Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-01/02, #336

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-01/02, #336. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-01/02, #336. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 1, 2, Januari, Pèbruari 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun Sabên Wulan

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 1, 2.

1. Madal pasihan, 2. Pambage wilujêng, 3. Pasang aliman tabik, 4. Kombingting, 5. Wrêdinipun dolanan dhungkul centhang, 6. Dhêdhapukaning pakêm ringgit wacucal, 7. Têmbung-têmbung mănca ingkang lumêbêt dhatêng basa Jawi, 8. Busananing basa, 9. Mahabarata.

[Iklan]

--- 1 ---

Ăngka: 1, Januari 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Madal Pasihan

Sampun kawan taun lumampah Yapa Insêtitut ngêdalakên sêrat wulanan Pusaka Jawi punika, nama wilujêng sêpên ing sambekala. Wêdalipun Pusaka Jawi punika, minăngka cihna anggèning Yapa Insêtitut anglaksanani patêmbayanipun: ngimpu-impu, anggêgêsang, anggiyarakên, sasaminipun, ingatasipun dhatêng kultur Jawi, Pusaka Jawi ingkang dados ajang ngrêmbag bab wau.

Sakawit redhaksi ingkang minăngka pamong dados êmbanipun Pusaka Jawi warganipun sakawan, ingkang kalih manggèn ing Batawi, ingkang kalih manggèn ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Dhêdhapukan makatên punika sampun sawatawis lami kamanah kirang sakeca, katingal kekuking panindak, sarta kirang lênggah dene pamawasipun dhatêng kajawèn kirang ambalabagi. Awit saking kawontênan makatên wau, pangrèh Yapa Insêtitut marêpat kadospundi murih sakecanipun, golonging rêmbag, dhêdhapukan redhaksi kaewahan, dados ambalabagi wontên ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, têlêngipun kultur Jawi. Redhaktur lami ingkang kapatah nglajêngakên, sarta lajêng andombani lampahing karedhaksèn: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ing Surakarta. Dene kula ingkang tiga sami lèrèh.

Pamuji kula kănca tiga, ewahipun dhêdhapukan redhaksi wau, murakabana dhatêng ajêngipun [ajêngi ...]

--- 2 ---

[... pun] Pusaka Jawi, nêtêpi pangajapipun Yapa Insêtitut.

Kula kănca tiga sami ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami kasdu ambiyantu Pusaka Jawi.

Redhaksi lami: Husèn Jayadiningrat, Y. Kat, Sastrawijana

Pambage Wilujêng

Nyambêti prasabênipun redhaksi lami, wiwit tumanggapipun taun 1926 punika, ingkang sami nandhani ing ngandhap punika kapatah dhumatêng pangrèh Yapa Insêtitut dados redhaksinipun Pusaka Jawi, sêrat pawartos wulanan ingkang ngêwrat andharan ing bab kultur Jawi.

Kadospundi mênggahing paedahipun kultur Jawi wontên ing jagad kajawèn, wontên ing ngriki botên kapratelakakên panjang, sampun dawêg karêmbag ing parêpatan-parêpatan babagan nitipraja, wiwit lairipun pakêmpalan Jawi ingkang sêpuh piyambak bab punika sampun dados sarasehan, malah Budi Utama sampun mutusi, kamajêngan Jawi kêdah adhêdhasar kultur Jawi.

Ingkang punika, sapintên anggèning ambobot paedahipun Pusaka Jawi wontên ing kamajêngan Jawi, nyumanggakakên para nupiksa.

Nuwun, redhaksi anggèning kadugi ngêmbani Pusaka Jawi, punika kabêkta saking katuju ing ênu, condhong dhatêng dhêdhasaring sêdyanipun Yapa Insêtitut, bilih nimpuna tuwin mumpuni dhatêng prakawis isinipun Pusaka Jawi. Mila inggih pintên banggi sagêd damêl pamarêm, ngrêsêpakên dhatêng para maos kemawon, redhaksi sampun rumaos bagya.

Awit saking punika: dhuh para ingkang sami asih dhatêng kultur Jawi, sangêt ing pangajêng-ajêngipun redhaksi, kaparênga mudhoni ambabar kawruh kajawèn, minăngka panyana wèdining kawruh wau, wasana ngêdalakên sorot gumêbyar dados sêsuluhing ngakathah. Kauningana malih, ing dalêm ayat masitakakên: têtiyang ingkang adarbe kawruh, măngka botên nêdya kagiyarakên ing liyan, punika prasasat ngunthêt barang titipan.

Dhuh para pakêmpalan ingkang sami marsudi kultur Jawi, Pusaka Jawi nayogyani sarta badhe ambiyantu sangêt dhatêng kaparêng panjênêngan, pramila sagah dados kumandhang panjênêngan. Awit saking punika, manawi kagungan rêmbag-rêmbag ingkang prêmati, maedahi ing ngakathah, kaparênga ngintunakên dhatêng Pusaka Jawi.

Dhumatêng para manjurung lami, panyuwunipun redhaksi, panjênêngan sampun ngantos kêmba, kaparênga nglastantunakên ngintuni panjurung, inggih makatên punika darma panjênêngan dhatêng Pusaka Jawi.

--- 3 ---

Kajawi punika, ngaturakên prasabênan:

Ha. Murih tumbuk kalihan jangkêping petangan taun, widalipun[1] Pusaka Jawi ing wulan Januari kadamêl ăngka I taun V.

Na. Wiwit wêdalipun Pusaka Jawi ing wulan Januari punika, tataning panyêrat ngangge putusan kumisi dhapukan Radyapustaka ing Surakarta, kajawi manawi kamanah prêlu, kados ta têmbung-têmbung ngamănca ingkang kapinujon prêlu, ing sasagêd-sagêd kacêthakakên pakêcapanipun.

Ca. Dalancanging kupi namung kasêrat sasisih, tigang prapat kaca, sarta kasêrata ingkang cêtha.

Ra. Panjurung utawi sêrat-sêrat babagan karangan, ngalamatipun mirsanana tapihing Pusaka Jawi.

Redhaksi: Adiwijaya, Sasrasugănda, Yasawidagda

Pasang Aliman Tabik

Bêbasanipun, sumêngka pangawak braja, dene kula pun Sasrasugănda, purun anampèni panantunipun pangrèh Yapa Insêtitut, andhèrèk ambusanani sêrat wulanan, Pusaka Jawi. Ingkang mawi kula punika miskin kawruh tur cupêt ing pasinaon. Pangajêng-ajêng kula sagêda awèt anggèn kula ngêmbani, mugi sagêda kaleberan ing kagunan sawatawis.

Pusaka Jawi kasusastranipun badhe miturut pamanggih Radyapustaka, sukur ing Pangeran, manawi lampahing kasusastran sagêd racak ing pundi-pundi, sagêd kantênan adhêping pasinaon kasusastran.

Wasana kula andhèrèk angajêng-ajêng sangêt, mugi-mugi para priyantun sarta para sadhèrèk ingkang sami marsudi kasusastran karsa alêledhang ingkang kêrêp dhatêng alun-aluning Pusaka Jawi, tamtu badhe kula sambrama ing kabatosan.

13/01/1926

Pun, Sasrasugănda

Kombingting

Nalika kula taksih alit, balon damêlan Walandi dèrèng dumugi ing tanah Jawi. Ingkang asring ngumbulakên balon namung băngsa Cina.

Yèn tiyang Jawi anggènipun mastani balon wau: kombingting. Makatên punika miturut pamirêngipun, kêdaling pakêcapan Cina, tur lajêng dipun ongoti murih gampilipun.

Ing salêbêtipun kula ngolak-alik babad-babad nagari Cina sarta maos cariyos tuwin dadongenganipun, tuwuh angên-angên kula, bilih têmbung kombingting punika tuwuhipun saking têmbung: gongbing: ting (gongmbing: ting). Têgêsipun, tinge gongmbing. Wondene

--- 4 ---

larah-larahipun makatên. Watawis ing taun Masèhi 200 ing nagari Cina wontên băngsa luhur satunggal madêg ratu, anama: Laupi, mêngsah karaton lami ingkang dipun êmbani dhatêng pêpatih ingkang saklangkung wêgig angêrèh bala, namanipun Cojo. Băngsa luhur wau sagêdipun nandhingi karaton margi gadhah guru pêrang anama Gongbing. Wondene Cojo inggih gadhah guru ngiras dados senapati, anama Sumai.

Ing alami-lami Sang Gongbing rumaos manawi badhe dumugi ing jangji. Manahipun tansah mêlang-mêlang, bokmanawi ratu ingkang dipun êmbani lajêng asor juritipun. Mila lajêng ngulir budi, sagêda taksih tumulung ing pêrang ing sasampunipun tilar donya. Ing jaman samantên para Cina ing nagari Cina sami mrasudi dhatêng ngèlmu palintangan. Anamung tanjaning ngèlmu palintangan ing jaman samantên, gèsèh kalihan ing jaman sapunika. Para ahli palintangan ing jaman samantên sami mastani bilih satunggal-tunggaling tiyang ing alam donya punika sami gadhah lintang piyambak-piyambak. Manawi lintangipun tiyang wau surêm, mratandhani bilih anglêrêsi apês. Dene manawi sirêp, pratăndha manawi sampun pêjah.[2]

Sang Gongbing saklangkung pinunjul dhatêng ngèlmu palintangan, sagêd sumêrêp punapa ingkang badhe kalampahan ing salêbêting sèwu taun, sarta ingkang sampun kalampahan ing salêbêting sèwu taun, namung mirid saking ngèlmu palintangan kemawon. Sarta malih Gongbing inggih sumêrêp bilih Sang Sumai inggih mrasudi dhatèng ngèlmu palintangan, namung dèrèng papak kalihan kawruhipun Sang Gongbing. Prakawis punika ingkang badhe kadamêl dhêdhasaring pangrekadaya sagêdipun angloropakên dhatêng Sumai.

Gongbing sumêrêp, bilih Sumai ering sangêt dhatêng piyambakipun. Manawi Gongbing taksih gêsang, pun Sumai masthi botên purun calangkrakan anglurugi. Pramila sadèrèngipun pêjah, Gongbing mêling wantos-wantos dhatêng gagêntosipun, suraosipun makatên: Besuk yèn aku wis tumêka ing jangji, sabên sore kowe ngumbulna ting sing mêngkene-mêngkene rupane. Yèn ajêg olèhmu ngumbulake ting mau, Sumai wis mêsthi ora wani nglurug mrene. (Bab pandamêlipun êting, sarta rekanipun angumbulakên, sampun dipun wurukakên sadaya).

Sarêng Gongbing pêjah, pêjahipun wau dipun damêl wados, botên wontên ingkang sumêrêp, kajawi băngsa karaton ing nglêbêt. Sabên sontên ing griyanipun Gongbing angumbulakên êting ingkang sagêd nunggil kalihan mega.

