Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-09/10, #378

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-09/10, #378. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-09/10, #378. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 9-10, Sèptèmbêr-Oktobêr 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 9-10.

1. Mèngêti Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, 2. Katranganing têmbung-têmbung sawatawis, 3. Sêrat Baratayudha, 4. Nglêrêsakên kalêpatan, 5. Mahabarata, 6. Wara-wara.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

Wara-wara

Sampun ambabar.

Sêrat-sêrat anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV ingkang sampun kaklêmpakakên jangkêp, ngêwrat anggitan warni-warni sinawung sêkar, ingkang salaminipun dèrèng nate kawêdalakên, kaklêmpakakên awit saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara VII saha kawêdalakên amarêngi dintên pangèngêt-èngêt 15 windu (120 taun) saking titimăngsa miyosipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV wau, sapunika ingkang sampun ambabar sawêg jilid 1 isinipun cariyos (babad) Wanagiri, Giripurwa, Têgalgănda, Tasikmadu, Ngalamat Serenan, Bangsal Tosan, tuwin wiwahan dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Prabu Prangwadana, sêrat punika ingkang ngwêdalakên Java Instituut ingkang andhapuk saha niti tumindakipun kaêcapakên Tuwan Dr. Th. Pigeaud.

Ingkang punika sintên ingkang kaparêng badhe tumbas, kenging lajêng mêling dhatêng panitranipun Java Instituut ing Kadipala Surakarta, rêginipun 1 rupiyah, kajawi prabeya angintunakên, tumrap para warganing pakêmpalan Java Instituut ingkang kaparêng tumbas, rêginipun angsal sudan 10% sêrat wau kadamêl saklangkung pèni, dalancangipun kandêl alus.

--- 129 ---

Ăngka: 9-10, Sèptèmbêr-Oktobêr 1927. Taun VI

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta. Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30.

Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Mèngêti Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV

Ing dintên Ngahad surya kaping 7 Ogustus 1927 utawi tanggal kaping 8 Sapar 1858, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ingkang jumênêng samangke, kaparêng mèngêti eyang dalêm Kangjêng Gusti IV, mawi sêsorah saha lêlangên, pamanggènipun wontên pandhapi dalêm prangwadanan.

Dintên Ngahad wau ing wanci enjing, pandhapi prangwadanan katingal ambanjêng tinatanan kursi, panggenan găngsa tinarub kapajang-pajang rinêngga ing janur kuning. rêca dalêm Kangjêng Gusti IV pinasang ing têngah, kaubêngan sêkar-sêkar bêbuketan, sakalangkung ngêngrêng asri kawuryan. Ingkang nyawang rumaos kaprabawan ing kawicaksananipun ingkang sampun swargi.

Wanci ngajêngakên jam 9, ingkang sowan sampun katingal pêpak, inggih punika para opisiring lesiyun, para abdi dalêm sawatawis, para tamu prayagung Jawi sarta Walandi ingkang sami mindêng dhatêng kasusastran Jawi, kados ta: Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Tuwan Dhoktor Piso, Dhoktor Bopi, Tuwan Juru Basa. Kajawi kathah sangêt para wakiling pèrês saha pakêmpalan Jawi: Dhê Lokomotip, Dhê Indhisê Koran, Mataram, Dhê Niwê Porstênlandhên, Darmakăndha. Pakêmpalan guru-guru, Mardiguna, Mardibasa, Kridhawacana, Pahêman Radyapustaka, Rêdhaksi Pusaka Jawi, Sabakarti saha Kridhayatmaka saking Samarang.

--- 130 ---

Wanci jam: 9 lêrês Kangjêng Gusti miyos. Nuntên wiwit maos sêsorah damêlanipun Tuwan Dhoktêr Piso mawi basa Walandi, lajêng kajawèkakên, ungêlipun kados ingkang kacêtha ing ngandhap punika.

Sarampunging sêsorah, nuntên wêdalipun lêlangên yasan dalêm kaping IV:

1. Wirèng Lawung. Ingkang bêksa namung kalih mawi lawung. Pancènipun sakawan mawi onclang. Rèhne papanipun kirang rowa, dados namung bêksan alus priyantun kêkalih wau.

2. Gêndruk, para nyai sakawan sami sila, bêksanipun namung angebahakên tangan, saha badan, jăngga, sirah sawatawis.

3. Jelungan abdi micakan.

Jam 12 siyang bibaran.

Sontênipun, ringgitan tiyang lampahan Prêgiwa, wontên pandhapi agêng.

Rêdhaksi.

Dintên punika kalêrês dintên wiyosanipun taunan swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV têtêp 120 taun, utawi 15 windu kapetang saking titimăngsa miyosipun.

Panggalihipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang jumênêng samangke, amèngêti dintên wiyosan wau sarana mawi kawiwaha sawatawis, punika nama sampun mungguh sangêt, jêr wosing karsanipun badhe angluhurakên asmanipun priyagung Jawi ingkang jêmbar ing panggalih miwah ing kawignyanipun, sarta mênggah kuncaraning asmanipun, ing ngatasing kalangkunganipun ing bab kasusastran Jawi ing dalêm babad jaman Surakarta, namung satunggal kalih ingkang nyamèni, lêlabêtanipun ing babagan warni-warni agêng sangêt, kados ta ing bab mangrèh lampahing praja tuwin mranata murih santosa adêging praja Mangkunagaran, dumugining kawontênan ingkang miturut jaman samangke kasêbut prayogi, punika ingkang masang talês dhêdhasaranipun mèh sadaya kemawon kenging kawastanan saking suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV. Kawontênaning pasitèn ing blabag, katata langkung prayogi. Lampahing toya oncoran katata langkung sae sarana angwontênakên bêndungan-bêndungan, yêyasan ingkang minăngka panggaotan nagari kawontênakên sarana angadêgakên pabrik gêndhis ing Calamadu (Malangjiwan) tuwin ing Tasikmadu (Săndakara) saha angwontênakên kabudidayan pakopèn, sadaya wau murih wêwahing tata raharjaning praja sarta santosaning arta nagari. Kajawi ing babagan punika, wontên malih lêlabêtanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV ing babagan sanès ingkang bokmanawi sami agêngipun, kados ta ing bab kasusastran Jawi, kathah anggitanipun sêrat-sêrat ingkang mratandhakakên inggil saha alusing kagunanipun, makatên ugi ing bab gêndhing-gêndhing, inggih kathah iyasanipun. Para sarjana [sar ...]

--- 131 ---

[... jana] ingkang ahli ngarang sêrat saha ingkang marsudi dhatêng kagunan Jawi, kathah ingkang sami kabombong manahipun saha kabiyantu dening panjênênganipun.

Mênggah karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara VII amiwaha tingalanipun wiyosan ingkang eyang wau, wosipun ingkang dados pêlênging panggalih, amèngêti kalangkunganipun anggèning jumênêng pujăngga, pramila ingkang kaprêlokakên, anglêmpakakên sadaya karanganipun sêrat-sêrat tuwin anggitan-anggitanipun ingkang eyang, lajêng kawêdalakên ing pangêcapan, samangke salong sampun ambabar. Awit saking punika, sêsorah punika wosipun inggih badhe amung ngrêmbag suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV anggènipun jumênêng pujăngga.

Ing mangke sadèrèngipun wiwit angrêmbag kapujangganipun, prayogi amèngêti lêlampahanipun sawatawis rumiyin nalika taksih timur dumugi diwasanipun.

Ingkang jumênêng dados Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang kapisan, punika wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat IV ing Kartasura, kaponakan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II ingkang jumênêng sakawit wontên ing Surakarta. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara II, punika wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara I saking pancêr kakung, dene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara III punika wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara II nanging saking pancêr putri. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV punika nak-dhèrèk saking rama tuwin ibu kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara III, dados inggih sami wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara II saking ibu.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV punika sadèrèngipun jumênêng ngasta pusaraning praja Mangkunagaran, apêparab Radèn Mas Ariya Găndakusuma, lajêng asêsilih Pangeran Ariya Găndakusuma, dados panjênênganipun punika nadyan trahing Mangkunagara, nanging sanès putra Mangkunagara ingkang wiwit miyos kalêrês gumantos, ugi sanès putranipun ingkang pambajêng saking ingkang rama Kangjêng Pangeran Adiwijaya I ing Surakarta. Panjênênganipun punika kalêrês canggah dalêm Kangjêng Susuhunan Amangkurat IV ing Kartasura, kaurutkakên[1] saking ingkang rama.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV punika miyosipun nalika taun Jawi 1738, taun Walandi 1811. Sasedanipun ingkang rama, panjênênganipun taksih timur, lajêng kapupu ingkang raka nak-dhèrèk, ingkang têmbenipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara III. Nalika jaman samantên para putraning băngsa luhur [lu ...]

--- 132 ---

[... hur] dèrèng wontên caranipun dipun sinaokakên ing pamulangan kados jaman samangke, dados sinaunipun inggih lugu cara Jawi kina.

Nalika samantên pangudi dhatêng saliring kawruh botên patos dipun parlokakên, ingkang dipun parlokakên sangêt pamêlêk andhangir bêbudèn, murih thukuling kasantosaning manah. Dene pandhangiring bêbudèn wau anggèning ngêcakakên mawi pêpathokan bêktan saking piwulang tuwin pamanggih kina-kumina, ingkang sampun ngoyod tumancêp ing têlênging pamanahanipun tiyang Jawi. Pamardi (Opvoeding) ingkang makatên prasasat botên kenging kawastanan pamardi (Opvoeding), mila prayogi kawastanan anjagi supados lare sagêd dados tiyang.

Sampun tamtu kemawon sintên ingkang kapardi manut cara ingkang kapratelakakên ing nginggil wau kêdah kathah waosanipun saha sasêrêpanipun ingkang kanthi dipun suraos, dhatêng sêrat-sêrat babad tanah Jawi tuwin cêcariyosan ringgit, kasusastran angsal-angsalanipun saking maos tuwin nyuraos sêrat-sêrat wau sagêd angwontênakên tuladha dhatêng ingkang kadunungan lantiping budi, ingkang kenging kangge pêpiridan, kangge angwontênakên wêwadhahing pamanggih bab anggagapi dhatêng kajênging lêlampahan, ingkang botên kenging katêrangakên cêtha mênggahing têgêsipun, nanging kababar wontên ing ebah osiking jaman.

Lêlampahanipun Radèn Mas Ariya Găndakusuma ingkang ugi parlu dipun sumêrêpi, punika nalika panjênênganipun dados upsir legiyun Mangkunagaran, salajêngipun dados komandhan salah satunggiling golongan ingkang kalurugakên prang Dipanagaran (taun Walandi 1826 dumugi 1830), nalika samantên praja Mangkunagaran ambiyantu kangjêng guprêmèn, anjalari rêrêsah wau botên sagêd ngantos mrèmèn dhatêng Surakarta. Radèn Mas Ariya Găndakusuma salêbêtipun akiring paprangan dados komandhan garnisun ing bètèng-bètèng sawatawis ingkang kaadêgakên ing bawah paresidhenan Surakarta.

Anggènipun Radèn Mas Ariya Găndakusuma nindakakên kawajiban wontên ing têba punika kintênipun ingkang anjalari mêkaring bêbudèn saha panggalihanipun, kabêkta saking sêsrawunganipun kalihan golongan warni-warni, kados ta anyipati lampah jantranipun tiyang padhusunan. Utawi malih supêkêting sêsrawunganipun kalihan băngsa Eropah, para opisir sarta amtênar Walandi, punika bokmanawi inggih wiwit nalika samantên, wêkdal sami kêkancan wontên ing têba utawi ing bètèng-bètèng. Makatên malih anggènipun Radèn Mas Ariya Găndakusuma nyambut damêl ing sajawinipun kitha ngantos sawatawis laminipun, punika kintên-kintên ingkang anjalari rêmênipun dhatêng sakathahing kawontênaning kodrat ing têba saha kathahing sêsêrêpan dhatêng tanêm tuwuh tuwin rajakaya.

