Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-02, #388

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-02, #388. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-02, #388. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 2, Pèbruari 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kabudayan tuwin Kagunan Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Anggèn kula badhe angginêm kabudayan tuwin kagunan Jawi, sasagêd-sagêd kula pinangkani saking bab kawruh kajiwan tuwin kadewan, rêringkêsan mêndhêt sapêrlunipun, ing pangangkah kenginga kaangge sêsuluh, utawi wadhah manawi anyèlèhakên lênggahing kabudayan tuwin kagunan wau. Awit manawi botên dipun kawuningani mulabukanipun, bokmanawi kita badhe ambangun utawi anglênggahakên dununging kagunan wau, saèstu kirang cumêplong sarta anyuda trampiling panggarap.

Miturut sêrat piwulang wados (geheime leer) anggitanipun paduka Nonyah Blaphatski, kacariyos sadèrèngipun bênua Atlanti kakêlêm ing toya (Zondvloed) banjir agêng kala jaman Nabi Nuh 9564 taun sadèrèngipun Kristus: wijining băngsa agêng kagangsal (5de wortelras) kasingkrihakên dening ingkang kawogan mranata jagad. Inggih punika sadèrèngipun bênua Atlanti kêlêm, têtiyang wau sami alihan panggenan dhatêng ing tanah Arab. Wontên ing ngriku botên lami nuntên pindhah dhatêng salèring tanah Asiyah, sami angêbrêgi pasitèn satêpining talaga agêng, ingkang sapunika sampun dados sagantên wêdhi ing Gobi, amargi kala samantên papan ingkang kacawisakên dening natir, badhe dados padununganipun wijining băngsa wau salong dèrèng kenging dipun dunungi manungsa, taksih awujud êmbag, inggih punika tanah Eropa tuwin Indhu. Saking ngriku (Gobi) wijining băngsa wau, lajêng sami mêncar dados gangsal perangan agêng: ingkang [ing ...]

--- 18 ---

[... kang] kalih perangan dhatêng tanah Arab, Indhu, Ègiptê, Mêsir tuwin Aprika, inggih punika ingkang anurunakên băngsa Arab, Mur sapanunggilanipun. Perangan ingkang katiga băngsa Iraniyê, bongsa Pèrsên kina, anurunakên băngsa Pèrsi. Dene ingkang kalih perangan kala samantên taksih kantun wontên ing padunungan ngriku. Watawis 20000 taun sapriki saperangan saking golongan wau sami mingsêr dhatêng ing Kaokasus, Eropa sisih kidul. Dene ingkang kantun watawis lêt 1500 taun lajêng sami anututi mêncar wontên ing tanah Eropa ingkang sisih lèr.

Sampun kajarwa ing ngajêng, bilih pokoking băngsa kagangsal, ugi winastan băngsa Ariyê, inggih pokok băngsa ingkang taksih kita alami, lajêng sami angêjègi peranganing jagad punika (ingkang kacêtha ing kart jagad sapunika). Dene umuripun pokok băngsa kagangsal (5de wortelras) ugi ngantos anglairakên onderras pitung rambahan, botên beda kados kawontênanipun wortêlras katiga tuwin kasêkawan. Dumugining titimăngsa punika wortêlras utawi pokok băngsa kagangsal, sawêg anglairakên onderras dumugi kaping nênêm, dados jangkêpipun satunggal wortêlras kirang kaping satunggal onderras malih, inggih punika onderras kapitu ingkang dèrèng lair.

