Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-24, #587

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-24, #587. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01-24, #587. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 7, 4 Pasa Taun Jimawal 1861, 24 Januari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [97] ---

Ôngka 7, 4 Pasa Taun Jimawal 1861, 24 Januari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sêsawangan

[Grafik]

Gambar nginggil punika sêsawangan ing sacêlakipun pasiraman ing hulu sunge Iani, Sumatra Kilèn.

--- 98 ---

Kagunan

Yuyutsu (Yu Yut Su)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6.

Manawi tiyangipun dèrèng kraos sakit utawi taksih badhe budi, pamuntiripun gulu sarta panênêtipun kuping kêdah dipun sorani.

[Grafik]

10a. Gambar muntir gulu.

Manawi dipun suduk peso saking ngiringan kiwa tangan ingkang nyêpêng peso kacêpênga ngangge tangan têngên sarta ing ngajêng (mriksanana gambar 11) lajêng dipun putêr manginggil kadosdene damêl bundêran (cirkel), sêsarêngan tangan kiwa kasanggakna sikuting mêngsah, kaangkaha sagêd dados kados gambar 12.

[Grafik]

11. Gambar anyêpêng peso.

[Grafik]

12. Gambar mutêr tangan.

Cêpêngan tangan nginggil (handgreep).

Sikut têngên dipun cêpêng ngangge tangan têngên, tanganipun dipun êsuk supados sampun ngantos sagêd dipun angkat mangajêng, sêsarêngan tangan kiwa dipun robolakên têrus anyêpêng sikut saking lêbêt, tangan ingkang dipun cêpêng lajêng dipun tênêtakên sêsarêngan sukunipun piyambak ingkang kiwa kajangkahna wontên sangajênging [sa...]

--- 99 ---

[...ngajênging] mêngsah kaangkaha supados kados ingkang katingal ing gambar ing ngandhap punika.

[Grafik]

13. Gambar nyêpêng sikut.

Têkakan (wrug).

Manawi mêngsah badhe nyikêp utawi sanès-sanèsipun saking ngajêng, lajêng karangkula ngangge tangan têngên, lampahing tangan saking kiwa manêngên, sirah kakêmpit ing cengklekan têngên, tênggorokan katênêta mawi balunging tangan têngên sakiyatipun. Sarèhna[1] tiyang wau botên sagêd ambêkan, ingkang limrah tanganipun lajêng botên sagêd nyongkol, sanajan sagêda kenging dipun tangkis ngangge tangan kiwa. Manawi ingkang nêkak wau andhawah suku dipun pancal, panyêpênging gulu botên ewah, tiyang punika tamtu sagêd putung gulunipun.

Antêman.

Kadosdene ing ngêlmi silat, ugi ngèlmi yuyutsu, pangantêmipun gadhah cara piyambak, sarta antêman wau sak sagêd-sagêd dipun dhawahakên ing saranduning badan ingkang gevoelig, supados manawi pangantêmipun rosa mêngsah sagêd kalêngêr utawi pêjah. Nanging ing ngriki botên prêlu kula aturakên, amargi ing ngèlmi yuyutsu antêman punika awis-awis dipun angge. Ingkang limrah namung badhe anyêpêng mêngsah, prêlu anamakakên greep utawi ambanting. Tiyang ingkang kenging kacêpêng adatipun namung kantun naros, punapa kapingin dhawah malumah punapa mangkurêb.

Mèh sadaya greep manawi dipun tamakakên kanthi sora sagêd adamêl tugêling ros-rosan utawi aniwasi. Pramila manawi sinau namakakên greep kêdah botên kenging grusa-grusu.

Kadosdene ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, sadaya wados-wadosing yuyutsu punika namung sakêdhik ingkang dipun sumêrêpi dening sanès bôngsa Jêpun, pramila sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika kenging kaupamèkakên barang mirah kemawon. Ewadene manawi dipun sinau saèstu, punika ugi sampun lumayan kangge jagi salira. [sa...]

--- 100 ---

[...lira.] Sadaya pratikêl ingkang kasêbut ing nginggil punika kenging kawolak-walik kiwa têngênipun manut sakajêngipun ingkang nanjakakên.

Katsu (Katsu).

Sanajan antêman utawi bantingan cara yuyutsu punika sagêd adamêl tiwasipun mêngsah, ewadene bôngsa Jêpan gadhah kasagêdan kangge mitulungi tiyang ingkang kalêngêr utawi botên sagêd ambêkan jalaran dipun antêm utawi dipun banting. Kasagêdan punika ing têmbung Jêpan dipun wastani Katsu. Ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên kadospundi pratikêlipun ananjakakên katsu wau, amargi kula piyambak dèrèng nate nulungi tiyang kalêngêr, dados dèrèng sagêd mastani lêrês lan botênipun, mila kula manah kirang prêlu kacariyosakên ing ngriki.

Tiyang sinau yuyutsu punika supados sagêd sampurna kêdah sinau kawruh saranduning badan, prêlunipun mangrêtos athik-athiking badaning manungsa.

Cara yuyutsu manawi mêngsahipun dhawah kêdah têrus dipun gêlut, prêlu badhe ananjakakên klem. Manawi klem sampun tumama kantun ngêntosi kajêngipun ingkang nyêpêng, punapa mêngsah badhe kadamêl sakit, punapa namung badhe dipun pêjahi akalipun, prakawis punika namung kangge manawi mêngsah sasampunipun dipun banting taksih badhe tangi utawi sanès-sanèsipun, nanging limrahipun manawi mêngsah punika botên ngrêtos yuyutsu utawi badanipun botên kiyat, dipun banting kemawon sampun tamtu botên sagêd tangi. Manawi klem punika dipun tanjakakên kanthi lirih, mêngsah namung pêjah akalipun kemawon (botên sagêd budi). Manawi sora anggènipun nanjakakên, sagêd adamêl putunging ros-rosan (gewrichten), sawênèhing klem sagêd adamêl tiwas. Mila manawi sinau klem punika botên kenging grusa-grusu. Manawi sinau nanjakakên klem kalihan kônca, salah satunggal ingkang kenging klem manawi sampun kraos sakit, prayogi nyukani tôndha, upami nablèk saliranipun ingkang nyêpêng, wondene ingkang nyêpêng manawi sampun dipun tablèk, kêdah ngêculakên cêpênganipun.

Ing ngriki kula badhe mangsuli malih prakawis andhawah. Andhawah punika paedahipun agêng, botên ngêmungakên kangge main yuyutsu kemawon, nanging ugi sagêd mitulungi sawanci-wanci manawi dhawah. Kula sampun anyipati piyambak tiyang dhawah kajungkêl wontên kalèn ingkang lêbêtipun wontên kalih mètêr tur dhasaripun jubin, sagêd wilujêng jalaran saking kasagêdanipun andhawah. Tiyang wau namung babak sakêdhik ingkang botên mutawatosi. Manawi botên sagêd andhawah apês-apêsipun malêbêt griya sakit, manawi botên kalêrêsan sagêd putung gulunipun utawi kontag utêkipun (hersenschudding).

Manawi sinau andhawah prayogi dipun wiwiti wontên ing panggenan ingkang êmpuk, upami kasur utawi pawêdhèn. Manawi sampun mangrêtos saèstu pratikêlipun, kawiwitana andhawah wontên ing siti utawi jubin. Sadèrèngipun sagêd saèstu, poma-poma sampun andhawah wontên ing jubin, punika mutawatosi sangêt, kula nyipati wontên tiyang kasêsa wantun sinau andhawah [andha...]

--- 101 ---

[...wah] wontên ing jubin, cêthitipun kenging jubin lajêng botên sagêd lumampah ngantos saminggu. Ewadene manawi sampun sagêd saèstu sarta salira sampun kulina, sanajan dhawah wontên ing jubin botên kraos sakit.

Ingkang kula cariyosakên ing nginggil punika namung sawatawis saking 300 akal (trucs) yuyutsu kados ingkang kasêbut ing ngajêng, sarta botên sapintêna saenipun, jêr kula sanès tiyang ingkang mumpuni dhatêng kagunan punika. Manut cariyosipun guru ingkang kasêbut ing ngajêng, tiyang badhe sagêd yuyutsu saèstu, botên cêkap sinau sataun kalih taun, nanging dasanan taun.

