Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-06, #262

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-06, #262. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-04-06, #262. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 28, 25 Sawal Taun Alip 1859, 6 April 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [421] ---

Ăngka 28, 25 Sawal Taun Alip 1859, 6 April 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ingkang nêngsêmakên

[Grafik]

Lêpasing kang sêsawangan asri, mega-mega rumênggèng ngakasa, sumamar ing gunung Gêdhe, miditira hyang bayu, tumêmpuh ing kayon tan srênti, ebahing ron kalapa, lir manawung sêmu, unggul agunging kawasa, ngrasa pindha narendranira ing wukir, ngungak ring prajanira.

--- 422 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 26-27)

Punapa ta kasarasan punika gunanipun, têka dipun wastani băndha, tur băndha agêng.

Gunanipun kasarasan.

[Grafik]

Papan pakarangan rêsik, atêgês isi kasarasan.

1. kangge nindakakên kuwajibanipun tiyang gêsang wontên ing ngalam donya.

2. kangge anggayuh kabêtahanipun tiyang gêsang.

Miturut ing nginggil punika paedahipun kasarasan namung kalih warni, nanging punika wiyar sangêt jerenganipun.

Tiyang gêsang anggadhahi kuwajiban punika sampun gênah, sarta sagêdipun nindakakên kuwajiban wau manawi badanipun saras, kados ta: tulung-tinulung, ngabêkti ing Gusti Allah sasaminipun. Tiyang gêsang gadhah kabêtahan punika inggih sampun masthi, ingkang cêpak kemawon, têdha, kasênêngan. Têdha wau limrahipun botên ngêmungakên kangge badanipun piyambak, ingkang kêrêp kangge jiwa pintên-pintên, kados ta: anak semah tuwin sanès-sanèsipun.

Tiyang sagriya punika, jurunipun pados têdha inggih punika bapa, upaminipun bapa punika sakit, botên sagêd pados têdha (nyambut damêl) kajawi badanipun piyambak botên sakeca, tiyang sagriya tumut nandhang rêkaosipun, manah susah, bau kangelan jalaran ngrêksa sarta ngupakara ingkang sakit, padamêlan sanèsipun sagêd kapintên. Manawi ingkang sakit wau dede juru pados têdha, nanging juru ngolah têdha, inggih punika biyung, inggih sampun ngrêkaos, kajawi tiyang pintên-pintên kangelan ngrêksa kuwajibanipun inggih kêdah wontên ingkang anggêntosi. Dados tumrapipun tiyang sagriya, sêsakit punika satunggiling kasusahan ingkang agêng, saya malih manawi ingkang katrajang wau jurunipun pados têdha, tumrapipun tiyang mlarat kenging kawastanan kasangsaran ingkang agêng. Botên sagêd pados têdha kapêksa ngêdalakên băndha, [bă...]

--- 423 ---

[...ndha,] punika yèn gadhaha inggih punika kangge nêdha sarta kangge mragadi istiyar murih wangsula kasarasanipun. Sawêg suda kasarasanipun kemawon sampun samantên susahipun, lah manawi kasarasan wau têrus botên wangsul malah sirna, mêsthi saya botên kantênan.

Kajawi kasusahan kados ingkang kasêbut ing nginggil, sakiting badan punika inggih anjalari sakiting jiwa, èngêtan botên jêjêg, pikiran botên padhang sawarnining gagasan tansah kalintu, kapitadosan gingsir.

Dados prêlu sangêt kasarasan punika dipun êmi-êmi dipun gêmatèni. Tiyang ingkang botên saras kêdah ngudi sagêdipun saras, ingkang sampun bagas kasarasan inggih rekadayaa sagêdipun langgêng kasarasanipun.

Mênggah sarananipun.

1. nêbihakên mêngsahing kasarasan, inggih punika: sêsakit.

2. nata cêkapipun tuwin sasaminipun satunggal-tunggaling praboting tiyang gêsang, kados ta: hawa, toya, têdha, pêpadhang sapanunggilanipun.

I. nêbihakên sêsakit.

Sadaya sêsakit punika wontên wijinipun, tiyang limrahipun botên sagêd ningali wiji-wiji wau, nanging para sarjana sagêd nêdahakên wiji-wiji wau lan sagêd manggih sarananipun kangge mêjahi. Dene dayaning sarana-sarana punika, kathah sêsakit ingkang rumiyin sangêt ambêbayani, ing sapunika lajêng sirna utawi suda kêkiyatanipun, kados ta: cacar, têtiyang botên prêlu nyumêrêpi kadospundi wujudipun wiji sarta sapintên agêngipun, cêkap namung kantun pitados. Sagêdipun nêbihakên amaning kasarasan ingkang alus-alus wau, kêdah rêsikan ing samukawis, badan, pangangge, griya, cêkakipun sadaya ingkang magêpokan kalihan badan. Tiyang kêdah ajêg rêsik, kêdah botên ajrih ing toya, sadaya peranganing badan ingkang asring dados pakèndêlanipun rêrêgêd kados ta: kuku, rambut, kuping, untu sapanunggilanipun kêdah dipun jagi rêsikipun. Lan malih kêdah purun ngangge sarana panulakipun, kados ta: nyacarakên, suntikan kolerah, tipês, tuwin sanès-sanèsipun.

Têtiyang Eropah ingkang kêdah dhatêng Indhia, sadèrèngipun numpak kapal api, sami nêdha dipun suntik kolerah lan tipês. Samantên ugi têtiyang ingkang badhe kesah dhatêng Mêkah kêdah dipun pêksa dipun suntik kolerah lan tipês, lan dipun cacar, prêlunipun supados têtiyang wau kalis tumrapipun sêsakit ingkang kasêbut ing nginggil.

II. nata kacêkap tuwin saening satunggal-tunggalipun praboting gêsang.

Punapa ingkang dados praboting gêsang, inggih punika: hawa, toya, têdha, pêpadhang sasaminipun.

Hawa.

Tiyang punika prêlu ngangge hawa, inggih punika ingkang dipun wastani ambêgan, manawi botên ambêgan salêbêtipun sawêtawis mênit kemawon sampun pejah. Wiwit lair tiyang punika sampun ambêgan ngantos dumuginipun pêjah tanpa kèndêl, siyang dalu [da...]