--- 133 ---

Ngajêngakên sirêpipun prang Dipanagaran, Radèn Mas Ariya Găndakusuma wau katimbalan mantuk, mantun nindhihi wadyabala legiyun, sarta lajêng kadhawuhan nyambut damêl dados narapraja ing Mangkunagaran. Nalika samantên Radèn Mas Ariya Găndakusuma wau sampun katingal kalangkunganipun. Botên dangu panjênênganipun lajêng katamtokakên nindakakên pandamêlan bupati patih mangagêngi para narapraja ing Mangkunagaran, inggih punika salêbêtipun jaman jumênêngipun ingkang raka nak-dhèrèk, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara III (taun Jawi 1765 utawi taun Walandi 1837), wasana ing taun 1778 utawi 1850 kajumênêngakên dados pangeran.

Sampun tamtu kemawon sasêrêpan anggèning nindakakên padamêlan ngantos sawatawis laminipun wontên ing têba wau dados pawitan agêng, panjênênganipun paham dhatêng tatacaraning prajurit sarta paham dhatêng kawontênaning padhusunan, mila salêbêtipun angèl-angèling nindakakên paprentahan murih tata têntrêming nagari ing tanah Jawi Têngah sabibaring dahuru, panjênênganipun sagêd angatingalakên kawignyanipun ing bab nata praja, ngantos andadosakên pakangsalipun praja Mangkunagaran.

Sarèhning sasedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara III botên atilar putra kakung ingkang kalêrês gumantos, mila Kangjêng Pangeran Ariya Găndakusuma wau lajêng katamtokakên gumantos jumênêng Mangkunagara. Nalika jumênêng panjênênganipun yuswa 43 taun, dene lamining jumênêngipun Mangkunagara miturut pêpetangan taun Jawi wiwit taun 1781 dumugi 1810, utawi taun Walandi 1858 dumugi 1881. Taksih wontên sambêtipun.

Katranganing Têmbung-têmbung Sawatawis.

Têngange

Têmbung têngange, saking têngah we. We têgêsipun surya utawi srêngenge. Dados pancènipun, têngange punika jam kalih wêlas siyang. Anamung kabêkta saking mingsad-mingsêding têgês, lajêng gadhah têgês, watawis jam sadasa dumugi jam sawêlas (kadosdene ucap-ucapan, adus mênyang sumur, punika inggih botên malêbêt dhatêng têlênging sumur).

Makatên ugi têmbung: sore, inggih saking sor we utawi sor we, utawi sor we.

Ing basa Sundha têmbung powe gadhah têgês dintên, tamtunipun inggih gêgayutan kalihan srêngenge. Yèn dipun jangkêpakên dados êmpu we têgêsipun: gusti srêngenge.

We têgêsipun punapa botên toya. We inggih gadhah têgês

--- 134 ---

toya, nanging panyêratipun mawi dirga, makatên we. Ungêlipun way utawi wai kawayan, têgêsipun nandhang sêsakit toya (botên murus, utawi mèncrèt) wujudipun, wêtêng anjêmbling. Lare-lare ingkang botên patos kopèn, kathah ingkang katrajang sêsakit makatên punika. Wêtêngipun anjêmbling, badanipun kêra.

Kadang kadeyan

Kadeyan, lingganipun dyah. Têmbung dyah gadhah têgês warni-warni.

1. Pawèstri băngsa luhur. Putri.@2. Kakung băngsa luhur. Pangeran.@3. Apêsing pawèstri.@4. Kangge sêsêbutan.

Dados kadeyan, têgêsipun: para kakung ingkang sêbutanipun dyah.

Ing têmbung Malayu wontên têmbung perserian, têgêsipun para sêri, para kakung ingkang sêbutanipun sêri utawi sri.

PERSANGAN têgêsipun para kakung ingkang sêbutanipun sang.

Ing tanah pasisiran wontên ucap-ucapan den-denan Caruban, têgêsipun para dèn ing Caruban, utawi: têtiyang ing Caruban ingkang sêbutanipun dèn, utawi radèn. Ing Caruban kathah sangêt têtiyang ingkang sêbutanipun radèn.

Punika wau sadaya lorogipun tunggil kalihan rimbag kadeyan.

Pangeran

Têmbung pangeran, lingganipun èr. Ang-èr utawi ang-èr-èr têgêsipun ngêntosi. Sapunika dados angèngèr utawi ngèngèr. Pikajênganipun ngèngèr: angêngêntosi. Punapa ingkang dipun êntosi. Punika kula nyumanggakakên. Punapa dhawuh, punapa pandamêlan, punapa têdha.

Sapunika wangsul dhatêng pangeran, utawi pang-eran. Pancènipun atêgês: panggenan pakèndêlan, utawi: panggenan kèndêl, utawi paênggenan. Lajêng sagêd wujud priyagung ingkang dipun êntos-êntosi dhawuhipun, utawi dipun suwitani, utawi dipun suwuni pangayoman.

Nitisastra

Niti têgêsipun: kalakuan, kasusilan, kaprigêlaning mangrèh praja. Tandang-tanduk ingkang adhêdhasar angên-angên ingkang sae.

Sastra têgêsipun: kawruh. Sêrat kawruh. Sêrat utawi kitab suci.

Dados Nitisastra gadhah têgês: sêrat isi kawruh ingkang mratelakakên tandang-tanduk ingkang adhêdhasar angên-angên ingkang

--- 135 ---

sae. Utawi sêrat ingkang isi kawruh pangrèhing praja.

Lajêng wontên Sêrat Nitik. Isinipun babad utawi mratelakakên kawontênanipun para lêluhur. Punika punapa inggih saking niti punika wau. Punika kula nyumanggakakên.

Parêpat.

Ing sêrat-sêrat sêkar têmbung parêpat, kasuraos gadhah têgês batur utawi rencang. Parêpat tiga, lajêng dipun wardèni: rencang têtiga.

Anamung wrêdi utawi pangangge ingkang makatên punika botên cocog kalihan têgêsipun ingkang asli. Ing Sêrat Baratayudha Kakawin, pupuh ăngka III, pada agêng 1 nyandhak pada agêng 2 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Ngkane nararyya Dhrêtarasthra sirancumundhuk.

Ngadrona Bisma Krêpa Salya kapanggih aparpat.

Ing pungkasan punika ungêlipun kapanggih aparpat utawi: kapanggih aparêpat. Têgêsipun: kapanggih sakawan pisan.

Ewadene manawi têtêmbungan: Sang Arjuna kalihan parêpat tiga, dipun ingar-ingêr dipun cocogakên kalihan pratelan ing nginggil, inggih puran-purun kemawon. Upami: ganêpe papat kuwi karo batur têlu kuwi. Kula inggih nyumanggakakên.

Kusumatmaja.

Sêrat Baratayudha

Ing Pusaka Jawi taun 1926 wontên pratelan utawi jerenganipun Sêrat Baratayudha Kakawin, kajarwakakên ing têmbung Jawi enggal, mawi kapratelakakên katranganipun satunggal-tunggaling têmbung sarta paramasastranipun sawatawis, namung pamêndhêtipun saking ing têngah-têngah, sarta lajêng jugag. Ing sapunika kula inggih badhe cobi-cobi mratelakakên, saking wiwitan pisan, anamung botên kula princi satêmbung-satêmbung, ku[2] kuwatos manawi lajêng kêpanjangên sangêt. Namung manawi wontên ingkang prêlu, inggih badhe kula têrangakên. (Yèn sagêd).

Awignamastu

I.

1. Sang sura mrihayajnya ring samara mahyuni ilanga nikang parangmuka.

lila kêmbang ura sêkartaji ni kesaning ari pêjah ing rananggana,

urnaning ratu mati wijanira kundhanira nagaraning musuh gêsêng,

--- 136 ---

saityauti têndhasing ripu kapêkani rata nika susramèng laga.

Waosanipun makatên:

Awignamastu

1. Sang sura mrih ayajnya ring samara mahyun i ilanga nikang parangmuka

lila kêmbang ura sêkar taji ni kesaning ari pêjah ing rananggana,

urnaning ratu mati wijanira, kundhanira nagaraning musuh gêsêng,

saityauti têndhasing ripu kapêkan i rata nika susramèng laga.

Jarwanipun satêmbung-satêmbung.

Mugi tinêbihna ing kara-kara.

Sang prawira kêpengin badhe muja dhatêng paprangan, ngangkah icalipun ingkang mêngsah.

kados sêkar sumêbar: sêkar tajining rambutipun mêngsah pêjah ing paprangan,

rêngoning ratu pêjah: wijinipun. Pangaronipun: nagarining mêngsah kabasmi,

sarta sajèn: sirahing mêngsah katigas, ing ratanipun prajuriting pêrang.

Jangkêp sarta urutipun makatên:

Mugi tinêbihna ing kara-kara.

Sang Prabu Jayabaya karsa badhe damêl pêpuja tumraping paprangan, karsanipun murih sirnaning kang mêngsah. (Pun mêngsah). Ingkang minăngka sêkar sumêbar: anjrahing cêcundhuking rambutipun mêngsah, ingkang pêjah wontên ing paprangan. Rêngoning para ratu ingkang pêjah, minăngka wijining sêkar wau. Ingkang măngka pangaronipun, (utawi papaning padupan): nagarining mêngsah ingkang sami kabasmi. Wondene sajènipun: sirahing mêngsah pinunjul ing paprangan, ingkang katigas wontên ing ratanipun.

2. ndah samangkana kastawanira, têkèng tribuwana winuwus jayèng rana,

kapwasabda bathara nata samusuhnira têkap i uwusnya kagraha,

ngka lumra tinêhêr ta paduka Bathara Jayabaya panênggahing sarat,

manggêh sampuninastwakên sujana lèn, dwijawara rêsi sewa sogata.

Waosanipun,

2. (ê)ndah samangkana kastawanira têkèng tribuwana winuwus jayèng rana,

kapwasabda bathara nata samusuhnira têkap i uwusnya kagraha,

(êng)ka lumra tinêhêr ta paduka Bathara Jayabaya panênggahing sarat,

manggêh sampun inastwakên sujana lèn dwijawara rêsi sewa sogata.

--- 137 ---

Jarwanipun satêmbung-satêmbung.

Lan makatên kawêntaripun, dumugi ing jagad têtiga, kasêbut unggul ing yuda,

sami nêbut bathara nata sadaya mêngsahipun, dening sampun kawon,

sarta maratah kalajêngakên panjênênganipun Bathara Jayabaya bakunipun jagad sadaya,

têtêp sampun ingestrenan para sujana para dwija, rêsi, sarta băngsa Siwah tuwin băngsa Buda.

Jangkêp sarta urutipun:

Sampun kawêntar dumugi ing jagad têtiga, bilih sang prabu wudhu ing pêrang. Sadaya mêngsahipun ingkang kalindhih ing yuda sami nyêbut nata binathara. Waradin sami ngakên, manawi Bathara Jayabaya bêbakuning jagad sadaya, têtêp sampun ingestrenan ing para dwija, rêsi tuwin para (ngulamaning) tiyang ingkang nêmbah Sang Hyang Siwah, sarta (ngulamaning) tiyang ingkang nêmbah Sang Buda.

3. Ngka rakwan tumurun Bathara Girinata lawan amarasangga lèn rêsi,

yatna sri pamasa mamursita mangarga ri sira saha cita nirmala,

yekan tustha manah bathara mawuwus Aji Jayabaya aywa sangsaya,

tatan krodha kêtaku yak para sukasunga wara karananta digjaya.

Waosanipun:

3. (Êng)ka rakwantumurun Bathara Girinata lawan amarasangga lèn rêsi,

yatna sri pamasa mamursita mangarga ri sira saha cita nirmala,

yekantustha manah bathara mawuwus Aji Jayabaya aywa sangsaya,

ta tankrodha kêtaku yakpara suka sunga wara karananta digjaya.

Jarwanipun satêmbung-satêmbung:

Lajêng (=maka) kacariyos, tumurun bathara girinata kalihan para ingkang lêpat ing pêjah tuwin rêsi,

gupuh-gupuh sang prabu ngabêkti sarta ngluhurakên dhatêng panjênênganipun, kanthi panggalih tanpa rêrêgêd,

inggih punika bingah panggalihipun sang bathara angandika: Prabu Jayabaya, aja uwas-uwas,

ora nêpsu rak têkaku, balik malah (=malah têkaku) awèh sih karana sira unggul ing sabuwana.

