Pusaka Jawi, Java Instituut, 1930-08, #386

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1930-08, #386. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1930-08, #386. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 8, Agustus 1930. Taun IX

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapha Insêtitit (JAVA INSTUTUUT)[1] Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 8

1. Katurangganipun kapal, 2. Ewah-ewahan pranatan pos, 3. Pasisir kidul, 4. Sêrat enggal, 5. Rata pratala.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Pawartos Yapha Insêtitut

Minăngka ihtiyar ngajêngakên kasusastran Jawi tuwin Sundha, pangrèh Yapha Insêtitut angwontênakên kumisi, kapatah mariksa sêrat-sêrat Jawi utawi Sundha: gancaran utawi sinawung ing sêkar, kasêrat mawi aksara Jawi utawi Latin, wêdalipun ing taun 1929 sarta ingkang isi cariyos. Dados sanès ingkang isi pasinaon bab salah satunggaling kawruh, kados ta: bab etang, paramasastra, bab damêl griya sasaminipun, sarta malih ingkang sanès prêtalan utawi pêthikan saking karangan ing basa ngamănca.

Ingkang nganggit sêrat-sêrat ingkang kaanggêp sae dhatêng kumisi wau badhe tampi ganjaran awarni arta, sarta palapuranipun kumisi bab angsal-angsalaning papriksan badhe dipun êwrat ing Pusaka Jawi, utawi manawi prêlu, ugi ing sêrat kabar sanèsipun.

Manawi papriksanipun sêrat-sêrat wêdalipun ing taun 1929 punika sampun rampung, lajêng badhe mariksa wêdalipun ing taun 1930 punika.

Mênggah sagêdipun pangrèh Yapha Insêtitut anindakakên ihtiyar ngajêngakên kasusastran Jawi tuwin Sundha punika, dening tampi kamirahan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng kaping VII pangarsa minulyanipun Yapha Insêtitut, arta f 125.- tumrap sêrat-sêrat Jawi f 125,- tumrap sêrat-sêrat Sundha. Punika pangrèh Yapha Insêtitut ngajêng-ajêng tampi sêrat-sêrat Jawi utawi Sundha wêdalipun ing taun 1929 kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau saking para ingkang nganggit utawi ingkang ngêdalakên, mugi kakintunakên dhatêng panitranipun ing Surakarta. (Secretariaat Java-Instituut, Kadipolo, Solo).

Pangrèh Yapha Insêtitit.

--- 113 ---

Ăngka 8, Ogustus 1930. Taun IX

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Katurangganipun Kapal

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7.

Kula nuwun, mênggah anggèn kula nyuraos sêrat katuranggan iyasan dalêm damêlanipun Waladana ing jaman Kartasura, sampun têlas. Ing sapunika sanadyan pamanggih kula ingkang kula tindakakên, punika mêsthi botên sagêd marojol saking katuranggan ing karaton, amargi kawruh ing karaton punika, sintên ingkang gadhah pamanggih ingkang agal utawi alus, punika manawi kacocogakên kalihan kawruh ing karaton mêsthi cocogipun, têgêsipun ing karaton mêsthi wontên, dados panindak kula ingkang badhe kula gêlarakên punika inggih mêsthi nunggil misah kemawon kalihan damêlanipun Waladana. Anamung murih saya cêthanipun kula ngaturakên panindak kula salaminipun.

Wiwitipun tiyang ngangkah kapal, punika kêdah kêndêl, kêdah purun rêkaos, kêdah èngêt botên kenging supe, kalayan mênêb manahipun, lajêng nyumêrêpi watêking kapal ingkang badhe dipun angkah wau, kadospundi prayoginipun, punapa kêdah saking mlampah, punapa kêdah nêgar ada, punapa kêdah kacongklangakên, punapa kêdah kasongèrakên, punapa kêdah dipun jojogakên, punapa kêdah dipun sandêr-sandêrakên, punapa kêdah dipun papan rupêk, punapa kêdah dipun papan wiyar, punapa kêdah kalajur wontên wradinan, punapa kêdah wontên ing papan samun utawi ing papan rêja. Sadaya wau manawi sampun kapanggih salah satunggal, lajêng katindakakên miturut wataking kapal, manawi sampun kalêbêng sabên [sabê ...]

--- 114 ---

[... n] enjing laminipun sawulan punapa gangsal wêlas dintên, wataking kapal wau mêsthi lajêng thukul panggraitanipun ingkang nêdha santun lampah, utawi santun papan, upaminipun nêdha kacongklangakên wiyar, inggih lajêng dipun turuti sabên enjing, kalêbêng malih kados kasêbut ing nginggil, punapa thukulipun malih kêdah katurut kemawon rumiyin. Bilih sadaya kajêngipun wau sampun katurut kalayan agnyana mănda, sampun mêsthi lajêng thukul panggraitanipun ingkang bingah dipun wêngku, punika lajêng wiwit lampahipun dipun wêngku sakajêngipun ingkang ngangkah, kapatrapan tindak agnyana wisesa, têgêsipun bingah botên bingaha manawi sawêg kêdah kajojogakên, inggih kajiyad kajojogakên, sabên enjing 15 mênit malajêng, 5 mênit malampah. Laminipun sawulan. Anamung murih benjing dadosipun sarwa ènthèng, ing pangrèh sampun ngantos tilar agnyana mănda. Bilih lampah jojog wau sampun mayêng, sampun karaos kêngkêng badanipun, rosa sukunipun, ènthèng lambenipun, saha ing raos sampun nêdha santun lampah, lajêng kalêbêng congklangipun. Patrap-patrap saha laminipun kados kasêbut ing nginggil, panindaking têtangsul ugi kados ing nginggil. Manawi sampun matêng congklangipun, lajêng kasantunan lampah nyongklang rikat, patrap-patrap kados ing nginggil. Manawi sampun mayêng congklangipun rikat saha ènthèng lambe suku badanipun, lajêng kala-kala kasandêrakên têlas kalayan katambuhan. Manawi sampun mayêng sandêripun, têgêsipun kasandêrakên sampun sumripit, kapêkak sampun ènthèng lambenipun, botên rontag manahipun, saha ajêg nêngên suku badan manahipun, lajêng dipun wangsula limpah[2] kajojogakên, kacongklangakên rindhik, kacongklangakên rikat, utawi kasandêrakên. Manawi sampun botên ewah manahipun, lajêng wiwit kadadosakên. Ingkang nama kapal dados wau, miturut sapangrèh, anjojog rindhik. Nyirig, kirab, nyongklang, nyandêr, bingah kemawon. Pangangkahipun makatên: sarèhning sêdyaning kapal kalihan tiyang wau manawi nêpsu namung badhe ambandhangakên, amila wiwit ngangkah, kêndhali ingkang kiwa dipun balêbêd, panyêpêngipun apus katangan kalih, punika saking mlampah malah kêdah kasandêrakên têlas, manawi sampun têlas sandêripun lajêng kagêbag. Supados sumêrêp manawi ingkang numpak wau nêpsu, lajêng kagolingakên manêngên kaêndhak, panyêpêngipun apus ingkang kiwa dipun kêncêngi, suku kiwa ngêthapêl, suku têngên kapancadakên, lajêng kaêncot manêngên supados anggoling kalihan dipun êndhak-êndhak dumugi nyongklang. Lampah makatên wau kalêbêng sabên enjing. Laminipun: 15 dintên. Manawi nyantêrakên,[3] kaêndhak dumugi nyongklang wau sampun miturut, têgêsipun lambe, suku badan sampun ènthèng botên rêkaos pangêndhakipun, lajêng wiwit [wi ...]