--- 424 ---

[...lu] mêlèk utawi tilêm têrus ambêgan kemawon. Dados sampun têtela, manawi hawa punika prêlu piyambak tumrapipun ngagêsang, langkung prêlu tinimbang têdha utawi toya, amargi tanpa toya utawi têdha tiyang punika taksih sagêd gêsang ngantos dintênan, nanging manawi tanpa hawa namung mênitan.

Namung katingalipun tiyang punika botên ambêtahakên sangêt dhatêng hawa wau, amargi angsalipun hawa punika prasasat tanpa kangelan, ing pundi-pundi sajagad wontên hawa.

Kadospundi sumêrêpipun wontên hawa.

Hawa punika sumrawang tanpa warni, kados botên kenging tiningalan, nanging hawa punika sagêd ebah, inggih punika ingkang dipun wastani angin. Angin ingkang bantêr sagêd ambikak utawi nutup lawang piyambak, tarkadhang sagêd ngangkat griya utawi ngrungkadakên wit-witan. Inggih yèn makatên punika tiyang sagêd sumêrêp ingkang dipun wastani hawa. (Badhe kasambêtan)

Kagunan Nyêrat

[Grafik]

Ing jaman rumiyin pêpilihanipun tiyang nyambut damêl wontên ing kantor punika ingkang sae utawi rikat sêratanipun. Pundi ingkang sagêd nindakakên makatên, sampun kenging dipun wastani dados tiyang onjo. Dangu-dangu lajêng tuwuh wontên mêsin pirantos nyêrat, punika ragi nyudakakên ajining sêratan tangan, wusananipun ing sapunika ngêmbyah, botên wontên kantor ingkang botên migunakakên mêsin ingkang kados makatên punika, lan ugi sabên tiyang ingkang badhe nyambut damêl ing kantor sami sinau. Ing sasisih punika mujudakên gambaring mêsin sêratan gagrag taun 1870, tumrap ing jaman sapunika sampun kagolong dados barang kina.

--- 425 ---

Bab Panggulawênthah

[Asmaradana]

kumudu-kudu ngèlingi | laku bêcik lawan ala | purba wisesa carane | nacak angênciki jaman | prajanji kamajuan | nadyan ngulêr kambang milu | talatèn lawan lon-lonan ||

tuladane ditulisi | tuluse bocah kêkancan | gandhèng rèntèng padha wedok | tăngga têtunggalan cêdhak | mung adu pagêr karas | kurang sathithik mèh têpung | nyathêk tritise ganthetan ||

bocah mau awit cilik | pating kruncung awor dolan | ora pisah saparane | runtang-runtung mrana-mrana | wus ora bêtah pisah | aruntut turut-tinurut | ora tau têtukaran ||

rakêt rukune lêstari | trape ora măntra-măntra | yèn mung kănca dolan bae | wus kaya sêdulur tênan | malah kêpara kalah | kang tunggal bapa lan biyung | lawas-lawase ing dina ||

bocah loro mau nuli | linêbokake sêkolah | dilalah klêbu H.I.S | cêkaking kăndha wus padha | kabèh olèh diploma | dhurlopên têkan klas pitu | lan rapote padha uga ||

wis ora geseh samênir | nênêm bijine naracak | iku klêbu èlèk dhewe | sawuse watara dina | padha duwe gagasan | nutugke sêkolah kudu | mung sêdyane beda-beda ||

sijine kang disênêngi | gone nutugke sêkolah | mênyang Kuwik Sêkul wedok | sijine sêja sêkolah | Dhepêntêr nyang Sêmarang | wus kalakon kabèh mau | apa karêpe kêtêkan ||

Bocah loro angluwihi | maju mênyang pangajaran | jinurung lantip atine | nganti dadi gêgumunan | gurune padha eram | arang muride kang tiru | kabèh kèri kapintêran ||

[Grafik]

sawênèhing taman pustaka.

uwis sabên-sabên ngalih | klas kancane padha kalah | mau cah loro jênênge | kang siji Lara Parmiyah | yaiku kang sêkolah | ana ing Dhepêntêr Sêkul | Parmiyati juganira ||

kang ana Kwik Sêkul èstri | samêngko kang kinocapa | Rara Parmiyah sawise | mêtu saka sêkolahan | Dhepêntêr ing Sêmarang | wus rumasa bangêt butuh | enggal golèk pagawean ||

kêbênêran ambarêngi | karo kabêgjaning awak | durung sapira suwene | anêmbe ana bukakan | Mèisês [Mè...]

--- 426 ---

[...isês] Sêkul anyar | nyadhiyani ênggon mungguh | kanggo pêpondhokan bocah ||

abêcik sabilik-bilik | bocah kang padha intêrnat | kumrubut rêbutan ênggon | sadhela bae dang kêbak | kamar sapirang-pirang | kêpara kurang mung wuwuh | bocah kang mlêbu kêkolah ||

jiprone kang nguwasani | sajêroning sêkolahan | golèk punggawa cah wedok | wêton saka sêkolahan | Dhepêntêr kanggo rewang | angopèni bocah mau | kabèh kang padha intêrnat ||

ngiras ngêrèh babu koki | sathêk-kliwêr sêkolahan | dalah jongos tukang kêbon | kocapa Rara Parmiyah | uwis krungu pawarta | kaya kang kasêbut dhuwur | mula nuli enggal-enggal ||

mrêlokke têka nêmoni | kang kuwasa sêkolahan | anêmbung sumêdya ngèngèr | jiprone banjur anampa | jênêng kêtuju karsa | rêsêp atine sumurup | rupane Rara Parmiyah ||

têrus dikon anglakoni | nora kêna seje dina | dang tapaka nyambut gawe | Parmiyah abangêt bungah | pangèngère kêtampan | pantês anggêdhèkke sukur | karo atine narima ||

mangsuli inggih prayogi | sandika sumanggèng karsa | tapak samangke kemawon | nanging kula kalilana | wangsul amung sakêdhap | mêndhêt ing sawontênipun | santun minăngka têlêsan ||

jiprone manthuk ngiyani | Parmiyah sawuse urmat | mangkat rêrikatan bae | lakune ora kinăndha | cêkake uwis têka | nglakoni gaweyan banjur | anjrak manggon sêkolahan ||