Jangkêp sarta urutipun:

Kacariyos, Hyang Girinata tumurun, kadhèrèkakên ing para dewa sarta para rêsi, sang prabu gupuh-gupuh ngabêkti sarta anoraga (=ngluhurakên) dhatêng Hyang Girinata kanthi panggalih suci tanpa rêrêgêd. Rêna panggalihipun sang bathara, lajêng ngandika: Prabu Jayabaya, [Jayaba ...]

--- 138 ---

[... ya,] aja sira ngandhut sumêlang, rawuh isun iki rak ora karana duka, malah paring sih, karana sira pinunjul ing jagad.

Katrangan sawatawis.

Manawi para maos karsa nocogakên utawi ngyêktosi, tamtu priksa, bilih layaran, trapipun ing Sêrat Baratayudha, gèsèh kalihan layaran ing sêrat-sêrat jaman sapunika. Ing ngriku layaran kadhawahakên ing sanginggilipun aksara candhakipun. Kados ta:

Sêka tarji, kêdah kawaos sêkar taji,

Unar kêdah kawaos urna.

Wondene pamasangipun layar ingkang makatên wau miturut pamahamipun paduka Tuwan Propesor Kèrên (swargi), namung saking pamahamipun paduka Tuwan Dhoktor pan Dhêr Thuk, botên makatên. Inggih kados sêratan ing Nitisastra Kawi. Mênggah wontênipun ing lontar, trapipun layaran pancèn wontên ing sawingkingipun aksara ingkang pancèn kêdah kawaos mawi layar, namung botên plêk wontên ing sanginggiling aksara candhakipun. Manawi dipun gambar ingkang radi cêtha, makatên:

Sêkar taji, Urna... } Dhawahing layar sok anjawil ing sanginggiling aksara: ta, utawi na

Dados ing sêmu: waunipun prênahing layar punika wontên ing saantawising aksara kadosdene: wignyan, anamung kapara nginggil (sanginggiling garis). Ing alami-lami prênahing layaran, ewah. Lajêng kados caraning panyêrat ing jaman samangke. Anamung mingsêdipun layaran wau botên brêng, kadosdene kadhawuhakên ing nagari makatên. Nalika wiwit-wiwitanipun badhe ewah, panggenaning layar botên ajêg. Sok manggèn cara kina sok manggèn cara enggal. Dene sêrat ingkang panggenaning layar botên ajêg, upami: Kunjarakarna. (Sêrat Kunjarakarna wau, ingkang pinanggih ing jaman sapunika namung kantun têtêdhakan kemawon. Têdhakan nalika jaman Majapait minggah).

Kajawi punika bab pasangan sa. Ing sêrat Jawi kina: pasangan sa, warninipun kadosdene pasangan pa, namung aksaranipun ingkang pêjah, ingkang dumunung wontên ing sangajêngipun (utawi sakiwanipun) mawi kasuku. Kados ta: sampuninastwakênsujana. Têmbung ingkang wingking piyambak kêdah kawaos sujana.

Pasangan sa kadosdene ingkang kangge ing jaman sapunika, kanggenipun ing sêrat Jawi kina namung dados pasanganipun aksara: sa.

Kusumatmaja.

--- 139 ---

Nglêrêsakên

Ing Pusaka Jawi ăngka 7-8, bab Sêrat Mahabarata wontên kalintunipun sawatawis. Makatên:

Cariyosipun Agastya kalihan lèpèn Gangga, punika lêrêsipun dados ăngka XX. Dene Cyawana kalihan Sukanya, dados ăngka XXI. Wondene: cariyosipun Lomasa ingkang kapacak dados ăngka XXI kêdah kasirnakakên. Sabab ing waunipun, cariyos bab Agastya wau botên badhe kula Jawèkakên, jalaran ragi nyêngklèng, botên nate kasrambah wontên ing tanah Jawi. Wasana malah kaangge sarana andadar pasinaonipun Radèn Ngabèi Purbacaraka, nalika badhe kaangkat dados pujăngga, mawi sêsêbutan dhoktor. Radèn Ngabèi Purbacaraka damêl sêrat dhesèrtasi, ngrêmbag prakawis Bagawan Agastya wau. Ing sêrat ngrika kapratelakakên, bilih ing jaman rumiyin, têtiyang Jawi inggih sumêrêp sarta ngluhurakên dhatêng Sang Bagawan Agastya. Pramila cariyosipun Sang Agastya lajêng kula susulakên. Anamung kula kasupèn mêjahi sêratan ingkang botên kangge. Namung katrangan bab Dèwi Sawitri, ing adêg-adêg ăngka tiga saking wiwitan (utawi adêg-adêg ăngka kalih ing kaca 125, kolom ingkang kaping kalih), taksih kenging kagêsangakên. Prakawis Dèwi Sawitri botên kula lêbêtakên aluranipun sadaya, sabab ing Pusaka Jawi ingkang rumiyin-rumiyin sampun ngêwrat jangkêp, tur mawi kasêkarakên.

Wasana kula nyuwun pangapuntên dhatêng para maos, dene ngantos adamêl bingung.

Pun, Sasrasugănda.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 6)

Sang Karna mangsuli atur: Inggih, kawula andhèrèk, namung panyuwun kawula, tilasing labêt iris-irisan, kapulihna kados wau-waunipun, sampun ngantos warni kawula botên limrah tiyang.

Sang Hyang Endra anyagahi. Brahmastra panyuwunipun Sang Karna katampèkakên. Kawaca sarta anting-anting lajêng kairis piyambak dhatêng Sang Karna, tingalipun ayêm tur lêgawa, botên mawi sambat utawi ngêsah, alitipun, kumêdhèp utawi anggêgêt waja. Lajêng kasaosakên dhatêng Sang Hyang Endra. Sang Hyang Endra sasampunipun nampèni kawaca sarta anting-anting lajêng wangsul dhatêng kahyangan. Lêga panggalihipun, rumaos sampun sirna kuwatosipun, anamtokakên, yèn para Pandhawa badhe jaya juritipun.

--- 140 ---

XXIII. Pungkasanipun para Pandhawa nandhang sangsara.

Sarêng para Pandhawa sampun jangkêp kalih wêlas taun anggènipun anglampahi nandhang sangsara wontên salêbêting wana, nyandhak tiga wêlas taunipun lajêng nyalamur wontên ing nagari Wiratha, ngabdi dhatêng Ratu Wiratha, dados abdi dalêm apangkat alit. Sataun laminipun wontên ing ngriku, para Kurawa botên wontên ingkang sumêrêp. Dados sampun anêtêpi ubangginipun, pramila sarêng sampun jangkêp tiga wêlas taun, lajêng mrasajakakên dhatêng naranata ing Wiratha, sarta nyuwun pamit kesah dhatêng nagari Upalawya. Inggih dipun lilani. Sadumuginipun ing nagari wau para Pandhawa kapanggih kalihan para mitra-mitranipun. Sami asuka-suka, margi sami onêngipun. Botên antawis lami wontên utusanipun Prabu Drêstharasthra, paring pambage dhatêng para Pandhawa. Namung para Pandhawa taksih tansah ngandhut sănggarunggi, dados botên sagêd jênjêm panggalihipun kados rumiyin-rumiyin.

Botên antawis lami para Pandhawa gêntos anglampahakên utusan dhatêng nagari Ngastina. Ingkang lumampah dados utusan Mahaprabu Krêsna, prêlu nyuwun sapalihing nagari, dalah nagarinipun Indraprasta. Mahaprabu Duryodana sasadhèrèk botên pisan-pisan karsa badhe ngêculakên sapalihing nagari. Nagari nêdya dipun kêkahi, suka dadosa pêrang rok băndawala pati.

XXIV. Pêpanggihanipun Sang Adipati Karna kalihan Mahaprabu Krêsna

Prabu Krêsna anggènipun ngrêmbag mundhut sapalih nagari botên angsal damêl, lajêng kondur nitih rata. Sang Adipati Karna kadhawahan andhèrèk dados sakareta. Ing ngriku sang adipati dipun dhawuhi mênggah larah-larahing asal-usulipun ingkang saèstu, sarta malih dipun rêmbagi puruna anggiyarakên dhatêng sadaya tiyang, bilih sariranipun punika putranipun Dèwi Kunthi, putra pambajêng, kalêrês rakanipun Prabu Yudhisthira. Pramila ing bab darah, botên pisan-pisan kawon kalihan para Pandhawa, malah pancènipun kalêbêt dados sasêpuhipun parandhawa,[3] jalaran tunggil ibu kalihan Prabu Yudhisthira, Bima, sarta Arjuna. Măngka pranatanipun ing ngrika, manawi tiyang tunggil biyung punika, kaanggêp sami kalihan anaking tiyang ingkang angrabi pawèstri wau. Dados sang adipati pancèn gadhah wawênang anggêntosi kaprabonipun Sang Pandhu.

Ananging Sang Karna mangsuli atur, bilih sariranipun sampun lami anggènipun priksa bab larah-larahipun. Sampun priksa bilih putranipun Dèwi Kunthi kalihan Sang Hyang Surya. Nalika taksih alit kabucal dhatêng lèpèn, ingkang awit saking dhawuhipun Sang Hyang Surya. Ingkang makatên wau tatela bilih Dèwi Kunthi sampun tega dhatêng sariranipun, botên karsa ngopèni. Lajêng dipun candhangi dhatêng tiyang anama [ana ...]

--- 141 ---

[... ma] Adirata, wêwuruking rata. Kabêkta mantuk kasukakakên dhatêng semahipun anama Rada, dipun opèni dipun sêsêpi têmah sagêd sêmpulur ngantos diwasa. Lajêng krama angsal pawèstri ingkang tunggil băngsa kalihan bapa angkatipun. Pramila putra wayahipun inggih badhe nunggil wăngsa kalihan bapa angkatipun wau. Lajênging aturipun makatên: Kaka prabu, sumăngga kagaliha, kadospundi anggèn kula badhe sagêd nilar para Kurawa, ingkang namung jalaran melik dhatêng kamulyan utawi kamuktèn kemawon. Kula punika rak sampun kapotangan agêng dhatêng yayi prabu ing Ngastina. Sampun tiga wêlas taun anggènipun muktèkakên dhatêng badan kula, kaangkat dados adipati utawi ratu ing Angga. Sampun saèstu yayi prabu anggènipun ajêng-ajêngan kalihan para Pandhawa mawi kagungan panggalih angêjibakên dhatêng pitulungan kula. Saupami kula lajêng kesah anglès tumut para Pandhawa, harak lajêng kasêbut tiyang cidra muput. Kalihan malih, kaka prabu, manawi pun Yudhisthira mirêng punapa ingkang dados rêmbag punika, saèstu lajêng botên purun jumênêng nata, sabab lajêng sumêrêp, bilih ingkang gadhah wawênang anggêntosi jumênêng nata: Kula. Dene manawi kula ingkang kajujênêngakên[4] nata, karaton sampun saèstu lajêng kula aturakên dhatêng yayi prabu ing Ngastina. Pramila, kaka prabu kula aturi ngatos-atos, prakawis punika sampun ngantos kêprojol kêmirêng dhatêng pun Yudhisthira. Dene kula inggih badhe api-api botên sumêrêp punapa-punapa kemawon.

Prakawis nagari Ngastina punika, kaka prabu, kêdah-kêdah dados pêrang Baratayuda, sampun botên kenging kasandèkakên, pramila panyuwun kula, kaka prabu sampun kêpati-pati badhe anyandèkakên, sabab punika sampun dados karsaning jawata. Pêrang Baratayuda punika saèstu badhe dados pêrang ingkang anggêgirisi sangêt. Dados pêpuja dhatêng dewa ingkang saklangkung agêng. Dene ingkang dados biksu: kaka prabu. Ingkang minăngka pirantosing pamujan: warastra tuwin dêdamêling yuda sanèsipun. Ingkang minăngka lisahing pamujan: êrahing parawira. Kula inggih sumêrêp, manawi para Pandhawa badhe unggul juritipun, ananging kula milalah kapupu ing yuda wontên ing Têgalkuruksetra. Mugi kaka prabu marêngakên kula pêjah wontên satêngah ranangga.

Ingkang punika kaka prabu, manawi ing têmbe sabibaring pêrang kula kalihan kaka prabu taksih pinarêng sami gêsang, kaparênga pêpanggihan malih wontên ing ngriki. Dene manawi sami kapupu, inggih sami pêpanggihan wontên ing dêlahan kemawon. Namung pangintên kula, anggèn kula badhe pêpanggihan kalihan kaka prabu, kados wontên ing dêlahan.