Prakawis yuyutsu punika kula jugag samantên kemawon, sanès dintên kula nyariyosakên prakawis selat.

Samsi.

Wulang Sae

Taman Kajawèn

[Dhandhanggula]

mardi budi dènirarsa mamrih / tama tuman tumanêm ing nala / supadyantuka manise / ardaya ngriptèng kidung / jajalan mrih anênuntuni / ing tyas angraos tuna / purwakèng mangapus / wawasan ing isènira / adining kang pustakawarti Kajawin / sri yayah patamanan //

taman agung dahad anglam-lami / mila pênêd lamun pinilala / lumastari salamine / dening pra mitra sagung / bôngsa Jawi jalu lan èstri / mèt karênan myang guna / nèng jro taman luhung / wit sajroning patamanan / têtanêmanira adi amêpêki / sadaya wèh piguna //

sumawana kang para raryalit / linantiha karêm dêdolanan / nèng jro tamaning Kajawèn / dhasar papan wus sinung / nunggil anèng papan sawiji / sinêbut Taman Bocah / pamintaning dunung / mrih tan kalintu ing prênah / unggyanira janma diwasa sinisih / lawan doning pra wêka //

arsayèng tyas dera mèt pakolih / tuhu lamun jroning patamanan / anyakupi sadayane / sagung sarwa tinandur / adi endah amôncawarni / sêkar miwah wohira / yèku witing kawruh / ingkang kêdah kinawruhan / myang binudi dening para mitra Jawi / mangkana wijangira //

jatiningkang têtanêman adi / jêr sanyata Kajawèn angêwrat / kawruh adi sadayane / tumrap wanita jalu / yèku kawruh basa upami / tuwin panggulawênthah / reka anênandur / babad tuwin kasarasan / kasusilan lah-olahan tuwin malih / panuntun laku tama //

gunêmira Petruk Garèng mamrih / anuntuni pikir ingkang tuna / sêsêmbranan mèt pranane / myang pakabaranipun / jroning praja lan sanès nagri / kanthi gambar sanyata / cêkak aosipun / sadaya amêngku pedah / ing pangraras tan kaduk nguyah asêmi / apan amung sanyata //

rumêsêpnya janma kang umèksi / nadyan amung sinangkan sing wisma / sasat ngawruhi sanggyane / ing don ingkang ngalangut / kang kacêtha sajroning tulis / kadi ta ananira / rêdi kang anjêblug / Tamansari ing Ngayogya / pakêmpalaning para wanita Jawi / miwah kaanan liyan //

dhumawahing papan ingkang têbih / kongsi praptèng jajahan Eropah / kathah winot ing

--- 102 ---

Kajawèn / pinilih ingkang prêlu / mrih amot ing papan nyêkapi / kawontênan mangkana / nyata saenipun / prandene ing sêdyanira / apan maksih binudi mrih dadya bêcik / tuhu langkung utama //

sunduk lawan andharannya nguni / dyan rêdhaktur nèng Kajawèn enggal / nomêr juga warsa nêmbe / sèwu lan sangang atus / tigang dasa satunggal nênggih / têtêping rêginira / mrih karênan nutug / marma wajib pra lêngganan / sung tarima ing tyas kanthi tôndha yêkti / yèku sarananira //

ing tyas sêtya pambayaring rêgi / sabên kwartal kang datan sapira / pinikir lan pigunane / mrih kasêmbadanipun / gêsangira taman lêstari / tan wontên sambekala / wèh sukaning kalbu / kadi kasanggupanira / marma mangke amba usul sawatawis / manawi dèn parêngna //

pangrêmbag nèng polêksrad prayogi / dèn êwrata anèng jroning taman / punika gung pigunane / wit dadya têlêngipun / sagung rêmbag tumrap sakalir / dene pangêwratira / rèh sabên ri Saptu / wus ngêwrat kang Taman Bocah / yogyanira ri Buda dèn êwrat mugi / atur amba mangkana //

cinondhongan dening para wajib / amanggalih mamrih saeninira / wontêning taman Kajawèn / sukur lamun wus cundhuk / lan wijining sêdya utami / kang sinimpên wus lama / nèng têlênging kalbu /[2] puwara ingkang mangkana / mung sumôngga ing kaparênging panggalih / tuwin atur kawula //

tandukira kang tan amranani / miwah patrap pangikêting basa / sayêkti kathah sisipe / tarlèn amung nyênyuwun / lumunturing sih pangaksami / mring sagung pra nupiksa / titining pangapus / pinèngêtan warsa surya / sinangkalan: iku guna trusthèng janmi / martani suka arja //

Lêngganan K. 5064.

Pêkên Enggal

[Grafik]

Sisih punika gambaripun pêkên enggal ing Pasar Minggu, Mèstêr Kornèlis. Ingkang sampun kabikak nalika dintên Sabtu tanggal kaping 17 wulan punika. Kapetang waragad saha panumbasing siti wontên f 49418.-

--- 103 ---

Kawruh Sawatawis

Cêkakanipun Kawruh Bêksa Tayub (Gagragan Enggal)

Bêksa tayub punika wontên warni kathah, upaminipun bêksa tayub kasatriyan, lan sanès-sanèsipun, gumantung inggil sarta andhaping drajatipun ingkang kadhawahan sampur sarta ingkang larih. (Têmbung larih punika têgêsipun angladosi, dados tiyang ambêksa nglarihi punika têgêsipun angladosi ingkang kadhawahan sampur). Ingkang nuju kêdhawahan sampur punika kêdah angaosi ingkang sami larih, kaping kalihipun kêdah angaosi ingkang gadhah griya. Wondene ingkang larih ugi kêdah angaosi ingkang nuju kêdhawahan sampur sarta ingkang gadhah griya. Cêkakipun tiyang ambêksa wontên ing tarub punika botên kenging sakajêng-kajêngipun piyambak kemawon, kêdah mawi tatan ingkang sae sarta ngurmati dhatêng para tamu sanès-sanèsipun ingkang wontên ing pandhapi ngriku.

Mênggah tiyang ingkang kêdhawahan sampur punika bêksanipun sakajêngipun piyambak. Liripun kenging mamèrakên kasagêdanipun ambêksa, nanging kêdah mawi tatanan kados ingkang kasbut ing nginggil, sarta kêdah ngêmong dhatêng ingkang sami nglarihi.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun bêksa ngibing cara Sundha.

Tiyang larih punika limrahipun rakit kalih-kalih, mawi gêlas lan kêndhi. (Nglarihi ambêksa piyambak punika kêtingalipun dêksura, kajawi manawi ingkang nuju kêdhawahan sampur punika langkung andhap drajatipun utawi langkung ênèm katimbang ingkang larih, tur sapunika kenging kawastanan sampun botên anjaman), tiyang larih punika sasagêd-sagêd amêthukakên lampahipun ingkang kêdhawahan sampur. Sasampunipun mêthukakên sarambahan lajêng sami malik amêthukakên malih, kaangkaha dumugi têngahing pandhapi nuju dhawah gong, ingkang larih lajêng sami ngaturakên unjukan, wusana ingkang saprangkat mundur. Rakitan sanèsipun taksih lajêng ambêksa, ingkang kêdhawahan sampur kêdah ngladosi satunggal-satunggaling rakitan wau ngantos ingkang pungkasan piyambak.

Cakipun bêksa tayub limrah kados ngandhap punika:

--- 104 ---

Cak sapisan tanjak têngên ukêl asta têngên (dipun kintên-kintên wontên sangajênging timang)… (1)

Ngoyog badan, pacak jôngga mangiwa… (2)

Suku têngên majêng, asta kiwa ukêl, polatan mangiwa… (3)

Tanjak suku kiwa, asta kiwa sampun dados ukêlipun wontên ing ngajêng… (4)

Ngoyog badan, pacak jôngga mangiwa… (5)

Suku kiwa majêng, asta têngên ukêl, polatan manêngên… (6)

Tanjak têngên, asta têngên sampun dados ukêlipun wontên ngajêng… (7 = 1)

Bêksa têmantèn. Têmantèn yèn ambêksa wontên ing panggenanipun marasêpuh, punika wiwitipun ambêksa wontên ing kontêning pandhapi (atêgês ngurmati dhatêng marasêpuh). Gêndhingipun ingkang limrah: Êla-êla.