Parmiyah gawene bêcik | cekat-cèkêt sarwa cikat | kêcukup kacakan kabèh | apa kang wus sinanggêman | tumêmên linakonan | kalawan ati tuwajuh | wêruh marang kuwajiban ||

têgês mugên gumatèni | êbèr budine sumrambah | marang kănca sakabèhe | samubarang sarwa sabar | sarèh mawa rumêksa | rumêsêp satindak tanduk | bisa angenaki manah ||

lêlahe lan ngati-ati | kaduk angêsorke awak | marang sakèh sor-sorane | kabèh kang padha diprentah | dianggêp ngêmong bocah | wani kalong buwang petung | pituna mung sawatara ||

wus ora pati dipikir | mênyang pangan sacakotan | sandhang sasuwèk rong uwèk | sigar sadhuwit bêbasan | bisa eklas mikalah | pakolèhe bèn diturut | tuture nyang kabêcikan ||

kancane padha wêdyasih | asayuk suyud lan trisna | tinurut apa prentahe | paripolahe tinulad | bêciking kalakuwan | dadi pangilon tiniru | nracak kabèh wus mèh rampak ||

maune gèk lagi-lagi | nglakoni gawe sadhela | kabèh kancane cah wedok | kaduk wani kurang duga | nganggo wataking bocah | alangkah lancang nyang catur | ing pungkur nora rinasa || (Badhe kasambêtan)

P.

--- 427 ---

Bab Têtanêman

Kawontênanipun Tuwuhing Arèn

Ing Kajawèn ăngka 91 taun kapêngkêr lan ăngka 2, taun punika sadhèrèk Kasna lan Siyam sampun manjurung bab paedahipun wit arèn. Ing ngriki kula mêwahi katrangan sawatawis bab kawontênaning tuwuhipun manawi wontên paedahipun.

Arèn punika bangsaning têtuwuhan panunggilanipun siwalan, klapa tuwin kathah panunggilanipun. Ananging kawontênaning gêsangipun ragi anèh, anggèning awoh kenging kabasakakên namung sapisan, wontên 3, 4, ngantos 5 janjangan mèh mêdal sêsarêngan. Sêkar ingkang badhe dados calon uwohin,[1] punika jêbrol inggih sampun gatra kolang-kaling, pangintên kula punika sêkaripun èstri. Sakala punika ing ngandhap lêtipun têbih, watawis langkung sadhêpa, ugi tuwuh sêkaripun malih, nanging botên dados uwoh, sêsampuning mêgar lajêng anggogrogi, lami-lami garing. Kados punika sêkaripun jalêr, inggih sêkar punika ingkang kawastanan dangu. Dangu punika mêdalipun gilir gumantos. Uwoh sasampunipun kaundhuh ngantos watawis lami taksih purun mêdal kemawon, urut-urutan mangandhap. Yèn sampun dumugi ngandhap, kintên-kintên namung sapranggehan inggilipun, punika sampun titi mangsanipun badhe ngurag. Arèn punika wiwitipun purun awoh, manawi sampun umur 12 taun.

Yèn tiyang gadhah kitri arèn punika sampun anjagèkakên dhatêng uwohipun kemawon, kêdah kadèrès, punika sagêd pakantuk kasil mrika-mriki, inggih sagêd ngundhuh kolang-kaling, inggih sagêd asil saking gêndhisipun. Arèn kadèrès punika botên dados risaking uwoh, jalaran ingkang kapagas supados mêdal lêgènipun punika dangu, sêkar ingkang dede calon uwoh.

--- 428 ---

Sêkar ingkang tuwuh pêcak sapisan, inggih punika dangu ingkang tuwuh ngrumiyini piyambak, sadhèrèk Banyumas anggèning mastani: kade. Punika sagêd mêdal lêgènipun kathah ngantos langkung 20 litêr. Saking suburipun prêlu katadhahan lodhong sungsun kalih. Sêkar ăngka kalih inggih nama dangu kemawon, punika ugi taksih dêrês lêgènipun, jalaran uwohipun taksih anèm, dados uwit taksih mêmpêng-mêmpêngipun narik sari-sari kangge ngagêngakên uwohipun. Dene sêkar ăngka tiga sapiturutipun kawastanan: pokol. Punika inggih kenging kadèrès, namung mêdalipun sampun botên mingsra, jalaran wit sampun botên bêtah sari-sari, uwoh sampun sami gogrog awit sampun sêpuh, pramila ingkang kathah sampun botên dipun opèni. Wontênipun dangu dipun namakakên kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng punika kula dèrèng manggih katrangan.

Wontên malih ingkang prêlu kula cariyosakên, inggih punika bab kawontênanipun arèn ingkang mêdal gelangipun. Onggok ingkang wontên gelangipun punika namung pinanggih nalika arèn sawêg nêngah-nêngahi awoh, inggih ing wêkdal mêmpêng-mêmpêngipun narik sari-sari punika, pramila supados angsal pathi gelang ingkang kathah, miliha arèn ingkang sawêg nêngah-nêngahi awoh.

Ingkang anggumunakên bab kawontênanipun sêkar èstri, prênahipun wontên ing nginggil têbih kalihan dangu, sêkaripun jalêr, dene kok inggih sagêd awoh kemawon. Yèn kawontênanipun tuwuhing jagung botên eram, awit sêkar jalêr wontên sanginggiling sêkar èstri, inggih putrèn punika. Punapa anggèning lambangsari saking pitulunganipun tawon-tawon, punapa saking abên, punika kula botên mangrêtos.

Wasana anggèn kula mêwahi katrangan bab kawontênanipun tuwuhing arèn namung dumugi samantên.

Pun Sumadi. Mantri kewan Purwakêrta.

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

I. Kahanane Nagara Tanjunggunung

[Mêgatruh]

wiwitaning wacan têmbange Magatruh | kaya rasane wong sêdhih | nanging sing mangkono mau | iya rada angèmpêri | yèn dipiritke lêlakon//

kocap ana wênèhing ratu gêgêdhug | jêjuluk Prabu Wirangi | nagarane Tanjunggunung | awit nagarane kuwi | gunung mangklung sagara rob ||

yèn disawang nagarane ketok munggul | kaya nagara ing langit | yèn bêngi

--- 429 ---

prasasat murub | padha abyor ngêndi-êndi | wong sing wêruh mêsthi gawok ||

sang aprabu mau bangêt ing musuwur | nganti têkan ngêndi-êndi | malah nadyan para ratu | akèh sing nungkul marani | wis kaya ana sing akon ||

awit saka têntrême nagara mau | ora ana sêbrot ngutil | maling kampak ora wanuh | kabèh mung kêtêmu bêcik | kinêmulan karahayon ||

