Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-07, #342

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-07, #342. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-07, #342. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7, Juli 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: Sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 6

1. Konggrès pakêmpalan Yapha Insêtitut, 2. Pasanggiri bab waosan, 3. Urun rêmbag, 4. Lampahing ukara, 5. Mahabarata (sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5).

[Iklan]

--- 97 ---

Ăngka 7, Juli 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Konggrès Pakêmpalan Yapa Insêtitut

Ingkang sami badhe andhatêngi parêpatan agêng (konggrès) Yapa Insêtitut, ingkang badhe kalampahan wontên ing Surabaya, benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika (mirêngakên sarasehan, ningali têtingalan, utawi andhatêngi anggèning amongsuka), sami kapupu bayar, dene warganipun pakêmpalan Yapa Insêtitut botên kapupu.

Para lênggananipun Pusaka Jawi, ingkang botên dados warganing Yapa Insêtitut, samăngsa badhe andhatêngi konggrès ingkang kapratelakakên ing nginggil, angsal sudan namung bayar f 5,-. Pambayaripun dhatêng panitranipun J.I. ing Laan Wichert, Weltevreden. Salajêngipun badhe tampi karcis, ingkang kenging kangge lumêbêt dhatêng papan pasrasehan, dhatêng ing têtingalan sarta dhatêng bojananipun.

Para lêngganan Pusaka Jawi, ingkang sumêdya andhatêngi, kaprayogèkakên tumbas karcis dhatêng panitra kasêbut ing nginggil punika kemawon, amargi manawi tumbas eceran benjing wontên ing Surabaya, gunggung kalêmpakipun dados langkung kathah.

--- 98 ---

Konggrès Yapha Insêtitut, Ing Surabaya, Ing Wulan Sèptèmbêr 1926.

Têntunsêtèlêng dêdamêlanipun tiyang Jawi tuwin Madura

Tanah Jawi punika pulo ingkang asri. Kawruhing tiyang Jawi prakawis têtanèn sampun kalêbêt inggil, makatên ugi ing bab kagunan, mila inggih botên anggumunakên yèn dêdamêlanipun tiyang Jawi kalêbêt sae. Kados ta: bab nyêrat (ambathik).

Tênunan Jawi ingkang kala kinanipun ugi dados titikan inggiling drajadipun tiyang Jawi, sarêng kadhatêngan tênunan saking Eropah ingkang langkung mirah rêginipun, tênunan Jawi lajêng kadhêsuk, botên sagêd lampah. Ewasamantên para èstri Jawi taksih sagêd angumbulakên drajading Jawi sarana nyêrat.

Garapan băngsa wacucal kados-kados inggih botên nguciwani. Coba mirsanana ringgit wacucal, samantên awiging garapanipun.

Prakawis ngukir-ukir tiyang Jawi sampun kalêbêt sae. Kula aturi mirsani rêrêngganing găngsa utawi barang sanèsipun, makatên ugi garapan băngsa logam, ingatasipun ngangge pirantos ingkang botên pêpak sarta dèrèng sae, têka sampun sagêd damêl dandosan ingkang botên kuciwa bilih kagiyarakên ing akathah.

Barang-barang badhenipun siti kados ta: grabah, banon, gêndhèng, celengan sapiturutipun, punika damêlan kina, langkung sae tinimbang sapunika, măngka tumraping agêsang barang-barang wau prêlu.

Makatên malih tiyang Madura, ing bab kagunan sampun sagêd nyamèni tiyang Jawi, utawi malih prakawis agami, pranataning gêsangipun, găngsa sarta têtingalan ugi kathah èmpêripun.

Ukir-ukiran ing tanah Madura kathah, awarni-warni, sanadyan raosipun tiyang Madura punika beda kalihan raosipun tiyang Jawi, nanging dêdamêlanipun tiyang Madura ugi katingal yèn damêlan sae.

Yapa Insêtitut yèn panuju parêpatan agêng kêrêp ngawontênakên têntun sêtèlêng barang-barang damêlan Jawi, kados kala taun 1921 ing Bandhung utawi nalika ing taun 1925 wontên ing Ngayogya.

Ing salêbêtipun parêpatan agêng ingkang badhe kawontênakên ing Surabaya benjing wulan Sèptèmbêr taun 1926 punika, ugi badhe dipun wontêni têntun sêtèlêng. Yèn kasambadan malah badhe ngawontênakên têntun sêtèlêng barang-barang saking tanah Jawi tuwin Madura.

--- 99 ---

Barang ingkang saking tanah Jawi tuwin Madura wau ingkang nunggil golongan badhe kajèjèrakên, supados sagêd sumêrêp bedanipun, ing ngriku para kriya Jawi tuwin Madura sagêd telad-teladan, utawi sagêd ngothak-athik damêl barang enggal, sarta malih tiyang ingkang badhe tumbas sagêd milih pundi ingkang sae.

Pangrèh Yapa Insêtitut agêng ing manah, badhe kathahipun ingkang kaparêng ambiyantu. Mênggah lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

1. Wragad angruktèni wadhah sarta pambuntêlipun barang. Prabeya ngintunakên barang wau dhatêng papan têntun sêtèlêng, tuwin wangsulipun barang wau dados sêsanggènipun Yapa Insêtitut. Makatên ugi wragad pasangon saha pondhokanipun ingkang ngirid barang wau.

2. Risak utawi ciciripun barang wau, nalika kakintunakên dados têtanggêlanipun ingkang gadhah, wangsulipun dados têtanggêlanipun Yapa Insêtitut.

3. Barang wau wangsulipun dhatêng ingkang gadhah, kawangênan salêbêtipun sawulan saking titimăngsa bibaripun têntun sêtèlêng.