--- 115 ---

[... wit] lampahipun dipun angkah sêmu malang nêngên, ugi kasandêrakên malih kaêndhak dumugi mêdhar, lajêng kapêkak. Bilih mlampah sêmu malang nêngên, manawi ing raos sampun mayêng, lajêng wiwit kasandêrakên wau pangêndhak dumugi kirab. Bilih nyandêr dumugi kirab sampun mayêng, lajêng nyandêr wau kaêndhak dumugi nyirig. Bilih makatên wau sampun marêm, lajêng kacobi kêndhalinipun kablêbêd sadaya, ugi kasandêrakên kaêndhak dumugi nyirig, kados kasêbut ing nginggil, lajêng kasirigakên 5 mênit, lajêng kakirab 5 mênit, mêdhar 5 mênit, kalajêngakên nyongklang 5 mênit, lajêng kasandêrakên sawatawis, lajêng kapêkak. Manawi sampun mayêng lajêng kasandêrakên sawatawis, kaêndhak dumugi nyongklang sawatawis, lajêng kaêndhak dumugi mêdhar sawatawis, lajêng kaêndhak dumugi kakirab sawatawis, lajêng kaêndhak dumugi nyirig sawatawis, lajêng kapêkak, lajêng kaèngêtakên jojogipun rindhik, jojog rikat, congklang rindhik congklang rikat. Bilih lambe suku badan sampun ènthèng, manahipun sampun karaos bingah, blêbêding kêndhali lajêng dipun uculi. Bilih nêgari turut wradinan, katurutakên têngahing wradinan, lajêng katurutakên pinggir wradinan, kalayan lampah warni-warni wau, lajêng asring kawongsal-wangsulakên wontên wradinan ugi kalayan lampah warni-warni wau, botên namung mlampah kemawon. Bilih makatênipun wau sampun katingal lêga, lajêng wiwit kakitêr wiyar, mangiwa manêngên. Măngka sampun miturut, lajêng kakitêr ciyut. Bilih sampun miturut lajêng kaăngka wolu, wongsal-wangsul, sarta anggarit laku kalayan lampah warni-warni wau sampun lêga kemawon, lajêng kakitêr wiyar ciyut kalayan nyirig ingkang bêbasanipun satampah ngiwa utawi nêngên. Măngka sampun lêga manahipun, lajêng anggèning nêgari kawêdalakên ing radinan malih, lajêng kêrêp kakitêr wontên ing prapatan kalayan lampah warni-warni. Bilih raosing manahipun sampun botên salah wèngwèng, lajêng dipun kengingakên unduripun saha lampah miring nêngên. Bilih sadaya wau sampun miturut, lajêng panumpakipun dipun bodhoni, têgêsipun nyuda sadaya pangrèh, saha lajêng kacobi wiwit saking kèndêl kaangkrêng, lajêng kabandhangakên punapa kajojogakên, punapa kasirigakên sapanunggilanipun, nanging dipun wiwiti saking kèndêl kaangkrêng wau. Manawi makatên punika sampun miturut, inggih punika tăndha sampun dados, sampun botên pilih papan utawi botên pilih lampah. Kapal ingkang sampun makatên wau upami dipun tangsuli warni-warni sampun sae kemawon.

Kajawi punika, nalika kêndhali rangah badhe kasuwak amargi kagalih niksa, kula taksih dados panèwu, kapundhutan panimbang Bandara Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, atur kula kados ing ngandhap punika :

--- 116 ---

Kula nuwun, mênggah pamanggih kula ingkang sampun dipun mupakati prikănca kula mantri panêgar sadaya, saha ingkang sampun dipun absahi Bandara Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, ing bab tiyang Jawi bilih numpak kapal mawi kêndhali rangah, punika sampun makina-kina, saèstunipun sakawit inggih saking karaton Jawi, ingkang ugi sampun kula mupakatakên pawong mitra kula panêgar-panêgar ing Ngayogyakarta, nama Mas Ngabèi Taliprawira, saha kalihan tiyang ingkang rêmên kapal maturun-turun, kados ta: turunipun Bagus Panganti, ingkang sampun unjuk-unjuk katuranggan ing karaton, sarasehan kawruh ingkang sampun dipun kêtog, wusana kawruhipun wau botên marojol saking katuranggan ing karaton. Mênggah tăndha yêktinipun kagungan dalêm prabot pawatangan punika umuripun sampun 500 taun, condhongipun inggih kalihan kêndhali Jawi, makatên malih wêwaton pamilih saha pangrèhipun tiyang Jawi numpak kapal punika kathah, inggih saking karaton dalêm. Mênggah bab kêndhali rangah wau, pamanggih kula botên dumunung niksa, punika namung minăngka pêpagêr utawi wêwêdi. Ing pamulang wêwaton saking karaton, kêndhali wau dipun upamèkakên tambak, amila wiwit badhe ngangkah andadosakên lampahing kapal, têgêsipun angajari, wiwit badhe anumpaki punika manahipun dipun purih ingkang wêning, sasampunipun numpak, badan, manah, saha tangan, ingkang antêng, amiliha papan ingkang samun, èngêta wardining turangga, tulus, lêmês, wêlas, asih, pasihaning badan, pracekaning badan, têgêsipun pangangkah wau kadosa badhe ngêrèh badanipun piyambak, sarta gadhaha ambêk 5 prakawis, ingkang kados bumi, ingkang kados toya, ingkang kados angin, ingkang kados langit, ingkang kados srêngenge, têgêsipun ingkang kuwat, ingkang lumintu, ingkang mintir, ingkang mêngku, ingkang manuksma, utawi anggêsênga, utawi salêbêtipun numpak kapurih 1. tapa, 2. prawira, 3. guna, 4. mèt prana, têgêsipun 1. rila, 2 sampun ngantos kawon, 3 pintêr, 4 ingkang sagêd mêndhêt manahing kapal. Saha nganggea watak tiga, sura, rêkasa, sambegana, têgêsipun kêndêl, purun rêkaos, èngêt botên kenging supe, sadaya wau kawêngku saking tanduk landhêping raos, ingkang sagêd nyumêrêpi ebah osiking păncadriyaning kapal. Bilih kajêngipun ing kapal wau sadaya sampun kapusthi, lajêng anandukakên têtangsul, sampun ngantos grêban, ingkang anjalari gêmpiling pangangkah sagêd jumbuh kalayan kapalipun. Lajêng manut miturut tumuntên dados kalayan botên rêkaos. Mênggah têtangsul wau ing karaton mawi wêwaton, tangsul ngajêng, tangsul têngah, tangsul wingking, tangsul pada. Dados ebahing badan ingkang gadhah pangangkah, punika nama têtangsul, kêndhali wau bilih sagêd ingkang matrapakên, [matra ...]

