Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-11, #591

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-11, #591. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02-11, #591. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 12, 22 Pasa Taun Jimawal 1861, 11 Pèbruari Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [177] ---

Ăngka 12, 22 Pasa Taun Jimawal 1861, 11 Pèbruari 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sagantên wêdhi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun satunggiling arak-arakan unta ingkang sawêg ngambah sagantên wêdhi ing Sudhan, Mêsir.

--- 178 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9.

Sabab-sababipun wontên sela ing ginjêl punika tiyang utawi dhoktêr-dhoktêr dèrèng sagêd nêtêpakên sayêktos, saking pangintênipun para dhoktêr wau sababipun jalaran saking ewahing prabot ing nglêbêt wêtêng ingkang andayani ajuring têtêdhan utawi sanès-sanèsipun ingkang lèrègipun dumunung wontên ing ewahing badan sakojur, adat, asli saking turunan, ingkang kataman têmtu turunipun (jalêr èstri sami kemawon), limrahipun, tiyang ingkang nurunakên sêsakit wau, anak putunipun kajawi kataman sêsakit watunên, asring gadhah sêsakit nguyuh manis, utawi galsteenziekte (sêsakit watunên ing manah), sapanunggilanipun.

Ingkang katrajang sêsakit punika tiyang ingkang sampun diwasa, tiyang sêpuh umur 40 taun sapangandhap, ingkang sakit makatên punika, ingkang kathah tiyang jalêr, tiyang èstri saha lare, awis ingkang gadhah sêsakit makatên, langkung-langkung lare èstri lăngka sangêt.

Sela ing nglêbêt ginjêl agêngipun sami kalihan kacang arab, utawi kacang ijêm, asring kathah selanipun alit-alit, trêkadhang namung wujud sela lêmbat-lêmbat kadosdene pasir (niergruis).

Sela-sela wau manut ngèlmi pamisah (scheikundigesamenstelling) warni-warni, kados ta: sela saking uraten, oxalaten, phosphaten, carbonaten utawi sanès-sanèsipun.

Sela ingkang wontên ing ginjêl, adat uraten, sela oxalaten kaetang sapalihipun tinimbang uraten, phosphaten ragi awis carbonaten utawi sanès-sanèsin,[1] lăngka sangêt. Phosphaten wau ingkang wontên ing puyuhan (blaassteen).

Ingkang sakit kraos sakit ing lêmpèng kiwa utawi têngên, nitik dunungipun ginjêl ingkang sakit. Kraosipun sakit wau jalaran sela utawi cuwilan sela ing nglêbêt ginjêl (nierbekken) mêdal katut dening uyuh lumêbêt ing pipa (urine leider) ingkang anjog ing puyuhan (blaas), sela ing pipa wau jalaran anggêpok, kluwung pipa utawi sarèhning selanipun langkung agêng upaminipun, lajêng sêsak lampahipun, katut uyuh nyrèmpèt utawi anggêpok kluwung pipa wau, ngindhakakên sakitipun.

Kraosipun sakit (niersteen koliek) sagêd dadakan, dangunipun jam-jaman, trêkadhang dintênan, lajêng sagêd kèndêl utawi mêndha samăngsa sela sampun anjog ing puyuhan utawi wangsul malih ing ginjêl (nierbekken).

Ingkang sakit kraos sakit sangêt, awit saking lêmpèng ing lêbêt mangandhap manut lampahipun sela ing pipa anjog ing puyuhan dumugi bolongan puyuhan, tiyang jalêr ngantos kraos dumugi ing pringsilan, trêkadhang dumugi ing gêgêr utawi ing pupu sisih lêbêt. Asring ingkang sakit mawi nuntak-nuntak, botên sagêd ngêntut, wêtêng kêmplung-kêmplung

--- 179 ---

ambêdhêdhêg, badan andhrêdhêg, kringêtên gobyos, kêdah sumaput, uyuhipun ingkang sakit adat kamoran êrah. Upami pipa-pipa kiwa têngên kalêbêtan saha kêbunton sela wau, uyuh botên sagêd mêdal, wêkasan ingkang sakit dados sangêt, namanipun (uraemie) sagêd tiwas. Timbangan bêntèr badan botên sapintêna, polês rikat, pipa ing panggenan wêtêng lêmpèng ingkang wontên sêsakitipun sapangandhap dumugi ngiringanipun, balung larangan (schaambeenvereeniging) dipun grayang ingkang sakit kraos kêmêng lan sakit.

Sêsakit watunên ing ginjêl (niersteenziekte) adat botên aniwasi, nanging sêsakit punika asring kimat, kimatipun botên mêsthi, sawulan sapisan, trêkadhang ngantos taunan nêmbe kimat.

Limrahipun yèn sêsakitipun botên kumat, ingkang sakit botên kraos babarpisan, kadosdene tiyang saras kemawon, namung satunggal kalih ingkang kalajêng-lajêng tansah kraos kêmêng ing panggenan lêmpèng, langkung-langkung manawi ingkang sakit numpak tumpakan utawi kangge ebah sangêt-sangêt, utawi manawi pinuju wadhuk sakit utawi sakit nguyuh.

Uyuhipun ingkang sakit asring katingal buthêg utawi êndhêg-êndhêgipun katawis buthêg kamoran êrah utawi namung katingal blirik-blirik abrit.

Sêsakit punika lampah-lampahipun dangu, nanging pungkasanipun asring sagêd saras piyambak.

Manawi sela-sela ing nglêbêt ginjêl adamêl tatu-tatu lajêng kalêbêtan wiji sêsakit basil (infectie) punika ambêbayani, trêkadhang ginjêl dados sakit (nierontsteking) ananging ingkang makatên punika awis.

Sela ingkang lumêbêt ing pipa lajêng anjog ing puyuhan wau sagêd dados agêng lan sagêd adamêl sêsakit ing puyuhan, ambêbayani, trêkadhang sela kèndêl ing planangan, ngalang-alangi wêdalipun uyuh.