Yèn têmantèn ambêksa wontên ing panggenanipun piyambak, wiwitipun wontên sangajêngipun kontêning griya. Gandhèngipun ingkang ngadat: boyong (awit limrahipun tiyang Jawi mantèn panggih punika wontên ing panggenanipun ingkang èstri, salajêngipun bibar sapêkên kapundhut dhatêng panggenanipun pangantèn jalêr).

Bab gêndhing ing bêksa tayub. Tiyang tayuban punika manawi mundhut gêndhing, kajawi kaparênging panggalih, ugi kêdah ngèngêti lênggahing laras gathukipun kalihan wanci.

Jam 8 dumugi jam 12 slendro, pathêt nêm utawi pelog pathêt gangsal.

Jam 12 dumugi jam 3 slendro, pathêt sanga, pelog pathêt nêm.

Jam 3 dumugi jam 6 slendro, pathêt manyura, pelog pathêt manyura utawi pathêt barang.

Sasagêd-sagêd miliha gêndhing prênès, nanging sarèhning wontên ing laras pelog pathêt gangsal utawi slendro pathêt nêm punika gêndhingipun awis ingkang prênès ingkang prayogi tumraping bêksa bêksa tayub, mila lajêng ingkang dhawah enjing kenging dipun walik, cêthanipun sontên jam 8 dumugi jam 12 kenging ngangge gêndhing slendro pathêt manyura utawi pelog manyura sarta barang.

Ingkang dipun wastani bêksa merong wontên ing bêksa tayub punika, ambêksa yèn gêndhingipun dèrèng manggih iramanipun dados kêndhangan ciblon (gêndhingipun kawastanan sawêg merong).[3]

Suharda.

--- 105 ---

Jagading Wanita

Pandamêlipun jênang nanas

Para maos kados botên kêkilapan, mênggahing têtêdhan nama jênang nanas, kados kemawon ugi sampun sami ngraosakên dhahar. Awit jênang nanas punika padatanipun, kangge nyamikan abên ngunjuk wedang, trêkadhang jênang nanas punika asring kangge isèn-isèn roti bolu, nanging roti bolu ingkang ngangge isèn-isèn jênang nanas, kalêbêt roti bolu ingkang adèn, lan ugi asring kangge isèn-isèn dhêdhaharan sanèsipun, ingkang kalêbêt bôngsa adèn.

Wondene ingkang badhe kula andharakên ing udyana Kajawèn ngriki, inggih punika pandamêlipun jênang nanas. Ewasamantên manawi panjênênganipun kangmas rêdhaktur, marêngakên ngêwrat ing papaning Kajawèn ngriki. Bokbilih wontên paedahipun, kangge mêwahi sêsêrêpan para sadhèrèk ingkang lêngganan Kajawèn, ingkang kirang mangrêtos. Mênggah têrangipun pandamêlipun, kados ing ngandhap punika:

Panjênêngan ingkang krêsa badhe nyobi, mundhuta nanas gangsal iji, lajêng kaoncèkana sadaya, sasampunipun kaoncekan sadaya, kairis-irisa, sakintên agêngipun irisan wau. Prêlunipun manawi dipun parud, sagêd anggampilakên panyêpêngipun. Sapunika nanas oncekan wau lajêng kaparud sadaya, ingkang kangge marud, inggih punika parud ingkang kangge marud klapa, sukur manawi wontên parud ingkang ragi agêng, supados gampil. Bilih sampun dados parudan sadaya, parudan wau lajêng kapêrêsa, ingkang ngantos apuh ical toyanipun. Pêrêsan parudan nanas wau, kawadhahana samukawis wadhah sapantêsipun. Sapunika abênipun: mundhuta klapa kalih, klapa punika dipun pêndhêt santênipun, gêndhis pasir kalih katos, lan galêpung kêtos sakatos.

Lah, sapunika manawi sampun cumawis sadaya, kantun pangolahipun. Cawisa wajan waos, manawi botên wontên wajan waos, kenging wajan siti. Sasampunipun gêndhis lan santên kacampur nuntên kagodhog ing wajan wau rumiyin, manawi sampun ragi kênthêl (mata ula), parudan nanas wau lajêng kacêmplungakên. Kaudhaka ingkang ragi dangu, nuntên glêpungan kêtos punika, lajêng kacampurakên lan kaudhaka sakênthêlipun (kêsêt), manawi sampun katingal kêsêt, lajêng dipun êntas, punika sampun nama jênang nanas. Wontên malih anjênang nanas ingkang beda kalihan punika, inggih punika namung nanas lan gêndhis kemawon, punika botên sagêd akas (kêsêt), sapunika wadhahipun, ingkang kangge mêntas saking wajan. Mundhuta nampan kajêng, yèn botên wontên nampan kajêng, kenging wadhah sanèsipun, ingkang kenging kangge ngêlèr, utawi anggaringakên, [angga...]

--- 106 ---

[...ringakên,] sakintên ing ngriku botên murugakên ngumis (ngêdalakên toya). Sasampunipun kawadhahan, kaêlèra sakintên ragi gêmpi, lajêng kairis-iris, punapa badhe dipun buntêli kadosdene sêle pisang, punapa badhe kadamêl isèn sêtoplès, kiyat kasimpên ragi dangu, ngantos wulanan. Punika pratikêlipun, manawi sampun kairis-iris, iris-irisan jênang wau lajêng dipun êpe, pangêpenipun kintên-kintên manawi sampun kêring (garing), nanging garingipun sampun ngantos kados sela, lajêng dipun êntas. Lah, punika manawi sampun kados makatên, kiyat kasimpên ngantos wulanan. Kenging kangge tambêl bêtah, sawanci-wanci bilih wontên sanak sadhèrèk dhatêng, punika kenging kangge abên-abên wedang. Punapa malih dhong kang putra nyuwun arta kangge jajan, dipun lintoni punika.

[Grafik]

Gambar nanas ingkang sawêg dipun oncèki.

Namung cêkap samantên andharan kula bab jênang nanas. Bilih wontên sadhèrèk krêsa paring sêsêrêpan pandamêlipun jênang nanas, kula nyuwun mugi wêdharna ing udyana ngriki. Awit mênggah sêsêrêpan kula wau, bokbilih kirang lêrêsipun. Botên namung saking panyuwun kula, para sadhèrèk sadaya, ingkang sami maos isining Kajawèn, ngêgungna ing samodra pangaksamanipun. Awit saking kiranging têtêmbungan, saha ukaranipun.

Muh Sarirêja.

Ing sarèhning wêkdal punika nyarêngi wulan Siyam, salajêngipun sabên Kajawèn mêdal, badhe ngêwrat pratelan dhaharan minôngka kangge pacitan buka. Red.

--- 107 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Priyantun Pangrèh Praja ing Polêksrad

I.

Garèng: Truk, Truk, anggone rêmbugan prakara lagi dina Saptu kae, padha dilèrèni dhisik, saikine aku kêpengin rêmbugan karo kowe prakara sing prêlu têmênan, sing wêktu kiyi lagi dadi ucap-ucapane sabên irung. Yaiku: anane priyayi-priyayi sing padha dipilih dadi lid polêksrad. Mungguh panêmumu kapriye, Truk, lide polêksrad bôngsa Indhonesiah kuwi, sing dipilih sing akèh jêbul para priyayi golongan pangrèh praja. Mara, pikirên, ing tanah Jawa bae, ingatase sing dipilih kuwi mung ana sêpuluh glintir, sing pitu kok jêbul para priyayi saka golongan pangrèh praja.