Kacariyos pun Sumai. Sumai pancèn limpad ing petangan, sumêrêp bilih miturut petangan, Rêsi Gongbing sampun tilar

--- 5 ---

donya. Pramila lajêng tata-tata nglurug, anggêgabah prajuritipun. Sarêng sampun samapta sadaya lajêng bidhalan. Sarêng sampun dumugi nagari ingkang dipun êmbani dhatêng Rêsi Gongbing, ing wanci dalu sumêrêp, bilih lintangipun Rêsi Gongbing taksih kêncar-kêncar wontên ing antariksa. Sangêt kagètipun. Botên sumêrêp, bilih ingkang dipun wastani lintangipun Gongbing wau: êting. Pramila lajêng enggal wangsul dhatêng nagarinipun, kuwatos manawi kasêlak kadêngangan dhatêng Rêsi Gongbing. Anggènipun wongsal-wangsul makatên wau ngantos kaping-kaping ing salêbêtipun sataun. Sangêt anggènipun botên mangêrtos, sabab, manawi miturut petangan, Rêsi Gongbing têtela sampun pêjah. Lintangipun kok taksih thêrong-thêrong wontên ing gêgana. Sarèhne petanganipun dipun wongsal-wangsuli sampun kêpanggih lêrês, măngka kok botên cocog kalihan kawontênanipun, punika andadosakên èmêngipun Sang Sumai. Pramila lajêng nglampahakên têlik, dom sumurup ing banyu. Ing ngriku lajêng sumêrêp, bilih ngantos wongsal-wangsul anggènipun kalorop. Bab anggènipun anglurugi malih, botên kula cariyosakên ing ngriki. Namung prakawis ting wau, ngantos dumugi alitan kula taksih kawastanan, kombingting. Ingkang lêrêsipun anama: gongbingting.

Kusumatmaja

Wrêdinipun Dolanan "Dhungkul Centhang"

Kula nuwun, ing sasampunipun kula maos kabar: Pusaka Jawi, wimbanipun wulan Juni 1925 ăngka 9, ingkang ngêwrat ungêl-ungêlaning dolanan lare, mawi sinawung ing têmbang Dhandhanggula 5 pada, tuwin mawi jarwa lugunipun ungêl-ungêlan: dhungkul centhang, sapiturutipun. Panjurung wau cinirèn saking Sukaharja (Surakarta), katandhan nama sadhèrèk Mangunpradana. Mawi dipun nut ing panjênênganipun sang minulya tuwan rêdhaksi, suraos bilih dolanan wau dèrèng kalêbêt ing Sêrat Raryasaraya (anggitan dalêm Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, ing Surakarta), kaajêng-ajêng sami kaparênga mêdhar wardinipun wontên ing taman Pusaka Jawi.

Ing mangke kula nyuwun lubèring pangaksama, ing para paramèng sastra, tuwin pra limpad wicaksana, ingkang mêmpan ing lêlungit pasanggraitaning galih, dhumatêng sadaya sasmitanipun Hyang Suksma. Dene kula cumanthaka atur pamanggih, ingkang amung mêdal kintên-kintênipun manah, kumapurun ambatang wardinipun dolanan wau. Ananging samantên wau bilih dèrèng kawrat ing Sêrat Raryasaraya, tuwin niring pidosa saking ingkang ginadhuhan panguwasa, sing timbangan panggalihipun sang minulya, tuwan rêdhaksi: Pusaka Jawi, mangkya pambatang kadi ing ngandhap punika.

--- 6 ---

1. Dhungkul, atêgês : agêng utawi rosa utawi kinawasa.

2. Centhang, atêgês : wadhah utawi papan panggenan.

3. Aku dhèlêg, atêgês : aku gêdhe utawi dêlêging wit.

4. Kowe kênthang, atêgês : kowe cilik, awit kênthang têtêdhan ingkang witipun alit.

5. Bocah cilik dadi ratu : sanepaning sudra dados ratu utawi kinawasa, utawi mêmiringi panjênêngan nata ingkang dèrèng diwasa ing panggalih (kacundhukna Sêrat Sèh Tekawardi).

6. Unggahna gunung Lawu : unggahna (têmbung pakèn), gunung Lawu= papan inggil, utawi dununging kamulyan.

7. Mantiyung kabotan mêndhung : mantiyung= tumungkul. Kabotan= kabotan, mêndhung= pêpêtêng, awit mêndhung sagêd anglimputi padhanging surya.

8. Cênggèrèk wadêr ucêng : kêncêngipun amung sak dhèrèk, sambêt bocah cilik dadi ratu. Wadêr ucêng= ulam lèpèn ingkang alit, gampil kenging wisayaning manungsa, sanepanipun janma ingkang botên wicaksana.

9. Ana dhayoh takon jênêng : bokmanawi: ana dhayoh ditakoni jênênge.

10. Jênênge Ăntarêja : ănta: wancahanipun, ananta utawi kaanan. Rêja= raharja. Dados wardinipun, jênênge: kaanan kang raharja utawi kang gawe raharja.

11. Disuguh wedang gula : wedang gula: amung sagêd adamêl têlêsing gondhang (gorokan) sanepaning icaling kapitunan botên sapintêna.

--- 7 ---

12. Gulane gula Jawa : kita Jawi utawi asil saking kita Jawi.

13. Sing anjaluk kidul kana : (ing pundi? sumăngga).

14. Thong thing thong brung : oncating sasêgah utawi oncating panggondholipun kucing.

15. Omah cilik digondhol kucing : panguwaos alit utawi kita kawula, kucing punika kewan tutut ingah-ingahanipun manungsa= sanepanipun... ?

16. Kucinge mlayu ngidul : dhumatêng??

17. Kêpêthukan Cina gundhul : ??

18. Pêkekah-pêkèkèh : lampahing janma ingkang botên jêjêg utawi?

19. Silit kodhok bisa ngocèh : silit kodhok peranganing angganipun manungsa ingkang kaprênah kiwa sangêt, utawi kawula alit peranganing praja, sagêd ngocèh utawi nyuwara.

20. Ngoceha pinggir kali : supados ngocèh ing panggenan sêpi.

21. Pacitane tai babi : sêsukêr babi punika, dèrèng patos kasumêrêpan kanggenipun (beda kalihan tlethong kapal, lêmbu, maesa, kenging kangge rabuk, tansah kaupadosan tiyang), dados ing mangke pacitanipun ingkang anjêjêmbêri sangêt utawi?

Samantên gaduging pamanggih kula, tarlèn amung sumăngga pra limpad wicaksana.

Kasêrat ing Sukaharja kaping 20 Juli 1925.

Pun mudha punggung dama: Sudarsana

--- 8 ---

Dhêdhapukaning Pakêm Ringgit Wacucal

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 3 taun IV)

6. Dhalang: têgêsipun sêsulihing Pangeran, kang sinung kawasa angebahakên saliring dumadi gadhah lêlampahan. Mênggah kabatosanipun, inggih pralambanging jiwa anggèning angebahakên gêsang kita, manggèn cêlaking kandil. Limrahing tiyang ningali wayang botên andulu dhatêng dhalang amung amêlêng dhatêng ebah osiking wayang kapêtha sagêd micara saha ebah piyambak.

7. Kêpyak saha capala (cêmpala)

Dados cêcêpênganipun dhalang kangge angsung pratăndha (sasmita) dhatêng niyaga, manawi nêdha ewahing lagu gêndhing, mênggahing kodrat inggih makatên, manawi badhe wontên ewah-ewahaning jaman, saèstu mawi pratăndha. Tumrap tiyang satunggal, inggih mawi pasêmon angsung sasmita yèn wontên sigêg badhe ewah-ewahing lêlampahan. Tumrap ingkang nastiti saha waspada sagêd mangrêtos.

8. Kothak, punika kajawi kangge wadhah parimataning ringgit, inggih kangge tatabaning kêpyak saha capala. Pralambanging kodrat, dados pasingêdanipun sadaya ingkang botên malêbêt lampahan, kabatosanipun ingkang măngka raga wadhag.

9. Pangkon, tutuping kothak ingkang kapasang satêngêning dhalang, kaselehan ringgit ingkang cumêpak badhe kawêdalakên. Kabatosanipun pundi ingkang katêngênakên ing pamanahanipun tiyang, saèstu adhakan kengis ing kalairan.

10. Panggungan utawi sumpingan. Inggih punika ringgit ingkang katata jèjèr tumancêb ing dêbog, kanan keringing dhalang. Kapilah kalih, ingkang manggèn ing têngêning dhalang, punika ringgit ingkang wêwatakanipun alus saha ngadil. Dene ingkang wontên kiwa ringgit ingkang watakipun arda.

11. Para panyumping, sadèrèngipun anata ringgit panggungan, langkung rumiyin angobong dupa, ambikak kothak, lajêng anyandhak kayon (gunungan) katancêbakên têngah lêrês sangajênging balencong. Têgêsipun, sadèrèngipun dumadi sadaya punika gumêlar ingkang jumênêng rumiyin, inggih punika kayon (kayu, têgêsipun, gêsang kang langgêng), ing ngriku panyumping sawêg anglajêngakên nata panggungan ringgit wacucal saking ingkang têngên, lajêng ingkang kiwa.

12. Mênggahing ringgit purwa, mawi binarung ing găngsa surendra (palendro),[3] mawi santun pathêt rambah kaping tiga, wiwit sontên, nênêm, pralambang pasêmoning gêsang mawi raos nênêm, têngah dalu santun sanga, pralambang manungsa punika gadhah babahan hawa sanga. Bangun enjing mawi pathêt manyura (mêrak), pratăndha sampun amêraki wusananing lêlampahan, [lêla ...]

--- 9 ---

[... mpahan,] andungkap wijiling hyang bagaspati.

Bab adêging pakêm (lampahan)

13. Adêgan jêjêr. Inggih punika adêganing karaton binathara ingkang anêdahakên jaman punapa ingkang kangge cariyos, ingkang murwani lêlampahan. Ing kabatosanipun, osiking cipta badhe anglairakên karsa, makartèkakên pêpenginan, amargi wontên ingkang ginayuh. Sasampuning andhawuhakên pêpatih, sang nata jêngkar angadhaton.

14. Kadhatonan. Punika sasmitaning jaman antaka. Sang nata kondur dhatêng dhatulaya kèndêl ing kori brajanala, têgêsipun angajêngakên dirgamaning manah, manawi sagêd anguwalakên inggih sagêd malêbêt. (Makatên ugi lampahing pasêmadi).

15. Inêbing kori brajanala, ginambar dewa-dèwi, măngka pêpèngêt, manawi minêb kadi pêpasihan, manawi mênga kadi bedhang sêmayan, anêdahakên, manawi tiyang taksih kèrêm dhatêng kadunyan, yêkti botên winêngan kori. Ananging manawi sagêd mêngkêrakên punika wênganing wiwara nugraha, nadyan amung sakêdhap, botên ketang wangsul malih.

16. Salêbêting dhatulaya kawursita botên kantênan rintên dalunipun, amargi nadyan dalu kaèbêkan ing ujwalaning musthika maniking toya ingkang sami wontên pucaking gapura, miwah prabaning mutyara sêsotya rêrêngganing dhatulaya ingkang minăngka pratandhaning rintên dalu amung pêksi jiwa-jiwa sajodho (utawi pêksi dewata), manawi pêksi kêmpal punika dalu, manawi pêksi pêpisahan punika siyang, suraosipun, kêmpaling pêksi: manawi manungsa kasêngsêm ing kadunyan, satêmah pêtêng ing manah, dene yèn sagêd pisah, badhe karaos padhang.

17. Sang nata pinanggih lawan pramèswari, têgêsipun manawi sampun kawasa ambirat dirgamaning brajanala, nadyan ing alaming kasuksman saèstu kadunungan saha kawasa mêngku raosing kamulyan.

18. Amangsuli paseban jawi, sang nayaka waktra wontên ing pagêlaran undhanging wadyabala, andhawuhakên têmtuning karya, inggih punika karampunganing pamikir ambujêng pêpenginan amardi tumandanging anggaota.

19. Adêgan kaping: 2, karaton ingkang anuwuhakên rubedaning lampahan: ugi angangkatakên wadyabala angrêbat punapa wosing gêgayuhan. Punika pralambang sanèsing tiyang ingkang angumbar arda angkara.