Dhoktêr sagêdipun nêtêpakên sayêktos, bilih sêsakit wau niersteenziekte, ginjêl ingkang kraos sakit dipun sorot mawi Rontgenstralen, ing photo (gambar) katingal sumrawang rêmêng-rêmêng inggih punika ayang-ayangan sela ing ginjêl wau, utawi uyuhipun ingkang sakit dipun priksa mawi microscoop katawis manawi wontên selanipun, uraten utawi sanèsipun. Asring wontên tiyang sakit watunên ing ginjêl, salaminipun gêsang botên kraos sakit, jalaranipun warnining sela kadosdene pasir, dados samăngsa nguyuh mêdal katut dening uyuh botên anggêpok punapa-punapa, dados botên adamêl sakit.

Tiyang utawi dhoktêr sagêd kalintu mastani sêsakit wau galsteenziekte, korèng ing wadhuk blindedarm ontsteking, typhus, t.b.c. ing ginjêl, utawi sanès-sanèsipun, ingkang nukulakên sakit ing wêtêng. Nguyuh ngêdalakên êrah ingkang botên jalaran sakit ing puyuhan, punika mèh kenging kadamêl tăndha manawi ing ginjêl wontên selanipun, sanajan sakawit dèrèng kraos sakit ing lêmpèng, adat kraosipun sakit dhawah ing wingking, têgêsipun sasampunipun ing uyuh katingal wontên êrah nêmbe sawêg kraos sakit ing lêmpèng.

--- 180 ---

Samăngsa sela ing pipa ambuntoni, uyuh botên sagêd mêdal, utawi sela ing ginjêl saking agêngipun, botên sagêd mêdal, tansah adamêl tatu-tatu utawi damêl ontsteking, ing uyuh kêtawis wontên nanahipun, punika prêlu sangêt selanipun dipun êdalakên sarana dipun bikak (operatie) dening dhoktêr ingkang ahli.

Anjampèni watunên (uraten) ing ginjêl punika, ăngka satunggal, anjagi bab têdhanipun ingkang sakit lan kêdah kathah ngombe (soda) toya Wêlandi, jampi lêbêt urotropin utawi sanèsipun ingkang adamêl uyuh sagêd cuwèr (alkalisch) prêlunipun watu (uraten) sagêd ajur.

Ingkang dipun awisi: nênêdha daging, alkohol, tèh, kopi, soklat, manut pitêdah dhoktêr. Lan kêdah ngèstokakên prentahing dhoktêr.

Samăngsa sakitipun dhatêng utawi kumat (niersteenkoliek) ingkang sakit kêdah kèndêl tilêman, ngombe sodha ingkang kathah, lêmpèng ingkang sakit, dipun popok bubur (dipun buntêl sinjang ingkang rêsik) angêt-angêt, utawi toya bêntèr dipun wadhahi ing botol, dipun gosok-gosokakên ing panggenan ingkang sakit, manawi kraosipun sakit ragi sangêt, inggih prêlu dipun suntik morphine dening dhoktêr.

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Oto tuwin bis, sadaya sami gadhahanipun pakêmpalan kongsi tiyang bumi ing ngriku. Sasampuning tumpakan tata jangkêp Sech Oemar Mottar kalihan sadhèrèk H. Asngad inggih punika ingkang mêthuk kula saking Mêkah, ngatag supados kula sakănca sami minggah ing tumpakan, isinipun sampun kapasthi sabên oto satunggal, kêdah namung isi 4, bis kêdah namung isi 17 kajawi sopir. Kintên-kintên jam 10 enjing, sadaya oto nyukani sasmita badhe bidhal dhatêng Mêkah, nglangkungi gapuraning kitha Jedah ingkang sisih wetan, ing ngriku kajagi pulisi kathah lan priyantun bumi, sadaya tumpakan sami kèndêl, pulisi-pulisi enggal mriksa saening mêsin lan takèn namaning sopir. Priyantunipun gêntos mriksa cacahipun ingkang numpak. Nyathêt namaning kongsi lan nampèni arta beya, têrus maringi karcis, cacahipun karcis sami lan cacahipun ingkang numpak. Sasampunipun salêsih pamriksanipun sadaya, oto têrus mêdal saking kitha, lampahipun andilir urut-urutan, nêmpuh sagantên pasir ingkang kaistha margi, sabên-sabên ing panggenan pulisi (pajagèn) tumpakan sami kèndêl, prêlu nèkênakên karcis lan kapetang ingkang numpak. Wondening prakawis waragadipun:

1e. Immigratie belasting.

--- 181 ---

2e. Pasewan pondhokan ing Jedah.

3e. Pasewan tumpakan, saking Jedah dhatêng Mêkah wongsal-wangsul.

4e. Epah unta ngusung barang-barang.

5e. Pasewan griya pondhokan sadangu kula ing Mêkah.

[Grafik]

Sawanganipun kitha Mêkah.

6e. Pasewan tumpakan saking Mêkah dhatêng Madinah, wongsal-wangsul.

7e. Pasewan griya pondhokan sadangu kula wontên ing Madinah.

8e. Pasewan tumpakan saking Mêkah dhatêng Aropah têrus Musdalipah, lajêng dhatêng Mina, wangsul dhatêng Mêkah malih.

Punika sadaya kula sampun rêmbagan bayar borongan dhatêng Sech Mohamad Mottar, dados ingkang ngrêmbag tumpakan, griya utawi sanèsipun Sech Mohamad Mottar, kula sakănca namung kantun manggèn lan numpak kemawon.

Sadhatêng kula ing Jedah kapinujon sawêg kemawon wontên pranatan nagari, sadaya tiyang kaji kêdah numpak motor, botên kalilan numpak sêkêdhup. Dados sadaya sèh-sèh botên nyadhiyani sêkêdhup, sami manut miturut dhawuhing rajanipun. Wusana sadaya tiyang kaji inggih namung makmum, numpak oto utawi otobis.