[Grafik]

Petruk: Wiyah, kok kaya etung-etunganing tike kathik nganggo glintir barang. Ora, Kang Garèng, kowe pitakon mungguhing panêmuku para priyayi pangrèh praja padha lênggah ing polêksrad. Kuwi ing bab apane. Apa ing bab kapintêrane, rumasaku kaya-kaya iya wis cukup thik nganggo bangêt, awit apês-apêse para priyayi sing kêpilih dadi lid polêksrad iki iya mêksa wêton pamulangan plêdhingsêkul. Apa ing bab balanjane, ing sarèhning sing wis kêpilih kuwi cilik-cilike apangkat patih, têmtune iya adoh yèn sok nindakake kaya kowe aku kae, yaiku: ikêt siji dilêbokake ing gadhèn kabèh. Apa ing bab kaprawirane, kira-kiraku iya mokal yèn nganti kalakon kaya kowe aku: mudhun saka dhokar, disênèni ing kusir, sabab pambayarane kurang.

Garèng: Hara, kok banjur sing-sing ngono, sing diomong. Aku kiyi arêp omong prêlu têmênan, Truk, ora arêp gêguyon, mulane saiki tak balèni manèh pitakonku, Truk, mungguhing panêmumu kapriye, priyayi pangrèh praja lênggah ana ing polêksrad kuwi, apa bakal migunani tumrap tanah Indhonesiah kene, apa kêpriye.

Petruk: O, mêngkono pitakonmu. Nèk mungguhing aku, wong dadi liding bêbadaning pamarentah kuwi rak gumantung nyang wonge, ora nyang pangkate. Sabab kaya-kaya rak iya ora kurang,

--- 108 ---

ta, priyayi pangrèh praja kang lênggah ana ing rad-rad, sing pancèn katon pamore têmênan, têgêse: ora ngêmungake bisa nyandhak apa sing dirêmbug ana ing kono bae, nanging nèk prêlu uga wani lan bisa mancahi utawa urun rêmbug. Kosokbaline, rak iya ana bae, lid-lid bêbadaning pamarentah sing dudu priyayi pangrèh praja, ana ing kono, cara kêndhurène mono, kayadene tindaking glibêd (baturing santri), arêp mèlu oman-amin bae, durung katut, bisane mung anjèrèng kacu anggawa brêkat.

Garèng: We, hla, gênahe Petruk kiyi ngrewangi. Yah, iya ora adil, nèk banjur ewang-ewangan mêngkono, dumèhane wis tau nyambut gawe nyang pangrèh praja, tur jênênging pangkate dawa, yaiku: magang lir ling èlêpsêkripêr asistèn wadana, banjur ngumbul-umbulake priyayi pangrèh praja. Kowe kudu kôndha sing adil, aja nganggo pilih sih ngono. Mara, nèk mawas kapintêrane bae, tumraping priyayi pangrèh praja kuwi unggul-unggule rak mung wêton bêstirsêkul. Balik liyane golongan pangrèh praja, rak bisa milih sing jêmpul-jêmpul, kaya ta bangsaning: insinyur, dhoktêr, mèstêr lan sapêpadhane, dadi bisa milih para kang wêton saka pamulangan luhur. Hara, mungguhing kapintêrane, priyayi pangrèh praja yèn dipadhakake karo bangsaning singir, dhoktêr utawa mèstêr mau, apa iya ora nyamut-nyamut bangêt.

Petruk: Kang Garèng, aku iya ngandêl, yèn kapintêrane priyayi pangrèh praja umume kalah karo insinyur, apamanèh ing bab ... gawe omah, krêtêk, lan sapadhane. Priyayi pangrèh praja iya kalah kapintêrane, nèk dipadhakake karo dhoktêr, luwih-luwih ing bab ... nênambani wong krowak, wong lara panas, watuk, mêngi lan sapiturute. Mêngkono uga priyayi pangrèh praja iya mêsthi kalah kapintêrane, nèk dipandhing karo bangsaning mèstêr-mèstêr kae, ning iya ing bab ... artikêl sêmene, sêtatsêblad taun sêmana, cêkakane ing kawruh-kawruh sing gêgayutan karo ngilmu kukum. Nanging mungguhing kawruh liya-liyane, apa iya kalah, hla kuwi durung kinar, sèh. Kaya ta: kaanane ing desa, mangsaning tandur, ngurus prakara, anggolèki maling, ambagi banyu, prakara lanrèntê, lan isih akèh manèh tunggale. Malah kira-kiraku para insinyur, dhoktêr, mèstêr mau, iya mêksa kalah upama dièksamên karo para priyayi pangrèh praja ing bab ... milih sêlir, main cêki, bakaran, sêlikuran ...

Garèng: Wis, wis, kok banjur ora karuwan mêngkono sing diomong. Ana ngrêmbug kapintêran, kok milih sêlir, cêki, bakaran barang digawa-gawa.

Petruk: Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, anggonku ngomong mangkono mau, mung arêp ambuktèkake, yèn wong dadi priyayi ing pangrèh praja kuwi kudu jêmbar kawruhe, dhuwur sêsurupane, lan cukup kapintêrane.

Garèng: Aku pancèn iya ngandêl, Truk,

--- 109 ---

yèn priyayi pangrèh praja kuwi kudu jêmbar kawruhe, dhuwur sêsurupane, sarta cukup kapintêrane, sabab saka kagawa pagaweane, pancèn iya rênês, aliyas rupa-rupa bangêt. Nanging jalaran saka kagawa pagaweane mau, sing banjur tansah kajèn kèringan: nèk nang gone wong duwe gawe mêsthi nang ngisor talang, sanadyan nyumbange ora sapiraa, mêksa olèh papan sing kapenak dhewe, dhaharan sing nomêr wahid, nèk kabênêr tayuban, iya olèh sampur dhisik dhewe, lo kuwi sok anjalari priyayi pangrèh praja banjur kagungan watak arêp ngukuhi adat cara kuna, têgêse: nèk ana wong sowan, sing didangu dhisik dudu wonge, nanging ... pangkate, malah kadhangkala sing diopèni jêbul ... sandhale. Anggone nyawang bawahe, ora kok anggone mêmpêng panyambutgawene, nanging anggone ... nang dalêm, nang dalêm, lan sedhokan panyêmbahe. Hla, nèk watak kaya mêngkono kuwi digawa nyang polêksrad, apa iya ora bakal ngalang-alangi kamajuaning bangsane dhewe kiyi. Awit ing têmbe yèn ing polêksrad angrêmbug manèh tumindake ormat sirkulèr upamane, yaiku: supaya sêmbah dhodhok sabisa-bisa kudu diilangi, kiraku bêndara-bêndara priyayi mau kanthi barêng mêsthi padha nyauri: tidhak mupakat.

Petruk: Kang Garèng, omongmu kang mangkono kuwi, sanyatane kêna yèn banjur diaranana: pangina utawa panacad. Awit sabênêre, lakuning jaman kuwi ora mung ngênani nyang wong sing kaya kowe aku bae, nanging sanadyan wong sing uripe nyang donya wis kêpenak êmbahning kêpenak, iya mêksa diambah dening lakuning jaman mau. Buktine: pakumpulan meja bundêr kae, sing angrêmbug bab panuwunane para kawula ing tanah Indhu supaya olèha kamardikan, lo, kuwi sapa sing nyana, yèn para raja-raja Indhu, sing ana ing donya kene wis ora beda karo ana ing suwarga, têgêse: ana ing donya kene wis bisa tinurutan apa karêpe, ewadene pêpuntone pikirane kok iya padha bae karo kawulane. Hara, kiyi rak wis têrang bangêt ta, yèn dayaning jaman kuwi ora mung nyang wong siji loro bae, nanging mratah. Nanging ing bab kiyi padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 4 kaca 55, ing bab bantingan wêtêng (maagworp) wontên ungêl-ungêlanipun: suku kiwa kapanjatna ing wêtêng ragi mangandhap, lajêng andhawah, punika lêpat. Lêrêsipun: suku têngên kapancatna ing wêtêng ragi mangandhap, lajêng andhawah. Mugi kauningana.