Sasampunipun sami rêrangkulan, Adipati Karna lajêng tumurun saking kreta, wangsul dhatêng nagari Astinapura.

--- 142 ---

Isinipun sêrat pêthikan saking Mahabarata. Jilidan III.

XXV. Pêpanggihanipun Sang Adipati Karna kalihan Dèwi Kunthi.@XXVI. Tata-tata badhe pêrang Baratayuda.@XXVII. Dèwi Amba, inggih Dèwi Sikandhini.@XVIII.[5] Tata-tata badhe wiwit pêrang.

XXIX. Bagawatgita.@XXX. Wiwit pêrang, sangang dintên.@XXXI. Kautamènipun Rêsi Bisma, sarta kajodhinipun ing pêrang.@XXXII. Drona kapupu ing yuda.@XXXIII. Karna kapupu ing yuda.@XXXIV. Kasor sarta sedanipun Prabu Duryodana.@XXXV. Wangsuling katrêsnanipun sadhèrèk, sarta pambêsminipun layoning para prajurit ingkang sami kapupu.@XXXVI. Jumênêngipun Ratu Prabu Yudhisthira panêtahipun dhatêng sariranipun piyambak.@XXXVII. Rêsi Bisma cariyos.@XXXVIII. Cariyosipun uwit agêng kalihan pêksi jakatuwa ingkang sêtyatuhu.@XXXIX. Cariyosipun ratu kalihan pêksi putêr, sarta pêksi alap-alap.@XL. Wiwit-wiwitanipun wontên songsong sarta cripu.@XLI. Sedanipun Rêsi Bisma.@XLII. Para sêpuh sami manggèn wontên ing wana.@XLIII. Ingkang taksih gêsang sagêd pêpanggihan malih kalihan ingkang sampun sami pêjah.@XLIV. Sedanipun para priyagung ingkang sami martapa.@XLV. Sedanipun para Pandhawa.@XLVI. Prabu Yudhisthira mriksani naraka.@XLVII. Kamulyaning para Pandhawa.

XXV. Pêpanggihanipun Sang Adipati Karna kalihan Dèwi Kunthi

Salaminipun para Pandhawa nandhang sangsara wontên salêbêting wana, Dèwi Kunthi kantun wontên ing salêbêting kadhaton Astinapura. Sang dèwi panggalihipun sakalangkung mêlang-mêlang, ing benjing manawi dados pêrang Baratayuda. Ingkang dados panggalihanipun namung putranipun pambajêng Sang Adipati Karna, dene kok ngêmpal kalihan mêngsahipun para Pandhawa. Pramila pêpuntoning panggalih, karsa badhe manggihi Sang Karna piyambakan.

Satunggaling dintên sang dèwi murugi panggenaning pamujanipun ingkang putra wontên ing sapinggiring lèpèn Gangga. Sang Karna yèn muja dhatêng Sang Hyang Surya wontên ing ngriku wiwit enjing majêng mangetan mandêng Hyang Surya mawi ngungêlakên puja măntra ngantos dumugi pangglewanging surya. Wondene Dèwi Kunthi anggènipun rawuh ing ngriku anglêrêsi Sang Karna sawêg pinuju mêmuja. Sang

--- 143 ---

dèwi jumênêng wontên pêngkêranipun ingkang putra, ngêntosi sabibaring pamuja. Kêbênteran, ngantos kadosdene gêgubahan sêkar tunjung ingkang alum margi kenging bêntèring surya.

Sarêng surya sampun angglewang, Sang Karna kèndêl anggènipun mêmuja lajêng nolèh, priksa dhatêng sang dèwi jumênêng wontên ing pêngkêranipun, saklangkung ngunguning panggalih. Makatên aturipun: Êlo, panjênêngan kok wontên ing ngriki, badhe karsa punapa. Kula punika rak anakipun pun Êmbok Rada.

Dèwi Kunthi mangsuli pangandika: Kulup, kowe kuwi satêmêne rak anakku, Adirata iku rak mung bapakmu angkat bae. Dudu bapakmu têmênan. Kowe kuwi mêtu saka ing aku nalikane aku isih prawan. Dene ramamu Sang Hyang Surya. Kang iku kulup, panjalukku, aja nganti kowe kêbanjur mamungsuhan karo sadulur-sadulurmu dhewe, kang mung marga saka ora wêruhmu bae. Mulane bêcik kowe ngumpula adhi-adhimu.

Ing sanalika ngriku lajêng wontên swara saking akasa makatên: He Karna, Kunthi iku kăndha sabênêre. Gatèkna pituture ibumu iku.

Sang Karna mirêng swasara[6] makatên punika botên pisan gimir manahipun, lajêng mangsuli dhatêng ingkang ibu makatên: Ibu, nalika kula mêntas lair, panjênêngan tegakakên kemawon. Kula sagêd anêmahi pêjah nalika sêmantên, ingkang kabêkta saking ina panjênêngan, satêmah kula dipun opèni dhatêng tiyang ingkang botên nunggil golongan kalihan kula. Sapunika panjênêngan mundhut kula turut sakarsa panjênêngan, punika miturut larikan ingkang pundi. Wiwit alit dumugi agêng kula botên panjênêngan opèni sakêdhik-kêdhika. Botên ngangkah dhatêng kawilujêngan kula. Sapunika panjênêngan rawuh ing panggenan kula, karsa badhe ngupados kawilujênganing sarira panjênêngan piyambak. Sapunika saupami kula ambalik tumut para Pandhawa, saiba surakipun para satriya, para dewa. Kula rak dipun wastani ngucira, ajrih dhatêng mêngsah prawira. Para putranipun uwa Dhêstharasthra sampun kathah anggènipun motangakên kasaenan dhatêng badan kula, kok badhe kula tilar anglès, tumut mêngsahipun. Kula badhe kasêbut tiyang punapa. Purun anegakakên dhatêng tiyang ingkang adamêl kasaenan dhatêng kula. Para Kurawa anggènipun nyaèni dhatêng kula punika rak inggih ngajêng-ajêng dhatêng pitulungan kula, manawi ing ngrika manggih pakèwêd. Saiba kacuwanipun, manawi kula tilara anglès. Kula matur botên mawi tèdhèng aling-aling dhatêng panjênêngan. Anggèn kula badhe pêrang kalihan putra-putra panjênêngan, badhe kula têmêni, kula kêtog kadibyan kula. Sadaya wau sumêrêp pamalês kula dhatêng Mahaprabu Duryodana. Ewadene pamênggak panjênêngan, [pa ...]

--- 144 ---

[... njênêngan,] inggih kula dhèrèk sapalih, putra panjênêngan, namung Arjuna piyambak ingkang badhe kula mêngsah, sanès-sanèsipun botên, dados putra panjênêngan badhe ajêg gangsal kathahipun, yèn kula kapupu, Arjuna taksih dados putra panjênêngan. Manawi Arjuna kapupu, kula dados putra panjênêngan.

Dèwi Kunthi sakalangkung anglês galihipun. Putranipun karangkul sarwi ngandika: Anakku, ênggèr, têmênan, lo, aja kowe amblenjani kandhamu.

Sasampunipun ngandika makatên, Dèwi Kunthi lajêng wangsul dhatêng kadhaton.

XXVI. Tata-tata badhe pêrang Baratayuda

Kacariyos tindakipun Sri Krêsna sampun dumugi ing karatonipun para Pandhawa, ing ngriku Sri Krêsna ngandikakakên salampah-lampahipun wontên ing kadhaton Ngastina. Prabu Duryodana kaêluk dhatêng Sang Bisma, Drona sarta Widura, punapa malih rama ibunipun, mêksa ambrêngkêlo, botên karsa ngulungakên sapalihing nagari dhatêng para Pandhawa, dipun pilalah rarêmpon jurit. Malah sampun anglêmpakakên wadyabala, tuwin anyuruhi para ratu tuwin para adipati măncapraja. Pramila para Pandhawa dipun dhawuhi nimbangi tata-tata. Dados pêrang Baratayuda sampun têtela botên kenging kasandèkakên, badhe dados pêrang agêng anggêgirisi, ingkang satêmahipun badhe adamêl sirnanipun para Kurawa.

Sasampunipun wadyabala Ngastina sarta Pandhawa sami siyoga, lajêng sami kabidhalakên dhatêng Têgalkuruksetra. Lampahing wadyabala angombak-ombak, kadosdene sagantên bêna badhe têmpuk. Wana-wana tuwin padhusunan sami kêbak wadyabala, ambalabar kados sagantên tanpa têpi. Ingkang dados manggalaning wadyabala Pandhawa: Radèn Drêstadyumna. Punika saking panudingipun Sri Krêsna. Dene manggalaning wadyabala ing Ngastina: Sang Bisma.

Sarêng wadyabala Ngastina badhe bodhol saking salêbêting nagari, wontên dalajad awarni-warni, ingkang angantawisi yèn badhe apês juritipun: tanpa mêndhung tanpa mega, wontên jawah êrah ingkang sakalangkung dêrês, ngantos samargi-margi kados banjir ludira. Bayu badra[7] mêsês kagiri-giri, dhèdhèt erawati botên kèndêl-kèndêl swaranipun. Swaraning sato galak pating galêrêng, kados asu suka-suka badhe angsal bayangan. Bumi gênjot, rêdi amanggut-manggut. Kados molah pêthiting Hyang Anantaboga. Para prajurit ingkang pancèn botên prawira, manahipun sami tintrim.

Sadumugining Têgalkuruksetra, wadyabala kalih golongan wau sami masanggrahan ajêng-ajêngan.

Sarêng Sang Bisma ngawasakên wadyabalaning para Pandhawa [Pa ...]

--- 145 ---

[... ndhawa] lajêng ngandika dhatêng Mahaprabu Duryodana: Duryodana, aku ora pisan-pisan wangwang andêlêng kèhing mungsuh iki. Nanging ana siji sing aku êmoh mungsuh. Si Sikandhini, putra raja ing Pancala. Iku aku sungkan.

Duryudana yundhul atur: Kadospundi eyang, kok makatên. Punapa mawanipun, kok eyang mawi sungkan.

Sang Bisma lajêng ngandhar cariyos makatên:

XXVII. Dèwi Amba, inggih Dèwi Sikandhini

Nalikane kangjêng rama Prabu Santanu seda, adhiku: Citranggada dak jumênêngake ratu, anggêntèni kangjêng rama. Ora lawas nuli mati. Adhine: Wicitrawirya nuli tak gêntèkake jumênêng ratu. Barêng wis wayahe krama, banjur tak golèkake jodho. Aku krungu kabar, yèn ratu ing Kasi kagungan putra putri têlu padha endah ing warna, dianggo sayêmbara. Arane putri mau: Amba, Ambika, Ambalika. Sayêmbara diwaratakake marang para ratu sèwu nagara. Para ratu iya padha têka arêp nglêboni sayêmbara. Sapa-sapa sing bisa ngalahake marang sakabèhe sing nglêboni sayêmbara iku, kang bakal olèh putri-putri mau. Aku iya banjur mèlu nglêboni sayêmbara. Lakuku nunggang kareta. Ana ing kana aku wêruh, yèn putri têlu mau dhasar endah rupane, wuwuh-wuwuh karêngga ing busana sarwa gumêbyar. Para ratu banjur tak tantang pêrang, tak kon maju barêng. Putri têtêlu nalika samana ana ing panggungan, banjur tak unggahi bae, tak êmot ing karetaku. Nuli tak playokake karo nantang para ratu mau, tak kon padha ngrêbut. Mêngkene panguwuhku: Aja padha tambuh, aku Bisma, putrane Prabu Santanu. Putri kang dadi sayêmbara tak gawa mlayu. Yèn kowe nyata lanang, mara tututana aku, rêbutên putrine. Para ratu padha krodha, tumandang ngêpung aku. Arahe aku arêp diêjur-êjur dadi glêpung. Ana sing nunggang jaran, ana sing nunggang kareta, ana sing nunggang gajah. Aku dikalang-kalang kiwa têngên, parêp[8] buri. Atiku ora pisan-pisan uwas. Para ratu tak udani panah, mawut-mawut pating sulayah kaya babadan pacing. Sing ora kêbanjur mati padha mlayu asasaran pating salêbar. Putri têlu sida tak gawa mênyang Ngastinapura, arêp tak dhaupake karo yayi prabu.