Watawis jam 12 siyang, lampahipun oto ingkang kula tumpaki ngancik ing kitha Mêkah, mlêbêtipun anglangkungi gapuraning kitha ingkang sisih kilèn, ugi kajagi dening pulisi lan priyantun bumi. Cacahipun tiyang ingkang numpak kacocogakên lan karcis-kacis kapundhut ing priyantunipun. Wanci bakda Luhur oto-oto kèndêl, grêg, dumugi ing margi alit sacêlaking griya pondhokan. Kajawi Sech Oemar lan H. Asngad ing ngriku ugi kapêthuk dening Sech Mohamad Mottar piyambak, kalihan adhinipun nama Sech Jahja Mottar sadaya ingkang mêthuk enggal sami ambagèkakên dhatêng kula sakănca, têrus amapanakên dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak, ugi dipun sugata wedang lan nêdha pantês. Pondhokan kula pikantuk griya pasewan ing Banyudumrah, andhèmpèl ing temboking Masjidil Kharam ingkang sisih kilèn. Griya

--- 182 ---

punika mawi jandhela-jandhela ingkang ngongkang ing Masjidil Kharam, papanipun sêpên nanging adhakan, cêlak mêsjid. Sech Mohamad Mottar sasadhèrèk, panampinipun dhatêng kula sadaya gapyak sangêt, kenging kula sêbut sae botên anguciwani. Para sadhèrèk Jawi ingkang sami mukim ing Mêkah ingkang ambantu ing karepotan kula wêktu dhatêng kula lan wêktu milihi pêthi-pêthi, kopêr-kopêr, karung-karung wos, lan sanès-sanèsipun.

Haji Jarir - asli saking Kêbumèn.
Haji Asngad - asli saking Banyumas.
Haji Yusup - asli saking Magêlang.
Haji Suleman Maktup - asli saking Banyumas.
Haji Abdurrahman - asli saking Banyumas.

Sadaya barang-barang sangu, kopêr, karung, patilêman, lan sanèsipun, pinanggih jangkêp sadaya, botên kirang satunggal punapa.

Sasampunipun têtiyang sami tata ing panggenanipun piyambak-piyambak Sech Mohamad Mottar, Sech Oemar Mottar lan Sech Jahja Mottar têrus anggènipun manggihi kula sakănca gêntos-gêntos, waradin sabên kamar kanthi nyukani èngêt ing kula sakănca, sasampuning niyatipun sami sagêd kasêmbadan dumugi ing Mêkah, kêdah ingkang rosa ngibadahipun lan angatos-atos saha anjagi kasarasaning badan, lan ingkang nastiti anjagi sangu artanipun piyambak-piyambak, sagêda anggènipun matrapakên. Lan angèngêtakên ugi dhatêng kula sakănca sampun ngantos kalintu pamanggih, nagari Mêkah punika sanès panggenanipun tiyang ngupados kasênêngan ing donya, nagari Mêkah punika papanipun tiyang ngibadah, manut miturut dhawuhing Pangeran ingkang lumantar Gusti Rosul. Prêlu anêtêpi jangkêping kaislamanipun. Ing ngriku Sech Mohamad Mottar mrentahakên supados kula sakănca samia ngasokakên badanipun wontên ing Mêkah watawis 10 dintên. Sasampunipun aso badan pulih kêkiyatanipun, enggal badhe kaangkatakên jiyarah dhatêng Madinah, supados rampung babarpisan.

Sabên enjing Sech Oemar Mottar kintên-kintên jam 8 enjing, têmtu tuwi dhatêng pondhokan kula sakănca, prêlu nuwèni kasarasanipun lan anjagi rêsiking panggenan, kanthi dipun tata prayogi raosipun botên anguciwani.

Hawanipun ing nagari Mêkah wiwit dhatêng kula ngantos sapriki asrêp sangêt, raosipun dhatêng badan sami kadosdene hawa ing Wanasaba. Rêginipun toya mirah, toya 2 blèg patralium sapunika 3 halala = 5 sèn. Rêginipun kajêng obong lan arêng ugi mirah sangêt, saking botên pajêng amargi jamangah kathah ingkang sami sangu kajêng obong utawi ngrisak pêthi sêkarah. Sayuran, putrèn, jêram, lan sayuran sanèsipun, ing pêkên utawi ing margi-margi kathah sangêt, rêginipun mirah, sadaya barang têtêdhan Jawi sanès-sanèsipun sampun pêpak kados ing tanah Jawi. Namung prakawis sandhangan khaji dèrèng sagêd rêgi mirah, nanging yèn katimbang lan rêgèn taun ingkang sampun, ugi sampun kathah mandhapipun. Badhe kasambêt.

Radèn Khaji Muhammad Muhtar. Sukaraja-Banyumas.

--- 183 ---

Raos Jawi

Bab Ringgit Purwa

Manawi kula ngothak-athik bab prakawis ringgit, mila inggih sampun luhur sangêt drajatipun ingkang karsa nganggit, awit sadaya lêlampahan kula tiyang gêsang, sadaya sampun karêgêm wontên ing lampahaning ringgit. Mila inggih lêrês manawi ringgit purwa punika kula anggêp kitab kula tiyang Jawi, ingkang kêdah kula èngêti. Nitik anggèning umuripun ringgit sampun kina sangêt, ngantos băngsa kula tiyang Jawi botên sumêrêp sintên ingkang nganggit ringgit ing sakawit. Namung nalika tanah Jawi wontên ing jaman wali, kacariyosakên panjênênganipun ingkang Sinuhun Kalijaga, punika satunggiling wali ingkang luhur piyambak panggalihanipun, punika ingkang ada-ada andandosi bab prakawis kalangênan ringgit purwa, kabangun enggal dipun sampurnakakên malih. Dados saking pangintên kula, ing sarèhning panjênênganipun ingkang Sinuhun Kalijaga wau, sampun pirsa dhatêng lêlampahan ingkang badhe gumêlar, măngka ing wêkdal punika, sadaya sêrat-sêrat kabudan kêdah kasirnakakên, dados saking karsanipun ingkang Sinuhun Kalijaga wau, anggènipun ambangun ringgit wacucal dipun sampurnakakên, mêngku suraos kalih prakawis, sapisan kangge klangênan manawi pinuju wontên ing pasamuwan, kaping kalih ngêmu piwulang, sampun ngantos ical kabatosanipun têtiyang Jawi. Anggènipun ingkang Sinuhun Kalijaga sagêd kalampahan damêl ada-ada, supados yasanipun ringgit wacucal dipun rêmêni têtiyang kathah wau, inggih wontên èmpêripun, awit kacriyos ing wêkdal samantên, karajan Jawi sasat kawêngku ing para wali, dados manawi wontên wali ingkang kagungan karsa yêyasan punapa-punapa, inggih tansah angsal pambiyantu saking ingkang jumênêng nata.