yèn ngandhakna ana nagara mau |[2] dikira umuk wis mêsthi | nanging mêsthine ya kudu | nganggo ngandhakke sathithik | mungguh kaanane kono ||

yèn ta mungguh anane wulu pamêtu | upamane bêras pari | sajêge tansah lumintu | tangèh anane pacêklik | mung rong sèn bêras sapathok ||

ewadene sing adol karo sing tuku | padha sênêng munpangati | dhuwite angêt barukut | lan bêrase anglêmoni | akèh punuk sing anjêndhol ||

rajakaya padha saba pating kluyur | wis kaya ana sing giring | ora tau blusak-blusuk | gêdhe nyênggut karang kitri | bok dipakakêna êmoh ||

dalah pitik iwèn iya gawe gumun | ora tau mancal piring | saba anèng ngomah tutut | ning yèn nêlèk mêtu dhisik | wah milih prênah sing adoh ||

mung yèn ngêndhog banjur mara mundhuk-mundhuk | sing duwe kari nampani | mêngke yèn uwis ngalumpuk | lagi gêlêm angêngrêmi | ora nganggo pêtak-pêtok ||

lumrah kucing dhêmên nyolong ngindhik brukut | nanging kucing kono bêcik | nadyan lèsèh dhèndhèng ingkung | mung nyekukruk anunggoni | babar pisan êmoh ngêmplok ||

ing nagara rêsik ora ana uwuh | nadyan ngisor uwit-uwit | awit yèn ta ana uwuh | banjur digiring ing angin | mak byak kêcêmplung ing êgot ||

cah sêkolah lèk-èlèke biji pitu | saka padha lantip-lantip | sabarang wulanging guru | banjur bae gêlis kasil | ora nganggo mêngko-mêngko ||

tèn-atène wong ing kono padha mungkul | sing tani padha nêmêni | sing kriya ya padha sêngkut | mèh lali rina lan wêngi | gone nyambut gawe ngêtog ||

lan kabèhe sing aran abdining ratu | padha tumêmên ing wajib | ora ana barang kisruh | kabèh barêng anandangi | awèt rukune agolong ||

bêgja bangêt mungguh sing jumênêng ratu | uwonge kang diratoni | kabèh padha bangun turut | bêkti mênyang sing ngratoni | nganggêp sasat Allah katon ||

karo manèh mungguh anane sang prabu | pancèn ya nyata mêdèni | yèn ngandika kaya gludhuk | uwong dipandêng marinding | didhèhèmi bae angop ||

nanging iya mungguhing wong urip iku | kabèh-kabèh durung mêsthi | kaya ta sang prabu mau | yèn nyang garwa kaya cindhil | ing wêdine bangêt ketok ||

dene mungguh sababe mangkono mau | bêcik dicritakke dhisik | kocap dhèk biyèn sang prabu | duwe garwa pramèswari | êsihe sang prabu kasok ||

nganti bisa apêputra siji kakung | ananging mungguh sang putri | mung tansah gêrahên têrus | sarira kari sabiting | wusana seda kalakon ||

sasedaning garwa putra isih timur | lagi yuswa têlung sasi | banjure sang prabu mundhut | inya sing ngopèn-opèni | nêsêpi pangeran anom ||

bisa tulus sang pangeran thipluk-thipluk | ingkang sinuhun maringi | asma mênyang ing sang bagus | Pangran Warsaya mantêsi | ing baguse saya [sa...]

--- 430 ---

[...ya] ketok ||

inya mau anake sing nunggal susu | dijênêngke Jaka Sigit | mung karane banjur katut | aran dadi Jaka Palih | awit palihan sang anom ||

wiwit bocah karo sang pangeran kumpul | nganti kaya kakang adhi | barêng wis umur nêm taun | pangeran diangkat dadi | pangeran dipati anom ||

Jaka Palih lan pangeran bangêt rukun | yèn nuju sulayan uni | iya banjur bae rukun | lakune mangkono kuwi | nyênêngke sing padha wêroh ||

bangêt trêsna lan luwih asih sang prabu | mênyang putra karo Palih | bingahe ing galih têrus | wis ora pisan ngèngêti | garwa sing wis ora ketok ||

nanging barêng pangeran yuswa nêm taun | rêmbuging para bupati | bênêre mungguhing ratu | kudu krama manèh bêcik | aja anyangari kraton ||

ing wusana kalakon krama sang prabu | lan bangêt kalêbêt galih | ing suwe-suwe kêbanjur | asihe anêniwasi | gawe susahing lêlakon ||

awit banjur panggalihe kangjêng ratu | malah bisa nguwaosi | kasantosane sang prabu | luluh ora miyatani | bêbayune padha lolos ||

samubarang mung gumantung kangjêng ratu | dadi anane saiki | sihe nyang putra kêtutup | ing wose kalingan wêdi | lan saka ing galih abot ||

tinêmune nyang putra mèh ora wanuh | malah banjur ditumpangi | kangjêng ratu ora mathuk | imbuh-imbuh bangêt gêthing | mênyang ing putra kuwalon ||

babar pisan kêna disêbut kêsingkur | tujune pangeran kuwi | ana sing bisa ngêngimur | bok êmban lan Jaka Palih | dadi ya mung uwong têlon ||

ing saiki êmbok êmban bangêt bingung | saka ora entuk ati | lan saka samaring mau | awit momongane kuwi | saka disatru ing uwong ||

wis mêngkono watake wong lumrah iku | kabèh mung milu ngrewangi | nyang sapa sing lagi unggul | mula jêng pangeran pati | prihatin têrus ing batos ||

Jagading Wanita

Larasan Kula

Ing Kajawèn ingkang mêdal tanggal ping 27 Marêt 1929 ăngka 25. Wontên gubahanipun sang winasis sadhèrèk Sumantriyah. Mênggah wosipun botên liya priya lan wanita anggènipun sami jêjodhoan sagêda timbang, liripun: botên dak mênang-mênangan. Pancèn bab punika saking pamanggih kula prêlu dipun ramèkakên wontên ing udyana ngriki, awit mêngku bab tatanan ingkang umum lan wigatos.

Kawuningana: mênggah gubahan wau sarèhning namung kapêndhêt ingkang prêsenanipun lăngka lan para priya ingkang pancèn rêmênanipun main, kados ta: arta sablanjan dipun têlasakên sadaya. Priya ingkang sok wayuh ngantos tiga sakawan. Manawi para priya punika kados makatên sadaya, kula mathuk sangêt upami tindak ingkang makatên wau enggal [engga...]