Barêng wis cêdhak karo dhênging gawe, putri sing tuwa dhewe, Dèwi Amba, kăndha yèn satêmêne wis pacangan karo raja ing Salwa. Mêsthine ngantu-antu ênggone ngêntèni, mulane bangêt-bangêt panjaluke marang aku, aja nganti kêbanjur tak dhaupake karo yayi prabu. Anjaluk tak culna. Sabab atine wis kabotan trêsna marang wong seje.

Panjaluke iya tak turuti, ta[9] kon ngatêrake brahmana sawatara mênyang nagara Salwa. Barêng wis têkan ing kana, marak srapu[10] ing Salwa,

--- 146 ---

matur mangkene: Mahaprabu, anggèn kawula marak ing ngarsa dalêm punika badhe ngaturakên badan kawula, lumiring ing sakarsa. Ratu ing Salwa wangsulane nglarakake ati bangêt, mêngkene: Amba, saiki ingsun wis ora pisan-pisan bakal anggarwa sira, sabab sira wus dipondhong marang Bisma, arêp diolèhake adhine. Sira dipondhong uwong mêngkono iya angglênggêm bae. Mulane sira enggal balia mênyang panggonane wong kang mênang sayêmbarane. Dèwi Amba iya mratelakake ing rêsike nganggo kinurêban ing supata. Kăndha yèn kênane tak pondhong iku ora pisan-pisan kanthi sarjuning atine. Sarta manèh kăndha yèn ênggonku mondhong iku ora marga saka melikku marang awake. Ewadene mêksa ora diandêl. Dèwi Amba disingkang-singkang, dikon lunga, dilungani kaya nèk ula nglungani walungsungane kae.

Dèwi Amba banjur lunga saka sajroning nagara, nangis kalara-lara, gêsêng atine. Sambate mêngkene: Ora talah têmên awakku, nandhang sangsara lan kawirangan muput. Ing ngarcapada măngsa anaa titahing jawata kang nandhang sangsara lan kawirangan sing kaya aku. Saiki mênyang êndi baya paranku. Awakku wis ditampik marang prabu ing Salwa, digurak kaya gagak, disikakake kaya asu, dikipatake kaya cacing. Yèn balia mênyang panggonane Bisma, gèk tak sèlèh ngêndi raiku.

Gene kok kêbangêtên têmên apêse papêsthèning awakku, ora lumrah mênungsa. Gèk sapa sing tak salahake. Mêsthine iya awakku dhewe. Bisma iya salah. Wong tuwaku dhewe iya katut salah, dene anak kok digawe sayêmbara. Salahku, dene nalikane diplayokake marang Bisma, kok ora anjlog, mudhun saka ing kareta, banjur mlayu mênyang nagarane Prabu Salwa. Ah Bisma, Bisma, aja nêmu slamêt kowe. Mangkono uga wong tuwaku, muga-muga nêmua cilaka muput. Awakku iya nandhanga sangsara sajêge, dene padha nglakoni kaluputan. Sing nitahake aku mêngkono uga, muga-muga dirubunga ing cilaka salawase. Prabu Salwa iya aja mêntas-mêntas saka ing bilahi. Nanging yèn dak pikir suwe-suwe, kok Si Bisma sing dadi ulêkane luput. Ora lêga ora lila atiku. Iya kowe Bisma, titènana pêmalêsku. Durung lêga rasaning atiku yèn durung bisa malês ukum mênyang kowe, aku.

Sawise mangkono Dèwi Amba banjur ngalambrang anjajah padhepokane para pandhita, para biksu, anggolèki pandhita sing gêntur tapane, gêdhe wilalate. Wêkasan bisa olèh. Aku diwadulake, karo ngandhakake lêlakone kabèh. Nuli kăndha mangkene: Panêmbahan, mugi wêlasa dhatêng badan kula, kaparênga manggèn wontên ing ngriki, ngusap tapak lêbunipun sang panêmbahan. [panêmbah ...]

--- 147 ---

[... an.] Kaparênga mulang dhatêng kula ambanting raga, supados ing têmbe sagêd kadumugèn pangajêng-ajêng kula.

Pandhita mau iya awèh Dèwi Amba manggon ana ing pratapane, malah dimrinani barang. Aku ditantang pêrang tandhing, iya tak ladèni. Olèhku pêrang nganti pirang-pirang dina, ora ana sing kalah, ora ana sing mênang. Para dewa nganti padha tumêdhak, dhawuh andikakake nglèrèni ênggonku padha papêrangan. Bangêt-bangêt pamundhute. Aku iya banjur padha miturut, sapih pêrang, ora ana sing kasoran.

Nalika samana Dèwi Amba banjur nêdya malês dhewe. Disaranani anggêntur tapa. Awake nganti kuru aking kari lunglit bae, gupak lêbu, gupak rêrêgêd, rambute gimbal. Olèhe ora obah-obah ngadêg anjêjêr, ora mangan-mangan, nganti nêm sasi, mung angin bae. Banjur tapa kungkum ana sajroning kali Yamuna sataun lawase. Sangking bangête pangigit-igite marang aku, isih dibanjurake olèhe tapa. Jinjit bae nganti kêlar sêtaun, sing dipangan mung kaleyang sing kabur kanginan. Nganti rolas taun, solan-salin olèhe tapa, ngalambrang mrana-mrana. Dipênggak-pênggak marang sanak sadulure lan marang para pandhita, ora digatèkake. Wangsulane mêngkene: Olèhku nglakoni tapa iki aku ora kêpengin arêp munggah swarga. Sing tak ajap-ajap mung bisaa malês lara, malês wirang marang Bisma. Bangêt olèhe gawe laraning atiku. Aku tinitah dadi wadon, nanging saka lêkase Si Bisma, prasasat wurung ênggonku dadi wadon. Durung mari-mari ênggonku tapa, yèn kêparat Bisma durung modar. Saiki awakku iki rak wurung uwong jênênge: wadon ora, lanang ora. Iya, tak suwun-suwun, muga-muga aku bisaa dadi lanang, arêp malês ukum marang Bisma.

Barêng wis tutug ênggona[11] tapa, banjur katurunan Sang Hyang Siwah, didangu apa kang dadi panyuwune.

Wangsulane mangkene: Pukulun, kawula nyuwun, kaparênga dados jalêr, sagêda malês dhatêng pun Bisdha.[12]

Sang Hyang Siwah mangsuli pangandika: Amba, panyuwunma[13] bakal kalêksanan, bakal bisa malês ukum marang Bisma. Ing têmbe yèn kowe tumimbal lair, bakal dadi anake Drupada. Lairmu wadon, nanging yèn wis sawatara taun, bakal dadi lanang, dadi prajurit pinunjul. Samubarang kang wus kolakoni sajrone urip saiki-iki, besuk kowe bakal kèlingan kabèh. Wis karia slamêt.

Amba, barêng wis olèh dhawuh mêngkono iku banjur nglumpukake kayu, digawa mênyang sapinggiring kali Yamuna, diundhung-undhung kaya gunung anakan. Nuli diobong. Barêng gêni wis mulad-mulad, banjur dilêboni, kanthi ngandhut pangigit-igib[14] marang aku. Ana sajroning [sa ...]

--- 148 ---

[... jroning] gêni murut[15] nguwuh-uwuh mêngkene: Olèhku malêbu tumangan iki arêp malês ukum marang Bisma.

Rêsi Bisma nglajêngakên cariyosipun: Duryodana, biyèn, bojone Drupada sing tuwa dhewe iku lawas olèhe ora duwe-duwe anak. Drupada bangêt ênggone nênuwun marang Sang Hyang Siwah, muga-muga kaparingana anak lanang. Sang Hyang Siwah nuli tumurun, dhawuh mangkene: Drupada, ing têmbe kowe bakal duwe anak lair wadon, nanging ing wêkasane bakal dadi lanang.

Drupada banjur luwar saka ênggone tapa, mulih mênyang nagara. Apa sadhawuhe Sang Hyang Siwah, dikandhakake marang bojone. Lawasing lawas, bojone duwe anak mêtu wadon. Saking bangêting pangandêle marang pangandikane Sang Hyang Siwah, Drupada anggiyarake, yèn anake: lanang. Dijênêngake Sikandhini. Diwulang sarupaning kagunan, kang pancène tumrap marang bocah lanang. Dikon muruki nulis lan maca, anggambar, olah gêgaman, sapanunggalane. Dene gurune: Drona.

Sikandhini barêng wis diwasa, dilamarake anake wadon Prabu Iranyawarman. Bojone Drupada iya nurut bae marang pratikêle Drupada, sabab saking bangêting pitayane marang dhawuhe Sang Hyang Siwah.

Barêng wis lêbar dhaup, Sikandhini bali mênyang karatone bapakane, bojone kari ana ing kadhatone bapakne dhewe. Iku kăndha marang bapakne, yèn Sikandhini iku satêmêne wadon.

Prabu Iranyawarman barêng dikandhani anake mangkono iku bangêt nêpsune, rumăngsa yèn digawe gêguyon. Banjur nglakokake kongkonan mênyang panggonane Drupada, surasane mangkene: He Drupada, bangêt ênggonmu gawe gêguyon marang awakku. Olèhmu ngina marang kaprabonku kokatêg-katêgake, nganggo nglamar anakku. Jêbul aku koapusi. Rasakna pamalêsku, jêrokna larènmu, kandêlana bêbitingmu. Antènana sadhela, aku bakal nuli têka ngirid wadyabala, nagaramu bakal dak gawe karang abang. Kowe sakulawargamu kabèh bakal dak tumpês.

Drupadi[16] ditibani têmbung mangkono iku bangêt ênggone kacipuhan, kaya maling konangan. Pêpêt angên-angêne, ora bisa awèh wangsulan. Banjur nglakokake kongkonan, ngrêrapu Prabu Iranyawarman, bisaa mari nêpsune. Nganggo dianthil-anthili têmbung mangkene: Klèntu pandakwa sampeyan.

Prabu Iranyawarman ora mampèh nêpsune dirêrapu mau. Banjur nyuruhi para ratu mitra-mitrane, diajak nglurugi Drupada. Nganggo diwartani mungguh panyamahe Drupada marang awake. Para ratu sing disuruhi padha iyêg, têmbunge mangkene: Pancèn kêparat, Drupada, ora pantês dadi ratu. Pantêse dilarak, [dila ...]

--- 149 ---

[... rak,] dijêjuwing, disalini ratu seje.

Prabu Iranyawarman banjur mêpak bala, diwuwuhi balane para ratu sing dijaluki bantu. Barêng wis siyaga kabèh banjur nglakokake kongkonan manèh marang Drupada, surasane mêngkene: Drupada, aja takon dosa. Sadhela êngkas tumibaning antakamu, sambata ing wong atuwamu lanang wadon.

Drupada atine pancèn ora prawira, kawuwuhan rumăngsa salah, dadi bangêt kêkêse. Ana ing pasewakan, kaadhêp ing para kawulane ulas-ulas kăndha marang pramèswarine mangkene: Yayi, saiki Maharaja Iranyawarman ngirid wadyabala tanpa wilangan arêp anggêpuk nagaraku. Kêpriye saiki rekane. Kana ngira yèn tak apusi, tak gawe gêguyon. Satêmêne kêpriye, ta, kăndhaa sing bênêr bae. Sanajan aku maune kojlomprong-jlomprongake, aku ora bakal nêpsu marang kowe. Anakmu iya ora bakal dak srêngêni. Mungguh saka rasaning atiku, Prabu Iranyawarman kaya-kaya iya kapusan. Mara kăndhaa, aja rikuh-rikuh.

Drupada ênggone kăndha lan takon mangkono iku pancèn mung ulas-ulas bae, ambuwang tilas, kagawa saka wêdine marang Prabu Iranyawarman. Wis wêruh marang sanyatane.