[Grafik]

Mêsjid ing Dêmak dipun tingali saking ngajêngan.

Wontên pasêksèn malih, bab cariyosipun ingkang Sinuhun Kalijaga, ingkang ngêmu piwulang sajak paring sasmita dhatêng têtiyang Jawi, inggih punika nalika para wali-wali sami pirukunan yasa masjid ing Dêmak, kacriyosakên salah satunggilipun saka [sa...]

--- 184 ---

[...ka] agêng ing masjid wau ingkang damêl panjênênganipun Sinuhun Kalijaga, ingkang kadamêl tatal. Mênggah saking pamanggih kula makatên: ing sarèhning ingkang Sinuhun Kalijaga wau ing salêrêsipun taksih trahing kusuma Jawi, ing măngka ing wêkdal punika sawêg kapêksa tumut angadani pranatan Islam, dados lairipun inggih kêdah tumut ambiyantu yasa masjid, ananging ing batos paring sasmita, he, batinmu Jawa, aja kok buwang siya-siya, tăndha sêksine tatal kuwi rak wis ora diênggo dandanan, ananging batinku Jawa isih tak ênggo, tandhane barêng tak gawe saka, kok padha bae kêkuwatane.

Mila bab kalangên[2] ringgit ngantos sapriki taksih manjing dados kasênênganipun băngsa kula Jawi, botên sanès inggih namung saking sami kayungyun mênggahing suraosipun. Kados ta ringgit lampahan Rama, punika manawi kula gagas inggih ngêlangut sangêt suraosipun. Ing ngriki kula namung badhe ngaturi ancêr-ancêr suraos sakêdhik. Sang Rama punika anggènipun mukti wibawa, utawi kosokwangsulipun, nalika Sang Rama nandhang papacintraka wontên ing wana, punika sayuk rukun tansah dipun raosakên kalihan ingkang rayi Lêksmana. Dados tiyang kalih wau kula upamèkakên pasêmoning tiyang gêsang, lair miwah batosipun kêdah sami, têgêsipun kêdah rêksa-rumêksa, manawi tiyang gêsang sampun sagêd jumbuh lair batosipun, inggih sagêd kados Sang Rama wau, botên kewran kenging rubedaning lampah, sagêd nyirnakakên sadaya pakèwêd awit saking dayaning pangudi lampah kalih prakawis wau, wasana sagêd pinanggih kalihan Dèwi Sinta malih, sarana pitulunganipun Sang Anoman. Sang Anoman ing ngriki kula wêrdèni padhanging angên-angên, Dèwi Sinta inggih gêsang kula pribadi.

Wasana namung dumugi samantên sêsêrêpan kula ing bab prakawis ringgit.

Kula: Sukirman Sastrasuwignya.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn, mugi tumuntên kaparênga ambayar, eman manawi ngantos botên anampèni Kajawèn nomêr lêbaran. Awit Kajawèn nomêr lêbaran ingkang badhe mêdal, kadamêl sakalangkung sae, rinêngga-rêngga ing gambar gathah[3] tuwin pèni. Dados botên anèh manawi Kajawèn nomêr lêbaran wau ugi nênarik panggalihipun para ingkang dèrèng lêngganan, mupung dèrèng kasèp, kaparênga tumuntên lêngganan: eman-eman.

--- [185] ---

Lindhu Agêng ing Bumiayu

[Grafik]

Bab kawontênanipun lindhu agêng ing Bumiayu, kados para maos langkung cêtha manawi mriksani gambar punika. Gambar nginggil piyambak, wujuding griya-griya ing kitha sasampunipun lindhu. Têngah, Tuwan van Dam asistèn residhèn ing Bumiayu, mriksa papan kasangsaran. Ing têngah sisih têngên: pipa pabrik pohung Bumiayu, pucukipun tugêl dening lindhu. Gambar ingkang ngandhap piyambak, gambaripun Nyonyah Bergmans, wanita ingkang sêpuh piyambak ing Bumiayu, nyonyah wau linêpatakên ing bêbaya, kados tuwuh saking kaelokan, inggih punika ing sadèrèngipun lindhu, mêdal dhatêng jawi prêlu nuwèni ingah-ingahanipun menda, sawêg kemawon dumugi ing jawi, kamar patilêmanipun ambruk.

--- 186 ---

Wahyu Karaton

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng cêcariyosan ing bab wahyu karaton, ing ngriku tamtu mawi ngawontênakên lêlampahan, sanadyana botên anèh, ugi mawi cêcariyosan ingkang dipun raosakên ing sanès.

[Grafik]

Sultan Iskandar Mukhamad Jabirsah.

Kados ta Sultan Têrnate ingkang jumênêng sapunika, sanadyan cêcariyosanipun botên anèh, ananging ugi mawi angambah lêlampahan, ingkang ingatasipun putra sultan, nama sampun nate nglampahi padamêlan kados limrahipun tiyang suwita.

Sultan ingkang jumênêng sapunika jêjuluk Sultan Iskandar Muhkhammad Jabirsah. Ing kalanipun taksih timur, sinau wontên pamulangan andhap ing Têrnate. Dumugi ing yuswa 13 taun lajêng malêbêt sinau ing pamulangan Mulo ing Batawi. Satamatipun saking pamulangan Mulo lajêng ngasta padamêlan dados ajung komis ing S.S. apdhèling dagang ing Bandhung, balănja f 90,- sawulan.

Padamêlan punika sayêktosipun anocogi dhatêng raosing panggalih, awit rumiyin mila pancèn sampun kadhêdhêran rêmên dhatêng padamêlan ing bab among dagang. Malah salêbêtipun dados ajung komis wau ugi nyambi sinau buk odhêng.

Nanging sarêng sawêg tumindak nêm wulan, panjênênganipun dipun timbali dhatêng dhepartêmèn pangrèh praja, dipun dhawuhi sinau dhatêng Osvia, nanging panjênênganipun mopo.

Ing bab punika sampun katingal dados titik prayogi ingatasing panjênênganipun. Wusana lajêng kabantokakên padamêlan dhatêng sawênèhipun asistèn residhèn, sinau bab tataning mangrèh praja, awit panjênênganipun ing têmbenipun badhe kajumênêngakên sultan. Sarêng ing taun 1929 kapindhah padamêlan kabantokakên dhatêng residhèn ing Têrnate, diwasanipun lajêng jumênêng sultan.