--- 117 ---

[... pakên,] katut saking pangêsut, pangêncot, pandhêdhêg, panêmbung, kadosdene pacaking jăngga bêksan ing ngandhap punika:

1. Agnyana mănda. Pakèn ingkang sawatawis. 2. Agnyana wisesa, pakèn ingkang mêngku. 3. Agnyana rasa, pakèn ingkang alus, saking osik. 4. Brêmara wilasita, tawon angingsêp sari, ririh arêngih-rêngih. 5. Dinarma puspa, angaji-aji ing bênêr bêcik. 6. Anibani cipta. Angenaki anglarani. 7. Panuksma, patêmone. 8. Anandhaya, angentani awèh ênggon. 9. Agănda mohita, dipun arum amanis. 10. Angalap sancaya, wus kaliwat pangandêle (asarira tunggal). 11. Ragiwangsa, tanpa sulaya. 12 Subamanggala, ginunggung. 13. Tambangprana, tangsul manah. 14. Tambangpraya, jaba jêro wêning. 15. Singakrêti, patitis. 16. Angadarpa, yêkti angênani. 17. Dinarmasandi, ginagoroh maring karaharjan. 18. Sinangsaja, cêgatan mring ala. 19. Makarabyuha, sarwa ana, utawi ingêbyukan pangrèh. 20. Gripahita, ingewuhan. 21. Anggabus dhuhung, dèn padha kèhe. 22. Singadarmana, luhur lan anggêlar paramarta. 23. Sinudakala, aja pinêksa, nanging ingambah punapa wadosipun. 24. Kalasăngka, angangsalakên lêlandhêp. 25. Pamundhigana, patitising manah. Mênggah têtangsul samantên wau, tumindakipun mawi dugi prayogi, miturut wataking kapal, sagêdipun nyumêrêpi watak saking rajanari wau, amila manawi titihan dalêm karaton inggih wontên ingkang sagêd sae kalayan dipun kêndhali rangah, sawang utawi raosipun malah katingal bingah. Sapunika upami ingkang dipun wastani andadosakên bingahing kapal sarta botên niksa, punika kandhali[4] pangon kemawon utawi sêtang, punika kalèntu. Nalika kula umur 20 taun, sawêg rêmên ngangge kêndhali sêtang, lajêng kula nyobi ngangge kêndhali pangon satunggal utawi kalih, pangangge kula wau inggih sampun mawi kawruh, ewadene kapal dangu-dangu botên miturut malah nêpsu. Sarêng kêrêp-kêrêp nêpsu, pamanggih kula kadosdene cangkêm mangap dipun gapit, amila sapriki sanadyan kula sagêd nandukakên, ewadene ingkang kula angge ngangkah kapal badhe, mêsthi kêndhali rangah rumiyin. Bilih sampun sae, kêndhali kenging sakaparêngipun. Amargi manawi kêndhali sêtang ingkang kula angge ngangkah, bêbasanipun kula botên numpak kapal, malah tansah dipun tumpaki kapal nêpsu. Mênggah kapal ingkang dadosipun saking kêndhali sêtang utawi pangon, punika mêsthi kawon kalayan kapal ingkang dadosipun saking kêndhali rangah. Makatên malih saupami linta-lintu kêndhali, ingkang dadosipun saking kêndhali sêtang, lajêng rangah, punika mêsthi rèwèl. Kosokwangsulipun ingkang dadosipun saking kêndhali rangah, dipun sêtang punika mêsthi lajêng sae, dados saupami para

--- 118 ---

luhur kaparêng nyatakakên nguningani kapal ingkang sami sampun dados saking kêndhali Jawi (rangah) satunggalipun kêndhali sêtang, katingal saening pratingkah, lampah warni-warni, bingah ingkang pundi, kalayan dipun mêniti. Tăndha yêktinipun manawi bingah punika manut miturut kalihan ingkang numpak, ulating kapal mindhak sae. Dados pamanggih kula kêndhali rangah kalihan sêtang punika sami kemawon. Manawi kirang sagêd ingkang ngêmpakakên botên mawi kawruh, saèstunipun inggih nyakiti sadaya. Kêndhali rangah manawi kalèntu ing patrap inggih sagêd natoni lambe. Kêndhali tris kula inggih kulina. Manawi kalèntu ing pangangkah inggih damêl tatuning janggut, tatuning lambe, gosonging cêthak, panjarêming ilat. Sapunika botên mawi buh kula sampun kulina. Kalèntuning pratrap inggih taksih damêl tatuning janggut, biruning ilat. Amila kapal kaplêri inggih kathah ingkang nêpsu, ambandhang, makêm, amargi sakit saking kalèntuning patrap. Wondene manawi lampah nyirig, kêrab, mêdhar, ngayam-ayam, adheyan, nyongklang, pandhapan, anjojog bêsus, punika kagalih botên ngawètakên kapal, punika dora. Kula sampun nate nyumêrêpi titihan ing Kusumayudan, ingkang sampun dados pangajaran Jawi, inggih awèt, umuripun ngantos 28 taun. Kula ugi sampun nate ngingah kapal 9 iji, ugi sampun dados pangajaran Jawi, umuripun mèh racak 30 taun, ingkang kalayan botên sakit badan utawi sukunipun. Kagungan dalêm titihan ingkang umuripun sampun 15 taun, 20 taun, 27 taun, taksih kenging dipun titihi, botên wontên sababipun punapa-punapa.