4. Barang-barang wau kapratelakna pangaosipun, samăngsa ical badhe tampi lêlintu sapangaosipun wau. Dene manawi wontên risakipun, badhe nampèni karugian, kathah kêdhikipun gumantung panimbangipun kumisi.

Kumisi têntun sêtèlêng konggrèsipun Yapa Insêtitut wontên Surabaya ing taun 1926.

Kumisi panampi tamu

Pangarsa minulya: J.M.Jordaan residhèn Surabaya.

Pangarsa: Ir. G.J.Dijkerman bêrgêmistêr kitha Surabaya.

Para warga: Ir. A. Schweiêer, Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat (bupati Surabaya), Mr. Dr. D. Talma, H. van Loo, Radèn Mas Arya Suyana, Mr. Radèn Suwana, A. Praasterink. Mr.Dr. Radèn Ngabèi Subrata.

Panitra: J. Êwartveld.

Kumisi têntun sêtèlêng

Pangarsa minulya: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

Pangarsa: Dr. Radèn Sutama.

Para warga: Arch, C. Citruen, Radèn Mas Arya Suyana, W. Belonje, B. de Kistarini, Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), Radèn Adipati Arya Suryawinata (bupati Grêsik), Radèn Adipati Arya Krama Adinagara (bupati Majakêrta), Mas Sukaris, Mr. Radèn Ahmad, Ir. H. Maclaine Pont, Ir. Radèn Sarengat, Mas Prawiradirja (patih Surabaya), Dr. Eichhald, Mr. Radèn Sukiman, Mej. M.E. Mewe, Mas Sunjata.

--- 100 ---

Kumisi têntun sêtèlêng tumrap Madura

Pangarsa minulya: Th. A. Meister, residhèn Madura.

Para warga: Pangeran Prataningkusuma,[1] Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), Radèn Tumênggung Arya Prabuwinata (bupati Sumênêp), Radèn Tumênggung Arya Sasrawinata (bupati Sampang), Radèn Adipati Kêrtamipraja (bupati Pamêkasan), M.J.J.Treur (asistèn residhèn Sampang), A. van Vloten (asistèn residhèn Bangkalan), B.J.Suermondt (asistèn residhèn Sumênêp), Radèn Rahmat Suryakusuma, Radèn Sasra Danukusuma, Mas Ngabèi Prawata Adikusuma, Dr. A.J.de Voogd.

Kumisi baita

Pangarsa: ...

Para warga: Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat (bupati Surabaya), Radèn Tumênggung Arya Suyana (bupati Pasuruhan), Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), Radèn Tumênggung Arya Sasrawinata (bupati Sampang), Radèn Adipati Arya Jaya Adiningrat (bupati Rêmbang), A.J.Huidekoper, Ir. H. Maclaine Pont, C. Citroen, M.J.J.Treur (asistèn residhèn Sampang), Ir. S.F.W. Ladner, Ir. Th. Van Rose (dhirèktur plabuhan)...

Parampara: P.C.Coops dhirèktur etablisêmèn.

Panitraning kumisi têntun sêtèlêng tuwin sêb kumisi sêb kumisi: H. van Dvik.

Kumisi karamean

Pangarsa minulya: C.O.Matraij, asistèn residhèn Surabaya.

Pangarsa: Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat, bupati Surabaya.

Para warga: Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), Radèn Tumênggung Arya Suyana (bupati Pasuruhan), J. Verboom, J. Veersema, Dr. Radèn Suwarna, Radèn Mas Arya Suyana, R. Mac. Gillavrij, F.J.Stemmerik, J.H.Lagers, Mas Suryawidigda, Radèn Mubanu Kêrtaarja.

Panitra: A.M.Boers.

Kumisi agêng (Centrale Commissie)

Pangarsa: Ir. G.J.Dijkerman.

Panitra: H. van Dijk.

Panitra II: J. Drukker.

Para warga: para pangarsanipun kumisi-kumisi.

Wara-wara

Para warganipun pakêmpalan Yapa Insêtitut utawi pakêmpalan ingkang dados warganipun Yapa Insêtitut, ingkang badhe dhatêng ing konggrès Yapa Insêtitut, tumrap kawruh basa, tanah saha tiyang bumi ing Jawi wetan saha [sa ...]

--- 101 ---

[... ha] Madura, ingkang badhe kawontênakên benjing wiwit ing surya kaping 23 dumugi surya kaping 26 sèptèmbêr 1926 punika manawi anggènipun dhatêng Surabaya numpak sêpur utawi trèm, sami angsal sudan waragad panumbasipun karcis sêpur utawi trèm ingkang kawrat ing tarip, saking S.S, N.I.S, S.J.S, S.C.S, O.J.S. tuwin S.D.S. (kajawi tumrap kitha Surabaya), dene kathahing sudan wau 50%, sarta manawi numpak baita K.P.M.angsal sudan 25%

Murih sagêd angsal sudan saking S.S. kêdah nyêpêng sêrat ingkang kawastanan ligimitatiebewijs. Sintên ingkang pratela dhatêng panitraning Yapa Insêtitut (Secretariaat Java-Instituut, Laan Wichert 13 Welevreden) bilih badhe andhatêngi konggrès ing Surabaya, badhe lajêng dipun kintuni ligimitatiebewijs wau.

Sêrat ligimitatiebewijs punika wontên ing salêbêting sêpur kêdah katêdahakên dhatêng kondhèktur, kajêngipun diisèni saparlunipun, manawi sampun dumugi ing konggrès tampèkna dhatêng panitra, badhe kalintonan karcis sêpur kangge mantuk, tanpa bayar wragad sêpur. Dados pangkatipun dhatêng Surabaya tumbas karcis kados padatan.