20. Têmpuking lampah prang gagal, rêbat dêging pêpenginan kalihan kaardan, botên kantênan ingkang mênang, lajêng simpangan. Dumugi adêgan wau larasing găngsa mawi pathêt nênêm. Angsung pêpèngêt dhatêng ingkang sami mirsani karsaa angraosakên sasmitaning lampahan.

--- 10 ---

21. Adêgan pandhita kalihan bambang, inggih punika guru kalihan siswa (wahyu kalihan pamarsudi), sasampuning winêling babaraning lampahan, bambang lajêng kesah, dumugi margi kapapag kalihan wadyabalaning kaardan, lajêng prang, inggih punika pralambangipun kawicaksanan amêrangi kamurkan, winastan prang kêmbang, ing ngriku bambang tamtu unggul sagêd anyirnakakên angkara murka. Samantên larasing găngsa sampun santun pathêt sanga, anêdahakên panumpêsing napsu hawa, inggih amung ingkang angsal wahyu nugraha ingkang unggul.

22. Adêgan karaton ingkang badhe dados rêrêbatan, têmpuking paprangan ingkang kaping tiga, dhatêngipun bambang ingkang ambêk sadu, inggih punika sasmitaning manungsa ingkang sarwa narima, angsal pitulung nugraha.

23. Wêkasaning lampahan, prang sampak, sirnanipun ingkang sami rêrêbatan. Karahayonipun ingkang rinêbat, larasing găngsa santun manyura, marambah-rambah adêgan saha paprangan wau, sarwa rancagan.

24. Wêkasaning paprangan, têlasing lampahan, kalêmpaking ringgit ingkang kataman bêbaya sampun wilujêng. Lajêng anjogèdakên golèk, mawi gêndhing ginonjing. Suraosipun angsung sasmita dhatêng ingkang sami mirsani, supados mangrêtos bilih sampun rampung, anggonjingakên palênggahipun, sarta karsa angupadosi pagêdhonganing lampahan.

25. Suwuking gêndhing ginonjing, dhalang lajêng anancêbakên gunungan ing satêngahing ringgit ingkang kêpang kêmpalan wau, angsung pratăndha rampunging lampahan sadaya wangsul dhatêng kasugêngan langgêng, ingkang jumênêng ing têngah-têngah. Găngsa sampun ngungkung lajêng suwuk bibar.

26. Sakukudipun sadaya wau, balencong kabêkta mantuk ing kyai dhalang, nadyan ringgit dèrèng kinukud dening panyumping, dumugi griyanipun kyai dhalang sawêg kenging pinêjahan latunipun (sanadyan antukipun wau sampun malêthèk surya). Makatên wau sanadyan manungsa punika sampun pêjah, têlasing lampahanipun, sajatosipun, datipun taksih dangu lampahipun wangsul dhatêng don wêkasan unggyaning kang Mahakawasa.

Tamat

R.Ms.Ng. Sumaatmaka, M.N. Surakarta

Têmbung-têmbung Mănca ingkang Lumêbêt dhatêng Basa Jawi

Basa ingkang tulèn utawi murni, punika bokmanawi ing jaman sapunika botên wontên, dene sabab-sababipun kabêkta saking sarawunganipun băngsa sami băngsa, saya alus kasusilanipun, sangsaya kathah basanipun mănca ingkang dipun angge. Anggènipun purun ngangge

--- 11 ---

basa mănca, punika botên gadhah niyat badhe ngrisak basanipun piyambak, saking anggènipun ngajêngi dhatêng têgêsipun têmbung mănca wau. Măngka basanipun piyambak ingkang ngêplêki têgêsipun satêmbung sami satêmbung botên wontên, punapa malih manawi ingkang wujud têmbung aran, măngka ing tanahipun piyambak barang wau botên wontên, sampun tamtu inggih lajêng dipun angge makatên kemawon, ewaha dêstun inggih namung pakêcapanipun, kakêcapakên cara basanipun piyambak, makatên wau sampun nama limrah, amila manawi basa Jawi badhe dipun rêsikakên yêktos, botên purun ngangge basa mănca ingkang angajawi (mangsuk Jawi) rumaos kula tanpa damêl, tiwas rêkaos, patuwasipun botên wontên, punapa badhe botên sarawungan kalihan băngsa sanès, botên sagêd. Pamanah kula: prayogi têmbung-têmbung mănca ingkang lumêbêt dhatêng basa Jawi punika inggih dipun angge, botên susah dipun pados-padosakên cara Jawinipun manawi pancèn botên wontên, ananging kêdaling pakêcapanipun kemawon kêdah dipun turutakên pakêcapanipun băngsa Jawi, rimbagipun inggih rimbag Jawi.

Rumiyin băngsa Walandi inggih sampun nate damêl ada-ada badhe ngrêsikakên basanipun, mawi nyarawalandèkakên têmbung: Prancis, Jêrman, Inggris, Sêpanyol, ingkang sami kangge ing basa Walandi, upaminipun Ingenieur punika têmbung Prancis, têgêsipun tiyang pintêr, badhe kacarawalandèkakên, Vernufteling, sèkrêtaris (secretaris) juru sêrat wados, badhe kacarawalandèkakên Geheimeschrijver, botên sagêd, malah dados gêgujêngan, dados ada-ada makatên wau cabar, ihtiyaripun tanpa dados, sapriki lêstantun ngangge têmbung-têmbung mănca, namung pakêcapan sarta pangrimbagipun inggih kacara Walandi, dene yèn têmbung ingkang kangge ing babagan kawruh panyêratipun sami kalêstantunakên, kados ta: Monopolie, Theologie, makatên ugi ing basa Jawi, manawi têmbung mănca wau kamanah parlu, panyêratipun kalêstantunakên, inggih kasêrat kados salugunipun, namung pakêcapanipun kemawon ingkang kacara Jawi, kados ta: amtênar (ambtenaar) bêstir (bestuur) obrus (overste) sapanunggilanipun.

Têgêsipun têmbung mănca ingkang sami kangge ing basa Jawi punika prêlu sangêt dipun sumêrêpi, jalaran kathah kemawon tiyang ingkang angêcapakên têmbung mănca botên ngrumaosi ngangge têmbung mănca, kaanggêp inggih têmbungipun piyambak kemawon.

Anggènipun têtiyang kathah sami nglênyêm kemawon bilih ngêcapakên têmbung mănca punika dede lêpatipun ingkang ngangge, namung saking botên wontên ingkang nêrang-nêrangakên, utawi anggènipun ulêt-ulêtan kalihan basa Jawi sampun rumasuk, kados ta: anglo, punika jêbul têmbung Cina, băngsa Cina mastani ang lo. Tahu, punika inggih têmbung Cina malih, băngsa [băng ...]

--- 12 ---

[... sa] Cina mastani takwe. Wontên malih ingkang cariyos, bilih têmbung bothekan, punika asalipun saking têmbung apotheek. Wallahualam, ail, punika têmbung Arab. Têrkadhang malah wontên têmbung mănca, sarêng kaangge ing basa Jawi têgêsipun lajêng gèsèh kalihan waunipun, gèsèhipun wau botên saya wiyar lèrègipun, malah kosokwangsul, inggih punika saya wadhag, kados ta: napsu, têmbung Arab, têgêsipun kaniyatan ingkang anggayuh dhatêng barang-barang, wusana sarêng dados têmbung Jawi namung têgês: muring. Wontên malih têmbung: sabar, têgêsipun wiyar sangêt: bêtah, santosa, mêngku, momot, sarèh, mantêp, têtêp, bokmanawi taksih malih. Ananging sarêng kaangge wontên ing basa Jawi, adhakanipun inggih namung atêgês: narimah. Wontên malih têmbung: arta, punika têmbung Sansêkrit, têgêsipun: wajib ngupados pangupajiwa, gampilipun inggih barang kadonyan, ingkang kenging kadamêl nyampêti gêsang cara donya, dene wujudipun kados ta: têtanèn, nênukang utawi yêyasan, kagunan, kalangkungan, kaurmatan, tuwin sanès-sanèsipun, wusana sarêng dados basa Jawi, namung atêgês saêbab inggih punika: yatra (rêdana, dhusun), wontên malih têmbung: adi, têmbung Sangsêkrit, têgêsipun: ingkang kawitan, ingkang rumiyin piyambak, ingkang minulya, wusana sarêng dados têmbung Jawi limrahipun namung atêgês: sae. Taksih kathah malih panunggilanipun.

Amila prêlu sangêt wiwit sapunika têmbung-têmbung mănca wau sami dipun pilihi, dipun dadosakên sabuku piyambak. Wiwit rumiyin mila pancèn dèrèng wontên pèngêtan têmbung mănca ingkang kangge ing basa Jawi. Têmbung-têmbung ingkang sampun kadangon mangsuk Jawi, inggih dhasar angèl panglacakipun, tidha-tidha anggènipun badhe mastani, punapa punika têmbung Jawi punapa dede.

Nalika jaman tiyang Indhu angajawi ambêkta têmbung Sangsêkrit, bêbêktanipun Sêrat Mahabarata, Ramayana, Wedha-wedha, sami kasêrat ing sastra saha basa Sangsêkrit. Para sarjana sujana Jawi jaman samantên kasupèn botên karsa damêl buku cathêtan bab têmbung Sangsêkrit, malah têmbung Sangsêkrit mangsukipun Jawi kados dipun sokakên, carub dados satunggal, sapunika kecalan lari. Punapa basa Jawi punika waunipun wontên piyambak, punapa pancèn malihanipun basa Sangsêkrit dados Kawi (Jawi Kina), Kawi lajêng malih dados Jawi sapunika punika, punika kula sumanggakakên dhatêng para linangkung. Namung wujudipun sapunika basa Jawi Kawi ingkang lêrêsipun kawastanan Jawi Kina punika dêlêgipun kathah sangêt ingkang sami kapanggih wontên ing basa Sansêkrit, ngantos nama-namanipun sadaya tiyang Jawi mèh sadaya sagêd kapanggih wontên ing basa Kawi utawi Sangsêkrit. Sapunika kadospundi anggènipun badhe mèngêti pundi Jawinipun, pundi Sangsêkritipun. Mila prayoginipun basa [ba ...]

--- 13 ---

[... sa] Kawi saha Sangsêkrit punika botên kalêbêtakên ing pèngêtan têmbung mănca, dados kadhaku. Ewadene kula inggih nyumanggakakên dhatêng para linangkung malih.

Ing nalika băngsa Jawi kadhatêngan băngsa Cina, sakawit mêsthinipun lêlayanan bab dagangan, basa Jawi inggih kalêbêtan têmbung Cina, ewadene para sarjana sujana jaman samantên inggih botên karsa damêl pèngêtan têmbung Cina. Măngka kaangge sarawungan padintênan. Kathah kemawon tiyang Jawi ingkang anggumujêngakên bilih mastani barang ingkang saking Cina, upaminipun: bakmi, bak, têgêsipun ulam babi, mi, inggih: mi. Dados kajêngipun, olah-olahan mi ingkang mawi ulam babi. Ananging tiyang Jawi kathah ingkang mungêl: aku gawèkna: bakmi, ora nganggo iwak babi. Utawi dipun wastani: bakmi Jawa. Wontên malih băngsa ngabotohan: cap ji ki, utawi cap ji kya. Cap= sadasa, ji= kalih, ki= kêrtos. Kajêngipun, dolanan mawi kêrtos kalih wêlas. Tiyang Jawi asring wontên ingkang mungêl: ayo, cap ji kya nganggo krêtu nêm bae.