--- 431 ---

[...l] kasirnakakên ing jaman parameyan punika, jêr tundonipun damêl karisakaning para wanita. Nanging manawi nitik idham-idhamanipun sadhèrèk Sumantriyah têka manah kula lajêng mak grêg kados dipun rèm, he: makatên kawontênanipun jaman, jêmbar-jêmbaring jagad punika têka warni-warni sangêt.

Coba sapunika kula badhe miwiti mênggah idham-idhaman wau, nanging botên prêlu kula têdhak sungging, namung kula cupliki ingkang prêlu kemawon.

1. Tiyang ingkang ambêthithil sangêt dhatêng ingkang èstri punika pancèn kirang sae, awit lajêng ngwontênakên rêmbag ingkang botên-botên, liripun: duwèkku duwèkku dhewe... lajêng watak ambakuli, ijir-ijiran. Nanging gèk kadospundi upami sadaya bêtahipun sampun dipun cêkapi, punapa inggih ingkang jalêr namung kapurih: lingak-linguk linglung, botên sagêd anyumêrêpi dhatêng ombyaking jaman, kados ta: kangge tumbas kalawarti, kangge bayar kontribusi pakêmpalan, kangge darma, kange... kangge... waton wontên kancanipun, măngka manawi tiyang jalêr punika botên anggembol arta, sakerah-kerahipun upami wontên ing pakêmpalan katingal: ngalèmprèh ibêripun. Rak inggih makatên ta ki raka redhaktur?

2. Tiyang jalêr pancèn botên pantês manawi tumut-tumut mênggah panyêpêngipun bale griya, jêr kawon kulina kalihan tiyang estri. Samantên wau manawi ingkang èstri sampun mangrêtos saèstu dhatêng panyêpênging bale griya, sanadyan makatêna upami namung cawe-cawe sakêdhik ingkang sakintên botên nocogi kalayan pamanahanipun, punapa inggih botên kaparêng. (ratuning tiyang sagriya punika tiyang jalêr).

3. Tiyang jalêr ingkang asring grundêlan punika mêsthi wontên sababipun, nanging kula yakin tiyang ingkang rêmên grundêlan têtêp tiyang bodho, jêr botên nama barès-barèsan.

4. Ingkang dipun gambarakên sadhèrèk Sumastriyah[3] punika racakipun tiyang jalêr ingkang kêrêng, tandhanipun, hêh: wong wadon ora bisa olah-olah, salajêngipun. Utawi tiyang ingkang rêmên mêmaoni. Pancèn tiyang ingkang sampun karêm mêmada punika angèl ewah-ewahanipun. Ngantos kalêbêt ing sêrat piwulang dalêm Ingkang Sinuhun IX makatên: nora ana panggawe kang luwih gampang, kajaba wong maoni...

5. Nglirwakakên tiyang èstri punika prasasat anglirwakakên badanipun piyambak. Kula mathuk.

6. Pandakwa ingkang botên-botên punika wontên kalih perangan: 1. Manawi pandakwanipun wau namung ngayawara, pancèn inggih botên pantês. Nanging manawi pandakwanipun sampun katiti kalayan salêsih punika nama angèngêtakên. Mokal: latu tanpa kukus.

7. lan 8. Kula mathuk sangêt, X 1929 sampun kathah katatalanipun ingkang andadosakên kirang prayogi.

9. Sintên tiyangipun ingkang botên purun mêmantês dhatêng badanipun piyambak, kados tiyang: sajagad abuh: punika sami kêpengin mêmantês dhatêng badanipun, nanging mawi ananging, sadaya wau

--- 432 ---

kêdah miturut ukuran, inggih ta yèn sêmbadaa.

10. Tumrap tiyang jalêr ingkang tandang-tandukipun kêkasarên dhatêng para anakipun, punika botên pantês, jêr bapa wajib dados têtuladanipun para putra. Tăndha saksinipun: lêlageyaning tiyang sêpuh, inggih lêlageyane anakipun. Murid nulad lêlageyaning gurunipun, punika sampun dados wèding donya.

Wasana namung dumugi samantên, larasan kula bab gubahan wau.

Nyuwun gunging pangaksama. S. W. Hartaya.

Na, punapa lidok, sapunika sadhèrèk Sumantriyah kadospundi. Red.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Sabibaring Dintên Riyadi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26-27.

Petruk : Lha, kaya-kaya wis cukup anggonku angandharakê wêwatêkane wong-wong golongan têlu, yaiku: 1. golongane kang amangeran nyang dhuwit, 2. kang nganggêp dhuwit mung kanggo pirantining golèk pangan, lan, 3. golonganing wong kang nganggêp dhuwit iku kayadene klilip tumraping laku kabêcikan. Saikine kowe bisa amandhing-mandhing êndi kang utama lan êndi kang nistha. Bab kiyi kowe lan aku panêmune têmtune iya dhewe-dhewe, ing sarèhning kowe gandrung bangêt karo motor piyat, têmtune sing kosênêngi ya wêwatêkane golonganing wong kang ăngka 1 mau. Nèk aku kiyi sing tak udi wong mung kautamaning wong ngaurip, mulane nèk kêbênêr nyêkêl dhuwit, imanku iya tansah ora bisa têtêp bae, kalane sêmbahyang, atine ora bisa nyêwiji kaya mêsthine wong kang sumujud marang Pangerane, nanging kok malah banjur kiyah-kiyah nyang êndi-êndi, iya nang gambar idhup, wayang wong, bakmèn lan sapanunggalane, seje karo yèn kanthonge kothong, kuwi panêmbahku marang Kang Kuwasa bisa kanthi sucining ati têmênan, awit atine ora ana sing ngêngridhu ngajak-ajak nyang bakmèn, rèsturan lan sapiturute, mulane yèn duwe dhuwit iya tak gawe dana bae.

Garèng : Hêm, mungguh omongmu kiyi kok gèsèh dhing karo panêmuku. Nèk panêmuku, wong kang têtêp imane kuwi gumantung nyang wonge dhewe, kasugihan utawa manèh kamlaratan, kuwi ora bisa andayani apa-apa. Dadi wong mlarat, iya ana sing salèh, nanging uga ana sing lakune nasar, mêngkono uga tumraping wong sugih. Kowe dhewe apa durung tau mênangi, wong mlarat kang misuh-misuhi Sing Kuwasa, marga ngrumasani disiksa uripe nyang donya kene, lan maido marang adil, rohman lan rohiming Pangeran. [Pange...]