Ingkang punika kajawi kaparêngipun ing kangjêng parentah agêng, sarèhning tanduking kêndhali rangah wau mawi wêwaton kawruh ingkang alus saking karaton, kula sakănca sami sagêd nandukakên, dados manawi kasuwak prasasat namung anyirnakakên kagunan Jawi tumrap kapal. Têrangipun manawi kêdhali rangah wau sampun manggèn sangêt. Kêndali saking Eropah, saèngêt kula kawan dasa gangsal taun sampun santun kados ing ngandhap punika: 1. Kêndhali tris, buhipun agêng. 2. Lajêng modhèl malih kiwa têngêning buh dipun karah ingkang sagêd mubêng. 3. Sanès taun malih modhèl kiwa têngêning buh wau dipun dèkèki ali-ali giligan kalih utawi satunggal. 4. Lajêng modhèl malih ali-ali wau dipun dèkèk kiri. 5. Lajêng modhèl malih botên mawi buh, nama têbon. 6. Lajêng modhèl malih, têngahipun cêklekan, apusipun kalih, botên mawi pangon. 7. Kêndhali sêkrupan botên mawi sarungan. Dene ingkang kangge sapunika buhipun alit, botên mawi ali-ali, saha karah, nanging mawi pangon. Kêndhali têbon wau mathukipun kangge rakitan sapriki. Dados sasumêrêp kula salêbêtipun kawan dasa

--- 119 ---

gangsal taun, sampun santun rambah kaping pitu. Mêksa kangge ambadhèni kapal botên sagêd tumuntên sae kados kêndhali Jawi.

Ewah-ewahan Pranatan Pos

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7.

B. Kintunan lumantar dhuwanê. (douane zendingen).

1. Sêrat antèkên ingkang mawi tanggêlan pangaos, utawi ingkang botên, sarta sêrat-sêrat limrah utawi buntêlan alit, tuwin sêrat-sêrat cap-capan ingkang isi barang ingkang mawi ambayar beya malêbêting barang, kenging kakintunakên dhatêng tanah Indhiya Walandi.

2. Kajawi buntêlan alit-alit taksih wontên ingkang kenging kakintunakên dhatêng nagari sabrang têbih sawatawis. Inggih punika sêrat antèkên utawi sêrat limrah (ingkang kasêbut ing ăngka 1 ing nginggil punika) isi barang ingkang kakengingakên beya malêbêtipun dhatêng nagari wau. Wondene namaning nagari-nagari wau badhe kapratelakakên ing wingking. Sêrat cap-capan ingkang mawi beya malêbêtipun dhatêng nagari, punika kenging kakintunakên dhatêng sadaya nagari.

3. Pranatan-pranatan punika wau gêgayutan kalihan buntêlan alit-alit bab panganggenipun kêrtas suwekan dhuwanê awarni ijêm (modhèl nomêr 4) utawi douanever klaring tumrap sêrat-sêrat isi barang ingkang mlêbêtipun dhatêng nagari puruging barang wau mawi ambayar beya.

4. Sêrat-sêrat ingkang dhatêngipun saking sajawining nagari jajahan, sarta ingkang sampun katemplekan suwekan dalancang ingkang mratelakakên bilih sêrat wau kenging kabikak dhatêng punggawa pos ingkang kawajibakên namtokakên kathah kêdhiking beya malêbêting barang, punika inggih badhe kabikak miturut prêlunipun, dhatêng punggawa pos wau. Beyaning dhuwanê badhe kabayar rumiyin dhatêng bêbadaning pos. Ing têmbe pos wau badhe narik lêlintuning beya wau saking tiyang ingkang pancèn nampèni sêrat wau. Makatên punika manawi sêrat wau pangintunipun mawi pratelan "Vrij van rechten" (kacundhukna kalihan ingkang kasêbut ing aksara C).

5. Kangge patuwasing namtokakên kathah kêdhiking beya malêbêting barang tumrap sêrat-sêrat ingkang makatên punika, sanajan isining sêrat kakengingakên beya dhuwanê utawi botên, sarta kangge patuwasing namtokakên kathah kêdhiking beya malêbêting barang ingkang tumrap sêrat cap-capan ingkang kakengingakên beya, punika satunggal-tunggaling kintunan katarik beya 25 sèn.

--- 120 ---

C. Kintunan antèkên ingkang beya sarta wragad-wragadipun botên dados tanggêlanipun tiyang ingkang pancèn namèni.[5]

Vrij van rechten.

1. Buntêlan antèkên sarta sêrat-sêrat antèkên ingkang botên mawi tanggêlan pangaos, tumrapipun nagari sajawining jajahan, yèn wontên isinipun barang ingkang dhatêngipun ing nagari ingkang dipun purugi mawi kakengingakên beya, punika anggènipun ngintunakên kenging awujud kintunan ingkang mawi pratelan "Vrij van rechten", samantên wau manawi nagari punika purun nampèni barang kintunan wau. (Kintunan ingkang makatên punika mawi dipun tèmplèki kêrtas suwekan ijêm saking dhuwanê modhèl No. 4a. Ingkang nèmplèki tiyang ingkang ngintunakên. Kacundhukna kalihan ingkang kasêbut ing aksara B). Kintunan wau katampèkakên dhatêng tiyang ingkang pancèn nampèni botên mawi katarik bayaran punapa-punapa. Beya sarta wragad-wragad ingkang dados pituwasing bêbadan pos, ingkang ambayar têtiyang ingkang ngintunakên.