Sintên ingkang botên anêtêpi pranatan ingkang kasêbut ing suwalikipun ligimitatiebewijs wau, badhe botên angsal karcis lêlahanan kangge mantuk saking Surabaya.

Bab sudan saking N.I.S. (Nederlandsch Indische Spoorweg-Maatschappij), S.J.S. (Semarang-Joana Stoomtram Maatschappij), S.C.S.(Semarang- Cheribon Stoomtram-Maatschappij) O.J.S.(Oost-Java-Stoomtram-Maatschappij) tuwin S.D.S.(Serajoedal-Stoomtram-Maatschappij).

Para ingkang dhatêng ing konggrès numpak sêpur utawi trèm ingkang kasêbut ing nginggil punika, wontên ing papaning konggrès amratelakna dhatêng panitra: namanipun, panumpakipun sêpur utawi trèm saking pundi dumugi ing pundi sarta ing klas pintên, punapadene angkaning karcisipun (sampun kêsupèn, ăngka punika kêdah dipun cathêt). Sawatawis dintên sabibaring konggrès, artanipun sudan ingkang 50 pCt. Wau badhe lajêng kakintunakên dhatêng ingkang wajib tampi pyambak-pyambak, dados mangkatipun dhatêng Surabaya saha antukipun, tumbas karcis kados adat sabên, amung kaotipun angkaning karcis kêdah dipun cathêt.

Ing salêbêtipun wulan Agustus tuwin Sèptèmbêr ing ngajêng punika kantoripun panitraning Yapa Insêtitut kapindhah dhatêng Surabaya, manggèn ing griya Kunstkring (Kunstkringhuis) Embong Malang 63-65 Soerabaja.

--- 102 ---

Pasanggiri Bab Waosan

Kala taun 1920, Bale Pustaka damêl pasanggiri bab karangan ingkang sae piyambak babagan gêsangipun lare pribumi. Mila makatên, amargi wiwit saadêgipun Bale Pustaka sampun pintên-pintên karangan ingkang malêbêt kapanjurungakên, ananging dèrèng wontên satunggil-tunggila ingkang baku nyariyosakên gêsanging lare, ingkang pancèn pêrlu kangge waosan lare. Kadosdene ing basa eropah, punika buku-bukunipun waosan lare sampun kathah. Măngka yèn waosan makatên wau dipun kathahi, têtela nyêngkakakên panggayuhipun Bale Pustaka dhatêng idham-idhamanipun, inggih punika: nyadhiani waosan sarta anggugah manah dhatêng rêmên maos, langkung-langkung tumrap dhatêng lare. Punapa malih mila Bale Pustaka ngwontênakên pasanggiri wau ugi pêrlu kangge nyobi anggugah para sêpuh, supados lare-lare saya dipun gatosakên, murih saya têranging wawasan ing bab pamardining pikiran sarta kautaman.

Mênggah ingkang dados jalaran angwontênakên pasanggiri, punika sajatosipun wêdaling karanganipun nyonggah Nittel-De Wolff van Westerrode nama "Indisch Kinderleven" mila kaprêlokakên sangêt angèngêtakên dhatêng buku punika.

Dene wêwatonipun pasanggiri wau makatên:

1. Karanganipun kêdah kasêrat mawi aksara Latin ing salah satunggiling basa India kawan warni ingkang baku miturut sapamilih punapadene bangsanipun ingkang ngarang piyambak, inggih punika: Mlayu, Jawi, Sundha utawi Madura.

2. Isi sarta basanipun kêdah sacaraning lare sarta basaning lare.

Kajawi punika, mêsthi kemawon sakathahing karangan-karangan lêbêtan badhe dados darbèkipun Bale Pustaka.

Dene ganjaran ingkang kajanjèkakên inggih punika:

1e. Èrloji êmas, mawi sinêratan sarta rante êmas, gunggung pangaos f 250,-

2e. Èrloji salaka, mawi sinêratan sarta rante salaka, gunggung pangaos f 150,-

3e. Èrloji salaka, mawi sinêratan, pangaos...f 75,-

4e. Èrloji salaka, mawi sinêratan, pangaos...f 50,-

Ingkang kasêbut nginggil wau ganjaran mirunggan, dados taksih kajawinipun ganjaran arta kados adat sabênipun.

Gunggunging karangan-karangan ingkang kapriksa ing pakêmpalanipun para juru nimbang (Jury) wontên 35 iji, inggih punika karangan Jawi 23, Mlayu 8, Sundha 3 sarta Madura 1 iji.

Dene karangan-karangan ingkang angsal ganjaran, inggih punika :

--- 103 ---

Ăngka 1: "Pemandangan dalam doenia kanak-kanak" karanganipun: Muhamad Kasim, mantri guru ing pamulangan klas II ăngka 1, ing Medhan.

Ăngka 2: Layang carita lêlakoning bocah kampung, karanganipun: Kamsa Wiryasaksana, ing Klathèn.

Ăngka 3: Bocah Jawa, karanganipun: Radèn Sasrasutiksna, Inl. Onderwijzer H.I.S. ing Pontianak.

Ăngka 4: Nalika aku isih cilik, karanganipun: Mas Sastradiarja, Schoolopziener. Ing Pare, Kadhiri.

Putusaning pakêmpalanipun para juru nimbang makatên wau sajatosipun botên dados pasaksèn, bilih karangan ingkang angsal ganjaran punika sampun kaanggêp nyêkapi lêrês-lêrês dhatêng wêwatoning pasanggiri sarta sampun tanpa lêpat, nanging namung jalaran karangan-karangan wau sami-sami lêbêtan kalêbêt nyêlaki piyambak dhatêng paugêranipun pakêmpalaning para juru nimbang, măngka para juru nimbang wau botên niyat ngêncêngi sangêt-sangêt ing panimbangipun.