Pramèswarine mangsuli: Sinuwun, anggèn kawula matur dhatêng panjênêngan dalêm, bilih anak kawula jalêr punika, amargi kawula ajrih manawi dipun rèmèhakên dhatêng maru-maru kawula. Pramila satêmah lajêng matur dora. Panjênêngan dalêm kok inggih lajêng pitajêng kemawon. Ing wusananipun lajêng panjênêngan dalêm dhaupakên kalihan putranipun Prabu Iranyawarman, kawula kok inggih botên mênggak, sabab kawula tansah kèngêtan dhatêng dhawuhipun Sang Hyang Siwah makatên: Sira bakal duwe anak mêtu wadon, nanging ing têmbe bakal dadi lanang. Punika ingkang kawula ugêmi, sinuwun.

Drupada banjur ngandharake sakèhing lêlakon, wiwit saka ênggone tapa, sarta ênggone katêdhakan Sang Hyang Siwah, nganti mêkasi. Karêpe bisaa nelakake rêsike, bisaa uwal saka bilahi gêdhe iku. Para kawulane iya ngarani yèn ênggone nindakake lêlakon mau wis bênêr, nuli padha anjêrokake larèn lan angandêlake bêbitinging kutha, sarta masang kapurancang. Dene Drupada banjur mêmuja marang dewa ana ing sanggar pamujan, nênuwun muga-muga aja dadi pêrang. Bangêt prihatine dalah pramèswarine. Kaya mati sajroning urip.

Sikandhini barêng wêruh wong tuwane kaya mêngkono wêdine lan susahe, iya milu susah. Batine mangkene: Dadine lêlakon iki kabèh jalarane mung awakku. Ora ana manèh tambane kêjaba sirnane awakku. Wis, aku tak anggolèki margane pati mênyang alas.

Sikandhini banjur lunga saka kadhaton ing wayah [wa ...]

--- 150 ---

[... yah] bêngi, mlêbu mênyang sajroning alas gung liwang-liwung. Ing kono ana omah gêdhe, temboking pakarangane dhuwur bangêt, sakèthènge gêdhe anjênggarang. Omah mau dadi kayangane yaksa aran yaksa Sêtuna. Ora ana manungsane. Sikandhini banjur mlêbu ing omah mau, manggon ana ing kono, ora mangan, ora ngombe, niyat arêp nganyut tuwuh, bisaa mati kalirên.

Barêng wis sawatara dina, yaksa Sêtuna ngaton, margi wêlas marang Sikandhini. Calathune mêngkene: Mas putu, ana apa, ta, kowe kok kêpati-pati ambanting raga ana ing kene, nglesod nganti pirang-pirang dina. Apa sing kojaluk. Mara kăndhaa sing têtela, mêsthi tak pituruti.

Sikandhini mangsuli: O, êmbah, saklangkung gênging kasusahan kula. Sampeyan măngsa sagêda paring pitulung, margi pangèsthining pikajêngan kula saklangkung nglêngkara.

Sikandhini, mara kăndhaa. Sanajan pangrasamu luwih dening andupara, aku bakal bisa awèh pitulung marang kowe.

Êmbah, tiyang sêpuh kula ing waktu punika nandhang sungkawa sakalangkung sangêt, mugi pun êmbah karsaa ngêntas rama ibu kula saking bilahi. Sarta malih kula nyuwun kadadosna tiyang jalêr.

Sapandurat yaksa Sêtuna ora ngucap, banjur calathu mangkene: Prakara panjalukmu aku iya bakal anglêksanani, nanging aku anjaluk prasêtyamu. Kowe arêp tak silihi lanangku mung ing saprêlune bae. Yèn wis lêbar prêlune enggal balèkna mrene. Dadi salawase isih kanggo, ora susah koulihake. Yèn kowe sawong- tuwamu lan nagaramu wis luwar saka ing bilahi, enggal balia mrene. Wadonmu tinggalên, tak anggone, dadi ijol anggon.

Sikandhini saguh, banjur ijol anggon, bangêt bungahe nuli mulih mênyang kêdhatone wong tuwane. Drupada banjur enggal-enggal nglakokake kongkonan mênyang nagarane Prabu Iranyawarman, awèh wêruh surasane mangkene: Anak kula punika saèstu manawi jalêr, kula aturi pitajêng dhatêng atur kula.

Prabu Iranyawarman banjur kongkonan pawongan sawatara ayu-ayu, dikon nyatakake kandhane Drupada. Barêng bali, matur marang ratune mangkene: Gusti, putra dalêm Bêndara Sikandhini saèstu manawi kakung.

Prabu Iranyawarman banjur duka marang putrane, dikira yèn kandhane biyèn ngayawara, nganti agawe gègèr. Nuli ambirat ênggone mamungsuhan karo Drupada. Dene Sikandhini, mantune diganjar sêsotya adiluhung akèh bangêt.

Sasuwene Sikandhini durung ambalèkake lanange marang yaksa Sêtuna, yaksa Sêtuna mêmpên ana sajroning kayangane bae [ba ...]

--- 151 ---

[... e] ora mêtu-mêtu. Anuju sawijining dina yaksa Raja Kuwera nganglang jagad. Barêng têkan ing sadhuwuring kayangane Sêtuna bangêt ngungune lan nêpsune, dene Sêtuna ora ngurmati mêtu. Banjur takon marang para yaksa kang ngiringake: Aku kok gumun, dene Sêtuna kok ora ana mêtu kaya adat sabên. Ora patut bangêt, dene kok ngowah-owahi adat. Apa anjaluk tak ukum, iki.

Yaksa kang padha ngiringake ana kang awèh wêruh, apa jalarane, dene Sêtuna ora ngurmati mêtu, mêngkene: Gusti, Sêtuna anggènipun botên purun mêdal punika, jalaran sapunika dados pawèstri, pramila isin ngatingal.

Hyang Kuwera banjur ngandika: Mara, Sêtuna cêkêlên, gawanên mrene. Ora patut.

Sêtuna nuli dicêkêl, diladèkake ing ngarsane Hyang Kuwera. Hyang Kuwera barêng priksa, yèn Sêtuna dadi wadon, bangêt dukane, dhawuh mangkene: Ora patut, kowe Sêtuna, jêbul mêngkono lêkasmu. Kuwi rak agawe wirange para yaksa kabèh. Mulane wiwit saiki kowe bakal nandhang ipat-ipatku dadi wadon bae. Sikandhini dadia lanang.

Para yaksa liyane padha wêlas marang Sêtuna, ngrêrapu dukane Hyang Kuwera, anyuwunake ngapura, muga-muga kabirata ipat-ipate. Hyang Kuwera iya runtuh wêlase banjur disuda aboting cintrakane, dhawuh mangkene: Sêtuna, olèhmu bakal nglakoni dadi wadon mung salawase Sikandhini isih urip. Yèn Sikandhini wis mati, kowe bakal bali dadi lanang manèh.

Sikandhini barêng wis lêbar gawe nêtêpi janjine bali mênyang kayangane Sêtuna, sumêdya ambalèkake lanange, kandhane mangkene: Êmbah, sangêt panuwun kula, dene kula sampun sampeyan paringi pitulung, sapunika kula badhe ngaturakên wangsul kakung sampeyan. Sêtuna banjur ngandharake ênggone nandhang cintraka, marga olèh ipat-ipate Hyang Kuwera, nuli calathu mêngkene: Wis dadi karsane jawata linuwih, yèn kowe lan aku bakal dadi kaya mangkene. Mulane saiki balia mênyang nagara, lanangku anggonên salawase nganti mati. Wis mangkono pêpasthèning jawata.

Sikandhini iya miturut, bali mênyang nagara kanthi bungah pikire. Satêkane ing kadhaton, ngandhakake lêlakone marang wong tuwane karo. Drupada karo pramèswarine iya mèlu bungah, nuli atur pêpuja marang para dewa sarta ambuwangi sajèn marang kayu angkêr lêmah sangar sarta marang dalan-dalan prapatan.

Sang Bisma nuntên dhawuh dhatêng Mahaprabu Duryodana makatên: Duryodana, kowe wêruh dhewe, Sikandhini banjur maguru marang

--- 152 ---

Drona, bêbarêngan karo para Korawa lan para Pandhawa. Nalika samana kowe durung wêruh larah-larahe. Aku wis wêruh. Sikandhini iku pancèn titise Dèwi Amba, arêp malês ukum marang aku. Yèn Sikandhini marani aku arêp mrajaya, aku ora pisan bakal gêlêm lawan, sabab aku ora gêlêm pêrang karo wong wadon. Sanajan saiki dadi lanang, wong maune wadon, iya tak sigèni. Iku mulane aku ora gêlêm pêrang karo Sikandhini, aku iya ora bakal agawe apa-apa marang Sikandhini.

Samantên têlas dhawuhipun Rêsi Bisma dhatêng Mahaprabu Duryodana.

XXVIII. Tata-tata badhe wiwit pêrang

Têgalkuruksetra nalika samantên ambalabar kadosdene samodra rob. Kêkathahing[17] para prajurit tuwin kurăngga,[18] liman, rata tanpa wicalan. Wadyabala Ngastina ajêng-ajêngan kalihan wadyabalanipun para Pandhawa. Pasanggrahan pating jênggunuk pindha kadhaton ngalih, têmah pindha nagari wêwangunan ajêng-ajêngan.

Sadèrèngipun wiwit pêrang sami prajangjean makatên: Ingkang sami pêrang kêdah tandhing kalihan mêngsah ingkang sami nyêpêng dêdamêl, tur tunggil dêdamêlipun. Ingkang sikêp dêdamêl gada, pêrang kalihan mêngsah ingkang sikêp gada. Ingkang sikêp dhuwung mêngsah ingkang sikêp dhuwung, makatên salajêngipun. Botên kenging mêrangi tiyang ingkang botên nêdya lawan utawi kaplajêng. Sarta malih manawi wontên ingkang taksih pêrang tandhing, sanès-sanèsipun botên kenging nrambul utawi ngrencangi kancanipun. Botên kenging mêrangi prajurit ingkang panuju botên sikêp dêdamêl, utawi ingkang dêdamêlipun pinuju dhawah utawi kaplêsat, utawi ingkang botên ngangge kawaca. Sarta malih tiyang-tiyang ingkang ngirid kareta, utawi ngrêrêmbat utawi ingkang ngungêlakên gong, bèri, kalasăngka sapanunggilanipun, botên kenging dipun pêrangi. Cêkakipun, pundi ingkang pancèn dede prajurit ingkang mangsah pêrang, botên kenging dipun pêjahi.

Sarêng badhe wiwit pêrang kathah dalajad ingkang anggêgirisi, adamêl kêkêsing manah. Lesus mêsês, bayu bajra dhèdhèt erawati botên mawi kêndhat, balêdug angampak-ampak adamêl surêming diwangkara. Lajêng wontên jawah êrah, prahara sindhung riwut ambuncang wêdhi tuwin sela nampêk raining para prajurit ingkang sami badhe mangsah pêrang. Ewadene para wadyabala botên wontên ingkang ngucap ajrih, malah mindhak gambira, adaya-daya nuntên kapanggiha kalihan mêngsahipun. Lampahipun angombak-ombak kados aluning sagantên, gagêgulungan tarung sami alun, sakalangkung anggêgirisi.

XXIX. Bagawatgita

Sang Arjuna matur dhatêng Sri Krêsna: Sri Krêsna dados saratining karetanipun, makatên aturipun: Pukulun, kareta kawula mugi kapurugna dhatêng satêngahing pabaratan, supados kawula sagêda wuninga dhatêng ingkang sami ajêng-ajêngan badhe pêrang. Kawula kêpengin sumêrêp dhatêng ingkang sami labuh dhatêng Prabu Duryudana.

Prabu Krêsna lajêng nglampahakên kareta tumpakanipun Arjuna dhatêng satêngahing pabaratan. Sang Arjuna lajêng ngadêg wontên salêbêting rata, ningali ingkang sami ajêng-ajêngan badhe pêrang. Sarêng sumêrêp dhatêng Sang Bisma, Drona, sarta para ratu, lajêng matur dhatêng Prabu Krêsna: Pukulun, sarêng kawula sumêrêp dhatêng ingkang sami badhe pêrang kadang sadaya, suku sarta tangan kawula botên sagêd angglawat, cangkêm kawula garing, badan kawula gumêtêr, wulu kawula anjêgrig, gandhewa kawula anggrègèli. Kawula botên kawawa ngadêg, angên-angên kawula asarsaran. Kawula sumêrêp ilapat ingkang botên prayogi. Punapa ta saenipun, manawi kawula sagêd amêjahi kadang-kêkadang[19] kawula wontên ing paprangan.