Ing nalika băngsa Jawi kadhatêngan băngsa Arab, ambêkta basa Arab, sêrat-sêrat kasêrat cara Arab, lumêbêtipun têmbung Arab dhatêng basa Jawi kados dipun byukakên, kabêkta saking nyarêngi tumangkaripun agami Islam, ingkang dipun angge nêrang-nêrangakên têmbungipun Arab. Nanging para sarjana sujana jaman samantên inggih kasupèn malih, botên damêl cathêtan têmbung wau. Bêgja dene sapunika sampun ragi kathah para sarjana sujana ingkang ngêrtos ing têmbung Arab, dados ragi mayar anggènipun damêl pèngêtan.

Makatên ugi ing nalika băngsa Jawi sarawungan kalihan băngsa Portêgis, Sêpanyol, Inggris, inggih botên damêl cathêtan bab têmbung-têmbung mănca wau, măngka basa-basa wau sapunikanipun sampun sami botên mêkar wontên ing tanah Jawi, tamtu rêkaos anggènipun naliti têmbungipun ingkang lumêbêt ing basa Jawi, bokmanawi sarjana Jawi ingkang ngrêtos ing basa wau inggih botên kathah.

Hla, sapunika jamanipun băngsa Jawi sarawungan kalihan băngsa Walandi, inggih jaman sawêg mêkêr-mêkaripun[4] basa Walandi wontên ing tanah Indhia, inggih jamanipun băngsa Indhia sawêg sami ngangsu kawruh Eropah, ngangge cidhuk basa Walandi (ing tanah Indhu cidhukipun basa Inggris), punapa inggih para sarjana sujana Jawi ingkang mênangi rame-ramenipun basa Walandi wontên ing tanah Jawi, badhe kasupèn malih damêl pèngêtan, mêsakakên băngsa Jawi ing têmbe wingking, mindhak cênunukan kados băngsa Jawi sapunika dhatêng têmbung mănca ingkang sampun-sampun, mumpung sami ngalami luhuripun basa Walandi. Mèh sabên wontên tiyang ginêman katrocoban têmbung Walandi, punika anggènipun mèngêti langkung gampil tinimbang ingkang sampun kapêngkêr.

--- 14 ---

Ringkêsing atur pamrayogi kula, namung kêdah ngajêngi dhatêng têmbung-têmbung mănca, nanging kêdah dipun ngrêtosi têgêsipun ingkang salugu. Dene pakêcapanipun, kêdah manut kêdaling pakêcapan Jawi, namung panyêratipun bilih parlu kêdah dipun lugokakên, dene ingkang utami malih punika inggih kêdah damêl bausastranipun têmbung mănca, ananging kêdah alon-alonan, awit pandamêlan ingkang rêkaos, sabab ingkang kajibah anggarap kêdah para ahli basa sayêktos, apêsipun kêdah mumpuni kalih utawi tigang basa (basa kilenan saha wetanan) punapa malih botên namung priyantun satunggal kalih, taksih kawratên, sakêdhikipun ingkang anggarap punika manut cacahipun basa ingkang lumêbêt ing basa Jawi, sarta inggih ingkang putus dhatêng basa ingkang badhe kagarap, botên cêkap namung katêrangakên candhela, punika têmbung: Portêgis. Pakêcapanipun kadospundi, panyêratipun ingkang lugu kadospundi, sarta têgêsipun ingkang sayêktos kadospundi. Salajêngipun anggènipun ngabsahakên kasarêngakên konggrès basa Jawi.

Puwungan sawontênipun, dipun cicil, sapintên angsalipun prayogi kapacaka wontên ing Pusaka Jawi, sabên mêdal dipun wêwahi, ing benjing konggrès ingkang nêtêpakên, pundi ingkang kaêsahakên, pundi ingkang botên.

Kangge ancêr-ancêr, têmbung-têmbung mănca ingkang lumêbêt ing basa Jawi punika, kajawi têmbung Kawi kalihan Sangsêkrit, inggih punika: Têmbung Cina. | Têmbung Arab. | Têmbung Portêgis. | Têmbung Sêpanyol. | Têmbung Inggris. | Têmbung Walandi.

Bokmanawi taksih wontên malih. Dene ngrêmbakanipun têmbung-têmbung mănca wau ênggèn-ênggenan utawi golong-golongan, miturut prêlunipun, upaminipun: sabên-sabên angrêmbag bab kawruh batos, têmtu kathah sangêt têmbungipun Arab. Sabên-sabên ngrêmbag babagan praja, têmtu kathah têmbungipun Walandi, makatên sasaminipun.

Kajawi makatên, wontên malih golong-golonganing têmbung mănca ingkang panganggenipun ênggèn-ênggenan, kados ta: ing tangsi, ing sêkolahan, ing pêkên (padagangan), ing kawruh patukangan, ing pabrik, ing kontrakan, ing kaprajan, ing băngsa olah-olahan, ing băngsa pangangge saha ing kantor-kantoran. Sadaya wau sami ngangge têmbung-têmbung mănca ingkang gathukipun mathuk kalihan pandamêlan ngriku. Dados sintên para sarjana ingkang karsa damêl urun-urun utawi panjurung paring têmbung-têmbung mănca, lajêng gampil dening mawi ancêr-ancêr golong-golongan wau.

Pun, Sastrawirya.

--- 15 ---

Busananing Basa

Ingkang kula wastani busananing basa punika têtêmbungan utawi ukara, limrahipun namung dados rêrêngganing basa kemawon, inggih punika ingkang ing basa Walandi dipun wastani beeldspraak.

Sayêktosipun beeldspraak kula jarwani busananing basa punika botên lêrês têmbungipun (beeld têgêsipun: gambar, spraak: ucap-ucapan), nanging manawi angèngêti kanggenipun ing basa Jawi, kados sampun mathuk kawastanan: busananing basa, utawi: rêrêngganing basa.

Têmbung Walandi beeldspraak punika saking têmbung beeld tuwin spraak.

Spraak jarwanipun: ucap-ucapan

beeld jarwanipun gambar. Gambar ing ngriku kajêngipun gambar ucap-ucapan sarana têtêmbungan, upami:

Tiyang ingkang rêmên suka pangapuntên, dipun wastani: jêmbar manahipun, jêmbaring manah kagambar kados sagantên, lajêng wontên têtêmbungan: mugi karsaa anjêmbarakên sagantên pangapuntên (anglubèrakên sagantên pangapuntên, utawi samodra pangaksama).

Tiyang nyênyăngga barang awrat, botên sagêd sasakecanipun kemawon, kêdah ngatos-atos, botên kenging mirang-miring. Mila pandamêlan, têtanggêlan, sêsanggèn, ingkang botên kenging ginagampil, sanès baèn-baèn, punika katêmbungakên: botên kenging sinăngga miring.

Bingah tuwin susah kagambar kados sandhangan, inggih punika slendhang ing ukara: bubuhaning manungsa kaslendhangan bungah lawan susah.

Ukara-ukara ingkang makatên wau, ing basa Jawi kawastanan ukara sagêd anjogèd. Ing ngandhap punika panunggilanipun ukara ingkang sagêd anjogèd, pêthikan saking sêrat Pustaka Rajapurwa:

Miyarsa pawartos pêpêkênan (bêbaratan) saking asranging samirana, asraking ampuhan, lêpasing gundhala, bêbasan: tutur kêlantur, pawartos katular, ujar pinajarakên janma ... têgêsipun: mirêng pawartos ingkang dèrèng kenging pinitados ...

Dêlap kawula mugi kalilana anuwila gănda, têmbung ngawu-ngawu, lêpata ing saru sêsiku, dene kamipurun rumêngkuh angrakêt krama raka dhatêng paduka. Sayêktosipun kawula punika, têbih-têbih inggih taksih kantênan pêrnahipun, lamat-lamat inggih taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta, inggih taksih mambêt gandanipun (taksih kantênan têtalêripun).

Têgêsipun: nyuwun pangapuntên dene kamipurun nyêbut raka, saèstunipun taksih sadhèrèk, sanajan sampun têbih.

--- 16 ---

Mênggah tiyang nglairakên krêntêging manahipun, pikajênganipun utawi raosing manah, wontêna ing pawicantênan, wontêna ing sêrat, sasagêd-sagêd masthi murih cêtha, tètèh, luwês, manis, urut, botên wor suh. Awit saking punika pamilihing têmbung-têmbung kêdah patitis, kêdah runtut, mapan utawi lênggah, utaminipun rêsik.

Kajawi makatên, ingkang bêsus ing sastra ugi mawi têtêmbungan utawi ukara minăngka rêrênggan, supados sakeca tuwin nêngsêmakên dhatêng ingkang sami midhangêt, têtêmbungan punika ingkang kula wastani: busananing basa.

Busananing basa punika wontên pintên-pintên warni, wontên ingkang kangge ing pawicantênan padintênan, wontên ingkang namung kangge ing sêrat-sêrat, tuwin wontên ingkang kangge ing padhalangan.

Ing kawruh kasusastran basa Walandi beeldspraak kabedakakên dados kawan warni, inggih punika:

I. Vergelijking | II. Metaphoor | III. Persoonsverbeelding | IV. Allegorie

Beda-bedanipun makatên:

I. Busananing basa ingkang kawastanan Vergelijking (pêpindhan)

Punika têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, mawi dipun samèkakên utawi katandhing kalihan sanèsipun, limrahipun mawi têmbung: kaya, kadya, kados, lir, lan sapanunggilanipun. Kajêngipun ingkang ngangge têtêmbungan wau tarkadhang namung mêwahi katrangan, tarkadhang kangge nyangêtakên, tarkadhang namung kangge rêrêngganing basa kemawon.

Pêpindhan ingkang ngangge pawicantênan padintênan kados ta:

Dlêjag-dlêjag kaya ajudan. | Irênge kaya minangsi. | Anggêpe kaya priyayi. | Kêcute kaya asêm. | Paite kaya bratawali. | Lêgine kaya gula. | Ambune kaya bathang. | Jêrone kaya sagara. | Padhange kaya awan. | Abange kaya dubang. | Akèhe kaya sêmut. | Anggone turu kaya bathang.

Pêpindhan wontên ingkang dados paribasan, upami:

Car-cor kaya wong kurang janganan - cêblang-cêblung. | Kaya klinthing disampar kucing - juwèh. | Kaya kêthèk ditulup - lingak-linguk. | Kaya mimi lan mintuna - botên pisah. | Kênthang-kênthang kaya randhaning bupati - botên pajêng semah malih. | Dikêmpit kaya wade - dipun pilala. |

--- 17 ---

Bungahe kaya wong nunggang jaran èbèg-ebegan - tanpa taha-taha.

Pêpindhan-pêpindhan ingkang kasêbut ing nginggil wau sami ngangge têmbung: kaya, botên sadaya pêpindhan makatên, wontên ugi ingkang tanpa têmbung: kaya, nanging mawi swara irung, kados ta:

Andami aking, têgêsipun: kados dami aking, panunggilanipun kados ta:

Ambanyu mili. | Ambata rubuh. | Nyela cêndhani. | Andamar kanginan. | Nawon kêmit. | Ngombak banyu.

Pêpindhan ingkang kangge ing sêrat-sêrat

Ing sêrat-sêrat kathah pêpindhan, ing pawicantênan botên nate kangge. Kajêngipun pêpindhan wau wontên ingkang mêwahi cêthanipun ingkang dipun cariyosakên, dados katingal gawang-gawangan, wontên ingkang kangge nyangêtakên. Dene limrahipun dados rêrêngganing basa. Awit saking punika sêrat-sêrat ingkang kathah pêpindhanipun, inggih punika sêrat waosanipun tiyang sêpuh, langkung malih sêrat-sêrat ingkang mawi sêkar.