Ing ngriku lajêng katingal, salugunipun bilih anggèning sinau tuwin nyambut damêl ingkang dipun lampahi, sadaya manjing dados lampahipun, dados jumênêngipun sultan wau botên namung ngajêng-ajêng dhawahing makutha karajan kanthi sakeca.

Ing taun 1930 panjênênganipun krama angsal putrinipun Sultan Bacan, kanthi pahargyan agêng.

Tumrapipun kawula ing praja Têrnate, jumênêngipun sultan enggal punika, nama manggih sultan mudha ingkang anjajah dhatêng kawruh pangrèh praja.

Lêlampahanipun panjênênganipun Sultan Têrnate punika, tumrapipun ing jaman sapunika kenging kangge pêpiridan, tur mantuk kalihan jamanipun.

--- 187 ---

Saupami kaencokna ing lampah, lampahipun pinanggih wontên anggènipun sinau, ingkang wohipun nyata mikantuki tumrapipun dhatêng praja, awit mênggahing nalar, sampun botên badhe nguciwani anggènipun jumênêng dados pangayoman, botên badhe tuna-dungkap anggènipun mawas dhatêng ruwêt rêntênging praja. Makatên ugi tumraping para kawulanipun, tamtu sagêd angraosakên bedanipun dipun ayomi ing nata mudha ingkang kados makatên punika.

[Grafik]

Pahargyan nalika krama wontên ing kadhaton Têrnate.

Manawi dipun panjangakên malih, bedanipun punapa kalihan tumindaking asanès ingkang nêdya pados kalangkungan, lampahipun inggih sairib, kêdah ngambah rêkaosing lampah ingkang kanthi lêlambaran kalangkunganing budi, inggih punika bab sinau.

Lêrês tumrapipun sultan ing Têrnate mawi gêgayutan kalihan wênang kadhawahan wahyu karaton, nanging saupami botên mawi lampah kados ingkang dipun tindakakên, dhawahipun inggih botên srêg saèstu. Wosipun mênggahing wahyu, tumraping karaton, tamtu mawi ngawontênakên lêlampahan ingkang dados cariyos.

--- 188 ---

Sanès Praja

Tataning Palênggahan

Sami-sami tatanan, tataning palênggahan punika asring nuwuhakên raos botên narimah tumrap ingkang nglampahi, kados ta manawi nuju wontên pasamuwan, mantri sami mantri, punapadene priyantun ingkang sababag pangkatipun, adhakan nuwuhakên panggrunêng, rumaos manawi anggènipun nata palênggahan botên ngadil, nanging panggrunêng ingkang dos[4] makatên punika limrahipun tuwuh wontên papaning pasamuwan, inggih punika ing papan panggenanipun tiyang gadhah damêl.

Tata kalimrahan ingkang kados makatên punika limrah tumindak ing pundi-pundi. Nanging ingkang nama tansah dados rêmbag, punika tumrap ing nagari Surakarta, awit ing ngriku kathah sangêt priyantunipun, tumrap ingkang abdi dalêm kemawon, inggih punika abdining nata, sampun won[5] pintên-pintên dasa warni, wontên ingkang golongan damêl, inggih punika abdi dalêm ingkang kêgolongan inggil piyambak, wontên malih ingkang golongan anon-anon, têgêsipun abdi dalêm ingkang botên kakengingakên lampah pajang pasisiran, dados mênggahing gampilanipun, abdi dalêm ingkang botên kêcêlak ratu. Punika lajêng kaperang-perang dados pintên-pintên golongan, ingkang tumrapipun nagari sampun dipun tata urut-urutaning ênèm sêpuhipun. Dados mênggahing parentah kajawèn inggih sampun ngawontênakên tatananipun, nanging tumrapipun tatananipun tiyang gadhah damêl, anggènipun mrênahakên pundi ingkang kêdah wontên nginggil, pundi ingkang kêdah wontên ngandhap, punika tansah kisruh. Nanging kawontênan ingkang kados makatên punika pinanggih kala jaman kalih dasanan taun kapêngkêr, kala jaman rêjaning para priyantun.

Kala samantên, manawi nuju wontên tiyang gadhah damêl, tamtu matah juru among tamu ingkang wiyar wawasanipun, têgêsipun botên badhe kêkilapan dhatêng satunggal-satunggaling priyantun. Samăngsa tamu dhatêng, juru among tamu lajêng mapagakên, saha ngacarani lênggah, manggèn ing papan ingkang sampun dipun manah lêrêsipun, kados ta ingkang sêpuh utawi kêgolong damêl, manggèn wontên ing pucuk, limrahipun dipun wastani ngandhap talang. Kajawi manawi wontên prayagung utawi bandaranipun.

Sanadyan tindakipun wau sampun ngatos-atos sangêt, taksih adhakan manggih kalêpatan, upaminipun wontên tamu dhatêng rumiyin, tamu wau mantri anon-anon, lajêng dipun acarani lênggah cêlak talang, wusana wingkingipun wontên tamu priyantun mantri damêl, lajêng dipun acarani wontên sangandhapipun priyantun anon-anon wau. Manawi wontên lêlampahan makatên punika, tumrap ingkang dhatêng kantun lajêng garunêngan: tuwaa umure kae wong anon-anon. Trêkadhang botên tarimah namung garunêngan makatên kemawon, sok malah lajêng wangsul ambolos nilar pasamuwan. Kosokwangsulipun saupami ingkang dhatêng kantun, priyantun anon-anon ingkang sêpuh wau ugi sagêd garunêngan: wong kok ora [o...]

--- 189 ---

[...ra] mawang umur, ya: sanadyan aku iki mantri anon-anon, rak wis tuwa, măngsa dilinggihake sangisore bocah mangkono. Bab makatên punika inggih lajêng dados kapanjang-panjang. Malah wontên ingkang gadhah pamanggih, sanadyana kawon pangkat, upaminipun mantri kalihan panèwu (upaminipun ing tanah gupêrmenan, asistèn wadana kalihan wadana), nanging mênang dados mantri damêl, punika inggih wontên ingkang botên purun kawon. Cêkakipun bab makatên punika tansah nuwuhakên raos botên sakeca, dhawahing kalêpatan dhatêng tiyang ingkang gadhah damêl.