2. Adrèsipun kintunan ingkang makatên wau kêdah dipun sêrati: "Vrij van rechten".

3. Anggènipun ngulungakên kintunan ingkang makatên punika dhatêng pos, botên mawi ambayar wragad ingkang botên kapacak ing pranatan. Anamung tumrapipun kintunan ingkang botên mawi beya kêdah mawi asok yatra ingkang minăngka tanggêlan, ("borg") sakêdhik-kêdhikipun 20% ning pangaosing barang miturut pratelan ingkang kasêbut ing kêrtas suwekan ijêm saking dhuwanê utawi ing douneverklaring, sakêdhik-kêdhikipun f 2.50 tumrap satunggal-tunggaling kintunan. Anggènipun nampèkakên yatra tanggêlan wau mawi nampèni sêrat pêthuk. Manawi yatra têtanggêlan wau têtela kêkathahên, langkunganipun badhe kawangsulakên, dene yèn kasêkêdhikên, ingkang ngintunakên badhe katarik kêkiranganipun.

4. Pranatan punika inggih katindakakên tumrap kothak utawi pêthèn ingkang mawi tanggêlan pangaos.

D. Kathah-kathahipun yatra.

1. Kathah-kathahing yatra ing salêbêting nagari jajahan ingkang lumantar kantos pos alit utawi kantor pos tulungan:

1. Bab pangaos ingkang katanggêlakên tumrap sêrat antèkên sarta pos pakèt.

2. Rêmbus tumrap kintunan antèkên sarta pos pakèt.

3. Pos wisêl limrah sarta pos wisêl kawat.

2. Kathah-kathahing yatra ingkang kenging kakintunakên saking kantor pos ing Indhiya Walandi utawi saking ngrika dhatêng kantor pos wau.

1. Pangaos ingkang katanggêlakên tumrap sêrat antèkên sarta kothakan ingkang katanggêlakên pangaosipun, tumrap umum, [u ...]

--- 121 ---

[... mum,] rumiyin dipun watêsi namung dumugi f 250,- sapunika dumugi f 1500.- (utawi 1040 prang êmas). Manawi ngintunakên dhatêng sajawining nagari jajahan, ragi wontên gèsèh-gèsèhipun sawatawis (kacundhukna kalihan lampiran E ing sêrat postgids).

2. Pangaos ingkang katanggêlakên tumrap pos pakèt, rumiyin namung dumugi f 250,- sapunika dumugi f 480.- (utawi 1000 prang êmas). Tumrapipun nagari-nagari sawatawis, watêsaning pangaos ingkang katanggêlakên wau wontên ingkang ragi andhap (kacundhukna kalihan lampiran D ing sêrat postgids).

3. Rêmbus tumrap kintunan antèkên, kothak ingkang mawi tanggêlan pangaos, sarta pos pakèt, rumiyin watêsipun namung f 250.- sapunika dados f 480.-.

4. Pos wisêl limrah sarta pos wisêl telegrap, rumiyin watêsipun f 250.- sapunika f 480.-

E. Ewah-ewahaning pranatan tumrap sêrat pos.

Sêrat cap-capan (Drukwerk). Sêrat cap-capan tanpa buntêl, ingkang dhapuripun kados kartu pos, sarta pangintunipun miturut tariping sêrat cap-capan, punika apêsipun ingkang sakaca kêdah namung isi adrès sarta pitêdah ingkang tumuju dhatêng lampahing pos.

2. Sêrat ingkang dhapuripun saèmpêr kartu pos, sanajan têkukan utawi botên, tur tanpa buntêl, ingkang pangintunipun miturut tarip sêrat cap-capan, punika panjang sarta wiyaripun botên kenging kirang saking ukuranipun kartu pos (wiyaripun 7 cm. panjangipun 10 cm).

3. Potrèt ingkang pangintunipun adhapur sêrat cap-capan (drukwerk) kenging dipun sukani katrangan sawatawis, kathah-kathahipun gangsal têmbung.

4. Kartu pos alihan griya. Wragading pangintun, rumiyin namung sak sèn, sapunika dados 2 sèn, anamung pormuliripun sagêd angsal lêlahanan, botên mawi tumbas, dados panyadenipun taksih têtêp rêgi 2 sèn.

5. Kartu pos alih-alihan ingkang sapunika dèrèng pajêng, badhe dipun wêwahi cap "2 cent". Sintên-sintên ingkang taksih gadhah kartu pos alihan dèrèng mawi wêwahan ingkang makatên, ing salêbêtipun wulan Juli sarta Agustus 1930 kenging kalintokakên dhatêng kantor pos, nêdha ingkang sampun mawi wêwahan cap, botên mawi mêwahi yatra. (Nanging manawi anggènipun nglintokakên wau nêdha wangsul yatra utawi nêdha prangko utawi pormulir, botên kenging).

6. Kartu pos alih-alihan ingkang sampun mawi pratelan rêgi 2 sèn, punika wiwit tanggal 1 Juli 1930 kenging kakintunakên dhatêng nagari Walandi (lantaran mil utawi pos [po ...]

--- 122 ---

[... s] laut, zeepost), dhatêng Surinamê sarta dhatêng Kurasao. Manawi kakintunakên dhatêng nagari sanèsipun, sajawining jajahan, wragadipun inggih kados kartu pos limrah (10 sèn).

7. Sêratan kangge tiyang wuta. Wragad kangge ngintunakên sêsêratan kangge tiyang wuta ing salêbêting nagari jajahan, sarta dhatêng nagari Walandi sarana zeepost sabên 1000 gram, waunipun 3 sèn, sapunika kaandhapakên dados 2 sèn. Dene yèn ngintunakên dhatêng nagari-nagari sajawining tanah jajahan, rumiyin watêsipun namung 3 kilogram, sapunika dumugi 5 kilogram.

8. Amplop ingkang ing ngajêng nrawang (doorschijnend) kintunan ingkang pangintunipun mawi amplop ingkang makatên, panyêrating adrès kêdah mawi mangsi utawi dipun êtik. Kintunan ingkang makatên punika manawi adrèsipun kasêrat mawi potêlot utawi potêlot mangsi, badhe botên kalampahakên.

9. Nglintokakên kartu pos limrah utawi kartu pos alih-alihan. Manawi kartu pos ingkang sampun mawi prangko botên tamtu kaangge, yèn kalintokakên enggal, sabên salêmbar kêdah mawi asok sak sèn. Manawi kartu pos rangkêp, kêdah asok kalih sèn. Makatên ugi manawi nglintokakên kartu pos alih-alihan ingkang wontên capipun 2 sèn, inggih namung asok 1 sèn minăngka panumbasing pormilir.