Ingkang kagolong onderras kapisan, saking wortêlras kagangsal punika băngsa Indhu tuwin Mêsir, dhasaring wêwatakanipun rêmên olah babagan kasuksman, adhêdhasar watak kapandhitan, onderras kaping kalih băngsa Sêmit, ingkang asli saking băngsa Ariyê. Punika ingkang anurunakên bongsa Arab tuwin Mur, pamanggènipun gêsang nunggil băngsa. onderras kaping tiga băngsa Iraniyê tuwin băngsa Pèrsi kina, ingkang anurunakên băngsa Pèrsi sapunika, pamanggènipun alampah dagang. onderras kaping sakawan băngsa Kèltên, anurunakên băngsa Grik kina sarta Ruminên. Saking băngsa kêkalih wau, kajawi ingkang asli băngsa Tutun (Teutoon) anurunakên băngsa Italiyê, Grikênlan, Prangkrik, Sêpanyê sarta sanès-sanèsipun kados ta Iyêr, Sêkoltên, tiyang siti ing Wilês, ing pulo Man (het eiland Man) sarta Britanirs. Dhasaring wêwatakanipun onderras kaping sakawan wau, anggraita tuwin manggayuh. Ingkang kagolong onderras kaping gangsal, băngsa Tutun (Teutoon) inggih punika băngsa Slawên, Sêkandhinaphirs, Nèdêrlandêrs, Èngêlsên, sarta turunanipun, pamanggènipun dhatêng lampah dagang, sugih kawruh (pintêr) amiyambak (individualistish). Dene onderras kaping nênêm winastan băngsa Ustrali, Amerika, dhasaring wêwatakanipun, wicaksana, gotong royong, sarta sumadhèrèk (broederlijk).

Mirit Sêrat Pustaka Raja jilid ăngka 1 babon asli saking swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton Surakarta, [Surakar ...]

--- 19 ---

[... ta,] sarta Sêrat Sèh Sêbakir, kacariyos kala tanah Arab nuju jaman kanabean sarta sarengat Nabi Isa, tanah Jawi dèrèng nama tanah Jawa, taksih gandhèng dados satunggal kalihan pulo Sumatra, Madura tuwin Bali. Kala samantên taksih sonya dèrèng dipun dunungi tiyang. Sanadyan wontêna taksih prasaja sangêt sarta adêdunung ing wana.

Kacariyos kala samantên para dewa ingkang sami kahyangan wontên ing pucaking rêdi Têngguru tanah Indiya, ingkang samangke nama rêdi Imalaya tanah Indhustan, sami angejawantah ingkang kapisan dhatêng ing tanah Jawi. Pangagênging dewa nama Sang Hyang Manikmaya, jumênêng nata wontên ing tanah Jawi, angratoni para dewa. Wiwit kala samantên pulo Jawi kanamakakên dening Hyang Manikmaya: Nuswa Jawa, kabêkta saking wujudipun panjang (dawa). Sarêng anggèning para dewa angejawantah angsal gangsal wêlas taun, lajêng sami muksa dhatêng pucaking rêdi Têngguru malih.

Gantos kacariyos ing tanah Indhustan, wontên panjênênganing nata băngsa brahmana ajêjuluk Prabu Isaka, inggih Sang Ajisaka, nata ing nagari Surapati. Nagarinipun sang prabu kabêdhah ing mêngsah, satêmah kèngsêr dhatêng ing wana. Wontên ing ngriku dipun panggihi dening ingkang rama Bathara Anggajali ingkang sampun dados dewa. Panjênênganipun punika putranipun Êmpu Ramayadi. Prabu Isaka nuntên dipun wisik dening ingkang rama, saliring lêlampahanipun para dewa, wêkasan kapencut, kapengin darbe kasêktèn kados para dewa. Ringkêsanipun Sang Isaka lajêng tinuding dening ingkang rama, kinèn mratapa wontên ing pulo dawa ingkang taksih sonya, kaprênah ing sakidul wetanipun tanah Indhu. Kala Prabu Isaka ngancik sapisan ing pulo dawa, wiwit saking pasisir lèr. Kala samantên ing dintên Indhu anuju dintên Budha, wulan utawi măngsa kartika, salêbêtipun taun Sambrama ing jaman Pancama kala antuk 768 warsa. Prabu Isaka angubêngi pulo wau ngantos kêmput, sakalangkung ngungun ing dalêm batos mirsani panjangipun pulo dawa, taksih kêmpal dados satunggal, sarta kathah thêthukulanipun jawawud. Mirid panjang sarta kathahing thêthukulan jawawud. Sampun laras kalihan anggèning mastani Sang Hyang Guru. Mila Prabu Isaka lajêng namèni pulo Jawa, têgêsipun tanah jawawud.