[Grafik]

Para nata tanah Indhu ingkang sami parêpatan meja bundêr.

Saya saupami mawi pasamuwan nayuban, punika inggih adhakan nuwuhakên raos botên sakeca, jalaran saking urut-urutaning bêksa, ingkang cakipun sairib kalihan tatananing palênggahan. Măngka èwêd-pakèwêd wau warni-warni, kajawi kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, taksih wontên sabab malih, saupami wontên bandara apangkat mantri, punika manawi dipun kantunakên anggènipun bêksa kalihan priyantun sanginggilipun, nanging asli alit, inggih botên rêna, amargi mênang bandara. Sapunika gêntos priyantun ingkang mênang pangkat, manawi dipun kawonakên kalihan bandara kados makatên wau, inggih lajêng mrêngguk, garundêlipun: bandaraa kae jênênge wis dadi abdi dalêm, ya kudu nglungguhi apa pangkate. Wah malih ing kala punika adhakanipun sampun kambêtan kukusing unjuk-unjukan, apêsipun sampun manggèn pradikaning batur wani anjèjèri bandara, gampil andadosakên garêjêg.

Sawêg tumrap ingkang nunggil sagolongan kemawon, têgêsipun sami abdi dalêm Kasunanan, sampun pakèwêd kados makatên, dèrèng manawi kamoran priyantun gupêrmenan utawi priyantun Mangkunagaran, punika inggih damêl kisruh malih, awit kêdah mawi mawang irib-iribaning pangkat.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, tumrapipun kala jaman samantên nama kêlimrah, tansah wontên kemawon nalar ingkang tuwuh jalaran saking tiyang gadhah damêl. Kala samantên ngantos wontên priyantun ingkang kaladuk ing pangandika, atêgês banyolan, pangandikanipun makatên: Bêcike tataning pasamuwan kuwi, palinggihane ngêpung meja bundêr bae, dadi ora ana sing diarani linggihe

--- 190 ---

dhuwur sing êndi. Nanging ungêl makatên wau botên wontên wohipun punapa-punapa, tiyang nama namung gêgujêngan.

Ing bab nginggil punika pinanggihipun lajêng sambêt kalihan lêlampahan ingkang pinanggih ing wêkdal sapunika. Kados para maos sampun nguningani pawartos ing bab pasamuwan ing praja Inggris ingkang dipun wastani pasamuwan meja bundêr, inggih punika pasamuwan parêpataning karajan Inggris kalihan para nata bawahipun, ingkang wosipun ngrêmbag badhe mardikaning tanah jajahan. Wontênipun parêpatan wau dipun wastani meja bundêr, pancèn nyata papan ngriku dipun wontêni meja bundêr, kinêpang para ingkang lênggah ing parêpatan. Mênggahing kajêngipun, ing ngriku botên ambedak-bedakakên darajat, sadaya sami kemawon, mênggah nyatanipun, ing papan ngriku botên wontên tiyang ingkang pamapaning lênggahipun manggèn ing prênah ingkang dipun wastani inggil.

Dados panglocitaning priyantun Surakarta kala jaman samantên, saupami dipun nyatanana, bokmanawi kajêngipun inggih kados makatên punika.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Wiwahan

Benjing tanggal 16 Pèbruari ngajêng punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara badhe angramakakên sadhèrèkipun èstri, inggih punika Bandara Radèn Ayu Sukanthi (Mlayakusuma) angsal Radèn Tumênggung Natadinagara, Bupati ing Jêmbêr. Ing astana badhe dipun wontênakên rêsèpsi.

Măngsa malèsèt.

Miturut Darmakăndha, awit dening wontênipun iridan taun punika, cacahipun abdi dalêm kabayan Kabupatèn Surakarta gêdhong kiwa saha gêdhong têngên badhe dipun suda.

Sêsakit pès.

Wiwit tanggal 30 Nopèmbêr dumugi tanggal 27 Dhesèmbêr 1930 ing tanah Indhonesiah ngriki cacahipun tiyang ingkang kenging sêsakit pès sadaya wontên 595.

Prakawis tiyang Arab ingkang ngamuk.

Kados ingkang sampun kawartosakên, dèrèng lami wontên tiyang Arab soroh amuk wontên ing kampung Ngamplungan, Surabaya nanging lajêng ical larinipun. Miturut B.N. samangke pulisi anyêpêng satunggiling tiyang Arab, kadakwa ingkang soroh-amuk wau.

Iksamên Indisch Arts.

Tuwan Karyadi angsal iksamênipun Indisch Arts perangan ingkang sapisan.

Ama liman.

Dèrèng lami kasumêrêpan wontên liman sakawan malêbêt ing kabudidayan Sungesupat (Palembang), adamêl risakipun tanêm-tanêman ingkang taksih ênèm. Administraturing kabudidayan wau lajêng nêdha pitulunganipun militèr. Kalampahan kala dintên Kêmis sagêd amrangguli kewan-kewan wau. Wontên liman èstri agêng kenging dipun sênjata ngantos pêjah, saha wontên satunggal malih ugi kenging, nanging namung tatu kemawon. Sawatawis dintên malih liman ingkang tatu wau pinanggih sampun pêjah wontên ing papan ingkang têbihipun sawatawis kilomètêr saking panggenan wau.

Dhukun bayi.

Ing tanah Indhonesiah ngriki wêkdal samangke cacahipun dhukun bayi wontên 250, ingkang 92 dhukun bayi gupêrmèn, inggih punika ing tanah Jawi 70, ing tanah sabrang 22. Ingkang wontên kursus, dhukun bayi inggih punika ing Bêtawi Sèntrêm, Sêmarang, Surabaya, Medhan, Majawarna, Surakarta, Purwadadi (Grobogan), Blora, Bandhung saha Kudus.

Arak pêtêng.

Miturut pawartos Aneta wêkdal kantun piyambak punika ing Cirêbon kathah pabrik arak pêtêng kadêngangan ing pulisi, ingkang kathah gadhahanipun băngsa Tionghwa. Dèrèng dangu ing sacêlakipun Bêtawi ugi wontên pabrik arak pêtêng kadêngangan ing satunggiling punggawa paos.