10. Bab nglintokakên kartu pos alih-alihan, ingkang botên mawi wêwahan cap-capan, manawi taksih wontên salêbêting wulan Juli sarta Agustus, botên mawi asok punapa-punapa. Punika kacundhukna kalihan ingkang kasêbut ing nginggil punika bab kartu pos alih-alihan.

11. Kupon wangsulan (Antwoord-coupons) pranatan ingkang sampun tumindak nyêbutakên bilih kupon wangsulan punika kenging kalintokakên ing salêbêting 6 wulan. Pranatan ingkang makatên punika samangke kasuwak. Sadaya kupon wangsulan ingkang dipun tanggali 1 Januari 1930 utawi ing sasampunipun tanggal punika, kenging dipun angge sadangunipun, tanpa watêsan. Dene kupon ingkang dipun tanggali sadèrèngipun 1 Januari 1930, kengingipun dipun angge namung dumugi tanggal 1 Juli 1930, botên kenging kalintokakên.

12. Pitêdah tumrap barang kintunan, punapa ingkang prêlu kasêbutakên.

Kaèngêtakên malih wantos-wantos: namaning tiyang ingkang ngintunakên barang kêdah kasêbutakên wontên ing sajawining kintunan wau.

13. Bab kintunan ingkang kaandhêg, kajawi sêrat-sêrat utawi kartu pos, manawi anggènipun ngintunakên wau botên miturut pranatan [pra ...]

--- 123 ---

[... natan] ingkang sampun kapacak (kados ta sabab prangkonipun kirang utawi botên kaprangko babarpisan, kagêngên utawi kawratên wêwahanipun, utawi wêwahanipun narajang pranatan, sapanunggilanipun) manawi barang kintunan wau botên kenging kakintunakên wangsul dhatêng ingkang ngintunakên, jalaran namanipun botên kasêrat ing jawi, punika ingkang pancèn badhe nampèni botên dipun kabari punapa-punapa. Dados manawi namanipun tiyang ingkang ngintunakên barang wau botên kasêrat ing jawi, barang kintunan wau lajêng kalêbêtakên dhatêng ewoning kintunan ingkang botên kenging kalampahakên.

14. Bab nyêrati namaning tiyang ingkang kêkintun barang wontên ing sajawining barang kintunanipun punika botên kenging kasupèn, utawi botên kenging dipun lirwakakên.

15. Sarta malih buntêlan alit-alit ingkang isi sêrat cap-capan, utawi sêrat kabar, utawi lampiraning sêrat kabar, utawi dhokumèn, utawi monsêtêr, punika buntêlipun kêdah dipun sêrati pratelaning isinipun. Makatên ugi kothak ingkang pangaosipun mawi katanggêlakên, punika inggih makatên pranatanipun. (Taksih wontên sambêtipun).

Pasisir Kidul

Ing jaman rumiyin tuwin ing samangke.

Watawis kalih dasa taun kapêngkêr kula nate dhatêng Ngayogyakarta, lajêng dhatêng sagantên kidul mêdal Srandakan. Sawêg sapisan punika kula sumêrêp wujudipun sagantên kidul. Sadèrèngipun kula dumugi sapinggiring sagantên, saking katêbihan kula sampun mirêng gumludhuging alun tanpa kèndêl. Manawi swaranipun sêpur katikêlakên sadasa, dèrèng sami kalihan swaraning alun wau. Marginipun dhatêng pinggiring sagantên anglangkungi pawêdhèn alus. Sarèhne nalika samantên watawis jam kalih wêlas siyang, dados pun wêdhi bêntèripun ngudubilah. Bokmanawi inggih makatên punika bêntèripun sagantên wêdhi ing tanah Aprikah utawi tanah Arab. Suku tansah kicat-kicat kados ngambah blubukan awu ingkang wontên latunipun.

Sarêng sampun dumugi sapinggiring sagantên, kula sumlêngêrên sumêrêp lampahing alun agêgulungan. Warnining toya ing têngah dumugi ing tancêbing langit, biru sêmu ijêm. Sangsaya mangidul sangsaya pêtêng ngantos mèh cêmêng. Dene ing pinggir êlèr umplukipun pêthak mêmplak kados klambu. Gumun kula botên têlas-têlas, dene lampahing toya botên kèndêl-kèndêl, tansah bêbanyakan bêbanjêngan. Panjêluting toya ingkang saking kidul mangalèr têbanipun saking wetan mangilèn watawis [watawi ...]

--- 124 ---

[... s] satêngah pal arak-arakan kados dipun giring saking kidul. Wontên ingkang lajêng inggil sangêt panjêlutipun, satêmah lajêng dados tipis malêngkung kados opak gulung ngêdalakên umpluk pêthak. Manawi kasawang saking katêbihan makatên, warninipun kados klambu ingkang nglêrêsi dipun lêmbèrèhakên. Batos kula: gèk sampun pintên taun anggènipun toya ing ngriku molah makatên punika. Tamtunipun sampun pintên-pintên èwu taun. Malah sadèrèngipun Kangjêng Nabi Adam tumitah, sagantên ing ngriku sampun makatên tur sampun lami anggènipun makatên. Bokmanawi ing jaman kina, ing sadèrèngipun sagantên kaêjogan walêd kathah saking lèpèn-lèpèn, polahing toya ngungkuli ing jaman samangke. Kewan-kewan sagantên sarta kewan dharatan pating glidrah agêng-agêng anggêgilani. Manawi kacundhukakên kalihan pangintênipun para ahli bumi (ingkang kawastanan ing têmbung mănca: gheologhên, sarta ingkang kapêthik dhatêng Tuwan Yulêsphèrnê ing salêbêting sêrat anggitanipun anama Naar het middelpunt der Aarde), kewan agêng-agêng jaman kina wau sampun kathah sangêt ingkang sirna margi tumpês. Punapa sababipun tumpês. Sababipun, amargi hawaning bumi sangsaya lami sangsaya kathah ewahipun. Kewan-kewan wau lajêng botên sagêd tumangkar, wasananipun lajêng curês.