Ing ngandhap punika pêpindhan-pêpindhan, ingkang asring kangge ing sêrat-sêrat gancaran, tuwin ing sêrat ingkang mawi sêkar:

Wutahing wadyabala kadya trunaning udaya, (kadya samodra kinêbur).

Kang putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba, kang abang kumpul padha abang kaya gunung kobar, (kaya kêmbang palas), kang irêng kumpul padha irêng kaya dhandhang rêraton, kang kuning kumpul padha kuning kaya kapodhang rêraton.

Ingkang seta kadi kuntul sakêthi lumrang. | Ingkang abrit, kadi wana katunu. | Busana manekawarna kadya sêkar ing udyana. | Tanagane kaya wong mêndêm gênje. | Suraking bala kaya ampuhan. | Awake andêdêl kaya diububi. | Raosing manah kados kasiram ing toya sawindu. | Bêkose lir sima lodra măngsa bêbayangan. | Polahe kaya manuk sikatan. | Kaya wangan mungsuh sagara. | Pangamuke kaya sima arêbut daging (kaya banthèng kêtaton). | Angkuhe kaya kumêndur angajawa. | Kaya Kamajaya lan Ratih. | Pêsating mimis kaya lintang ngalih, (kaya udan gêni). | Pêtêng kukusing obat kaya thathit sarawungan. | Bungahe kaya nêmu intên sagunung. | Gumuruh wadya wurahan lir kocaking samodra rob (lir hèrnawa bêntar) |

--- 18 ---

Kèhing janma malêdug lir gunung kapuk. | Ngalumpruk lir kapuk. | Budine lir mênyan kobar. | Paguting tingal gapyuk lir kupu atarung. | Tandange kaya gajah mêta (kaya jangkrik mambu kili). | Polahe kaya prênjak tinaji. | Pangungrume kaya brêmara ngisêp sari. | Kèhing wadyabala ambalabar lir samodra tanpa têpi. | Gumuruh swaraning gubar lan bèri kadya ambêlahna langit. | Kèhing pêpati kaya babadan pacing. | Para putri sirêp kabèh kaya iwak tinuba. | Prigêle kaya kêdhali nyampar banyu. | Muyêging ron-ronan kados rêrêngganing gêlung. | Sumbare kaya bisa mutungna wêsi gligèn. | Gilape kaya nyurêmna soroting srêngenge. | Sênggake ngêdhasih. | Ombake ngêmbang glagah. | Gêthinge tandhês ing balung.

Pêpindhan ingkang Kangge ing Padhalangan

Ing padhalangan kathah sangêt pêpindhan-pêpindhan, ingkang namung dados rêrêngganing basa. Têmbung-têmbungipun sanès têmbung limrah, kapilih ingkang pèni utawi Kawi, kados ta:

Duka katêmbungakên makatên: lir sinêbit talingane, jaja bang mawinga-winga (asumung-sumung, lir sinêcang, lir wora-wari), kadya bêl mêtu dahana, sarira mangutug kadya agni, netra andik mangondar-andir, kumêdut padoning lathi, kang idêp mangada-ada.

Kula nuwun sinuhun, wontên ing jawi guguping manah kula kados tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, upami kambêngan salămba pinanjêr ing alun-alun, saklangkung kumêjot kumitir caruk awor rumaras. Sarêng sampun wontên ngabyantara dalêm, botên anggadhahi manah ingkang kumarasan.

Kinăndha, ya ta sri narendra ingkang kondur ngadhaton, kèndêl wontên palataran ing Srimanganti, amêngkêrakên warana, angajêngakên regol dana pratala, sri narendra sarwi ningali rêrêngganing gapura, pucak sinungan kumala sawohing jênggi agênge, inêbing gapura gêdhah tinulis Sang Hyang Kama Ratih, yèn mênga kadi bedhang sêmayan, yèn minêb kadi pangantèn kapanggih.

Kinăndha sirêping gara-gara, ana mas tiba saka ing wiyati, yèn masa mas kepon, yèn slakaa slaka cèlèng. Sintên ta ingkang mêlik-mêlik kadya dhingklik, mêncorong kadya gênthong, ora maido tejane bandarane, iya Kyai Lurah Sêmar.

Lampah dhadhap anoraga ngrêpèpèh kadya sata mriyêmbada.

Dhasar satriya bagus, rinêngga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara angejawantah.

--- 19 ---

Wanodya nêdhêng diwasa ayu warnane, rinêngga ing busana, amimbuhi raras aruming netya kadi murca kinêdhèpna.

Pranyata sri narendra sirna kamanungsane, sasat Sang Hyang Brama angejawantah, rêp sidhêm ing pasewakan, tan ana bawane walang alisik, sanadyan gêgodhongan tan wontên ebah, kenging pangaribawaning narendra, namung swaraning pandhe, gêndhing kêmasan, ingkang sami taksih nambut karya, imbal ngaras yayah pradăngga.

Căndra

Ing basa Jawi wontên pêpindhan ingkang dipun wastani: căndra, punika ugi têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, kasamèkakên barang sanèsipun, limrahipun namung wontên ing gagasan kemawon.

Ingkang dipun căndra limrahipun:

1. Tiyang ingkang sae ing warni.

2. Kawontênan (natuur).

1. Candraning tiyang, punika pêpiritaning warni.

Ha. Căndra ingkang ngangge têmbung: kaya, lir, lan sanès-sanèsipun, kados ta:

Cahyane nglayung kaya rêmbulan. | Rurus kang sarira kadi ingongotan. | Wadana kadya binubud. | Kadya gambar wêwangunan. | Wênês ijo kang sarira kadya kancana sinangling. | Wajanya lir mirah sinundukan. | Sinome lir lunging pakis kabaratan. | Untune rata putih lir ombaking warih. | Kang cahya lir basanta.

Na. Căndra ingkang tanpa têmbung: kaya, kadya, lan sanès-sanèsipun, kados ta:

Kuninge nêmu giring. | Pundhake nraju mas. | Bathuke nyela cêndhani. | Athi-athi ngudhup turi. | Rambute ngêmbang bakung. | Rambute ngandhan-andhan. | Untune miji timun. | Pipine andurèn sajuring. | Lambene anggula satêmplik. | Lêngêne anggandhewa gadhing. | Lêngêne anggandhewa pinênthang. | Lembehane amblarak sêmpal.

Pêpindhan-pêpindhan căndra-căndra ing nginggil wau sadaya botên kenging dipun ewahi (dipun anggit), kajawi makatên, manawi kamanah-manah mulabukanipun, utawi sababipun, asring botên sagêd andungkap, upami:

Bathuk sae kacăndra: nyela cêndhani. Punika kadospundi sababipun, dene kasamèkakên kalihan sela cêndhani, botên kasumêrêpan, punapa waradinipun, punapa lumêripun. Makatên ugi căndra tuwin pêpindhan sanèsipun, upami:

Kaya wangan mungsuh sagara. |

--- 20 ---

Budine lir mênyan kobar. | Paguting tingal gapyak lir kupu atarung. | Pangungrume lir bêrmara ngisêp sari. | Pipine andurèn sajuring.

2. Candraning kawontênan (natuur)

Punika limrahipun nyariyosakên punapa-punapa, sarana katêmbungakên utawi kaèmpêr-èmpêr kados tiyang, kados ta:

Dhandhanggula

Sêsêndhonan sênggak-sênggak atri | obahira camara ing arga | kadi kayungyun esthane | mring para surawadu | kayu manis singub kaèksi | sinomira ngrêmbaka | lêngêng esthanipun | lir ngêngudang payudara | anambrama arum ingkang anyar prapti | gumlar ing wanawasa ||

Wiwaha Jarwa.

Căndra ing nginggil punika wontên pêpindhanipun: ebahing wit camara kados kasmaran, ron kados ngêngudang payudara, kados ambagèkakên para widadari.

Pêthikan saking Sêrat Bratayuda cêkakan:

Sakathahing kalangênan urut margi, ingkang dipun ambah Prabu Krêsna, sêmunipun sami prihatos: ebahipun godhonging wit waringin sêmunipun kados tiyang jalêr kêsusahan, amargi kêcuwan anggènipun badhe karon jiwa. Pucaking gapura èmpêripun kados ngajêng-ajêng enggale rawuhipun Prabu Krêsna. Baunipun ing gapura kados badhe nyêmbah dhumatêng ingkang rawuh. Êpanging wit capaka sapinggiring margi katêmpuh ing angin, sêmunipun kados astanipun Dèwi Banowati, angawe-awe pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, punapa Radèn Janaka andhèrèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gêbyaring sêsotya rêrêngganipun, kados anyauri sarta ngujiwati ingkang pitakèn, wondening sauripun: Si Janaka ora milu ngiring, isih kèri ana ing Wiratha, kadang-kadange siji ora ana sing milu. Êpang kanginan èmpêripun kados tiyang mengo, botên kadugi ing wangsulan wau, awit Radèn Janaka botên andhèrèk dhatêng nagari Ngastina anjabêl nagarinipun. Sêkar-sêkar ing margi èmpêripun kados badhe rêntah ing jurang, wit-witan ingkang wontên pinggir margi katêmpuh ing angin, godhongipun abosah-basih, sêmunipun kados tiyang prihatos, dene Pandhawa botên wontên tumut?

Candraning kawontênan wau kenging kaanggit.

Sanepa

Ing basa Jawi wontên têtêmbungan ingkang kawastanan: sanepa, punika ugi pêpindhan, nanging wontên bedanipun sawatawis, inggih punika nyêbutakên punapa-punapa, katandhing kalihan sanèsipun, nanging langkung saking ingkang dipun upamèni, upami:

Èsême pait kilang, èsême katandhing kalihan kilang, kilang kaanggêp pait, taksih lêgi èsêmipun, têgêsipun: èsêmipun [èsêmipu ...]

--- 21 ---

[... n] manis sangêt. Sanepa sanèsipun kados ta:

Èsême pait madu. | Tingale pait madu. | Tingale pait kilang. | Ambune arum jamban. | Tatune arang kranjang. | Rindhik asu digitik. | Rênggang gula. | Landhêp dhêngkul. | Bêning lêri. | Lonjong botor (mimis) | Kumêpyur pulut. | Cumbu lalêr.

Sanepa punika botên kenging dipun anggit.

II. Metaphoor.

Punika têmbung-têmbung ingkang atêgês entar (sambutan) ingkang dipun upamèkakên tarkadhang kasêbut, tarkadhang botên, upami:

Têtêmbungan dhatêng anak: Dhuh nyawaku, utawi: dhuh anakku nyawa. | Dhuh woding atiku. | Dhuh tuntunging atiku. | Dhuh maniking mata.

Pangungrum: Dhuh pêpujanku wong ayu. | Ratu-ratuning rum-arum. | Ratu-ratuning mêmanis. | Ratu-ratuning jumêrut. | Ratu-ratuning hèr gêni. | Jimat jumantên mami. | Jimatku wong ayu. | Mirah intênku wong ayu. | Gustiku wong ayu.

Tiyang agung Menak kasêbut: pêpakuning jagad, lêlancuripun pusêr bumi, dipaning nagari Mêkah.

Kyai Patih Baktak kasêbut: sêsukêring jagad (bumi) lêlêthêking jagad, wisaning rat.