--- 433 ---

[...ran.] Kosok-baline, kaya-kaya iya ora kurang wong kang sugih abăndha abandhu, kang uripe salèh bangêt. Mungguh ing panyaruwemu, bab gandrungku nyang motor piyat, kowe wong durung tau ngrasakake dhewe, mulane iya ora bisa ngicipi nikmate, dak tuturi ya, Truk, jamane saiki kiyi iya kêna diarani jaman dhuwit, naging iya jaman garang-garangan, sanadyan dadia wêdana, malah bupati pisan ta, yèn têtela mlarat, aja manèh arêp utang barang sing gêdhe diandêla, lagi ngêbon lênga bènsin bae, bokmanawa ora diwènèhi. Kosok-baline, sanadyan sajatine mlarat, nanging nèk katone garang, duwe motor, sandhangane dhandhing-dhandhing, omahe anjênggarang, sabên uwong têmtune iya padha sojah kuwi, tandhane aku kiyi bae, sadurunge aku duwe motor, sabên uwong nyêbute nyang aku, ya mung Rang Rèng bae, nanging barêng aku wis duwe piyat, Lănda, Jawa, utawa Tiyonghwa nyêbute nyang aku: mênir, bêndara, utawa dèn bei: Nala, dadi drajadku iya banjur pêthingkring munggah bae. Lha, saiki critakna nyang aku, bukti-buktine anggonmu ora dhêmên dhuwit, nanging nèk duwe dhuwit, malah kok gawe dana bae.

[Grafik]

Petruk : Bab anggonku ora dhêmên dhuwit sarta dhêmên nyang dana, kuwi thukule iya saka wêlasing atiku nyang sapadhaning umat, kajaba iku rak ana ta piwulang kang unine mangkene: sapa sing wêlas marang umating Pangeran, kuwi bakal kinasihan ing Pangerane, piwulang kiyi tak ugêmi bangêt, mulane barêng arêp bakda, iya wis dadi wajibku dana lan mitulungi nyang sakèhing umating Pangeran, lan iya tak jaga aja nganti nistha panindakku. Supaya bisa nglêksanani kabèh mau, nèk mung blanjaku bae iya ora cukup, mula iya tak saranani anjupuk pursêkot lan utang nyang wong liya-liyane. Aku banjur tuku mrêcon sasayahira, jalaran saka iki aku bisa nglêksanani kautaman têlung prakara: 1. aku mitulungi angurip-urip bakul mrêcon, 2. aku agawe sênênging wong kiwa têngêne omahku, 3. aku satuhu-tuhu iya mèlu mahargya anane dina riyadi, tur aku katon garang, kajaba iku aku tuku panganan pirang-pirang jodhang, jalaran saka iki aku iya anglêksanani kautaman pirang-pirang warna: mitulungi ngurip-urip para bakul panganan, anyugata kanthi sawarêge marang sapadhaning umat, dadi iya driyah, sidhêkah, pitrah kabèh diborong dadi siji, tur aku iya katon ambalêdag. Aku tuku sandhangan sing apik-apik, iku kajaba mitulungi ngurip-urip para bakul panganggo [pa...]

--- 434 ---

[...nganggo] aku dhewe iya katon brê...

Garèng : Wis, wis, yèn kaya panêmumu kuwi kêliru, Truk, sabênêre unèn-unèn sing sapa wêlas marang titahing Pangeran, mêthi kinasihan ing Pangerane, kuwi rak yèn bênêr panindake, yèn kaya sing kok tindakake kuwi malah ora dadi parênging Pangeran, sabab anggone wêlas mau sajatine saka anggone arêp nututi hawa kamurkane, murih dialêma garang, diaranana wong sugih, wong bèrbudi lan sapiturute, dadi têtêp jênêng wong munggah umpakan, yèn sing diarani watak wêlasan, lan kang dadi parênging Pangeran, kuwi wêtuning kawlasane ora karana pamrih, mung karana Allah bae, kaya ta: upama ana wong kêsripahan, mlarat bangêt, ora ana sing kanggo waragad anggone kêsripahan mau, kuwi banjur dipitulungi, têgêse: banjur diragadi sacukupe tanpa prajangji barang-barang, lan sapanunggalane. Wong sing tumindak mangkono iku, nêtêpi bêbasan: awèh têkên wong kalunyon, awèh obor wong kapêtêngan, awèh payung wong kodanan, awèh tudhung kêpanasan, ya iku sing sok diupamakake ing dhalang wêwatêkane Prabu Puntadewa nata ing Ngamarta. Apa kowe bisa tiru, Truk. Sukur yèn bisa, aku mursêkoti tadhah amin. Wis, rêmbug bab iki padha ditutup samene bae.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Pahêman Radya Pustaka ing Surakarta mêntas ngajangi sêsorahipun Mas Ismangil, Èsmusubrata, nêrangakên bab nalurinipun tiyang Kalang. Saha salajêngipun ing sabên wulan badhe dipun wontênakên sêsorah, ing wulan April punika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, bab tiyang Pinggir saha Gajahmati. Mèi, Tuwan Dhoktêr Piso, bab kabudayan Jawi. Juni, Mas Ngabèi Citra Iranya, bab kagunan Jawi. Juli, Mas Ngabèi Martasuwignya (guru) bab dhuwung. Agustus, Abusalèh, bab gandhèngipun basa Jawi lan Malayu. Sèptèmbêr, Tuwan Dhoktêr Sêtutêrhim, bab prasasti ingkang sumimpên ing Radya Pustaka.

Kawartosakên, benjing rawuhipun Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral bawah Prancis, ugi badhe mampir ing Surakata.

Wontên pawartos saking pulo Panjang, bilih pulo Krakatao thukulan enggal wontên ingkang mlêkah, ingkang sapratigan malêsêg, saha sitinipun tansah mindhak-mindhak longsor.

Iksamên padamêlan tangan ing Batawi, ingkang dipun wontênakên ing tanggal 23, 25, 26 tuwin 27 Marêt kêpêngkêr, ingkang nêmpuh wontên 26 ingkang lulus 8, tumrap băngsa Jawi wontên kalih, Mas Rara Sunarti tuwin Radèn Rara Darmiyati.