Mangsuli kawontênanipun sagantên kidul. Ing pasisir kewanipun namung alit-alit kemawon. Tiyang ing ngriku mastani: jingking sarta undur-undur. Kalih pisan pangraos kula bangsaning yuyu utawi kêpithing nanging agêngipun undur-undur watawis namung sakuku jêmpol. Dene jingking ragi agêng. Watawis sakukuning jêmpol suku. Kewan-kewan wau plajêngipun rikat sangêt, tur sugih reka. Manawi dipun bujêng ing tiyang, menggak-menggok plajêngipun, lajêng mak slêp, malêbêt ing êlèng. Ewasamantên sarèhne manungsa punika sugih reka, inggih sagêd nyêpêngi kewan-kewan wau. Pirantosipun kadosdene sorok nanging botên mawi untu. Garanipun inggih panjang kados garan sorok. Manawi pun jingking nalêsêp dhatêng êlèng, lajêng dipun dulêk mawi driji, dipun pêndhêt, kalêbêtakên ing kêpis. Undur-undur sarta jingking wau manawi ing Parangtritis, lajêng dipun gorèng mawi glêpung, kados caranipun tiyang anggorèng urang. Punika kasade ing wande-wande, dados sêsulihipun gorengan urang. Ing pasisir kidul ngriku sasumêrêp kula botên wontên tiyang ingkang ngupados ulam utawi ngupados urang. Baita inggih botên wontên, bokmanawi kuwatos manawi kadamêl onclang dhatêng aluning sagantên.

Ing nalika samantên ing pinggiring sagantên taksih wontên tiyang adamêl sarêm. Sapunika pawartosipun dipun awisi. Rekanipun tiyang adamêl sarêm ing pasisir kidul, botên prêlu kula aturakên ing ngriki, sabab [saba ...]

--- 125 ---

[... b] sêrat waosan ing pamulangan, sampun kathah ingkang nyêbutakên. Wontên ingkang cara Jawi, wontên ingkang cara Mlayu utawi cara Walandi. Namung ingkang andadosakên gumun kula, dene sapunika têka botên dipun kaparêngakên tiyang-tiyang damêl sarêm ing ngriku. Măngka punika, sampun dados padamêlanipun têtiyang ing ngriku, tur sarêming sagantên inggih botên kuwatos badhe têlas. Manawi wana kajagi, botên kaparêng tiyang nêgori wit-witan sakajêng-kajêng, margi wontên ingkang dipun kuwatosakên. Inggih sampun mèmpêr sangêt. Kados ta: kuwatos manawi nyuda kathahing jawah tuwin sumbêr, utawi kuwatos manawi lajêng katêlasan kajêng. Prakawis punika botên kula lajêng-lajêngakên rêmbagipun, sabab ing ngriki pancèn dede papanipun ngrêmbag prakawis punika. Sapunika kula badhe nglajêngakên cariyos kula bab anggèn kula kêkesahan wau.

Wangsul kula saking sagantên kidul sampun lingsir kilèn, malampah kemawon. Dumugi ing Srandakan sampun sêrap. Ing ngriku botên wontên griya pasipêngan, sangêt pakèwêd kuka.[6] Kula lera[7] gangsal lajêng nêmbung nyipêng ing wande. Ingkang gadhah wande suka. Pasewanipun lare satunggal sadalu... sak sèn. Ambèn satunggal calon kangge tilêm lare gangsal, wujuding gêlaran sarta bantal, prayogi botên kula aturakên kemawon, sabab ragi ngênêg-anêgi.[8] Bantal tanpa ulês tur sampun dipun angge tiyang sontan-santun. Dados inggih kasingkirakên kemawon. Trimah angglethak, mawi lèmèk sarung.

Sarêng badhe nêdha wontên malih pakèwêdipun. Sadaya lawuh sampun têlas, wontênipun namung sêkul thok. Kalêrêsan wontên lare ambêkta ulam lele satunggal, punika kula tumbas, kula purih anggorèng, kula êdum lare gangsal. Dalu botên kacariyos. Enjing kula wangsul dhatêng nagari numpak trèm. Wontên ing Ngayoja sawatawis dintên lajêng mantuk. Taksih wontên sambêtipun.

Sêrat Enggal

Rêdhaksi Pusaka Jawi tampi sêrat cap-capan enggal, cara Walandi ngêmot piwulang Suryamataraman, ingkang ngarang sarta ngêdalakên: Radèn Imam Muhni, komis N.I.S. ing Ngayogyakarta murid Suryamataraman. Mawi kasêmantakakên dhatêng têpanganipun tuwan-tuwan sawatawis, sarta kacaosakên priksa dhatêng Bêndara Pangeran Arya Suryamataram. Agênging sêrat prawolon kêbèt 70 kaca, dlancang sarta lèmèk tuwin aksaranipun sae. Cara Walandinipun botên patos angèl, suraosipun cêtha, botên kawon kalihan ingkang cara Jawi. Namung anggènipun nyariyosakên, cara utawi lampahipun ragi gèsèh sawatawis, jalaran bagêgêgipun [bagê ...]

--- 126 ---

[... gêgipun] cara Jawi kalihan cara Walandi pancèn gèsèh.

Rêdhaksi matur nuwun dhatêng Radèn Imam Muhni.

Sa

Rata Pratala utawi Mrêca Kathika.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7.

Ipene Sang Praboe : Kêpriye sapine apa ora pêdhot. Sêtringe apa ora mati. Lah kowe apa ora katut mati.

Batoer toekon : Nun, botên, bêndara, botên.

Ipene Sang Praboe : Panêmbahan, sumăngga kula aturi tindak mriki. Sumăngga kretanipun sami dipun tingali. Panêmbahan, sarèhne sampeyan dados guru kula, guru kula ingkang utami, inggih kula aji-aji, kula anggêp mitra sinarawèdi, luhur ngungkuli kula. Sumăngga sampeyan nitih rumiyin.

Emban : Iya, ta. (Nuli arêp nunggang)

Ipene Sang Praboe : E, e, botên, dhing, mangke rumiyin. Kreta punika andak kretanipun bapak sampeyan, ta, sampeyan kok badhe numpak rumiyin punika. Ingkang gadhah: kula. Dados ingkang numpak rumiyin inggih kula.

Emban : Wong awake dhewe sing ngakon mêngkono kok.

Ipene Sang Praboe : Sanajan ta kula wicantên makatên, anamung manawi sampeyan sumêrêp ing tatakrami, tamtunipun rak lajêng wicantên makatên: ndara, sampeyan nitih rumiyin.

Emban : Dèn mas, nitiha dhisik.

Ipene Sang Praboe : Lah, sapunika kula numpak. Le, Sêtawaraka, panakawan, kretane ingêrên.