Radèn Sêtyaki kasêbut: bêbanthèngipun nagari Dwarawati.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil wau, sadaya têtêmbungan ingkang atêgês sambutan ugi kawastanan busananing basa (metaphoor), punika kathah sangêt panunggilanipun, ing sêrat-sêrat tuwin ing basa padintênan, kados ta:

Asarah tumbak abulus tamèng. | Samodra marus, asarah kunarpa. | Banjir ludira asarah layon. | Dana nyawa. | Gêgêmpalaning cariyos. | Cumanthèl kêkulunging ati. | Gurune wong bagus. | Mêngku adil paramarta. | Among lulut. | Atinggal kamuktèn. | Milik anggendhong lali. | Kambah ing prihatos. | Kulak warta adol prungon.

Urun tangis, udan tangis,

--- 22 ---

utang pati, amèk pati, tadhah duka, nêmu urip, kalis ing lêlara, karoban ing sih, nyadhong dhawuh, thukul turune, cagak lèk, rêmbuge matêng, dawa tangane, panèn mata, mêndêm drajat, pait wèwèh.

Punika botên kenging dipun anggit.

III. Persoonsverbeelding

Punika ugi têmbung-têmbung ingkang atêgês entar utawi sambutan kados Metaphoor, wontên bedanipun sawatawis, makatên: ing Persoonsverbeelding têmbung ingkang atêgês sambutan, têgêsipun lugu namung tumrap ing tiyang kemawon, kados ta: kêrtune mati, dalane mati, dhadhu mati, lêmah mati. Pancènipun ingkang pêjah tiyang, nanging kêrtos, margi, dhadhu, siti, sami katêmbungakên pêjah. Tuladha sanèsipun upami:

Arloji lumampah. | Atine mandhêg mangu. | Kêrtune urip. | Pucakipun kinêmulan ing mega. | Patine sasi iki.

Kajawi punika nama sambutan ingkang pancènipun tumraping tiyang, ugi kaewokakên Persoonsverbeelding, kados ta:

Sêmar mêndêm - namaning têtêdhan. | Răndha kèli - namaning têtêdhan. | Dhudha kasmaran - namaning sêkar. | Jaka bolot - namaning pantun. | Jaka bèlèk - namaning lintang. | Nyai Sêtomi - namaning mriyêm. | Kyai Sêkati - namaning găngsa.

Ing sêrat-sêrat kathah panunggilanipun, limrahipun candraning kawontênan. Tuladha ing căndra sêkar Dhandhanggula, ingkang kasêbut ing ngajêng: wit katêmbungakên kayungyun, ron ngêngudang, ambagèkakên kadosdene tiyang, tuladha sanèsipun upami:

Cahyane nitis ing rêmbulan.

Obahing janur kuning kaya ngawe-awe para tamu.

Sang hyang riris tumêdhak.

Sang hyang arka nitih wukir.

Rêp sidhêm pramanêm tan ana bênène walang salisik, godhonging kêkayon tan ana obah, samirana tan lumampah.

Kala samantên surya ngajêngakên sêrap, arindhik lampahipun, kados dèrèng tuwuk anggènipun ningali rêrêngganing kadhaton ing Ngastina, èmpêripun kados nolih kêpencut aningali Rêtna Banowati.

Dhandhanggula

Arsa uning kang ngêgèt-êgèti | duk wruh lamun prawitaning krêdyat | saking wau wlas sarêse | dyan manglung jangganipun | lir mangawe-awe manyèngi | wukir miwah patapan | apêtêng dinulu | kukusirèng wana basmyan | angêndhanu pêtung tumêlung ing warih | kadi manawuk toya ||

--- 23 ---

Arsa têkês lan mangaswa aksi | kêkayon kang sami tumaruna | lir manaoskên palane | nèng pacangkramanipun | lamatirèng pradapa kadi | tansah nêmbah mangargya | mring kang anyar rawuh | ing wana kèh susuhira | tama yuda kang mangajap-ajap riris | ing tanggal măngsa kapat ||

Kinanthi

Kontrèng netra yèn wulangun | kathah solahing surastri | mrih badhar tapèng sang parta | nulya kasaput ing ratri | surya ginantyan ing wulan | esthaning sasăngka kadi ||

Suka mulat solahipun | ingkang para widadari | ngramyang katawèng ing ima | sumamar dènnya madhangi | anginte upamanira | saking kumudu ningali || - Wiwaha Jarwa.

Langkung malih pasang rakiting patamanan, satunggal lan satunggalipun kados tantang-tantangan, sagêda ngucap pindha sumbar-sumbaran, sintên ingkang unggul ing pabaratan, rêbut sari anggêlarakên kèni-kènining kaendahan. Radèn Mas Arya Suryasuparta dhatêng nagari Walandi.

Persoonsverbeelding kenging dipun anggit.

IV. Allegorie

Ingkang kawastanan allegorie inggih punika ngibarat utawi saloka. Ing ngandhap punika tuladha allegorie pêthikan saking sêrat piwulang (Sriyatna), anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV (bapa biyung kaupamèkakên wit turi, anak kaupamèkakên ulêr, makatên salajêngipun).

Dhandhanggula

... ||

Kang mangkono kadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa | tan lunga saka ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe ponang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal sing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||

Tuk nugraha katêkaning kapti | nadyan raga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rasanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||

Kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yeka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||

Angupaya wêkasaning dhiri | pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane | lamun tan bangkitipun | amung aja adadi kardi | myang karya susahira | iku saminipun | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||

... ||

Ing allegorie tiyang gêsang kaupamèkakên: baita wontên ing sagantên, alun: daya saking ing jawi.

--- 24 ---

Surya: kabêgjan.

Prahara: bêbaya.

Kêmudhi: gêsangipun.

Pandom: pathokaning gêsangipun (agami).

Samăngsa kêmudhinipun risak, masthi kampul-kampul wontên têngahing sagantên, badhe sangsara ingkang pinanggih. Manawi tanpa pandom, botên sumêrêp margi ingkang lêrês, baita sanèsipun kaupamèkakên: sasamining agêsang, makatên salajêngipun.

Wulangrèh nyêbutakên:

Manah lir upaminipun siti. Pasitèn punika warni-warni: wontên ingkang êmpuk, atos, padhas, sasaminipun. Sêrat Wulangrèh punika lir upaminipun toya jawah. Upami pasitèn padhas (manah atos) kadhawahan jawah dêrês (asring mirêng pitutur sae) kadospunapa kemawon, tamtu namung mili kemawon, botên sagêd anglêbêti, malah sagêd ugi lajêng nglumut lunyu, ambêbayani sangêt dhatêng ingkang ngambah (dhatêng sêsrawunganipun) têgêsipun: têgêl mêntalan.

Manawi pasitèn punika êmpuk lan sae, kadhawahan toya jawah sagêd nampi têrus dumugi sapangandhap, saya lami manawi kaopenan, dados pasitèn ingkang loh...

Saloka utawi ngibarat ugi kenging dipun anggit.

Kursus guru basa Jawi ing Wèltêphrèdhên.

Dalil, Prawiradiharja

Mahabarata

Bêbuka

Wiyosipun, nalika kula maos sêrat karanganipun nyonyah Dhotohèn Riyete Salomon, cariyos tanah Indhustan, kula gadhah sêdya badhe anjawèkakên, awit pangraos kula sae sangêt. Kula gadhah pangintên, bokmanawi para kănca inggih kathah ingkang rêmên. Sêrat wau nyariyosakên lêlampahanipun trah Barata, saking wiwitan dumugi ing wêkasan. Dados punika cêkakanipun Sêrat Mahabarata, sarta malih nyariyosakên lêlampahanipun Sri Bathara Rama, tuwin cariyos sanès-sanèsipun malih. Sintên ingkang rêmên dhatêng ringgit, sampun saèstu inggih rêmên maos sêrat punika. Ing ngriku cariyosipun langkung cêtha, langkung nglêgakakên dhatêng manah... Wasana niyat kula wau karumiyinan Balepustaka angêdalakên Babad Pandhawa, mêndhêt saking babon yasanipun Paduka Tuwan Kohên Sêtuwar, mawi katandhing-tandhing kalihan sêrat sanès-sanèsipun. Manah kula lajêng kêndho, niyat kula badhe kula sandèkakên. Ananging sarêng kula sampun maos Babad Pandhawa wau, niyat kula kêncêng malih, amargi cariyos ingkang kasêbut ing Babad Pandhawa punika, botên adamêl lêga dhatêng manah kula. Pramila sêdya kula lajêng kula lêksanani. Sarêng [Sa ...]

--- 25 ---

[... rêng] sampun rampung lajêng sumimpên ngantos lami. Wontên sawatawis ingkang kula panjurungakên dhatêng Sêrat Guru Desa.

Sarêng kula têpang kalihan Paduka Tuwan Dhoktor Krèmêr sarta Paduka Tuwan Dhoktor Bakkêr, kula lajêng ngudi ngupados margi, sagêda kalêksanan niyat kula anglimrahakên cacriyosan Mahabarata wau ingkang botên miturut pakêm padhalangan, mêndhêt saking babon sanès.

Pandamêlipun amrêta

Wontên satunggiling rêdi anama Mèru, cahyanipun padhang angênguwung, inggilipun mèh sundhul ing akasa. Botên wontên janma manusa ingkang sagêd minggah dumugi ing pucakipun. Rêdi wau kêthukulan ing kêkajêngan warni-warni agêng alit, sarta kathah ingkang kenging kadamêl usada. Sato galak ingkang sami manggèn ing wana sarta guwa-guwa kathah tanpa wicalan, pêksi-pêksi sami mungêl asêsauran, dados lêlangêning wana-wana wau.

Anuju satunggiling dintên para dewa sami kêmpalan wontên ing sapucaking rêdi wau, rêmbagan badhe damêl amrêta utawi toya mrêta. Sarèhning sampun sami gêntur tapanipun, dados rumaos kadugi damêl amrêta. Sang Narayana ngandika dhatêng Sang Brahma, pangandikanipun: He Brahma, para dewa lan para raksasa bêcik padha angêbura sêgara, amêsthi amrêta bakal timbul. He, para dewa, mara sêgara padha kêburên, amêsthi sira bakal olèh amrêta.

Kacariyos, wontên malih rêdi ingkang inggil sangêt, kêbak tatuwuhan, pêksi-pêksi sarta sato wananipun inggih tanpa wicalan, asring dipun dhatêngi para dewa, namanipun Rêdi Mandara, inggilipun saking suku dumugi ing pucak, sawêlas èwu pal, dene sukunipun, ingkang kapêndhêm ing siti inggih samantên lêbêtipun. Rêdi wau kabêdhol ing para dewa, kapitulungan dhatêng Sang Ananta (= Anantaboga= Ăntaboga, ratuning para naga). Rêdi kalampahan bêdhol, katut dalah saisèn-isènipun sadaya, kabêkta dhatêng sapinggiring sêgantên, badhe kangge ngêbur[5] toya sêgantên, wontên ing ngriku para dewa wicantên dhatêng sêgantên: He, sêgara, têkaku ing kene iki, arêp angêbur kowe, supaya aku bisaa olèh amrêta.

Sêgantên amangsuli: Inggih sumăngga, manawi para dewa sami angsal amrêta, tamtunipun kula inggih badhe angsal panduman. Kalihan malih molak-maliking toya kula ingkang jalaran kakêbur, botên badhe andadosakên sangsara dhumatêng kula.

--- 26 ---

Para dewa lajêng manggihi ratuning bulus, sarta wicantên: He, ratuning bulus, gunung Mandara kang bakal kanggo ngêbur sêgara iki, arêp tak tumpangake ing gigirmu, kanggo landhêsan. Ratuning bulus nyagahi. Sang Hyang Endra lajêng anjunjung rêdi Mandara, katumpangakên ing gigiring bulus.