--- 110 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pilihan warga rad kawula.

Kala malêm Sêtu tanggal 17 Januari kantor panyêteman rad kawula sampun parêpatan malih, anêtêpakên angsal-angsalanipun sêteman warga rad kawula gangsal wêlas gologan bôngsa Walandi.

Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika: Tuwan F.H. de Hoog, gêdhêlêgirdhê saha pangarsa upbêstir I.E.V., Tuwan Mr. R.A.A. Fruin, pangarsa upbêstir V.C. Tuwan Mr. P.A. Blaauw, warga upbêstir I.E.V. saha gêdhêlêgirdhê Tuwan Mr. P.M.C.J. Hamer, sèkrêtaris Java-Suiker-Werkgevers Bond, saha warga upbêstir V.C. Tuwan F.H. Zeydel, warga rad kawula saha warga upbêstir I.E.V. Tuwan W.K.K.H. Feuilletau de Bruyn, Mayor Inpantêri saha warga V.C., Tuwan N. Beetes, warga rad kawula saha upbêstir I.E.V. Tuwan Ir. E.J.L. Fuhri, up insinyur Propinsi Jawi Têngah ing Têgal saha warga I.E.V. Tuwan H.J. van Holst Pellekaan, warga V.C. saha adminisêtratir kabudidayan Cibulang (Bogor), Tuwan J.A. Monod de Froideville, warga rad kawula saha pangarsa upbêstir I.K.P, Tuwan C.E. Barre, residhèn Bôndawasa saha warga, I.E.V. Tuwan S.I. Kahn, wêwakil N.V. Tels & Co. ing Sêmarang saha warga V.C. Tuwan A.J.E.N. Engelenberg, warga rad kawula saha warga P.E.B. Tuwan Dr. E.J. Burger, kontrolir pangrèh praja klas satunggal ing Bêtawi saha kandhidhat, Vereeniging van Bestuursambtenaren, saha Tuwan Mr. C.C. van Helsdingen, gêdhêlêgirdhê saha kandhidhat C.S.P.

Malêm Sêlasa kantor panyêteman wau parêpatan malih, anêtêpakên angsal-angsalanipun sêteman warga rad kawula tiga golongan bôngsa mônca.

Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika: Tuwan H.H. Kan, tuwan tanah Tuwan Yo Heng Kam, kaptin bôngsa TiongHoa saha gêdheputirdhê Jawi Kilèn, saha Tuwan Loa Sek Hie, tuwan tanah, tiga pisan sami warga lami.

Indhakan prabeya sègêl padagangan.

Miturut wara-waranipun dhirèktur pinansiên, wiwit tanggal 1 Pèbruari ngajêng punika prabeyanipun sègêl padagangan saèstu kaindhakakên sèkêt pêrsèn, inggih punika sabên satus rupiyah saking sadasa sèn kaindhakakên dados gangsal wêlas sèn.

Pamulangan luhur kadhoktêran.

Lulusan dadaranipun kandhidhat perangan ingkang sapisan, Tuwan Sunarya (Sêlang, Lombok wetan).

Insêpèktur pangajaran têngahan.

Kapetang wiwit tanggal 2 Januari taun punika, Dr. Ir. P.N. Degens, insêpèktur pangajaran têngahan kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi kapatêdhan panarimah, dene ingkang kawisudha dados gêgêntosipun inggih punika Tuwan C. Hartogh, suwau ajung insêpèktur saha binêbahan padamêlan, insêpèktur ing pangajaran wau.

Propagandhah Budi Utama.

Pambantu B.N. ing Surabaya mirêng kabar bilih Tuwan Sudarya, sèkrêtaris pangrèh agêng Budi Utama ing Surakarta wêkdal samangke andamêl propagandhah wontên ing Jawi Wetan. Ing Surabaya manawi sampun cêkap cacahipun ingkang malêbêt dados warga lajêng badhe dipun wontênakên pang piyambak, dintên Ngahad ing Pasuruan saha ing Prabalingga badhe dipun wontênakên parêpatan propagandhah. Awit saking panyuwunipun propagandhis wau pang Malang ugi badhe andamêl propagandhah miturut Indonesia Raja, organipun para sêtudhèn bôngsa pribumi ing Bêtawi, panyuwunipun Tuwan Mr. Dr. Suripta supados katampi dados warga Budi Utama pang Bêtawi katampik, jalaran Tuwan Suripta wau kala wontên ing nagari Walandi dados panuntunipun Nederlandsch-Indonesisch Verbond, ingkang ancasipun botên salaras kalihan dhêdhasaripun Budi Utama.

Lindhu.

Kala malêm Sênen ingkang kapêngkêr wanci jam satêngah sanga langkung gangsal mênit ing Batawi wontên lindhu, dangunipun sawatawis sêkon. Miturut pambantu B. N. lindhu wau ing Sukabumi ugi kraos. Miturut katranganipun, Observatorium têlêngipun lindhu wau têbihipun 170 k.m. ing sisih kiduli kilèn, dados ing têluk Wènkup.

Kala dintên Rêbo wanci jam pitu langkung sakawan mênit, Kon Observatorium sampun anyathêti lindhu agêng saking kidul wetan, têbihipun 300 k.m., awit saking lindhu wau ugi kraos ing Pakis, Têgalrêja-Magêlang-Purwakêrta-Sêmarang-saha Têgal.

Salêbêtipun wontên lindhu wau kawartosakên bilih ingkang pêjah wontên tiyang 16, karugianipun kirang langkung wontên f 100.000.-.

Konsul Jendral Pêrancis.

Saking Dèn Hah Aneta martosahên[4] bilih Tuwan Gérardin kaakên saha kaparêngakên jumênêng konsul jendral Pêrancis wontên ing Bêtawi.

--- 111 ---

Mohamadiyah.

Dèrèng dangu pangrèh agêng Mohamadiyah Apdhèling Penoeloeng Kesengsaraan Oemoem sampun ngawontênakên parêpatan umum manggèn ing pandhapa pangulon ing Ngayogya, dipun pangarsani Tuwan Haji Brahim, miturut palapuranipun taunan, andhèling wau sampun gadhah griya lare yatim kalih, griya tiyang miskin satunggal, poliklinik kalih: ing Imagiri saha ing Kuthagêdhe saha satunggal malih ing kitha Ngayogya. Salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr cacahipun lare yatim ingkang kapupu ing griya lare yatim wontên 75. Griya lare yatim ingkang kangge lare èstri isi lare tigang dasanan.

Tuwan Ch. J.I.M. Welter.

Saking Dhen Hah Aneta martosakên bilih Paduka Tuwan Welter, Pisê Presidhèn Rad Indhia, wiwit tanggal 4 Marêt ngajêng punika kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun kanthi kapatêdhan panarimah.

Komandho marinê.

Kala dintên salasa enjing wontên ing Tanjungpriuk pise admiral A. Ten Broecke Hoekstra sampun amasrahakên komandhoning marine dhatêng gêgêntosipun schout bij nacht J. F. Osten.

Kaum Kristên Batak saha rad kawula.

Miturut Aneta-Nipa, kala tanggal 19 wulan punika ing Balige sampun dipun wontênakên parêpatan dening pakêmpalan Kristên Batak kalih wêlas, dipun jênêngi kirang langkung tiyang sèsu. Parêpatan wau dipun tuntun dening pangrèh agêng Radja-Bond, dene ingkang mêdhar sabda inggih punika Tuwan Sumuru saha Tuwan Siahaan, up rêdhaktur Bendera Kita. Wasana lajêng ngawontênakên mosi, badhe nyuwun dhatêng parentah supados angangkat salah satunggiling kandhidhatipun dados warga rad kawula. Ingkang dipun kandhidhatakên inggih punika Tuwan Sinambelah, Tuwan Dr. Naigolan, Tuwan Lodhêwik, Tuwan Sihèmbing saha Tuwan Maradhên.

Bêna ing Sumatra.