Manawi mêndhêt racak-racakipun, kawontênaning karangan-karangan ingkang malêbêt, nama sampun anglêgakakên, ananging saking pamanggihipun pakêmpalaning para juru nimbang, panganggitipun karangan-karangan wau kêlimput ing pamanah kêlintu tampi kalih warni, inggih punika sapisan: dipun kintên kêdah ingkang suka pitêdah lan panuntun ing bab kasarasan sarta pamardining lare, mila karanganipun inggih lajêng nyariyosakên panjagining badan lan pamardining budi. Kaping kalihipun: dipun kintên kêdah andamêlakên waosan lare kadosdene sêrat: suyud, buku waosan Jawi urut-urutan ingkang kangge ing sêkolahan andhap punika, satêmah kathah karangan-karangan ingkang mirid sêrat: suyud wau, lan isinipun inggih cêcriyosan cêlak-cêlak pisah-pisahan bab gêsangipun lare sarta dolanan lare, sawênèh wontên ingkang sae sangêt.

Sawênèhing juru ngarang wontên ingkang panganggitipun kadamêl sêrat tatacaraning băngsa sarana nyariyosakên adat lan tatacaranipun tiyang wawrat, gadhah anak sarta pamardining lare.

Saking pamanggihipun pakêmpalaning para juru nimbang, sarèhning para juru ngarang ingkang kathah-kathah sami gadhah pangintên, bilih mêsthinipun kêdah damêl karangan ingkang isinipun kêklêmpakaning cariyos bab gêsanging lare, punapa malih bab dolananing lare. Mila karangan makatên, ingkang jêjêring cariyos namung lare satunggal utawi langkung botên mawi gantos-gantos, ngantos mèh kenging kaanggêp dadosa cariyos turut, inggih kêdah dipun ombèri murih sagêdipun tumut angsal ganjaran.

Awit ingkang makatên wau, mila ganjaran warni [war ...]

--- 104 ---

[... ni] sakawan kados ingkang sampun kajanjèkakên lajêng wontên ingkang sagêd angsal.

Karangan ingkang angsal ganjaran, ăngka 1 kalihan ăngka 2 sami kemawon dhêdhasaripun, nanging ingkang satunggal sagêd dados cariyos jangkêp, turut sambungrapêtipun sarta mawi grêgêt saut, punapadene ngangge panutup mathis, dene satunggalipun, sanadyan adon-adoning cariyos satunggal kalihan satunggalipun ugi manis, nanging grêgêt sautipun kirang turut, punapa malih panutupipun kirang srêg, mila saking pamanggihipun pakêmpalaning para juru nimbang, karangan ingkang kacariyosakên rumiyin punika wajib angsal ganjaran ăngka satunggal.

Margi ngèngêti kawontênaning karangan kêkalih makatên punika, mila pakêmpalaning para juru nimbang namtokakên ganjaran ăngka 2 kagantos: èrloji êmas, mawi sinêratan sarta rante êmas ugi, nanging ingkang pangaosipun sami kemawon kalihan ingkang sampun kajanjèkakên sakawit.

Mênggah bab isining karangan ingkang angsal ganjaran, pakêmpalaning para juru nimbang rumaos pêrlu ngèngêtakên, bilih salugunipun dèrèng kenging kababarakên wantahan kemawon, dados taksih wontên ingkang kêdah dipun ewahi utawi dipun bucal, babipun ugi wontên ingkang kêdah dipun gantos, lan sanès-sanèsipun malih. Ingkang makatên wau badhe katindakakên ing Bale Pustaka kanthi rêmbagipun para juru ngarang.

Sarèhne sampun têtela wontên karangan kalih iji ingkang ical, nanging botên jalaran saking lêpatipun punggawa Bale Pustaka, mila saking pamanggihipun pakêmpalaning para juru nimbang, prayogi ingkang gadhah karangan punika nglêbêtna karangan malih kados ingkang sampun, sarta punika ugi badhe katimbang miturut pranatan panimbanging karangan sanès-sanèsipun. Dados ingkang ngarang inggih taksih gadhah pangajêng-ajêng sagêd angsal ganjaran kados mêsthinipun.

Urun Rêmbag

Eman sangêt rêdhaksi anggènipun macak karanganipun sadhèrèk Kusumatmaja sasampunipun Mas Ngabèi Prajapustaka tilar donya, dados botên wontên ingkang ngaturi jawaban ingkang ngêplêki panjênênganipun suwargi, măngka panukartanipun sadhèrèk Kusumatmaja pangraos kula wontên ingkang kêsangêtên, inggih punika ukaranipun ingkang mungêl: urapsari namung gadhah dhedhekan makatên: para luhur pantêse nurut, tak tuturi mangkono kuwi, yèn ora nurut mundhak ora diarani wong agung sujana...têrkadhang manawi urapsari katurut, [katuru ...]

--- 105 ---

[... t,] malah lajêng sagêd dhumawah ing lêpat saèstu, amargi...pancèn gondhelanipun ingkang klintu.

Lo ukara ingkang pungkasan punika ingkang ngagètakên, sintên ta: sadhèrèk Kusumatmaja punika, bêbukanipun ngandika: kula botên sagêd anggayuh (karanganipun Ki Padmasusatra) sadaya, têka karsa ngandika lajêng nêtêpakên gondhelanipun Ki Padmasusastra ingkang klintu, dados anggènipun ngandika botên sagêd anggayuh, punika sayêktosipun malah sampun sagêd nyakup sadaya, we lah mêdosi punika, saya upami panjênênganipun sadhèrèk Kusumatmaja lajêng kêparêng ngarang anjèjèri Mas Ngabèi Prajapustaka nglêrêsakên kalêpatanipun mawi waton ingkang lêrês lan sagêd marêmakên saèstu, iba brêgasipun, dados sêmbada sayêktos namanipun.