Rêdi lajêng kadamêl pirantos ngêbur sêgantên, ingkang ngêbur para dewa sarta para raksasa. Ingkang dipun angge minăngka tangsul, ngubêd-ubêd rêdi wau, sariranipun Sang Basuki, ratuning sawêr. Para dewa sarta para raksasa lajêng sami tumandang angêbur. Para raksasa anyêpêngi sirah, para dewa anyêpêngi pêthitipun Sang Basuki, rêdi Mandara lajêng kaubêngakên sêr-sêr, kados lampahing jara, wasana lajêng andadosakên bêntèr sangêt, têmahan saking tutukipun Sang Hyang Basuki mêdal pêdhut sarta kukus mulêk, kumukus ngayuh ing gêgana, dados mêndhung angêndhanu, jagad dados pêtêng dhêdhêt lêlimêngan, dhèdhèt erawati, kilat thathit laliwêran. Tumuntên jawah dêrês, adamêl sêgêr dhatêng sariranipun para dewa ingkang sami nyambut damêl, sasêkaraning kêkajêngan ing rêdi sami kapalêsat dening ubênging rêdi, têmah dhawah ing jagad, kados jawah sêkar, inggih adamêl sukaning para dewa.

Lajêng wontên swara gumludhug, mêdal saking dhasaring sêgantên, kados swaraning gêlap sayuta badhe anggêmpur jagad. Kewan-kewan salêbêting sêgantên kathah ingkang kêtiwasan, ajur kabêntus ing rêdi Mandara ingkang tansah musêr, wit-witanipun sami sol kaparapal, kabuncang ing akasa tiningalan kados pêksi mibêr pating klêpêr, wontên ingkang tatab-tataban, têmah mubal dados dahana, ambrastha sakathahing sato wana, andadosakên pêjahipun. Balung-balungipun sami pating karambyang wontên ing sêgantên, angêbaki lumahing sagantên, wasana Sang Hyang Endra lajêng anurunakên jawah, anyirêp sakathahing latu.

Danguning dangu talutuhing sawarnining kêkajêngan laki akalihan toyaning sagantên, toyanipun lajêng awarni pêthak pindha puhan, dangu-dangu mindhak bêning, kados mêrtega cuwèr. Ewasamantên amrêta dèrèng purun timbul. Para dewa lajêng sami sowan dhatêng ngarsanipun Sang Hyang Brahma sarwi matur: Pukulun, kawula sadaya sampun sami tanpa daya, karosan kawula têlas, sampun botên kuwawi ngêbur malih. Saking pangraos kawula, botên wontên malih ingkang badhe sagêd angêntasi damêl, kêjawi Sang Narayana. Sang Brahma lajêng matur dhatêng Sang Narayana: Pukulun, para dewa mugi kaparingana kakiyatan, murih sagêd anglajêngakên angêbur sagantên. Sang Narayana dhangan ing panggalih marêngakên panyuwunipun para dewa, pangandikanipun: Para dewa ingsun paringi kakuwatan sacukupe kanggo ngêbur sêgara iku. Mara gununge cêmplungna ing sêgara, banyune kêburên manèh.

Para dewa inggih anglampahi dhawuhipun Sang

--- 27 ---

Narayana, lajêng wiwit ngêbur malih, botên antawis dangu rêmbulan jumêdhul mêlok-mêlok wontên ing lumahing sêgantên, padhangipun anêlahi. Tumuntên wontên ingkang katingal awarni widadari anama: Laksmi, pangagêmanipun sarwa pêthak ambalêrêngi. Sarta wontên malih timbul awujud toya ngêndêmi, namanipun: Sura. Lajêng wontên kapal pêthak timbul. Lajêng kumala, ingkang pawingkingipun tumraping jajanipun Sang Narayana, sadaya wau sami murugi dhatêng panggenanipun para dewa, sarta inggih kapêndhêt dados kagunganipun para dewa, wasana Sang Danwantari, dhukuning para dewa, lajêng timbul, angasta piring pêthak isi amrêta. Para raksasa lajêng sami wicantên dhatêng para dewa: Iku dadi bubuhaku. Piring lajêng karêbat.

Pangêburing sêgantên taksih kalajêngakên, wasana wisaning jagad timbul, ing sêmu badhe angêbaki jagad raya. Sadaya ingkang kapanduk ing ambêtipun dados sela, Sang Hyang Siwah wêlas dhatêng isèn-isèning jagad, botên marêngakên yèn sadaya risak dening wisa wau. Pramila wisa lajêng kaêmplok, dipun gêdhong wontên ing salêbêting tênggok. Satêmah jangganipun awarni biru. Wiwit nalika samantên, Sang Hyang Siwah ajêjuluk Sang Nilakăntha (ajăngga biru).[6]

Sang Narayana botên marêngakên, manawi amrêta dados gadhahanipun para raksasa, pramila lajêng mancala putri sakalangkung endah ing warni, anggodha dhatêng para raksasa, para raksasa sami kêpencut ing warninipun sang mindha putri, amrêta kasukakakên dhatêng sang mindha putri, kaplajêngakên, amrêta lajêng dados kagunganipun para dewa, sami kaunjuk, wêkasan dados lêpat ing pêjah.

Sasampunipun cariyos prakawis dumadosipun amrêta wau, sêrat karanganipun Nyonyah Salomon anyariyosakên lêlampahanipun Dèwi Sakuntala, ibunipun Sang Barata, ingkang anêdhakakên para Kurawa sarta para Pandhawa.

Rumiyin kula sampun anjawèkakên, mêndhêt saking karanganipun paduka Tuwan D. van Hinloopen Labberton adhapur pawicantên, aturipun Êmpu Wesampayana dhatêng Prabu Janamejaya, kula panjurungakên dhatêng Guru Desa, sapunika sampun sumêbar ing sadaya pamulangan Jawi ăngka kalih. Sapunika kula pêthik malih, kula bangun sawatawis.

Lajêng nyariyosakên para Pandhawa sarta sata Kurawa maguru dhatêng Sang Drona, sarta nyariyosakên lêlampahanipun Sang Ekalaya, ingkang ngakên dados muridipun Sang Drona.

--- 28 ---

Punika inggih ragi gèsèh sawatawis kalihan cariyos ringgit.

Prakawis lêlampahanipun Prabu Santanu, Abiyasa, Pandhu, botên badhe kula cariyosakên ing ngriki. Namung bab lêlampahanipun Sang Bisma, putranipun Prabu Santanu, ing wingking badhe kula cariyosakên sawatawis, gandhèngipun kalihan pêrang Baratayuda.

I a.

Sakuntala

1. Prabu Dusanta Wontên ing Salêbêting Nagari

Mênggah ingkang nêdhakakên para ratu băngsa Kuru punika ajêjuluk Prabu Dusanta, ingkang kaonang-onang ing jagad, karatonipun ing tanah Indi, kinubêng ing sagantên sakawan, anglanjak dhatêng kapuloan, samudra warana[7] inggih anama Samudranta. Punika kêbak pulo endah-endah, kathah pèni-pèninipun.

Sang prabu wau kinajrihan parangmuka, dados pangaubanipun para kawula tuwin para tiyang ingkang saking liyan praja. Para kawula sami burus-burus manahipun, botên wontên ingkang alampah cidra. Dalah anggènipun jajodhoan, botên cawuh. Ingkang trah alit angsal tiyang alit, ingkang băngsa luhur inggih angsal băngsa luhur. (Nalika samantên pêpangkatanipun wontên sakawan, brahmana, satriya, wesya, sudra), yèn jajodhoan, sami angsal ingkang tunggil golongan, botên wontên tiyang ingkang rêkaos pandamêlanipun, jalaran sitinipun loh jinawi, tulus ingkang sarwa tinanêm, wondene kasênênganipun tiyang, namung: adamêl kasaenan dhatêng sasaminipun. Ingkang dipun impi-impi rintên dalu namung antêping pangawulanipun dhatêng sang prabu. Ingkang nama colong jupuk, botên wontên, pailan utawi ambah-ambahan têbih. Anggènipun sami rumagang ing damêl, sêngkud, botên mawi ginêlak, sabab sami sumêrêp ingkang dados kawajibanipun piyambak-piyambak.

Saking sami rumaos, bilih sami karêksa dhatêng sang prabu, dados botên wontên ingkang kuwatos bilih kadhatêngan ing bêbaya. Têtandhoning têdha tuwin rajakayanipun tansah wêwah-wêwah. Para brahmana sami tungkul anggènipun muja sêmèdi.

Nalika samantên sang prabu nuju nêdhêng-nêdhênging diwasa, punjul ing kaprawiranipun, sariranipun kalis ing braja, dêdamêl ing ngarcapada botên wontên ingkang tumama. Mênggah kasaktènipun, yèn ta karsaa, kawawa anjunjung rêdi Mamdara[8] dalah isèn-isènipun sadaya. Sakalangkung widagda angasta sawarnining dêdamêl, lêbda ngikal gada kawan lampah. Yèn nitih turăngga utawi liman, botên wontên ingkang tumimbang. [tumi ...]

--- 29 ---

[... mbang.] Kasaktènipun ing rana prasasat Bathara Kesawa, prabanipun prasasat Hyang Diwangkara. Kadarmanipun jêmbar prasasat samodra. Panggalihanipun momot mêngku prasasat pratala.

Para kawulanipun sami ajrih asih, sabab pamêngkunipun dhatêng para kawula akanthi paramarta.

2. Sang Prabu Ambêbêdhag

Anuju satunggaling dintên Prabu Dusanta karsa cangkrama ambêbêdhag dhatêng wana pringga. Wadyabala ingkang badhe andhèrèkakên, tanpa wicalan kathahipun, kapal tuwin liman ingkang badhe kabêkta, pintên-pintên atus. Gêriting kareta, carêngklinging pêdhang tuwin waos, barung kalihan bêngingèhing kapal tuwin pangêmprèting dirada, suraking wadyabala barung kalihan ungêling kalasăngka sarta têtêg, adamêl gambiraning para kawula.

Sang prabu tumuntên nitih dipăngga ginarêbêg ing wadyabala. Lampahipun angombak-ombak kados samodra bêna. Margi-margi ingkang kalangkungan tindakipun sang prabu, kêbak tiyang ingkang sami ningali, jêjêl uyêl-uyêlan. Panggung-panggung ingkang wontên sapinggiring margi kêbak para kênya pating prungup, sami kêpengin sumêrêp dhatêng warnanipun sang prabu. Sarêng sang prabu langkung ing ngajêngipun, sami sumlêngêrên, pangraosipun kados ningali Sang Hyang Endra tumurun. Botên têlas-têlas, yèn ta ucapipun tiyang-tiyang kacariyosna sadaya.

Tindakipun sang prabu adaya-daya, nuntêna sagêd dumugi ing wana. Dangu-dangu dumugi sapinggiring wana. Para biksu, para satriya, para sudra sami asurak-surak angluhurakên sang nata.

Sang prabu lajêng lumêbêt ing wana kadhèrèkakên balanipun sadaya. Ing ngriku tanpa wicalan kathahing sato galak tuwin bêbujêngan ingkang agêng-agêng. Sang nata ingkang măngka singaning manungsa, anguya-uya singa tuwin sima ing wana. Pundi ingkang kadhawahan ing jêmparing, sami kapisanan. Ingkang cêlak-cêlak kadhawahan ing gada utawi pêdhang botên ngaping kalih. Sang prabu dhasar prajurit pinunjul, lêbda angasta sawarnining dêdamêl. Kewan-kewan ing wana sami giris, kabarasat sumêbar angoncati sanjatanipun sang prabu dalah wadyabalanipun. Gajah ingkang kabranan lumajêng sarwi angêmprèt-êmprèt. Tlalenipun nyungir angraosakên sakitipun. Sima tuwin singa amangap-mangap saking sayah anggènipun malajêng, kidang sangsam pandirangan ngupados pangungsèn.