Alg. Ind. Clubgebouw ing Ngayogya sampun kêlampahan ngadêg, manggèn ing loji kêcil, cêkap kangge parêpatan tiyang 500.

Saking kaparêngipun pamarentah, amarêngakên wangsul saking bucalan, Anak Agung Gêdhe Putu, kalairan ing Karangasêm, Bali.

Ing dhusun Babakan, dhistrik Sindhang, Priyangan, wontên tiyang nuju nyambut damêl wontên ing kêbon dipun cakot sawêr, sanalika tiyang wau botên èngêt, saha sarêng kabêkta mantuk, pêjah wontên ing margi, badanipun abuh sadaya.

Pamarentah aparing palilah dhatêng dhepartêmèn B.O.W. ngangge arta f 200.000,- prêlu kangge miyarakên politieschool ing Sukabumi.

Wontên tiyang militèr 4 nalika nyabrang lèpèn Alo, Magêlang, sami kentir, ingkang kalih ngajal.

Wontên pawartos, bilih ing Surabaya tuwin Medhan, badhe dipun êdêgi pabrik bir, pasitènipun sampun angsal, saha sampun mêling mêsin-mêsinipun, biripun badhe dipun damêl ingkang nocogi kalihan kawontênaning nagari ingkang hawanipun bêntèr.

--- 435 ---

Murid Nias ing Surabaya, nama van Cassand angsal pamênang lotre f 10.000,-. Sarèhning piyambakipun wau sêkolahipun ing ngriku kados kêpêksa, mila sarêng angsal pamênang wau lajêng nêdya badhe sinau dhatêng Technische Hoogeschool ing Delft.

Wontên pawartos ing Dêlanggu, Klathèn, badhe dipun dèkèki griya sakit pitulungan, ingkang dipun adani dening kabudidayan ing Klathèn. Griya sakit wau mawi angsal biyantu saking sikênsorêh ing Surakarta.

Tuwan Suparta, ingkang damêl karangan wontên ing kalawarti Jangêt, dipun sêrêg ing pulisi, jalaran karanganipun wau isi wêwarah wiji gêgêthingan. Ing bab punika prakawisipun dipun êmbani panjênênganipun Mistêr Suyudi, dene Mistêr Ali Sastra Amijaya dados saksi.

Yong Yapha apdhèling Ngayogya mêntas damêl pasamuwan amèngêti adêging pakêmpalan wau sampun 14 taun. Kathah para tamu kakung putri ingkang sami rawuh, para wakil-wakiling pakêmpalan sami mêdhar sabda. Mistêr Suyudi mêdhar sabda ingkang damêl pamarêming para warga Yong Yapha.

Sêdyanipun parentah kasultanan ing Ngayogya badhe damêl kêbon binatang kathah badhe kalampahanipun, badhe manggèn ing tamansari, botên têbih saking kadhaton. Lan ing bab punika badhe prayogi sangêt, amargi patilasan adi ingkang namung badhe risak punika badhe sagêd mulya malih.

Benjing tanggal kaping 12 dumugi tanggal kaping 19 Mèi Kon. Bat. Gen. van K. en W. ing Batawi badhe ngawontênakên konggrès tumrap kawruhing sakubênging tanah India, ing ngriku mawi dipun wontênakên tèntunsêtèlêng ingkang mujudakên sawarning[4] kagunan, kados ta ing bab kêmasan, pandhe, undhagi tuwin sanès-sanèsipun, lan ugi badhe dipun wontênakên têtingalan ing sawarninipun jogèd.

Tuwan Harun al-Rasid, tilas wadana têrbêskiking ing Batawi, ingkang kenging prakawis kadakwa nyalingkuhakên arta, sampun karampungan ing pangadilan landrad, dakwa kaukum kalih taun, dipun suda nalika wontên tahanan, wolung wulan kalih dasa dintên. Pasakitan nyuwun apèl.

Mr. Radèn Kusuma Atmaja, lid rad pan yustisi ing Padhang, dipun têtêpakên dados rèhtêr komisaris ing rad pan yustisi ugi ing Padhang. Laminipun kalih taun.

Pakêmpalan sopir ing Surabaya ngawontênakên asuransi jiwa, sabên warga katêtêpakên ambayar f 0.75 utawi f 1.50 inggih punika sèri A utawi B, laminipun kawan taun. Samăngsa warga wau ngajal angsal arta f 250.- utawi f 500.- ugi wontên pêpetangan malih pitulungan dhatêng warga manawi manggih kasangsaran, ingkang ngantos andadosakên jompo ing damêl.

Ing dhusun Dhepok, Sragèn, wontên têtiyang sami kêsurupan, ingkang gadhah sêdya badhe damêl rêrêsah. Pulisi lajêng tumandang ing damêl, saha sagêd ambaskup dêdamêl landhêp 60 iji.

Wontên pawartos, kala tanggal kaping 2 wulan punika tukang-tukang kajêng băngsa Tionghwa ing Sêmarang, ingkang nyambut damêl ing mèbêl, indhustri Andriesse sami mogok, jalaran saking gadhah panêdha, nyambut damêl 5½ dintên supados bayaranipun kapetang 6 dintên botên dipun pituruti.

Radèn Kardiwikarta, jaksa ing Tasikmalaya, dipun kèndêli saking padamêlanipun, amargi gadhah tindak kirang lêrês ing bab arta dhatêng têtiyang ing bawahipun.

Paduka Tuwan A. Muhlenfeld residhèn têrbêskiking Jawi Kilèn, kawisudha jumênêng dhirèktur pangrèh praja.

Benjing tanggal 9 wulan punika wanci jam 9 enjing kapal pêrang Prancis, Jules Michelet ingkang dipun titihi Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Indhocina dumugi ing Tanjungpriuk. Rawuhipun tamu agung wau mawi pakurmatan kados sacaraning Gupêrnur Jendral Indhia ngriki, saha mawi lampah-lampah agêng.

Wangsulan saking Redhaksi

Para priyantun ingkang kaparêng manjurung ing Kajawèn, manawi ngintuni karangan mugi sampun kasêrat ngangge aksara latin, lan sampun dipun sêrat molak-malik, amargi kêpêksa lajêng dipun sêrat malih, dados ngathah-ngathahi damêl.

