan sangêt, sasampunipun nêdha wau lajêng sami tilêm, makatên ugi kula, saha sami mêmuji sukur ing Pangeran dene kula sadaya pinaringan gêsang.

Sabên kalih jam sapisan, kula sumêrêp têtiyang wau sami lumêbêt ambêkta kuwung pintên-pintên isi sop lan bubur kêbak, ngantos kula èngêt malih babarpisan saha sumêrêp Higgs inggih wontên papan patilêman ajêng-ajêngan kalihan kula. Higgs ningali kula tanpa kêdhèp saha pitakèn makatên: He, Adams, aku kabèh iki apa pancèn isih urip, apa ana jaman pêtêng.

Kula amangsuli: Yèn ana jaman pêtêng, ora, awit iki kok ana wong-wonge Abati.

Bênêr. Makatên cariyosipun Higgs. Yèn wong-wong Abati lunga mênyang ngêndi-êndi, lungane mau mêsthi mênyang naraka, kang ora ana temboke putih, lan paturon kang pasagi-pasagi kaya mangkene iki. He, Olivier ayo tangi, aku kabèh saiki wis luwar saka growongan sangisoring lêmah.

Orme lajêng tangi saha nyawang dhatêng kula kêkalih.

Sang putri ana ing ngêndi. Makatên pitakenipun Orme dhatêng kula kêkalih. Pitakenan ingkang makatên wau, kula kêkalih botên sagêd mangsuli. Ananging ujug-ujug Roderick lajêng tangi saha wicantên makatên:

Kula kèngêtan sakêdhik-sakêdhik, têtiyang Abati ngangkati kula sadaya saking growongan sangandhaping siti wau, Japhet kêtingal wontên ing ngriku, dene sang putri dipun angkat têtiyang Abati dhatêng sanès purug, inggih makatên punika ingkang kula sumêrêpi.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


gêntos. (kembali)
baskara. (kembali)
§ Sarasaning panyăndra ing nginggil | têtêp tata maton | kèwês luwês mêmanas manise | mung pinanggih titike sakêdhik | sok anggrathul jinjit | lir suku kêsandhung || lawan malih yèn rinaras yêkti | sêmuning lêlagon | lageane luwês lir uwite | saupami nyangkok jêruk Bali | yêkti datan malih | taksih raos jêruk || kêkarangan panyandraning ratri | wus kêrêp binodhol | tinanjakkên anèng kana-kene | kêkilapan kang sami mutêri | dene kang mijèni | tiyang purwa santun || nanging ugi anama prayogi | nulad kang wus katon | mrih tuntunan tatèng panggilute | yèn talatèn yêkti mikantuki | wohira ing wuri | winawas apatut || mung kewala minăngka pêpeling | kang mung akon-akon | ywa ngêngkoki kêkêt kadi kake | yèn kêtlêku kakune kêtitik | satêmah andadi | dêdalaning luput || Red. (kembali)
Lebih satu suku kata: kajaba mung sih biyungmu dhewe. (kembali)
Kurang satu suku kata: Ranakarya banjur angandhani. (kembali)