Pramila Arjuna matur makatên, jalaran sumêrêp, bilih ingkang badhe mamêngsahan, wontên eyang, guru, paman, uwa, sadhèrèk, kaponakan, putu, sarta kănca, punapa malih marasêpuh, tuwin mitra, sami ajêng-ajêngan, pramila manahipun sakalangkung ngêrês sarta angluh.

Arjuna nglajêngakên aturipun: Pukulun, kawula botên kapengin mênang ing pêrang, botên kapengin angsal karaton, botên kapengin dhatêng sukaning manah. Punapa ta kanggenipun gêsang. Yèn sagêd kadumugèn pikajêngan kawula, sagêd angsal karaton sarta kamulyan, mêngsah kawula punapa botên badhe kecalan barang darbèkipun sadaya tuwin kecalan nyawanipun. Măngka punika wontên: guru, bapa, anak, eyang, paman, uwa, marasêpuh, putu, ipe, tuwin sanès-sanèsipun. Pukulun, kawula mopo, botên purun mêjahi kadang-kadang punika wau. Sanajan kawula sagêda angukup pangawasa ing tribawana, kawula mopo. Punapa malih punika namung badhe ngrêbat karaton ing ngarcapada kemawon.

Punapa ta pikantukipun, manawi kawula sagêd anyirnakakên putra-putranipun pun uwa Dhrêtarastra. Punapa ta kanikmatanipun tiyang mêjahi kadang. Botên wontên. Kajawi namung nandhang dosa sarta papacintraka. Pramila botên arus, yèn kawula amêjahana putra-putranipun pun uwa Dhrêtarastra, kadang kawula piyambak. Kadospundi anggèn kawula badhe sagêd ngraosakên bêgja, manawi kawula sampun amêjahi kadang kawula piyambak.

Manawi para kadang kawula punika, anggènipun mamêjahi tiyang sakulawangsanipun, sarta anggènipun mamêngsahan kalihan para mitra, botên [bo ...]

--- 154 ---

[... tên] ruraos[20] dosa, jalaran kalimput ing budi angkara, punapa pantês kawula tiru. Punapa botên sae, manawi kawula nyêgah angkaraning manah kawula ingkang makatên punika. Sabab, pangraos kawula, tiyang mêjahi tiyang kathah saanak-bojonipun punika dosa agêng.

Manawi wontên tiyang mèh tumpês saturun-turunipun, punika ical darmanipun.[21] Yèn darmanipun botên dipun lampahi, lajêng bibrah tatanipun. Wasana turunipun ingkang sipat èstri lajêng botên kantên-kantênan tindakipun. Măngka manawi pawèstri sami botên sae tindakipun, turunipun lajêng cawuh, botên murni. Cawuhing turun wau anggagèndèng tiyang ingkang ngrisak băngsa wau dhatêng salêbêting naraka. Makatên ugi băngsa ingkang risak wau inggih dhumawah ing naraka. Awit lêluhuripun sami botên nampèni pêpuja. Dosaning tiyang ingkang angrisak băngsa wau adamêl risaking pranatan bab silah-silahing golonganing manungsa, awit adamêl brancuhing turun.

Têtiyang ingkang ical tataning kamanungsanipun punika, panggenanipun wontên ing naraka. Makatên pamirêng kawula. Manawi kawula botên nyêpêng dêdamêl, kapêjahan dhatêng para putranipun pun uwa Dhrêtarastra, punika raosing manah kawula taksih bêgja, angungkuli manawi kawula amêjahi ngrika.

Sarêng Sang Arjuna sampun matur makatên, lajêng andhoprok wontên ing salêbêting rata. Gandhewa sarta jêmparingipun dipun uncalakên, manahipun sangêt karănta-rănta.

Sang Bathara Krêsna lajêng amangsuli pangandika: He, Arjuna, kapriye dene samêngko ilang kuwanènira mangkono, apa baya kang dadi jalarane. Măngka yèn satriya ilang kuwanène, ora patut sinêbut satriya, ora bakal munggah marang endraloka, tur dadi cacad gêdhe. Atinira bêcik sira têtangia, aja mlupuh mangkono. Ora mungguh yèn sira duwe kakêncêngan kang kaya mangkono. Ilangana kêndhoning atinira, bêcik nuli ngadêga.

Arjuna la[22] mangsuli atur: Pukulun, kadospundi anggèn kawula sagêd măngga mrawasa mawi jêmparing dhatêng Sang Bisma, sarta Dhanghyang Drona wontên ing paprangan, karana punika sami sujana linangkung, pantês ingaji-aji. Sabab, tiyang lampah papriman punika kemawon, kautamènipun angungkuli tiyang ingkang sagêd amêjahi dhatêng gurunipun ingkang sinakti. Manawi upaminipun wontên guru kawula ingkang ngarsakakên dhatêng barang darbèk kawula, măngka lajêng kawula pêjahi, punika prasasat sadaya ingkang kawula têdha, kalepetan ing êrahipun.

Sajatosipun, ing salêbêting pêrang punika manah kawula taksih dèrèng sagêd têtêp, kawula [ka ...]

--- 155 ---

[... wula] dèrèng sagêd milih sae ingkang pundi tumrapipun badan kawula: punapa sae kawula mênang, puna[23] sae mêngsah kawula ingkang mênang. Pukulun, tuwan priksa piyambak, bilih ingkang ajêng-ajêngan kalihan kawula punika, putranipun pun uwa Prabu Dhrêtarastra. Manawi kawula sasampun[24] kalampahan amêjahi kadang-kadang kawula punika sadaya, sampun saèstu kawula lajêng botên gadhah kapengin badhe gêsang lami-lami malih, tamtu kawula lajêng angajap-ajap dhatêng pêjahing badan kawula piyambak. Manah kawula angrês, manawi angraosakên gênging dosa ingkang tumus saking manah ingkang botên santosa. Manah kawula tansah mangu-mangu, jalaran saking botên sumêrêp dhatêng kawajiban, ingkang kêdah kawula lampahi. Pramila wontêna karsanipun sang pukulun paring priksa dhatêng badan kawula, pundi ingkang sae kawula lampahi. Kawula lumêbêt dados murid tuwan, mugi-mugi tuwan karsaa paring piwulang. Pramila makatên, jalaran kawula rumaos badhe botên sagêd ambengkas prihatos, ingkang badhe angrisakakên angên-angên kawula, manawi kawula kalampahan sagêd mênang, ngukup karaton wontên ing ngarcapada, tanpa sisihan. Sanajan kawula lajêng sagêd angratoni para dewa pisan, tamtu angên-angên kawula inggih badhe risak. Ingkang punika pramila kawula botên badhe purun mangsah pêrang.

Sasampunipun matur makatên, Sang Arjuna lajêng kèndêl kemawon.

Sang Thara[25] Krêsna amangsuli pangandika: Arjuna, têka rupa-rupa têmên kang sira pikir. Sing mêsthine ora sira susahake, nganggo sira susahake. Kandhanira kaya kandhane wong kang wicaksana. Ananging sira ingsun jarwani: Sira aja nusahake wong kang mati, sarta aja nusahake wong kang ora mati. Wong kang wicaksana têmênan iku ora mangkono. Sira ingsun tuturi manèh: Ingsun iki ora tau ora ana, mangkono uga sira, lan para ratu iku kabèh. Ing têmbe iya lastari anane. Ana kang kêna dianggêp isih dadi bocah cilik, ana kang wis dadi wong nonoman, lan ana kang kaya wong sing wus tuwa. Sarta manèh awola-wali salin raga. Yèn wong santosa pikire, amasthi ora kagetan, ora uwas ngalami kang mangkono iku. Sukma ana ing ngarcapada angrasuk raga, banjur bisa krasa adhêm sarta panas, lan ngrasakake bungah sarta susah. Karo manèh: sadhela têka, sadhela lunga. Dadi ora langgêng. Kang iku Arjuna, ênggonira nyandhang iku kabèh sing têtêp, sing mantêp, aja kagetan. Sabab, wong kang santosa ing budi, kang ora gumunan, utawa ora kagèt marang prakara mau, apa manèh kang panyandhanging bilahi lan kabêgjan dipadha bae, iku bakal urip langgêng. Samubarang kang ora ana, iya lêstari ora anane, mangkono uga kang ana, iya lastari anane, ora ana kang bisa nyirnakake marang [ma ...]

--- 156 ---

[... rang] samubarang kang langgêng anane. Raga kang dadi sandhanganing nyawa iku ana pungkasane. Mulane Arjuna, trahing Barata, sira pêranga. Sing sapa duwe pangira, yèn atma iku mêmatèni, utawa pinatenan, iku durung wêruh marang rasa sajati. Mungguh atma iku ora mêmatèni lan ora pinatenan. Ora lair lan ora mati. Ora kaya raga.

Kayadene panganggo, yèn wus amoh banjur dibuwang, salin sing anyar, mangkono uga raga, yèn wus rusak iya ditinggal marang si sukma. Sukma nuli ngrasuk raga anyar. Sukma iku ora pasah ing gêgaman, ora bisa kêtaton, ora gosong marga diobong, ora têlês marga kêna ing banyu, ora garing ingêpe. Sukma iku panggonane ana ing ngêndi-êndi. Kukuh ora lêlemeran, sarta langgêng. Ora kêna sinatmata, ora kêna kinira-kira, sarta sinêbut ora obah lan ora osik. Kang iku, sarèhne sira ing samêngko wus wêruh kang mangkono iku, mulane sira aja susah. Sanajan ta, sira duwea pangira, yèn sukma iku lair wola-wali, iya bêcik aja nusahake sapa-sapa. Awit, samubarang kang lair, ora kêna ora wis masthi bakal mati. Mangkono uga samubarang kang mati, wus masthi bakal lair. Mulane aja nusahake samubarang kang wus ora bisa owah, ora kêna disingkiri.

Mungguh sarupane titah iku, sadurunge tumitah, sarta salêbare tumitah, ora kêna dinyatakake. Kênane dinyatakake mung nalikane isih tumitah. Apa ta prêlune sira susahake.

Mungguh atma iku, sawênèh ana kang nganggêp, yèn luwih dening elok, ana kang ngarani yèn elok, ana manèh kang ngrungu yèn elok. Sanajan ana sing ngrungu dhewe, ewasamono ora ana kang bisa dhamang marang atma mau.

Sukma ana sajroning raga iku ora tau pasah ing gêgaman, mulane sira aja nusahake salah sawijining titah. Yèn sira wus angênggoni darmanira, aja nganggo krasa uwas kuwatir, sabab tumraping satriya, ora ana kaluhuran kang dhuwure ngungkuli mangsahing pêrang kang winênang. Bêgja-bêgjaning satriya, yèn bisa nêmoni pêrang kang mangkono iku. Prasasat kawênganan ing lawanging swarga, mung kari nglêboni bae. Balik yèn sira agawe wurunge, bakal nêmu papacintraka, jalaran sira ngêmohi marang darmanira sarta nampik marang kawêntaring jênêngira. Sira bakal tansah kaaranan nistha nganti tumêkan sasirnaning jagad. Kang măngka wong kang pinunjul iku dipilalah mati, ora gêlêm nrajang marang kanisthan.

Yèn sira ora sida pêrang, Arjuna, para senapati bakal andakwa, yèn mundurira iku jalaran wêdi. Wong-wong kang maune padha angunggul-unggulake marang sira, bakal angina [a ...]

--- 157 ---

[... ngina] lan anyênyampahi. Sarta manèh bakal akèh sarta rupa-rupa gunêming mungsuhira, kang maune ora bisa kawêtu, banjur gampang wêtune. Kaprawiranira bakal dirèmèhake. Mara pikirên, apa ana kasusahan kang ngungkuli iku gêdhene.

Mulane, Arjuna, mangsaha pêrang. Gêgantungan kang tumiba marang awakira, yèn sira mangsah pêrang, rong prakara: yèn sira mati ana ing paprangan, banjur blêng bae malêbu ing swarga. Dene yèn sira unggul, bakal iya tompa kamulyan ana ing ngarcapada. Bêgja cilaka, asor unggul, sira anggêpa padha bae. Mulane atinira têtanginên, mangsaha pêrang. Sira ora bakal anêmu ala.