Awit saking kathahipun jawah lèpèn Wampu ing Dhèli sampun bêna, tanggul-tanggulipun ing kalih wêlas panggenan sami jêbol, anuwuhakên karisakan ing kabudidayan-kabudidayan sata. Ing Aèksigeon ugi katrajang bêna. Tanggul ing Tarutung jêbol, margi ng ngriku panjangipun 200 metêr larut. Miturut pawartos saking Padhang, margi sêpur ing sacêlakipun Solok panjangipun 20 metêr larut katrajang bêna agêng. Pintên-pintên dhusun ing wêwêngkon Payukumbuh sami kêlêban, sabin-sabin sami risak. Miturut tilgram saking residhèn ing Tanjungpinang (Rio) lèpèn Kuwantanam bludag, saondêr apdhèling kêlêban, sabin-sabin sami risak, awit saking dhawuhipun pangrèh praja dhusun-dhusun ing sisih nginggil saha dhusun Paluk sami kasuwungan.

Pedhêrasi pakêmpalan-pakêmpalan Islam ing Mênadho.

Kanthi tuntunanipun Tuwan Makmur Lubis ing Minahasah sampun dipun wontênakên pedhêrasi pakêmpalan-pakêmpalan ingkang adhêdhasar Islam, kanamakakên Perserikatan Moeslim Minahasa. Ancasipun inggih punika anyêkapi kabêtahanipun kaum Islam ing ngrika, upaminipun ngadêgakên mêsjid, pamulangan, pondhokan sapanunggilanipun.

Panyadean candu ing Jawi Kilèn.

Salêbêtipun taun 1930, candu ingkang kasade ing Jawi Kilèn wontên 86.000 tail. Salêbêtipun taun 1929 wontên 90.540 tail. Mlorodipun panyadean candu wau kajawi jalaran saking malèsèting môngsa ugi saking propagandhanipun bôngsa Tionghwa kaum ênèm ingkang ngajêngakên sirnanipun candu.

Kantor padamêlan.

Kawisudha dados amtênar adwinisètrasi[5] ing kantor padamêlan ing Bêtawi F.J. Domela Nieuwenhuis, suwau sampun amakili nindakakên padamêlan wau.

Asiah.

Kraman ing Burmah.

Bombai, 19 Januari (Nauen-Radio). Ing Burmah tuwuh kraman malih. Pulisi sampun campuh kalihan kaum kraman. Miturut pawartos sêrat-sêrat kabar ing Singgapur sampun sumadhiya mêsin mabur pangêbom tiga badhe pangkat dhatêng Burmah.

Tiongkok.

Nanking, 18 Januari (Aneta-Reuter). Ing propinsi Sènsi kaambah ing pacêklik saha hawa asrêp, anuwuhakên pêpêjah pintên-pintên. Makatên mênggah katranganipun, amtênar ingkang kautus dening parentah nitipriksa kawontênanipun pacêklik ing laladan wau, sawangsulipun dhatêng Nanking. Ing pintên-pintên dhistrik têtiyangipun sami nêdha rumput saha têtuwuhan sanèsipun, kori-korining griya tuwin sapanunggilanipun sami kadamêl urub-urub, jalaran asrêpipun sangêt. Môngka botên wontên kajêng utawi sanèsipun kangge damêl latu. Kawontênanipun ing Sènsi kilèn mêmêlas sangêt.

Nanking, 20 Januari (Aneta-Reuter). Warga parentah ingkang sampun nitipriksa dhatêng Sènsi amartosakên bilih salêbêtipun môngsa ingkang kantun piyambak ing propinsi Sènsi wontên tiyang 400.000 ingkang kasade saha kadadosakên rencang tumbasan. Taun ingkang kapêngkêr sabên tiyang satunggal dening Yen Hsi Shan saha Feng Yu Hsiang dipun kengingakên paos 5 dholar. Angsal-angsalanipun wau kangge waragad anggenipun ngraman mêngsah parentah ingkang botên wontên kawusananipun. Salêbêtipun kalih taun punika ing laladan wau cacahipun tiyang ingkang tiwas jalaran saking kalirên saha botên angsal toya wontên 2 yuta. Samangke dhusun-dhusun ingkang suwau gêmah aripah maèwu-èwu sami suwung dipun tilar.

--- 112 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

21.

XI. Lumêbêtipun agami Buda wontên ing Selon.

[Pocung]

sêkar pucung candhaking carita ngayun / wau ta sang nata / ing Langka kang wus kawarni / Prabu Pandhu abaya sampun pêputra //

miyos jalu suwarnanira abagus / nging amung satunggal / tan wontên tunggile malih / sinung parab ing rama Sang Mutasiwah //

sru ingugung dinama-dama sang bagus / maring ibu rama / ginadhang-gadhang ing benjing / anggêntosi kaprabonirèng sudarma //

lumastantun sasuruding rama prabu / gantyani karajan / atêtêp wibawa mukti / sih sumuyut wong Langka mring nata mudha //

nging sang prabu sajroning jumênêng ratu / datanpa titikan / kang pantês winarnèng tulis / marma amung pinugut caritanira //

tan cinatur rêroncèning madêg ratu / Prabu Mutasiwah / apêputra kakung putri / kalih wêlas kêkalih ingkang wanodya //

kang sapuluh sadaya amiyos jalu / putra kang panênggak / anggantyani rama aji / yèku ingkang sêsilih Jêng Pangran Tisa //

Sang Aprabu Tisa duk jumênêngipun / dahat sinuyutan / mring wadyane sanagari / tuwa anom jrih asih trêsna sadaya //

kongsi antuk pêparaban amisuwur / Dewanampya Tisa / wit sang nata gung ngastuti / miwah karya sukaning kang para dewa //

kang winuwus salaminipun sang prabu / jumênêng narendra / kathah kaelokan prapti / barang kuna kang sami wujud sêsotya //

cêkakipun rajabrana kang wus dangu / kapêndhêm ing kisma / prasami katingal malih / kathah ingkang pinanggih dhatêng kawula //

nulya katur ing ngarsanipun sang prabu / karya rênaning tyas / sumarambah ing wadya lit / marma mangke samya mangajab wusana //

tuwuhipun sasmita kang anèh wau / de sagung ngalamat / ing sêmu wèh lakon bêcik / lan kabêgjan ingkang badhe kalaksanan //

tan cinatur rêrasan wahananipun / ngalamating praja / ing ngriki dipun sêlani / nyaritakkên kautamaning narendra //

kang satuhu Sang Aprabu Tisa wau / narendra ing Langka / ingkang rumuhun pribadi / amiwiti angrasuk agama Buda //

nging pinugut sinêlan caritanipun / Sang Prabu Asoka / ing Indhu puraning aji / gih punika ingkang bêkta gama Buda //

mlêbêtipun dhatêng ing Selon praja gung / ya ta kawarnaa / duk jênênge sri bupati / Prabu Tisa wontên ing nagari Langka //

tanah Indhu wontên narendra linuhung / kaloka ing jagad / akarana sri bupati / sawijining narendra dibya sumbaga //

ajêjuluk Prabu Asoka pinunjul / kathah para nata / ing tanah Indhu kajodhi / pinrêp ing prang satêmah samya kasoran //

tanpa kiwul marma samya atur-atur / sagung guru bakal / guru dadi warni-warni / mrih sukaning panggalihirèng narendra //

wusning rampung paprangan kang para ratu / suka manahira / têntrêm kadya wingi uni / nging Sang Prabu Asoka langkung sungkawa //

angalangut kagagas asru kaduwung / mring lakuning pêrang / dene wus karya pêpati / tanpa petang mungsuh kang lena ing rana //

yèn dinulu ing pundi-pundi asamun / kathah karisakan / kasangsaranirèng janmi / upamanya wontên biyung kaicalan //

anakipun tur ta sami jalu-jalu / jalaran sirnèng prang / ing sawênèh wontên malih / satunggiling rôndha kang tansah udrasa //

sênggruk-sênggruk nangisi ing lakinipun / kang pêjah jalaran / ugi saking dènnya jurit / wontên malih rarywalit kalangkung kathah //

ngangsur-angsur lênggèk-lênggèk mêlasayun / wus satêngah pêjah / wit biyunge datan bangkit / masung têdha satêmah dadya kapiran //