--- 191 ---

Palabuhan Tanjungpriuk.

Salêbitapun[6] wulan Januari taun punika cacahipun kapal ingkang malêbêt ing palabuhan Tanjungpriuk wontên 231, salêbêtipun wulan Januari taun ingkang kapêngkêr wontên 253, dados taun punika wontên munduripun sawatawis.

Wisudhan Asistèn Residhèn.

Tuwan C.E. Cohen kawisudha dados asistèn residhèn ing Jawi Kilèn, Tuwan W.J. van de Moosdijk kawisudha dados asistèn residhèn ing Padhang, saha Tuwan R.H. de Heijs kawisudha dados asistèn residhèn ing Jambi.

Tindak salingkuh.

Kados ing panggenan sanèsipun, sêrat-sêrat kabar ing Sumatra Kidul ugi sami nglêmpakakên arta darma kangge mitulungi para ingkang sami kasangsaran awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi. Kawartosakên, sêrat kabar Fadjar Soematra anggènipun kêklêmpak arta darma sampun angsal sawatawis atus rupiyah. Nanging arta wau dumadakan ical botên wontên tanjanipun. Sarêng dipun titi priksa, konangan awit saking tindakipun up rêdhaktur wau, lajêng katahan.

Bêna agêng ing Sumêdhang.

Miturut A.I.D. ing wêwêngkon Sumêdhang katrajang bêna agêng. Ing ondêr dhistrik Pasanggrahan kathah griya sabin ingkang kêlêban. Ing dhusun Sukaayu, Nanggèwèr, Sukamènèk saha Bandhungan watawis wontên sabin sèwu bau ingkang risak. Krêtêg Cipèlès ing sacêlakipun Kalapadhuah dhadhal. Dhusun-dhusun wau krêtêgipun sami risak, margi-marginipun sami kêlêban.

Tampi ganjaran bintang.

Miturut sêrat kêkancingan Kangjêng Sri Maharaja Putri, Tuwan W. Ch. Hardeman, Gupêrnur Jawi Wetan, kaparêngakên nampèni bintang Commandeur van de orde van Leopold van Belgie, Tuwan H.E.K. Ezerman, Gupêrnur Sumatra pasisir wetan, bintang officier der orde van de kroon van Belgie. Bintang kêkalih wau ganjaran saking nata ing Bèlgi.

Kaantukakên saking Dhigul.

Dèrèng dangu wontên tiyang bucalan 68 kaantukakên saking Dhigul nginggil, dalah anak bojonipun sadaya wontên tiyang kalih atusan. Sadumuginipun ing Tanjungpriuk lajêng sami kakintunakên dhatêng padununganipun piyambak-piyambak, inggih punika dhatêng Priyangan, Surabaya, Sêmarang, Surakarta, Ngayogya, Bêngkulên, Sibolga saha Medhan.

Konsul Jendral Tiongkok.

Saking Dhenhah kawartosakên, Tuwan Chang Ming kaakên dados konsul jendral Tiongkok ing Bêtawi.

Pêkên Darma ing Tulungagung.

Benjing tanggal 19 dumugi 21 Pèbruari ngajêng punika ing Tulungagung badhe dipun wontênakên pêkên darma, angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên kangge mitulungi para ingkang sami kasangsaran awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi, tanggal 19 Pèbruari wanji jam 6 sontên pêkên darma wau badhe kabikak dening pangarsaning komite, Tuwan Mr. Duurvoort, presidhèn Landrad.

Dhirèktur Kêbonraja ing Bogor.

Kawartosakên, Tuwan Prof. Dr. W.M. Docters van Leeuwen kawisudha malih dados dhirèkturing kêbonraja ing Bogor. Tuwan Prof. Dr. W.M. van Leeuwen wau samangke taksih wontên salêbêtipun pêrlop.

Dayaning Konkurènsi.

Miturut Mataram awit saking dipun jori oto momotan N.I.S. ngandhapakên prabeyanipun ngusung barang antawisipun Sêmarang kalihan Ngayogya.

Têngku Bêsar ing Kota Pinang.

Sêrat-sêrat kabar Malayu ing Medhan sami amartosakên bilih Têngku Abdul Hamid, putranipun sultan ing Kota Pinang ingkang ăngka kalih badhe kajumênêngakên dados Têngku Bêsar (Pangeran Adipati Anom). Têngku Abdul Hamid wau rumiyin sinau wontên ing pamulangan pangrèh praja pribumi ing Pordhêkok, wêkdal samangke nyambut damêl wontên ing kantor gupêrmèn ing Medhan.

Bêrgêmèstêr Mèstêr Kornèlis.

Miturut K.P. adpisur prakawis dhesèntralisasi badhe ngaturakên usul supados Tuwan Ir. J.G.E. Ruckert kawisudhaa dados bêrgêmèstêr gêmintê Mèstêr Kornèlis, gêntosipun Tuwan M. van Doorninck awit Tuwan van Doorninck wau wulan Mèi ngajêng punika badhe pangkat pêrlop.

Asiah.

Prakawis kraman ing Mènèmèn.

Anggora, 1 Pèbruari (Aneta-Reuter). Sèh Esad, satunggilipun panuntun kraman ing Mènèmèn, nalika dipun waosakên putusaning rad pêrang bilih piyambakipun kaukum kisas, dhawah lajêng pêjah.

Konsêtantinopêl, 2 Pèbruari (Aneta-Reuter). Putusanipun rad pêrang ing Anggorah angukum kisas tiyang 28 dipun têtêpakên dhatêng Nationale Vergadering ing Anggorah. Miturut pawartos saking Konsêtantinopêl, kala tanggal 3 Pèbruari têtiyang wau kalampahan kaukum gantung: ing dhadha dipun tèmplèki sêratan: iki kadadeane wong kang cidra marang paprentahane Kemal Pasah.

--- 192 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

26.