Batoer toekon (ngingêr) : Sumăngga sampeyan nitih bêndara.

Ipene Sang Praboe : (Barêng nunggang sarta wêruh ing sajroning kreta, kagèt, dharakalan mudhun, ngrangkul êmban).

Panêmbahan, panêmbahan, blai sampeyan, panêmbahan, blai, blai. Ing salêbêting kreta wontên raksasinipun. Utawi bokmanawi pandung. Yèn punika raksasi, sampeyan kalihan kula tamtu kêpandungan. Yèn pandung, tamtu kula badhe sami dipun măngsa sadaya.

Emban : Aja wêdi, ta, aja wêdi. Wong kreta digèrèd ing sapi kok ana raksasine, rak mokal. Tak kira, sarèhne mripatmu amblêrêng, marga kêna ing panasing srêngenge ing wayah bêdhug, wêruh ayang-ayangan, kowe anggragap.

--- 127 ---

Ipene Sang Praboe : Le, Sêtawaraka, panakawan, kowe apa isih urip.

Batoer toekon : Nun, taksih.

Ipene Sang Praboe : Panêmbahan, salêbêting kreta wontên tiyangipun èstri. Ta, sampeyan priksani.

Emban : Kêpriye, ana wonge wadon.

Ayo padha mlayu, padha tumungkul bae.

Kaya sapi sing kêtiban udan matane.

Sabab, sarèhne kasênênganku ngajèni sapadha-padha.

Dadi aku kuwatir, bokmanawa mripatku wêruh marang wong wadon luhur, băngsa mulya.

Wasantasena : (Gumun, calathu sajroning ati). Êlo, kuwi ipene sang prabu, nyolok mata. La aku iki rak ana ing sajroning bêbaya arane. Ah, kok cilaka têmên awakku. La olèhku têka ing kene iki rak tanpa gawe ane. Kaya wiji sagêgêm tumiba ing lêmah asin. Saiki kêpriye rekaku.

Ipene Sang Praboe : Êlo, Si Dhaplok kuwi wêdi, ora wani mriksa kreta. Panêmbahan, kretanipun sampeyan priksa, ta.

Emban : E, lah, cilaka ane. Iya, ta.

Ipene Sang Praboe : Êlo, asu ajag kok padha pating klêpêr. Gagak padha mlayu. Saiki, mumpung sang panêmbahan dimăngsa nganggo mata, dipanthêlêngi nganggo untu, aku tak mlayu.

Emban : (Wêruh marang Wasantasena: kagèt, ambatin) Kêpriye saikine, wong kidang kok marani macan, harak bilai iki mêngko.

Banyak wadon aninggal banyak lanang kang rupane kaya rêmbulan ing măngsa kêtiga, lagi lêlangèn ana ing sacêdhake pulo. Banyake wadon jêbul marani gagak. (Banjur calathu marang Wasantasena): Wasantasena, mêngkene iki rak ora pantês, tur iya ora patut dinulu.

Maune diundhuk-undhuki dhuwit, dipêksa-pêksa ing biyungmu, kowe kipa-kipa.

Wasantasena : Pancèn botên, kok (karo gèdhèg).

Emban :

Kowe kuwi wong atimu pancèn ati palanyahan, dadi iya ora duwe kaprawiran, mulane ngaji-aji marang dhèwèkne.

Biyèn mula kowe rak wis tak kandhani mêngkene ta: karo pisan, dhenok, anggêpên padha wae. Dadi ya atimu sarju utawa ora.

Wasantasena : Anggèn kula dumugi ngriki punika kabêkta saking klenta-klentuning kareta. Sapunika kula nyuwun pangayoman.

--- 128 ---

Emban : Ya wis, aja wêdi, aja wêdi. Coba, kana tak apusane. (Marani ipene sang prabu): E, anak jalang, ana raksasine têmênan, kretane.

Ipene Sang Praboe.

Panêmbahan, yèn pancèn nyata wontên raksasinipun sayêktos, lah punapaa, dene sampeyan kok botên kutilan. Dene manawi wontên pandungipun, punapaa sampeyan kok botên dipun badhog.

Emban : Kaya mêngkono kathik kotakokake. Ambok ayo padha mlaku dharat bae mênyang nagara Ujayini, mêtu urut kêkêmbangan sing marik-marik iki. Rak ya bisa: ta.

Ipene Sang Praboe : La prêlunipun, kok makatên punika, kadospundi.

Emban : Prêlune: awak karêbèn bisa obah. Karo manèh sapine karêbèn aja sayah.

Ipene Sang Praboe : Inggih ta, măngga. E, Sêtawaraka, kretane singkirna. E, ora, dhing. Mêngko dhisik, aku tak mlaku dharat, karêbèn para dewa lan para brahmana padha priksa. Ah ora, ora. Tak nunggang kreta wae, dadi saka kadohan wong-wong padha bisa wêruh, karêbèn padha calathu mêngkene: La kae ipe dalêm, bêndara gêdhe têmênan kae.

Emban (ing batin) : Dikapak-kapakna, yèn wisa iku iya angèl bisane dadi: marta (= usada). Iya, ta. (Calathu sêru) E, anak jalang, Wasantasena têka mrene, arêp katêmu kowe.

Wasantasena : Ah, wong ora-ora, kok.

Ipene Sang Praboe : Panêmbahan, badhe kêpanggih kula, kula tiyang pinunjul, manungsa sajati, inggih Sang Basudewa.

Emban : Iya, iya.

Ipene Sang Praboe : We, lah, bêgja têmênan, ane, awakku. Biyèn tak larakake atine, saiki tak sungkêmane, tak jalukane pangapura.

Emban : Iya bênêr mêngkono kuwi.

Ipene Sang Praboe : Tak sungkêmane saiki (marani Wasantasena) yayi, yayi, rungokna pangasih-asihku. Mara, ta, dêlêngên, wong ayu sing blalak-blalak, aku sumungkêm ing sikilmu. Ta, tanganku junjungên, wong ayu dasa kênaka, untu pindha mutyara. Wong ayu, sakèhe kaluputanku, kang kagawa saka ênggonku karungrungan, apuranên, ya, wong dhenok. Taksih wontên sambêtipun.

Sa.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


INSTITUUT. (kembali)
lampah. (kembali)
nyandêrakên. (kembali)
kêndhali. (kembali)
nampèni. (kembali)
kula. (kembali)
lare. (kembali)
ngênêg-anêgi. (kembali)