tan lyan amung saking dayaning prang pupuh / bapakipun pêjah / akarya ngêrêsing pikir / lawan malih sadaya pantun ing sawah //

samya rubuh rusak tan kalap saglugut / dadya kauningan / mring Prabu Asoka mangkin / yèn ing pundi-pundi samya kêkirangan //

gung dahuru kasangsaran tumpuk undhung / saparan katingal / kamlaratan lan pacêklik / pra kawula samya kêkurangan pangan //

saya trênyuh raosing panggalih prabu / myat risaking wadya / wit dhêdhasaring panggalih / paramarta bèrbudi bawa laksana //

dadya lamun kasusraning asmanipun / saking dènnya karya / rusaking kawula alit / datan rêna panggalihipun sang nata //

gya tinutup jalaran kumêdahipun / mrih kalokèng jana / kaluhuraning nrêpati / Sang Aprabu Asoka kongsi kalepyan //

yèn wadya gung / sawêg samya wayang-wuyung / nandhang kasangsaran / ngambah jamaning pacêklik / kèh kalirên uripe satêngah pêjah //

datan mundur budidayane sang prabu / nêdya karya suka / ambêbingah tyasing alit / lan ambudi mrih wangsuling karisakan //

ywa kabanjur nuli antuka pitulung / marma sri narendra / tansah mêmangun tyas êning / ngêtog budi mêmulih rêngkaning praja //

jroning kalbu wus ngartika sang aprabu / yèn traping sampeka / tan cukup mung dèn jalari / anglêlipur rêntênging manah kawula //

nanging kudu ngêgungkên iktiyaripun / kang tumanduk marang / tyasing wadya sanagari / mrih sadaya tan eling marang lêlakyan //

caranipun gyannya ngrêbat krajan wau / marmane sang nata / tan pêgat dera manggalih / kadiparan utamaning budidaya //

malihipun sang nata manggung wulangun / lamun kaèngêtan / dene sampun anglampahi / dora cara miala mring kadang tuwa //

kang jêjuluk Jêng Pangran Sumana yèku / kang darbe kuwasa / jumênênga narapati / dahat giyuh kepyan dènirarsa bengkas // Badhe kasambêtan.

--- 69 ---

Nomêr 17, Taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Katur dhumatêng Rama Sêbul

Nuwun, rama, sayêktosipun anggèn kula badhe matur dhumatêng rama punika sampun dangu, inggih punika, wiwit Taman Bocah mêdal sapindhah, ananging sarèhning kula punika namung murid pamulangan ôngka kalih, wah malih sawêg pangkat 4, dados ajrih, mangke gèk dipun wangsulakên, mangke gèk namung dipun gêgujêng, mangke gèk anu ... Têmbung mangke gèk anu punika andadosakên wurunging sêdya kula wau. Rumiyin kula sampun badhe matur rama Sêbul, sêrat sampun kula lêbêtakên ing amplop, dados kantun nèmplèki prangko lan anglêbêtakên ing bis kemawon, ananging gagasan mêngko gèk digêguyu wau mêdal malih, andadosakên ajrih kula, têrus kula dhatêng pawon, sêrat botên kula lêbêtakên ing bis, nanging mlêbêt ing ... anglo.

Sêdya kula badhe matur rama punika, lajêng kula takèkakên dhatêng kakang kula. Kakang criyos yèn rama Sêbul malah dhangan sangêt yèn wontên lare badhe pitakèn utawi nyaosi panjurung. Sakpunika kula lajêng nekad badhe nyuwun priksa dhatêng rama, punapa kaparêng, kula badhe tumut-tumut angaturakên panjurung ing sabên Sabtu ing Taman Bocah ngriki, ing bab lêlucon, batangan, lan sanès-sanèsipun. Malah-malah yèn kaparêng ing sabên karangan badhe kula caosi gambar-gambaripun. Punapa ing Taman Bocah ngriki kintên-kintên sagêd ngêwrat jurungan gambar-gambar. Yèn kaparêng, kadhang-kadhang inggih badhe kula caosi batangan kangge adhi-adhi kula sadaya ingkang awujud gambar thok, kados gambar tiyang angèn bèbèk ingkang kecalan bèbèk satunggal ing Kajawèn rumiyin.

Sampun, rama, dumugi samantên rumiyin.[6]

Purba.

--- 70 ---

Lêlucon

Desa Bodhean

(Candhake Kajawèn nomêr 5)

Barêng Samsu wus olèh dêgan ijo nuli bali. Turut dalan atine sênêng jalaran isih gêli, kawêruhan ing desa: têka ana-ana bae. Samsu nuli mikir manèh: hah ... desa apa, ta, jênênge iku. Mau aku ngarani desa Budhêgan, sêbab uwonge padha budhêg, lah saiki ana wonge bodho, apike iya dijênêngake desa Bodhean. Wah, kok mathuk.

Barêng têkan ing ngomah dêgan nuli diwènèhake marang êmbokne. Barêng wus lèrèn ngombe wedang barang, nuli dolan mênyang ing omahe Darusman, yaiku mitrane Si Samsu wau. Darusman pinuju ana ing omah lagi anggarap garapan saka ing sêkolahan. Samsu nyêdhaki karo bisik-bisik: Rus ... Rus ... ayo dolan ...

Darus: ... Lah iki garapane isih sathekruk jare, sesuk aku rak disêtrap, nèk ora rampung.

Samsu: Wiyah, nèk aku iya êmoh: disêtrap, nèk disêtrup iya gêlêm.

Darus: Arêp dolanan apa, ta.

Samsu: Lah, sabêne kae dolanan apa. Apa bal-balan, apa gampar, apa jilumpêt, apa uri-uri, soyang-soyang, simil wong. Sêkarêpmu wis, aku nurut kowe bae, anggêr kowe gêlêm.

Darus: Wiyah, iku rak dolanan bayi. Nèk aku kok sênêng omong-omongan bae, ora kêsêl tur bisa sênêng. Apa cangkriman, apa dongeng-dongengan. Wis ... kana, diundangi kancane.

Samsu nuli mangkat ngundangi bocah-bocah. Barêng kira-kira antara jam wolu, rêmbulan wus katon, padhange ngudubilah, wis mèh kaya rina. Bocah-bocah wus padha ngumpul ana ing latare Darusman. Samsu uga ana ing kono. Barêng wus digêlari klasa nuli padha wiwit ngumpul jagongan. Samsu ngadêg nyat sarta banjur calathu: E, kancaku kabèh, ana Darusman, Ramêli, Jasman, Dasuki, Amat Dahuri, Kodri lan Yusnan ... kabèh bae, ya, ing sarèhning iki malêm dina apik, bêcike padha lek-lekan, karbèn olèh wahyu kang a ... pik kae. Minôngka cêgahing êlèk padha dongeng-dongengan [dongeng-...]

--- 71 ---

[...dongengan] bae utawa cangkriman. Urut saka siji. Saiki aku sing andhisiki. Yaiku arêp andongèng aliyas ngojahake lêlakonku kabèh, wiwit nini-nini nganti kaki-kaki.

Bocah-bocah nuli padha angguyu kêpingkêl-pingkêl, gêr.

Sêtop. Aja padha angguyu lan dirungokake sing tênan, aja ngantuk, lo.

Kodri: Su, andongènga Pakne Tengong bae, Su. Apik kae, aku sênêng, apa Si Jênthu.

Samsu: Ya, aku ngono nurut bae, anggêr kabèh padha mupakat.

Bocah-bocah padha saur manuk: Mupakat.

Samsu: Wis tak andongèngake Pakne Tengong bae.

Ana sawijine uwong, sênêng bangêt marang Gathutkaca. Saking dhêmêne dhèwèke nganti kêpêksa tuku wayang lulang, yaiku Gathutkaca, duwèke mas lurah ing desa kono. Ing sarèhning amung tuku siji, dadi larang rêgane. Nanging marga saka dhêmêne bangêt marang Si Gathutkaca iya dilakoni adol sapine siji, kanggo anggêntèni wayang mau.