[Pangkur]

Praptaning titi samangkya | punang candhi maksih wutuh tan rêmpil | amung tugu kubêngipun | wus kathah ingkang risak | dening nyata wus jaman kalangkung dangu | parandene têlêngira | maksih tan ewah mêpêki ||

ingkang mangkana sanyata | para janma maksih bangkit mèngêti | mring wujuding yasan luhung | kang tinêmu ing kuna | sanadyan ta wus tinêmu ewon taun | wujudira maksih cêtha | ing warni têtêp tan rêmpil ||

mangsuli ingkang carita | Sang Maindha tumindak lumastari | lêrêm sajroning kadhatun | datan kêndhat mêmulang | ciptanira Pangran Maindha anêru | mrih bangkita kasambadan | mêmulang kênya ing puri ||

traping mulang tan katara | nanging nyata sarwa amikênani | singa kang samya karungu | nadyan tan pinardia | yêkti anut ing tyas kelut kapiluyu | tumutur minta jinarwan | tataning pituduh jati ||

datan dangu kawistara | dayanira nèng pura angênani | kaparêngira sang prabu | angudi ywa kuciwa | nulya paring papan kang kobèt kalangkung | mrih para ingkang sumewa | antuk papan anyêkapi ||

sawarnining kandhang gajah | yèku gajah upacaraning aji | mangkya rinembak winangun | dadya wujud suyasa | kang angêblak wiyar yayah alun-alun | nanging tan dangu katara | mêksa maksih tan nyukupi ||

awit praptanirèng janma | saya agung pindha lubèring tasik | saking adrêng nêdya ngrungu | wêdharing sabdanira | sang linuhung kang inganggêp guru punjul | sawêdharing sabdanira | anggung rinungu dèn èsthi ||

tumuli kaparêng nata | tamansari pura kang dahat luwih | aran taman Nandada wus | pinaringkên pangeran | myang sakanthi para biksu-biksunipun | mrih samya têntrêm manggèna | aywa kongsi nguciwani ||

wusing têtêp Sang Maindha | sri narendra nulya arsa murwani | angrasuk agamanipun | yèku agama Budha | tinut dening para santana kadhatun | miwah pra kawulanira | sadaya tan nêdya kari ||

wusana ing tyas kalêgan | samya mantêp datan nêdya ngoncati | tan dangu warata sampun | tan wontên kalangkungan | ing salajêng Pangran Maindha ing dangu | têntrêm datan arsa oncat | tilar maring Langkapuri ||

malah nulya kawistara | tindakira saya dèn santosani | nulya miji janma punjul | miwah maksih taruna | piniji mrih mring Selon dadya panuntun | pangarsa agama Budha | tan dangu kalakyan nuli ||

malah mangkya garwa nata | apêparab Anula sang suputri | umarêk marang sang luhung | darbe atur ngrêrêpa | kaparênga tumindak ngantêpi guru | arsa bela maratapa | lir satatèng biksu sami ||

linut para abdinira | gangsal atus samya mantêp ing ati | kang wus samya gêlêng sayuk | myang kênya liyanira | sadaya mung arsa anut tatèng luhung | mugi nuli dèn parêngna | pinacaka para tapi ||

nanging Pangeran Maindha | datan wênang nêtêpna para tapi | nulya matur mring sang prabu | kalamun bab punika | kang sayogi sri nata parênga gupuh | nyuwun mring Prabu Asoka | maringna kang putra-putri ||

kang pêparab Sangamita | maring Langka mrih parêng mituturi | awit iku jatinipun | Sang Dèwi Sangamita | wus jumênêng guru Budha kang misuwur | sinêmbah pinuja-puja | sinuyudan para putri ||

Sri Tisa dahat karênan | nulya miji maring pulunan aji | risang Arita jêjuluk | wusing sumiwèng ngarsa | sri narendra nulya alon adhêdhawuh | hèh kulup Arita sira | mêngko sira ingsun piji ||

sing parênge Sang Maindha | sira kulup lumakua tumuli | marêk Sri Asoka Prabu | lawan sira matura | putra nata Sangamita ingsun suwun | praptaa ing praja Langka | mrih mêmulang para èstri ||

awit iku kang winênang | amêmulang lan ngangkat para tapi | Sang Arita bidhal sampun | angêmban dhawuh nata | tan winuwus ing marga mangkya wus tundhuk | umarêk Prabu Asoka | umatur tatas atitis ||

sri nata dupi miyarsa | ing sakala karaos ing panggalih | mangkana osiking kalbu | ingsun bangêt karasa | dene anggung kataman duka kalangkung | nguni ingsun wus kelangan | putraningsun tilar puri ||

mangkya têka kasusulan | ingsun arsa kelangan nini putri | mung yèn rinasa satuhu | ciptanira narendra | datan kêna kalamun acipta puguh | tanapi datan marêngna | maringakên sang sudèwi ||

sri nata nulya ngandika | iya kulup ingsun mung anjurungi | sanadyan ta ingsun tuhu | ing tyas rasa kabotan | dening ngarsa wus kelangan anak jalu | mangkya manèh katumpangan | arsa oncat nini putri ||

nanging cipta kang mangkana | tan lyan ingsun mung ngucap sukur gusti | marma ingsun mung jumurung | amrih bisa sambada | rahayuning bumi myang saisinipun | nini putri Sangamita | dimène budhal tumuli ||

riwusing tata samêkta | nulya budhal putri nata tumuli | kinanthenan laku agung | ingiring para wadya | sêmunira kadi nata andon laku | samarga-marga wèh cingak | sinêngguh nata sajati ||

duk samana cinarita | bidhalira saking praja sang dèwi | pan wus katara ing sêmu | titiking kaluwihan | kang wadana katon winêngku kêkuwung | winawas mawèh pirêna | singa mulat lir katarik ||

sang putri duk bidhalira | sarwi ngasta êpanging kayu bumi | lêncêng ingkang asli tuwuh | nèng praja Budhagaya | kang ing nguni tilas tabêt tapakipun | Sang Budha duk tinarbuka | ugi nèng ngandhap wit budi ||

pang wrêksa ingkang ingasta | sapraptane ing Anurada nuli | tinanêm dening sang ayu | nèng taman Mahamega | kang mangkana ing sêmu apan kadulu | pêpêthaning kajêngira | ingkang tinrapkên ing tulis || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


sanès-sanèsipun. (kembali)
kalangênan. (kembali)
kathah. (kembali)
kados. (kembali)
wontên. (kembali)
Salêbêtipun. (kembali)