Kula dede punapa-punapanipun Mas Ngabèi Prajapustaka, sagêd kula urun rêmbag, inggih namung sasagêd kula tiyang langip, kados ing ngandhap punika:

Ingkang dados jêjêring rêmbag punika têtêmbungan urapsari ingkang nglêpatakên ukara: kondur dalêm kangjêng saking ing karaton lêrêsipun: mundur dalêm kangjêng sangking ing karaton. Wêwatonipun urapsari, sêrat Saridin.

Bab punika panjênênganipun sadhèrèk kusumatmaja ragi sêmang-sêmang, amargi gèsèh kalihan pamanggihipun, sarta gèsèh kalihan kawontênanipun.

Bab gèsèh kalihan pamanggihipun, lêrês kemawon lajêng anuwuhakên sêmang-sêmang, namung prakawis lêrês ingkang pundi, punika dèrèng kenging katêtêpakên lêrês panjênênganipun sadhèrèk Kusumatmaja, pasaksènipun ingkang cêtha, panjênênganipun sadhèrèk Kusumatmaja dèrèng têtela priyantun Surakarta ingkang murni basanipun, baud ngikêt ukara, wangsul panjênênganipun suwargi Mas Ngabèi Prajapustaka têtela priyantun Surakarta ingkang murni basanipun, tur mardibasa lan kasusastran Jawi. Nitik ikêtaning ukara, panjênênganipun sadhèrèk Kusumatmaja inggih kêtingal dèrèng patos matêng saèstu dhatêng raosipun ukara Jawi, mila layak kemawon karsa ngandika dèrèng anggayuh sadaya dhatêng suraosing sêrat-sêratipun Ki Padmasusastra, mênggahing kula tiyang Surakarta ingkang langip, inggih taksih sêmang-sêmang sangêt badhe nglêrêsakên panjênênganipun sadhèrèk Kusumatmaja.

Dene kapangandikakakên, sêrat Urapsari gèsèh kalihan kawontênanipun, manawi sêsêrêpan kula botên, anggêripun para mardibasa saèstu ingkang botên kaworan pados pêndhok kemawon, anggènipun matrapakên tatakrama inggih kados ungêlipun sêrat Urapsari wau. Panjênênganipun suwargi Mas Ngabèi Prajapustaka kêrêp ngandika ijêman utawi wontên ing sêrat

--- 106 ---

bilih pangarangipun wêwatoning basa sarta tatakrama, punika botên mijil saking anggitipun piyambak, namung pathok gumêlaripun kawontênan kados limrahipun para pujănga Jawi manawi nganggit-anggit.

Sapunika lajêng angrêmbag jêjêring ginêm, miturut kawontênanipun, pamatrapipun tundha-tundhaning tatakrama punika urutipun ingkang dipun aosi punika ingkang luhur piyambak, tumrapipun wontên ing donya, inggih panjênêngan ratu, mangandhap-mangandhap miturut tataranipun, namung manawi sêsarêngan, tatakramanipun ingkang dipun aosi piyambak, punika inggih ingkang inggil piyambak, manawi botên makatên, kawastanan botên tatakrama.

Lêpatipun têmbung kondur kaêtrapakên dhatêng para kangjêng, dening kasarêngan têmbung karaton utawi ratu ingkang mêntas dipun sowani, upami botên makatên, kenging kemawon, nanging manawi sêsarêngan, inggih kaubêngna kadospundi kemawon ukaranipun, raosing tatakrama botên ajêng, dene wontên ingkang gadhah pamanggih kenging, punika namung têtêp sulayaning pamanggih kemawon, pundi ingkang lêrês. Dados ingêr-ingêran ukaranipun sadhèrèk Kusumatmaja punika kraos manawi pêksan sadaya, raosipun botên miraos, kados ta: ingkang dipun dalêmi kangjêng radèn adipati punika kagunganipun piyambak, punapa kagungan dalêm ingkang sinuhun: lajêng: griya ingkang dipun dalêmi enz têmbung krama inggil: ingkang dipun dalêmi kalihan têmbung kagungan, wontên ing ngriku punika krama inggilipun ingkang nyêrat dhatêng kangjêng, tumrap ratu kalihan patih ingkang kacariyosakên, punika pilah, mila kenging kemawon, beda kalihan têmbung kangjêng mundur saking kraton, punika kangjêng kalihan kraton: gandhèng, botên sagêd ngangge krama inggil, sumăngga karaosakên sayêktos, punika pancèn ragi gawat. Saminipun tuladha sangginggilipun ingkang kula aturakên punika, têmbung krama inggil: ngunjuk dipun trapakên kangjêng wontên ngarsa dalêm ingkang sinuhun, têmbung ngunjuk, punika têmbungipun ingkang nyariyosakên, gandhèng kalihan kangjêng, manawi ingkang sinuhun kalihan kangjêng pisah.

Dene tuladha sêrat Damarwulan, nyariyosakên patih botên angsal krama inggil, punika patihipun pisah kalihan ingkang nyariyosakên, ingkang nyariyosakên punika cariyos dhatêng para ingkang dipun cariyosi, kaangêp kadosdene cariyos dhatêng anakipun kemawon, kados limrahipun sêrat cariyos.