Wadyabala sami asuka-suka ambujêng sato ingkang miris. Manawi kaprêgok, kawawa nandhingi banthèng tuwin singa sami ijèn, dhasar kathah ingkang prawira, sêkti amăndraguna.

Wana ingkang waunipun kêbak bêbujêngan, atêmah sêpên, botên wontên sabawanipun sato, sami kesah nêbih, jalaran ajrih. Ingkang kantun namung ingkang sampun kaprawasa ing dêdamêl, pating gulimpang tanpa wicalan kathahipun. Wontên ingkang kakropok ngênggèn, sami katêdha sarwi agiyak-giyak.

--- 30 ---

[Iklan]

3. Pratapanipun Sang Bagawan Kanwa

Sang prabu dalah wadyabala sakalangkung suka anggènipun ambabujêng sato wana. Tindakipun sang nata kalunta-lunta, namung kadhèrèkakên dhatêng abdi satunggal, dumugi sapinggiring sagantên wêdhi sêpên amamring. Ing ngrikaning sagantên wêdhi wontên pratapaning pandhita. Sang prabu lajêng anyêlaki pratapan wau. Sarêng dumugi sacêlakipun pratapan, sang prabu sakalangkung kascaryan aningali pasang rakitipun. Sariranipun karaos sêgêr, kapanduk ing samirana ingkang sumribit, angêsat riwenipun. Tumuntên lumêbêt dhatêng capurining pasraman, ningali têtanêman tuwin sasêkaran awarni-warni, angrêsêpakên paningal. Rumputipun apapak, kados babud ijêm gumêlar. Pêksi-pêksi pating klêpêr, sami mungêl asêsauran, kados manêmbrama dhatêng ingkang sawêg rawuh. Tawon-tawon sami ambrêngêngêng wontên sasêla-sêlaning ron-ronan, anêsêpi mabêning sasêkaran.

Sang prabu tindakipun arangu-rangu, kasêngsêm aningali rêrêngganing patamanan. Kêkajêngan sami ngarêmbyah kenging ing angin ingkang sumilir, esthanipun kados ngacarani sang pinunjul.

Ing salêbêting pratapan katingal wontên latu murub akantar-kantar, ingkang pancèn kangge mêmuja dhatêng para dewa. Para pandhita, para yati, para wala kiliya sami kalêmpakan, padupan kukusipun kumêlun, mawi sinajenan ing sêkar ingkang arum-arum. Sapinggiring pratapan wontên lèpènipun kumruncung, toyanipun asrêp awêning, amêwahi asrining pratapan. Sang prabu panggalihipun sangsaya kasêngsêm, ing panggalih kados lumêbêt ing kaswargan. Mirêng panjêriting mêrak anyêngonglong, sangsaya karênan salêbêting galih dhatêng sang tapa ingkang adhêdhepok ing ngriku, inggih Sang Pandhita Kanwa, têdhakipun Sang Kasapa, gêntur tapanipun, têbih kuncaranipun, inggil kaluhuranipun.

Sang prabu kasupèn dhatêng anggènipun karapan sarta kasatan, pangraos kadosdene lumêbêt dhatêng patamanan ing kaendran ingkang anama Nandana, lajêng anglugas sarira, angrucati busananipun kaprabon, lumêbêt dhatêng pasraman.

4. Sakuntala

Dumugi ing pasraman, ing ngriku pinanggih sêpên, lajêng anguwuh-uwuh sora: omah iki

--- 31 ---

apa ora ana wonge. Pangandikanipun sang prabu namung kasauran ing kumandhang ingkang wontên ing wana. Botên dangu wontên kênya mêdal saking salêbêting griya pratapan, warninipun endah kados Dèwi Sri, namung panganggenipun sarwa kasar, kados caranipun tiyang ingkang atapabrata. Sinjangipun kalokopan kajêng, mawi kalung têsbèh jênitri.

Mripating kênya sêmu wingit cêmêng gumêbyar kados sêsotya. Sarêng sumêrêp dhatêng sang prabu lajêng manêmbrama sarwi nyêmbah: Gusti, mugi kasugêngana ing sarawuh dalêm.

Sang prabu lajêng dipun acarani lênggah, sarta dipun caosi toya kagêm wijik, sarta dipun caosi toya ngunjuk. Tumuntên matur dhatêng sang nata asumèh mawi anoraga, swaranipun saklangkung manis angrêsêpakên: Gusti, wontên karsa punapa, dene têdhak dhatêng pasraman ngriki. Raosing manah kawula kados katamuan dewa ingkang minulya. Anggènipun manggihi sang nata patrapipun saklangkung susila, botên măntra-măntra yèn tiyang ingkang manggèn wontên ing wana. Sang nata lajêng mangsuli pangandika: Ênggonku têka kene iki arêp katêmu karo Sang Rêsi Kanwa. Tindak mênyang ngêndi, dene ora ana katon. Dèwi Sakuntala matur: Gusti, pun bapa panuju kesah ngupados wowohan dhatêng ing wana. Manawi panjênêngan dalêm karsa ngêntosi sakêdhap, tamtu inggih nuntên dhatêng.

Sadangunipun sang nata wawan pangandika kalihan Dyah Sakuntala, mawi angawasakên dhatêng warninipun sang kênya, têtela paningalipun, yèn dhasar endah ing warni, pasêmonipun wingit, mawi praba angênguwung, kabêkta saking sucining manah, tuwin anggènipun atapabrata. Dhasar nêdhênging diwasa. Sang nata lajêng andangu: Kowe iku sapa, anake sapa. Kêpriye mulabukane dene kowe manggon ana ing kene. Mara aku jarwanana. Aku nyawang kowe lagi sagêbyaran bae, atiku wis kagiwang.

Sang dèwi lajêng matur sumèh: O, gusti, Prabu Dusanta, kawula punika anakipun Sang Kanwa. Pun bapa mahatma pinunjul, jêjêg angên-angênipun, putus dhatêng kridhaning darma.

Prabu Dusanta mangsuli pangandika: Mungguh saka pangrunguku, sang pandhita misuwur ing kasampurnane. Bathara Darma kasor mungguhing jêjêging kasuciane, ing mêngko kowe kăndha, yèn kowe anake, iku aku ora bisa anduga, mara aku jarwanana sing pratela.

Sang dèwi amangsuli atur: Gusti, manawi panjênêngan dalêm andangu mulabukanipun, anggèn kawula wontên ing wana ngriki sarta anggèn kawula dados anakipun Sang Kanwa, mugi kapidhangêtna atur kawula. Makatên cariyosipun:

Satunggaling dintên, wontên rêsi dhatêng mara tamu mriki, apitakèn asal-usul kawula dhatêng pun bapa. Pun bapa lajêng mêdharakên makatên: Rumiyin, anuju satunggaling măngsa, Sang Pandhita Wiswamitra anggêntur tapa, sumêdya anggayuh

--- 32 ---

dhatêng lampahing yoga. Saklangkung gêntur tapanipun, ngantos Sang Hyang Endra ngunandika makatên: Wiswamitra iki, yèn kêbanjur-banjur gênturing tapane, mêsthi nglêluwihi saktine, bakal kawawa anglungsur aku saka ing kaprabonku. Tumuntên dhawuh dhatêng Dèwi Menaka: He, Menaka, tatungguling para apsara, rungokna pangandikaningsun, ana sawijining pandhita linuwih, prabane prasasat Hyang Arka, saiki lagi anggêntur tapa, ingsun têka nganti karasa uwas. Pamundhut ingsun, sira tumuruna marang ngarcapada, anggodhaa pandhita kang paksa luwih iku, dhasar sêkti tanpa timbang, karêpe nêdya anggayuh yoga. Alang-alangana sêdyane, supaya ingsun lastari ngratoni para dewa. He, Menaka kang endah ing warna, ingsun tulungana, pandhita iku sira godhaa: sarana endahing warnanira, sarana pangapus kramanira, andhêkna olèhe kapati tapa.

Dèwi Menaka mangsuli atur: Pukulun, mugi kawula kalilana matur, sang pandhita punika dhasar gêntur tapanipun, prabanipun angênguwung ngèbêki buwana. Sang pukulun inggih sampun wuninga mênggahing kawantêranipun, ngantos wangwang dhatêng kadibyanipun. Mênggah kawula, kadospundi anggèn kawula botên sangsaya wangwang. Sang Wiswamitra trahing satriya, anggêntur tapa, têmah dados brahmana, kabêkta saking kawantêranipun. Sang pandhita kawawa anyipta narmada. Yèn puruna, kawawa nyipta bagaskara, wulan, dalah kartika, kangge nimbangi srawana, kawawa ambuncang Rêdi Mahamèru dhatêng samodra. Kawawa akarya buwana balik, nginggil dados ngandhap, ngandhap dados nginggil, wetan dados kilèn, kilèn dados wetan. Prabanipun angalad-alad, sagêd ambasmi buwana saisinipun sadaya. Kawula punika pawèstri, kadospundi anggèn kawula sagêd cêlak dhatêng sang tapa. Sumuking sariranipun kados dahana, gêbyaring socanipun kados wulan tuwin surya. Lidhahipun kados lidhahipun Sang Hyang Bathara Kala. Para maharêsi, para sadya, para wiswa, para wala kiliya, sami kêkês miris dhatêng kadibyanipun sang pandhita, kadospundi anggèn kawula botên miris. Ewasamantên, pukulun, saking ajrih kawula dhatêng sang pukulun, kawula inggih badhe nglampahi dhawahipun sang pukulun, marak dhatêng Sang Rêsi Wiswamitra. Namung panyuwun kawula, mugi sang pukulun karsaa anjangkung dhatêng kawula, mugi karsaa anggêlar pangaribawa, sagêda wilujêng lampah kawula, dumugi ing ngabyantaranipun sang pandhita. Mugi sang pukulun karsaa angutus Hyang Maruta ngatêrakên lampah kawula, anyêndhal pangangge kawula, mugi karsa ngutus Hyang Manmata, inggih Hyang Kama, angêtutakên lampah kawula dumugi ing ngrika. Mugi karsa ngutus Hyang Bayu, ngirid gandaning sêsêkaran, nyarêngi lampah kawula, tumulung dhatêng kawula, manawi kawula anggodha dhatêng sang pandhita. (Wontên sambêtipun)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


wêdalipun. (kembali)
§ Pamanggih makatên punika ing tanah Jawi nalika alitan kula inggih wontên. Red. (kembali)
salendro. (kembali)
mêkar-mêkaripun. (kembali)
§ Katrangan. Ingkang kula aturakên ngêbur punika patrapipun makatên: ingkang kangge ngêbur kacêmplungakên ing toya, mawi kaubêd-ubêd ing tangsul, lajêng kaputêr sarana tangsul wau. Mubêngipun kados ubênging ègrèkutawi jaraning mranggi. (kembali)
§ Katrangan: Prakawis wiwitipun Sang Hyang Siwah ajêjuluk Nilakăntha wau, ing Paramayoga gèsèh cariyosipun, botên prêlu kula cariyosakên ing ngriki, para maos tamtu sampun sami priksa, ing gêdhong museum ing Batawi wontên rêca, papêthanipun para dewa ingkang sami ngêbur sêgantên wau. (kembali)
§ Samudra warana wau ing mangke kawastanan kapuloan Indhi Wetan, dalah Ustraliah. (kembali)
Mandara. (kembali)