Pakne Tengong bangêt bungahe dene kalêksanan duwe wayang mau. Sabên dina tansah diilang-ilingi lan dialêm-alêm, mungguhing kawantêrane Si Radèn Gathutkaca mau. Yèn turu Pakne Tengong ora pisah karo anake, yaiku Gathutkaca lulang mau. Dadi kêna diparibasakake kaya mimi karo mintuna. Nanging barêng saya suwe iya kêpêksa kudu pisah, jalaran Pakne Tengong nuli duwe bojo. Ing sarèhning Gathutkaca mau saikine ijèn, pakne Si Tengong wêlas, mulane nuli ditari: Ênggèr, ênggèr, anakku Si Gathutkaca: ing sarèhning sira saiki wus gêdhe, bakal arêp ingsun lêbokake ing intêrnat padhalangan, yaiku ing panggonane Mas Cêrma dhalang wetan kono, ing kono sira bakal kumpul karo kanca-kancanira akèh. Lan bakal diwulang, sêprèkên, yaiku gunêman. Utawa gimnastik, anjogèd, boksên lan sapanunggalane.

Ora liwat mung pamujiningsun bae, ênggèr, muga-muga sira bisaa dadi wong sing pêng-pêngan.

Wayang nuli digawa mênyang omahe dhalang Cêrma lan dipasrahake, supaya diopèni kang bêcik. Samôngsa-môngsa arêp ditiliki. Sawise nuli bali, lan ora lali isih ninggali dhuwit marang ki dhalang, calathune: Môngga kang, niki lo, arta sêringgit kangge anak kula pun Gathot. Ki dhalang bangêt bungahe.

Kacarita sabên-sabên Pakne Tengong tilik anake Si Gathot mêsthi anggawa olèh-olèh warna-warna, sarta ngabarake, kêpriye kaanane Si Gathot iku, luwih manèh manawa ki dhalang mêntas kanggo, wah iku pakne Si Tengong mêsthi banjur gupruk anggone nêrang-nêrangake. Manawa dicritani Si Gathot bisa mênangake bala Kurawa sapirang-pirang, pakne Si Tengong bungah bangêt, sarta nuli awèh bêbungah marang dhalang. Mêngkono iku kalakon nganti pirang-pirang sasi.

Wusana barêng Pakne Tengong tilik Si Gathot manèh, dicritani ki dhalang, manawa Gathotkaca kasoran pêrange karo buta rambut gêni. Dene

--- 72 ---

anggone crita mêngkono mau mung arêp nyatakake kêpriye kadadeane pakne Si Tengong, manawa anake dikalahake.

Sarèhning Pakne Tengong pancèn trêsna bangêt karo Si Gathot, mula barêng krungu critane ki dhalang kang kaya mangkono iku, banjur wiwit nêpsu, kupinge sumrêbêt, matane pêndirangan, nuli takon marang ki dhalang:

Arêp disambung. Dadiyana, Magêrsari.

Cangkriman kanggo Ngasah Budi

Ana bocah têlu padha lêlungguhan, sing siji aran Suwignya. Sijine Sabar lan sijine manèh Mulya.

Suwignya: Sarèhne sesuk iku dina Minggu, ayo padha sênêng-sênêng ngiras sinambi ngasah pikir. Aku duwe suwalan rada mêmêt sathithik, mara batangên.

Sabar lan Mulya mangsuli barêng: Iya, kêpriye.

Suwignya banjur lunga, baline anggawa roti karo mangkok. Roti mau sawise ditumpangake meja, banjur ditumpangi mangkok.

Suwignya: Cangkrimanku iki rada ora lumrah, nanging yèn kowe gêlêm mikir, iya masthi kêcandhak. Roti kang dak tutupi mangkok iki kêna kopangan, nanging aja kobukak tutupe.

Sabar: We, hla, anèh bangêt iki, mokal yèn wong bisa anjupuk roti kang ditutupi, tanpa nganggo ambukak tutupe.

Mulya: Ora, nya. Cangkriman kok rada nganèh-anèhi mangkono, aku kok ora mudhêng. Lan aku isih durung têrang cêlathumu mau, coba balènana manèh, tak titènane.

Suwignya: Iya, pancèn nyata. Anggêre kowe ora nitèni têmbungku, môngsa bisaa nglakoni, kowe. Rungokna ya, tak balènane: Mul. Kowe kêna mangan roti iki, nanging ora kêna kobukak tutupe.

Sabar lan Mulya tansah padha pandêng-pinandêng, sadhela mandêng mangkok kang kumurêb. Sadhela mandêng marang Si Suwignya. Nganti watara sajam, mêksa durung nêmu reka. Sabar banjur cêlathu: Êmbuh, êmbuh, Wig, aku wis judhêg. Wis trima aku, cik ora mangan roti, êlah. Mangkono ugi Si Mulya.

Suwignya: Mau mula aku rak wis tutur, ta. Cangkriman iki kanggo ngasah pikir, mula iya ora bakal enggal-enggal dak tuduhake, nanging malah tak wènèhi inah sadina sesuk kanggo mikir. Dene yèn wus tita, ora bisa kêtêmu, aku bakal nuduhake. Nanging: poma, lo, sesuk sore kowe sakarone kudu têka mrene, ora kêna yèn mung salah siji bae.

Sabar lan Mulya mangsuli: Iya. Bocah loro mau nuli padha mulih, lan tansah anggagas-gagas, kêpriye rekane ênggone arêp nglakoni cangkriman mau.

Coba, bocah-bocah, padha milua mikir. Nanging sing ngati-ati, kudu ngèlingi marang têmbunge Suwignya.

Kakangmu: Ra.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. Sarèhne. (kembali)
2. § [Asmaradana]
mangkya aturing rêdhaksi / dahat ing panuwunira / mring katranganing sadhèrèk / sadaya ingkang kawêdhar / nocogi sining taman / panjrahing sêkar malêtuk / tuhu wèh gônda rum ngambar //
sumrik-sumrik maratani / praja myang dhusun kèbêkan / amêwahana sênêne / kang sumamar kasuluhan / puwara kasêmbadan / pangudi arjaning laku / widadaa salaminya //
wondene bab panuwuning / sadhèrèk darapon ngêwrat / rêmbaging polêksrat mangke / yêktine langkung utami [utama] / nanging kuciwanira / ing taman ngriki tan cukup / papan wus kêbak sadaya //
dadya kapêksa tan bangkit / mituruti ing panêdha / mugi ywa rêngat galihe / dipun agung pangapura / samantên atur kula / tarlèn sami muji sukur / lêstarining patamanan // Red. (kembali)
3. § Kajawèn ngêwrat karangan ing nginggil punika, botên jalaran saking anggènipun ngrujuki dhatêng wontênipun bêksa tayub punika, nanging namung badhe anjangkêpakên kawruh, ingkang gêgayutan kalihan kagunan Jawi, awit salêrêsipun saupami bêksa tayub punika miturut tatanan sayêktos, saèstu kenging tiningalan. (kembali)
4. martosakên. (kembali)
5. adminisêtrasi. (kembali)
6. § Kandhane kakangmu pancèn iya bênêr, aku ora ngêmungake bungah bae, nanging malah bungih, yèn ana bocah gêlêm awèh panjurung utawa gêlêm pitakon apa-apa, mung bae pitakone iya aja sing anèh-anèh, mêngko gèk ana sing pitakon: sop ayam karo sop kodhok aliyas swike kuwi enak êndi, utawa: babon karo êndhog kuwi nange dunya dhisik êndi, wah, hla, nèk ditakoni sing anèh-anèh kaya ngono kuwi, cara jêlumpête aku nrima jimbit. Wis, wis, mara wêtokna kêpenakanamu dongèng-dongènging sing lucu-lucu utawa liya-liyane, cikbèn kônca-kancamu padha sênêng atine, sukur bage kowe gêlêm ngojok-ojoki mitra-mitramu supaya matur wong tuwa-tuwane padhaa langganan Kajawèn, mendah kaya apa bungahku.¶Pakmu Sêbul. (kembali)