Tuladha icaling krama inggil tumrap ratu, manawi anglêrêsi napsu, gambaranipun Dasamuka kalihan Subali. Punika ingkang pisah ingkang nyariyosakên, kantun ginêmipun ingkang dipun cariyosakên, saminipun dhalang angginêmakên [anggi ...]

--- 107 ---

[... nêmakên] wayang ingkang badhe kapêrangakên, tak tabok mustakamu, harak inggih dipun wastani kêtatakramanên, cêkakipun bab awor lan pisahipun ingkang kacariyosakên kalihan ingkang nyariyosakên, punika pancèn botên gampil, langkung malih tumrap ingkang dèrèng patos lêbêt raosipun dhatêng ukara Jawi.

Wontên tuladha ukaranipun sêrat sanès ingkang kenging kangge piridan:

1) Ila-ila punapa abdi dalêm botên angestokakên dhawuh dalêm. Mriksanana sêrat 1001 Dalu, dhil II. 152-9 v.o.

2) Sarèhning panjênêngan dalêm kagungan karsa anglampahi pandamêlan suci wau enz Jv.a Gr.289-7.v.o.

3) J.Z.I.294.1.v.o. pêthikan Bratayuda, Sang Arjuna ningali, tumuntên majêng, enz= mulat marang Sang Arjuna. Botên mawi krama inggil.

4) Kunêng lingnya Rama Dayapati, angandika Sang Rama Wijaya, hèh bêbakal sira kiye, gampang kalawan ewuh, enz Rm. botên ngangge têmbung krama.

5) Dene buyute sinungan urdi ing sri Maèspati, H.S. 258 p.5. kok botên mawi têmbung: de buyute pinaringan, urdi ing sri Maèspati, tiyang pancèn inggih kenging, punika bokmanawi wontên karsanipun kyai pujăngga, kadospundi ? wusana sumăngga sarta sampun kirang gunging pamêngku.

Sutakrama

Wontên lampahing ukara ingkang karaos nyêngkal, badhe kula pêthiki sawatawis, sarta kula jèjèri ukara ingkang kula ajêngi.

Ingkang nyêngkal kula têngêri aksara L dene ingkang kula ajêngi kula têngêri mawi aksara B.

L nyêngkal : 1. Kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil tiyang Dayak punika manawi dêdagangan urup-urupan.

B ingkang kula ajêngi makatên : Ing nginggil sampun kasêbut bilih tiyang Dayak punika manawi dêdagangan urup-urupan.

L : 2. Kangjêng pangeran anu tindak dhatêng nagari Walandi dene ingkang andhèrèk kadosdene abdi: Ngabèi Săntajumantara

B : Kangjêng pangeran anu tindak dhatêng nagari Walandi, dene ingkang andhèrèk minăngka abdi:... Utawi dene ingkang andhèrèk dados abdi pun: ...

--- 108 ---

L : 3. Blanjanipun guru wêdalan, Kwiksêkul kapranata makatên:

kadosdene upsêkul, opsinêr f 350,-

kadosdene kêpala sêkolah...f...

B : yèn dados upsêkul, opsinêr f 350,-

yèn dados kêpala sêkolah f...

Katrangan

Ukara ing ăngka 2 sarta 3 mawi ciri L ing nginggil punika panganggenipun têmbung kados, utawi kadosdene mirid saking têmbung Walandi als, punika inggih sok kajarwakakên ing têmbung Malayu seperti utawi sebagai, punika sanajan gadhah têgês als, ananging als ingkang têgêsipun evenals utawi alsof. Măngka ing ukara Walandi ingkang kados ing ăngka 2 sarta 3 wau têgêsipun las= in the functie van.

L : 4. Jarit kang ora kêna dianggo manèh, bêcik digawe popok bae.

B : Jarit kang wis ora kêna dianggo bêcik digawe popok bae

L : 5. Sariman banjur wadul marang bapakne kang aran Sakrama

B : Sariman banjur wadul marang bapakne aran Sakrama

Katrangan

Panganggenipun têmbung kang ingkang makatên punika kintên kula inggih mirid saking ukara Walandi, lajêng katingal cêkak. têmbung die ing ukara Walandi kaangge ukara ingkang makatên sampun anglêr kemawon. wangsul têmbung kang, botên makatên, yèn kaprusa mawi kang têka kados pun Sariman gadhah bapa kalih tiga. Dene ingkang dipun waduli: bapakipun ingkang anama pun Sakrama.

L : 6. Banjur aku mulih

B : Aku banjur mulih

L : 7. Ing Purbêrêh (Voorburg) wontên sawênèhing prajurit marsuse nyolong pêthi yatra isi f 26000,-

B : Ing Purbêrêh wontên prajurit marsuse ...

--- 109 ---

L : 8. Ana sawijining bapa kang ambêg bêcik. Saking olèhe mrêlokake...

B : Ana wong kang bangêt trêsnane marang anak bojone. Saking olèhe mrêlokake...

L : 9. Ana bapa umur 48 taun, anake umur 20 taun.

B : Ana wong umur 48 taun, anake...

L : 10. Ana sawijining wong kêling manggon ing sawijining desa pagunungan.

B : Ana wong kêling manggon ing desa pagunungan.

L : 11. Imam mau ênggone ambêbaluhi marang kancane, supaya pêrang sabil, wêgig bangêt.

B : Imam mau ênggone ngojok-ojoki marang kancane supaya gêlêm pêrang sabil, wêgig bangêt.

Katrangan

Yèn ingkang nyariyosakên mêngsahipun Imam wau, têmbung ingkang kaangge kêdah ngojok-ojoki utawi anggêgasah. Dene manawi ingkang nyariyosakên: kănca utawi mitra, utawi dede mêngsah, têmbung ingkang kaangge kêdah ngrimuk, utawi ambêbolèhi, mituturi, anggênah-gênahakên, nyêrêp-nyêrêpakên, sapanunggilanipun.