Tuwan Darmasewaya, ing Bojanagara. Pandangu panjênêngan punika Onderwijsbureau ing Bandhung.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3435 ing Surabaya. Tanggal 16/3-'29 Kajawèn botên mêdal, mriksanana wara-wara ing Kajawèn nomêr 20.

Lêngganan nomêr 2225 ing Lêmabang (Indramayu), lêngganan kapetang wiwit: 1/2-'29. f 1.50 punika tumrap wulan Mèi dumugi Juli '29.

Lêngganan nomêr 80 ing Trucuk. Pos wisêl f 4.50 sampun katampi. Taun punika lunas.

Lêngganan nomêr 3715 ing Pênumping. Wisêl f 1.50 ingkang kakintun kaping 1/3-'29 tumrap wulan Pèbruari Marêt sarta April. Dados kangge kwartal punika kirang f 1.- kawuningana.

Lêngganan nomêr 3926 ing Magêlang. f 1.50 sampun katampi. Nuwun.

--- 436 ---

Wêwaosan

Pêpisahan 27 Taun

Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta.

18.

Tuwan dhoktêr lumêbêt dhatêng kamar ingkang katêdahakên Tuwan Hèldhêring, tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring sami tut wingking. Admadi dipun priksa, nitik dangunipun, têtela bilih pamriksanipun titi atapis.

Sarêng pamriksanipun sampun rampung, Nyonyah Hèldhêring pitakèn: kadospundi dhoktêr, mênggah sakitipun lare punika, ambêbayani punapa botên.

Dhoktêr mangsuli: Manawi botên enggal kabêkta mriki pancèn ambêbayani.

Dados anggèn kula enggal ambêkta mriki punika dhapur nama kalêrêsan.

Pancèn makatên. Nanging sampun dados panggalih: nyonyah, sanadyan sêsakitipun lare punika botên ambêbayani, kintên kula botên badhe sagêd saras tumuntên, sagêd saras salêbêtipun kalih têngah wulan kemawon kula anggêp sampun bêgja sangêt.

Sanadyan ngantos kalih tigang wulan botên dados punapa, anggêr mantun kemawon.

Anggènipun lare punika katirahakên mriki, tamtunipun wontên ingkang akèn, apêsipun ngudhoni rêmbag, punapa botên.

Pancèn makatên, malah ingkang dhawuh inggih nganthèni sêrat katrangan. Tuwan Hèldhêring lajêng mêndhêt sêrat saking kanthonganipun, kanthi urmat kaulungakên dhatêng tuwan dhoktêr. Tuwan dhoktêr nampèni, tumuntên kawaos ing batos, sarampungipun maos wicantên: O, dhoktêr phan Blomêstin, kula têpang sangêt.

Inggih. Samangke lare punika kula pasrahakên ing panjênêngan, dhoktêr, benjing-enjing kula badhe wangsul, botên langkung kula nyuwun pangèstu, lan pangajêng-ajêng kula lare punika tumuntêna saras.

Andhèrèkakên sugêng tuwan, makatên ugi panjênêngan, nyonyah. Botên beda kula, pangajêng-ajêng kula ugi makatên. Samangke kaparênga kula wangsul, mangke kula kintuni jampi.

Sasampunipun tabikan dhoktêr lajêng kesah.

Salatiga, lêrês botên rame, nanging asri, dumunung wontên papan ingkang inggilipun ± 584 mètêr saking lumahipun sagantên, dados wontên parêdèn. Hawanipun asrêp sakeca, mila inggih mèmpêr bilih kathah Walandi ingkang dhatêng ing ngriku prêlu tirah. Saking Salatiga wontên rêdi tiga ingkang kêtingal, satunggal: rêdi Ungaran, inggilipun 2050, kalih: Telamaya, inggilipun 1883, lan tiganipun: Mêrbabu, inggilipun 3145 mètêr. Kuciwanipun dene kitha wau botên katrajang margi sêpur utawi trèm, katrajang lèpèn ingkang agêng ugi botên, namung ing sawetanipun ragi têbih bilih wontên lèpènipun nama Sênjaya, tukipun saking pêpèrèngipun rêdi Mêrbabu, mili mangalèr nêmpuri lèpèn Tuntang. Saking Salatiga wontên margi agêng ingkang mangalèr dhatêng Sêmarang, ingkang mangidul dhatêng Surakarta. Wontên Salatiga tuwan tuwin nyonyah Hèldhêring namung nyipêng sadalu, enjingipun wangsul dhatêng Sêmarang, enjingipun malih têrus mantuk dhatêng Pakis, ingkang têngga Atmadi namung Bok Sura piyambak.

Sinaosa sampun sawulan wontên ing patirahan, sakitipun Atmadi dèrèng kêtingal suda, ing sêmu jampi-jampi ingkang saking dhoktêr botên mitulungi, mila Bok Sura tansah prihatos, saya malih tumrap Atmadi piyambak. Tiyang kêkalih wau asring sami gadhah gagasan ingkang botên-botên, malah trêkadhang gadhah pandakwa: wontênipun tuwan dhoktêr criyos bilih sakitipun Atmadi botên ambêbayani punika, namung kangge ngecani manah kemawon.

Nuju ing wanci sontên, Bok Sura nuju tilêman, dumadakan mirêng Atmadi nangis sêsênggukan, mila dados kagèt, tumuntên tangi, nyêlaki patilêmanipun Atmadi saha pitakèn, têmbungipun: Kêna apa Di, dene nangis.

Atmadi mangsuli mingsêg-mingsêg: Sintên ingkang botên nangis êmbok, bilih anggagas sakit kula ingkang kados makatên punika.

Wong lagi lara, kapriye manèh, masa dadak bakal salawase.

Samangke tanggal pintên wulan punapa, êmbok.

Tanggal limalas sasi April.

O, tanggal sapisan Yuni inggah-inggahan, tamtu kula botên sagêd tumut minggah, êmbok.

Lagi ora munggah sapisan iki, ora dadi apa.

Salêbêtipun sawulan tilêmipun Atmadi ajêg tansah kirang, trêkadhang namung nêm jam ing sadintênipun, trêkadhang pitung jam. Măngka pamanggihipun para sagêd sawêg tiyang sêpuh kemawon kêdah tilêm apês-apêsipun wolung jam, kirang saking samantên badhe nyuda kasarasanipun badan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


uwohipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn ngandhakna anane nagara mau. (kembali)
Sumantriyah. (kembali)
sawarnining. (kembali)