Pitutur ingsun iku mau kabèh awêwaton Sangkya. Yèn sira wus anyakup iku, Arjuna, bakal ora amawas marang bêgja cilakaning samubarang kang sira lakoni, bakal ora nandhang pituna, sarta pangudinira bakal ora tanpa gawe. Sanajan ênggonira nindakake piwulang mau mung sawatara bae, wis bisa nyingkirake bilahi gêdhe.

Sing sapa ora keguh katêmpuh ing bilahi gêdhe, sing sapa ora duwe kamelikan marang kabêgjan, sing sapa nguculi katrêsnan, sing sapa ngrucat wêdine sarta nêpsune, iku kang aran wicaksana lan sinakti, ora lêlemeran, bisa anggulung păncadriyane, kayadene patrape bulus ênggone mandêlêpake sikil sarta sirahe. Kang mangkono iku Arjuna, bisa têntrêm, asarira bathara. Yèn ênggone mangkono iku bisa tutug, yèn mati bisa olèh kamulyan, manjing marang mahatma.

Arjuna amangsuli atur: Pukulun, manawi saèstu, manjing dhatêng mahatma punika luhuripun panjênêngan galih angungkuli sakathahing pandamêl, punapaa kawula panjênêngan karsakakên anglampahi pakaryan ingkang anggêgirisi makatên.

Arjuna, manungsa iku ênggone bisa luwar saka sakèhing pakaryan, ora marga saka ênggone sumingkir saka pakaryan, karana manungsa iku ora pisan-pisan bisa anyingkirake sarupaning pakaryan, sanajan ta mung sadhela bangêt, iya ora bisa. Sing sapa ngandhêgake dayaning păncadriyane, măngka ing batin angangên-angên marang kang tumanduk ing păncadriya mau, iku aran wong lêlamisan. Ananging sing sapa amêpêr angên-angêne sarana atmane sarta anglakoni panggawe sarana pirantining awake miturut bubuhane dhewe-dhewe, iku aran wong kang pinunjul. Mulane, Arjuna, lakonana darmanira, karana anglakoni panggawe iku bêcike ngungkuli nganggur.

Ananging jagad iku dadi rusak saka ing panggawe kang tumindake ora marga saka sêsaji. Nalika Hyang Wisesa nitahake manungsa, barêng karo olèhe nitahake sajèn. [sa ...]

--- 158 ---

[... jèn.] Sajèn iku anggonên nyantosakake dewa, supaya sira disantosakake. Sing sapa olèh kapenaking urip, ora nganggo ngaturake marang dewa, apa kang wus diparingake mau, iku aran durjana.

Sarta manèh sira kudu anglakoni panggawe kang supaya dadi tuladha marang wong liya. Apa-apa sing dilakoni marang wong-wong kang băngsa luhur, iku ditiru marang wong akèh. Ênggone nglakoni panggawe mau marga dhêmên marang panggawe iku. Ananging wong kang wicaksana bisaa tumindak anglakoni panggawe mung marga awèh tuladha marang wong liya.

Sakèhe panggawenira aturna marang panjênêngan ingsun, atmanira panthêngên marang sang mahatma sarta ênggonira pêrang iku aja marga saka kêpenginira utawa dhêmênira marang pêrang. Ênggonira anglakoni sêpi ya saka ing dhêmên.

Sawiji-wijining manungsa kudu tumindak miturut kaanane dhewe-dhewe sarta kudu anglakoni apa kang dadi bubuhane dhewe kang kagawa saka ing pêpangkatane. Anadene anindakake bubuhane dhewe iku, sanajan ta ora pati ambabarpisani, bêcike angungkuli yèn anindakake bubuhane wong liya, sanajan ta ambabarpisani ênggone nindakake iku.

Sri Krêsna anglajêngakên piwulangipun: Wus kaping-kaping ênggon manira lair ana ing jagad, ngagêm sarira marga saka kuwasaningsun pribadi. He, Arjuna, ing samăngsa-măngsa, janji ing jagad kaoncatan ing panêmbah marang dewa, sarta pamursaling manungsa andadra, manira nuli nitahake sariraningsun pribadi. Ênggon ingsun lair ana ing jagad iku prêlune angayomi wong-wong sing bêcik kalakuane, sarta anyirnakake wong-wong sing laku ala, iya kanggo angukuhake panêmbah marang dewa anane ing jagad.

Sing sapa bisa anglindhihake awake dhewe, iku dadi mitraning awake. Sing sapa ora bisa anglindhihake awake dhewe, iku mamungsuhan karo awake dhewe. Sing sapa bisa ngalahake angkaraning budine, sarta ing pangrasa bisa madhakake ing kaananing sukêt karo krikil utawa karo êmas, sarta manèh bisa madhakake wong ala karo wong bêcik, wong sing mangkono iku bisa manjing marang mahatma. Sing sapa bisa nibakake panganggêp marang samubarang kayadene marang awake dhewe, sarta bisa nganggêp kabêgjan utawa kabilaèning wong liya kayadene kabêgjan lan kabilaène dhewe, wong kang mangkono iku wong kang pinunjul ing pangabêktine marang dewa.

Sri Krêsna ngandika malih: Arjuna, mung siji loro sing wêruh marang panjênêngan ingsun. Malah wong-wong kang padha ambantêr pamrasudine marang kasampurnan iku iya ora akèh sing wêruh marang dununging panjênêngan ingsun.

Samubarang iku ana ing ingsun. Bumi, banyu, gêni, hawa, swasana, jiwa, pangawruh,

--- 159 ---

budi, iku wosing kaanan ingsun wêwolu. Ana manèh kaanan ingsun kang luwih dhuwur: atma, kang ngrêgêm jagad kabèh. Manira iki kang dadi jalarane: kabèh dadi maujud, iya dadi jalarane: kabèh dadi rusak. Ora ana sing dadi dhêdhuwuran ingsun, kabèh kang ana iki ingsun kang agawe dadine gêgandhengan, kayadene bolah ênggone marakake gandhèng-gandhènge mêrjaning kalung. He, putrane Kunthi, anane ing banyu, manira iki dadi rasane, anane ing rêmbulan lan ing srêngenge: dadi cahyane. Anane ing awang-uwung: swarane. Anane ing para manungsa: kamanungsane. Anane ing bumi: gandane. Anane ing gêni: pancoronge. Anane ing samubarang kang urip: uripe, anane ing para tapa: tapane. Anane ing samubarang kang kadunungan budi: budine. Anane ing samubarang kang mancorong: pancoronge. Anane ing samubarang kang kadunungan karosan: karosane. Sarupaning wêwatêkan, wijile saka panjênêngan ingsun: kabêcikan, grêngsêng kang ora lèrèn-lèrèn, sarta lumuh kang amêtêngi. Ora kok manira kang ana ing sajroning iku mau kabèh, ora. Iku mau kabèh kang ana ing sajroning panjênêngan ingsun. Amarga saka kerut marang prakara-prakara iku. Wong-wong padha ora wêruh marang panjênêngan ingsun. Manira iki ana ing sawuring[26] prakara iku mau kabèh sarta langgêng kaanan ingsun. Kang bisa ora kerut dening sakèhing dêdêlêngan, kang ambingungake iku mau kabèh, mung kang padha ngungsi marang panjênêngan ingsun.

Yèn wong mati, nyawane sowan marang dewa kang pinuja-puja nalika uripe. Sing sapa muja marang panjênêngan ingsun, iya sowan marang panjênêngan ingsun. Ananging jagad iki ora wêruh marang panjênêngan ingsun, uripe kalimput ing pêpulasan. Manira iki langgêng, ora owah gingsir, ora bisa sirna. Arjuna, manira wêruh ing samubarang sarta wêruh marang sarupaning titah, wêruh marang kang wus kapungkur, kang ana ing jaman saiki, lan kang ana ing jaman têmbe. Ananging kang wêruh marang panjênêngan ingsun ora ana. Sawiji-wijining titah, wiwit saka lair mula padha kalimput ing panyana-nyana kang kêliru marga saka kaananing barang kang jodhon-jodhon, kang pinangkane saka kêpengin lan gêthing. Ananging sing sapa bisa uwal saka ing panyana-nyana mau, sarta alaku bêcik, lan nyingkiri dosa, iku ênggone nêmbah marang panjênêngan ingsun têmên-têmên sarta tuhu.

Arjuna, samubarang panggawenira, mangana ngombea, dêdanaa utawa mratapaa, iku kabèh arahên murih pamuja mau katur marang panjênêngan ingsun.

He, putrane Kunthi, sira wêruha, sing sapa pasrah marang panjênêngan ingsun, ora bakal kapiran. Sanajan wong kang luwih dening asor kawijilane, utawa wong wadon, utawa băngsa wesiya, utawa sudra, bisa anggayuh [angga ...]

--- 160 ---

[... yuh] gêgantungane kang dhuwur dhewe, sok uga gêlêm ngungsi marang panjênêngan ingsun. Anadene para prajurit prawira kang bêcik kalakuane, kang nêmbah marang panjênêngan ingsun, kapriye bakal kadaneane.[27] Mara, angên-angênira tujokna marang panjênêngan ingsun, sarta sira dadia wong kang nêmbah marang panjênêngan ingsun, manira dadèkna pangungsènira.

Arjuna matur: Pukulun, panjênêngan punika suci-sucining kang para suci, sujana ingkang langgêng, tatungguling para dewa, ingkang botên kaputrakakên, inggih Pangeran. Botên wontên ingkang sumêrêp dhatêng sang pukulun. Ingkang priksa dhatêng panjênêngan, namung panjênêngan piyambak. O Pangeraning jagad sadaya. O, Hyang Maha Wasesa, kawula mugi kaparingana priksa ing kasampurnan tuwan. Manawi botên makatên, kadospundi anggèn kawula sagêd èngêt dhatêng tuwan.

Sri Krêsna dhawuh: Manira iki nyawane samubarang kang duwe nyawa. Ingsun dadi wiwitane, dadi têngahe sarta dadi wêkasane. Manira iki dadi srêngenge mungguhing sakèhing lintang kumukus. Dadi rêmbulane mungguhing lintang-lintang. Dadi sagarane mungguhing banyu-banyu kabèh. Dadi wit arah mungguhing sarupaning wit-witan. Dadi blêdhèg, mungguhing gêgaman, dadi singa barong mungguhing kewan-kewan. Dadi kawruh kasampurnan, mungguhing sakèhing kawruh. Manira iki iya dadi pati kang anêkêm samubarang sarta dadi wiwitaning samubarang kang dumadi, dadi wijining sarupane kang ana. Ora ana kang bisa ana, yèn ora karana ingsun. (Taksih wontên sambêtipun).

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


kaurutakên. (kembali)
kaurutakên.
kula. (kembali)
kula.
para Pandhawa. (kembali)
para Pandhawa.
kajumênêngakên. (kembali)
kajumênêngakên.
XXVIII. (kembali)
XXVIII.
swara. (kembali)
swara.
bajra. (kembali)
bajra.
ngarêp. (kembali)
ngarêp.
tak. (kembali)
tak.
10 prabu. (kembali)
prabu.
11 ênggone. (kembali)
ênggone.
12 Bisma. (kembali)
Bisma.
13 panyuwunmu. (kembali)
panyuwunmu.
14 pangigit-igit. (kembali)
pangigit-igit.
15 murub. (kembali)
murub.
16 Drupada. (kembali)
Drupada.
17 Kathahing. (kembali)
Kathahing.
18 turăngga. (kembali)
turăngga.
19 kadang-kadang. (kembali)
kadang-kadang.
20 rumaos. (kembali)
rumaos.
21 § Darma, ing gandhènging tatêmbungan ing ngriku punika gadhah têgês, kawajiban ing bab muja. Ing ukara sanès-sanès, têmbung darma sagêd gadhah têgês warni-warni, namung inggih botên mrojol saking: kawajiban. (kembali)
§ Darma, ing gandhènging tatêmbungan ing ngriku punika gadhah têgês, kawajiban ing bab muja. Ing ukara sanès-sanès, têmbung darma sagêd gadhah têgês warni-warni, namung inggih botên mrojol saking: kawajiban.
22 lajêng. (kembali)
lajêng.
23 punapa. (kembali)
punapa.
24 sampun. (kembali)
sampun.
25 Bathara. (kembali)
Bathara.
26 sawurining. (kembali)
sawurining.
27 kadadeyane. (kembali)
kadadeyane.