Têmbung ambêbaluhi mêksa botên kenging kaangge wontên ing ukara nginggil punika wau, sabab, ambêbaluhi têgêsipun ngrencangi saking wingking, murih awrat sanggènipun (tumrap mêngsah), saking lingga baluh, têgêsipun bandhul.

L : 12. Kang arêp digêpuk dhisik iya iku bètèng kang wus kacêkêl ing Kumpêni.

B : Kang arêp digêpuk dhisik, bètèng kang wus kacêkêl ing Kumpêni.

Katrangan

Têmbung yaiku wontênipun ing ukara ngriku tanpa damêl, namung manjang-manjangi ginêm kemawon. Pancèn panganggènipun têmbung: yaiku punika sok kêmirahên sangêt, kirang iwit, lajêng anjuwarèhi.

--- 110 ---

L : 13. Apa manèh sapa sing bisa numpês băngsa kulit putih, bakal tinarima ing nabine.

B : ...bakal tinarima ing nabi panutane.

Katrangan

Ingatasipun karangan têmbung Jawi, mastani Kangjêng Nabi Muhamad, nabi panutane (tumrap băngsa Acèh) punika sampun anama kumliya. Punapa malih nabine, punika sangsaya malih, malah sêmu ngrèmèhakên sangêt utawi ngeca-eca. Tiyang Jawi băngsa Islam, ingkang maos karangan wau manahipun tamtu karaos botên sakeca sangêt. Lajêng tuwuh angên-angênipun ingkang anèh-anèh. Tamtu wontên ingkang gadhah pangunêg-unêg makatên: olèhe ngrèmèhake marang kangjêng nabi mangkono iku rak karêbèn diarani wong sing luhure ngungkuli para nabi. Utawi: olèhe gawe karangan mangkono iku rak karêbèn dialêm marang daokene.

L : 14. Madêg baris

B : Pacak baris, utawi madêgsuraning prang (saking: madêgsura ing prang). Utawi: madêg gêgamane, utawi: ngadêg gêgamane.

L : 15. Saka pratelane opsir kang waktu iku manggon ana ing pos kang aran Selang, kang saka Lamyong dohe ana lakon satêngah jam, amratelakake kaya ing ngisor iki: ...

B : Nalika samana opsir kang manggon ing pos aran Selang, dohe saka Lamyong watara lakon satêngah jam, opsir mau apratela mangkene: ...

L : 16. Sanadyan anaa rêrusuh iya wus sirêp, amarga kaya kang tinêmu ing watara sêsasi utawa rong sasi kang kêpungkur, ana kuli utawa bojone saradhadhu dibegal ing mungsuh, lan banjur dipatèni ana ing rawa sacêdhaking bètèng kono. Sabanjure ora ana mungsuh kang ngarubiru kumpêni manèh.

--- 111 ---

Katrangan

Ukara punika pakèwèd anggèn kula nyuraos, ingkang dipun pêjahi punika punapa kuli utawi semahipun saradhadhu, punapa begalipun (utawi mêngsah). Upami ukara makatên:

Ana wong tuku layang gadhèn, dicêkêl ing pulisi. Punika ingkang kacêpêng ing pulisi, pantêsipun inggih tiyang ingkang tumbas sêrat gantosan wau, dene sêratipun gantosan.

Ana kuli dicakot asu edan, banjur digawa mênyang Bêtawi. Punika ingkang kabêkta dhatêng Batawi pantêsipun inggih kulinipun, manawi sagawonipun inggih kabêkta dhatêng Batawi, punika nama: dipun katutakên, namung miturut pranatan.

Ana wong tuku wêdhus, diaku ing wong seje desa. Punika ingkang dipun akên, pantêsipun mendanipun.

Ukara ingkang dados rêmbag ing nginggil punika pêtêng, margi têmbungipun kriya: dipatèni, sagêd dhumawah dhatêng kuli, sagêd dhumawah dhatêng mungsuh. Kajawi punika panganggenipun têmbung: kaya ingkang makatên punika tumrap ukara Jawi botên mathuk, sampun kasêbut ing ăngka 1. (taksih wontên sambêtipun)

Kusumatmaja

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5, kaca: 96)

Ewadene mubaling runtikipun dipun sayuti, lajêng matur dhatêng sang prabu, makatên aturipun: Dhuh, mahaprabu, kadospundi, dene panjênêngan dalêm sagêd anglairakên pangandika ingkang nistha makatên. Pangandika dalêm punika botên cundhuk kalihan angên-angên ingkang wontên ing salêbêting panggalih dalêm. Kadospundi dene panjênêngan dalêm karsa anyelaki lêlampahan ingkang sampun panjênêngan dalêm lampahi. Panuwun kawula, mugi panjênêngan dalêm karsaa anglairakên raosing panggalih dalêm ingkang sumimpên, supados dadosa saksi ing bab lêrêsing atur kawula. Kadospundi, panjênêngan dalêm ratu kawasa, dene karsa anglampahi kanisthan, ngandika ingkang dora makatên. Măngka sintên-sintêna ingkang ngêdalakên wicara, botên cundhuk kalihan angên-angêning manahipun, punika anama dhustha, sarta durjana tumraping atmanipun. Tiyang ingkang makatên punika botên keguh anglampah[2]

saliring druhaka. Anggèn panjênêngan dalêm ngantos dhumawah ing makatên punika, jalaran tamtunipun panjênêngan dalêm angandika makatên salêbêting galih: Ora ana pakewuhe aku selak, sabab nalika samana ora [o ...]

--- 112 ---

[... ra] ana wong sing wêruh. Ananging, gusti, panjênêngan dalêm punapa botên uninga, bilih ing salêbêting manahing manungsa punika wontên ingkang tansah dados saksi, anyumêrêpi dhatêng sadaya tindak ingkang dipun lampahi. Dadosa tindak punika sae utawi awon.

Dhuh gusti ratu kawasa, mênggah tiyang awon punika, manawi tindakipun botên kasumêrêpan dhatêng tiyang sanès, pangraosipun sampun botên kasumêrêpan dhatêng sintên-sintên, ananging pangintên ingkang makatên punika klèntu sangêt, awit salêrêsipun, wontên ingkang ngawuningani. Sintên ingkang ngawuningani. Sapisan: para dewa. Kaping kalih: angên-angênipun piyambak. Kaping tiga: surya tuwin căndra. Kaping sakawan: samirana kalihan dahana. Kaping gangsal: swasana tuwin toya. Kaping nênêm: bumi. Kaping pitu: manahing manungsa kalihan Sang Yama. Kaping wolu: rintên tuwin dalu. Kaping sanga: trontonging bangun enjing kalihan rêmêng-rêmênging wanci sontên. Punika sadaya sami sumêrêp dhatêng tindaking manungsa, dados saksi wontên ngarsanipun ingkang Mahakawasa. Patrap kalintu, ingkang tumindakipun botên sarana katêmaha, sarta botên adamêl panggranggaming manah, punika botên dipun paekani dhatêng Sang Yama, ananging manawi tiyang nglampahi pandamêl awon, ingkang sulaya kalihan angên-angên ingkang sae, punika badhe tampi pidana saking Sang Yama, sintên-sintêna ingkang nglampahi piawon, gèsèh kalihan pikajênging atma ingkang suci, ingkang wontên salêbêting badanipun, botên maèlu dhatêng osiking manahipun ingkang sae, punika botên badhe angsal pangèstunipun para dewa, botên angsal pangèstuning badanipun piyambak. Gusti, anggèn kawula karaya-raya marak ing ngarsa dalêm punika, botên gadhah sêdya sanès, namung badhe ngaturakên pratăndha sêtya tuhu kawula dhatêng gusti pêpundhèn kawula. (Taksih wontên sambêtipun)

[Iklan]

--- [0-0] ---

Rancangan Pratelaning Lampah-lampahipun Pasarasehan (konggrès) Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Tumrap Kawruh Basa, Tanah Tuwin Têtiyang Bumi Ing Jawi Wetan Saha Madura, Ingkang Badhe Dipun Wontênakên Wiwit Ing Surya Kaping 23 Dumugi Kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Kêmis, surya kaping 23 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 sontên. Pambagyanipun pangarsaning komite panampi tamu, Tuwan G.J. Dijkerman Bêrgêmistêr Surabaya.

Sêsorahipun tuwan Mr.J. Kunst bab găngsa Jawi.

Jumuwah surya kaping 24 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 enjing. Pangarsanipun Yapha Insêtitut, Tuwan Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, ambikak pasarasehan.

Sêsorahipun Radèn Sasradanukusuma, Abdul Asis tuwin Radèn Rahmat Suryakusuma bab tanah Madura dalah têtiyangipun bumi. Tuwan J.S. Brandt Buys bab gêndhing Madura, saha Dhoktêr Radèn Suwarna bab kawruh angusadani tiyang sakit cara Jawi.

Jam 5 sontên. Pambikakipun tèntunsêtèlêng kagunan kriya Jawi tuwin mirsani samukawis ingkang kapitontonakên ing ngriku. Lajêng sêsorahipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont bab Majapait.

Jam 9 1/2 sontên dumugi antawisipun jam 12 dalu.

Pasamuwan Langêndriya saking Surakarta.

Z.O.Z.

--- [0] ---

Saptu surya kaping 25 Sèptèmbêr 1926.

Jam 7 enjing. Darmawisata (excursie) dhatêng Majapait, ingkang dados pangajêngipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont. Mirsani musium ing Majakêrta, dipun pangajêngi dening tuwan Dr.F.D.K. Bosch. Ing pandhapi Kabupatèn Majakêrta badhe dipun wontêni pasamuwan ringgit kalithik.

Jam 5 1/2 sontên. Pambikakipun pêkên taunan (jaarmarkt) saha mirsani pêkên wau. Ing ngriku badhe dipun wontêni pasamuwan topèng saking Jawi Wetan tuwin Jawi Têngah.

Jam 7 dumugi jam 9 sontên. Sêsorah bab andon lêlayaran mawi baita ing tanah Jawi Wetan saha Madura ing jaman kina tuwin sapunika, dening tuwan Prof.Dr.B. Schrieke sarta bab kagunan adiluhung ing Jawi Wetan, dening tuwan Dr.W.F. Stutterheim.

Ngahad surya kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Jam 6 1/2 enjing. Darmawisata (excursie) ing Supitan Madura, mirsani baita-baita saking Jawi Wetan tuwin Madura. Wiwitipun balapan baita.

Darmawisata dhatêng Bangkalan, mirsani karapan ingkang kawontênakên sabên taun.

Sangking Bangkalan wangsul dhatêng Supitan Madura malih mirsani karampunganipun balapan baita.

Jam 6 sontên. Mirsani baita-baita ingkang kakêmpalakên ing Supitan Madura sarta ingkang rinêngga-rêngga mawi dilah sèwu.

Jam 9 sontên. Panutuping pasarasehan (konggrès). Pasamuwan ringgit tiyang saking Ngayogyakarta.

--- [0] ---

 


Patraningkusuma. (kembali)
anglampahi. (kembali)