Kacariyos anggèning Prabu Isaka anjajah pulo Jawa salêbêtipun 103 dintên têpung gêlang. Sang prabu lajêng adhêdhepok ing wukir Hyang, ing mangke winastan rêdi Kêndhang tanah Prabalingga. Wiwit kala samantên Prabu Isaka asêsilih nama Êmpu Sangkala, sarta karsa angetang angkanipun anggèning tapa. Mênggah wiwitanipun pangetanging taun, inggih punika wiwitipun ambabad wukir Hyang, sarta dipun wastani taun Sangkala, kaetang saking măngsa kartika ing taun Sambrama. Etanging taun [tau ...]

--- 20 ---

[... n] surya utawi candra, mênggahing Sangkala sawêg sami taun Sirah satunggal. Ungêl-ungêlanipun sangkalaning taun jêbug awuk, tinêngêran angkaning warsa 1 wiwit kala samantên purwanipun wontên angkaning taun Jawi ingkang lajêng kangge dumugi samangke.

Kacariyos sarêng Êmpu Sangkala sampun têtêp wontên ing wukir Hyang, sabên dintên tansah muja sêmèdi, angêningakên cipta, anêgês karsanipun ingkang Kawasa.

Ing antawis dintên Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya pêthak. Ingkang wontên salêbêting cahya katingal pawèstri ayu endah, awêwarah nama Bathari Sri, nuntên paring piwulang saliring guna pangasihan, miwah pangulahing asmaragama. Bathari Sri lajêng muksa. Êmpu Sangkala mastani dintên wau: dintên Sri.

Nuntên dintênipun malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya jênar, ing salêbêting cahya katingal wontên danawa, ngakên nama Bathara Kala, sarta paring piwulang salwiring ulah sandi upaya, panduking karti sampeka, miwah pangèdhêpan panglêrêpan sapanunggilanipun, Sang Hyang Kala lajêng muksa. Dintên punika dipun wastani dintên Kala.

Enjingipun malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya abrit, ing salêbêting cahya katingal brahmana, awêwarah nama Sang Hyang Brahma, paring piwulang salwiring pangawikan, sumêrêp sadèrèngipun winarah, Sang Hyang Brahma lajêng muksa. Dintên punika lajêng winastan dintên Brahma.

Nuntên dintênipun malih kadhatêngan cahya cêmêng, ing salêbêting cahya katingal ngragêmêng kados tiyang jalêr wangun satriya, awêwarah nama Sang Hyang Wisnu, nuntên paring piwulang salwiring ulah kaprawiran, jaya kawijayan, Sang Hyang Wisnu lajêng muksa, dintên punika Êmpu Sangkala amastani dintên Wisnu.

Sanès dintên malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya ijêm, mawi ujyala măncawarni. Ing salêbêting cahya katingal kados wêwasi, awêwarah nama Sang Hyang Guru, paring piwulang salwiring dhanurwedha utawi ngèlmi kasampurnan, panitisan panjing sêraping pêjah, kamulyaning sangkan paran sadaya, Sang Hyang Guru lajêng muksa. Dintên wau winastan dintên Guru.

Nuntên dintênipun malih Êmpu Sangkala anata panêmbah gangsal pangkat, ing sabên dintên sapangkat, wiwit dintên Sri, Êmpu Sangkala manêmbah Dèwi Sri majêng mangetan, dintên Kala manêmbah Sang Hyang Kala majêng mangidul, dintên Brahma manêmbah Sang Hyang Brahma majêng mangilèn, dintên Wisnu manêmbah Sang Hyang Wisnu majêng mangalèr, dintên Guru manêmbah Sang Hyang Guru tumungkul ing pratiwi, tumênga ing ngakasa.

Sarêng antawis gangsal wulan, gêntos kacariyos panjênênganing nata ing nagari Rum Turki, ajêjuluk Sultan Galbah, kadhatonipun dumunung ing salèring tanah Arab, samangke kalêbêt wêwêngkonipun tanah Turki Asiyah. Kala samantên kangjêng sultan karsa angisèni tiyang ing pulo ingkang taksih sonya. Sarèhning midhangêt pawartos manawi nuswa Jawi taksih sonya, kangjêng sultan utusan angisèni tiyang kalih

--- 21 ---

lêksa somah, jangkêp sapalakartinipun, anjujug ing wikur Kandha, ingkang sapunika nama rêdi Kêndhêng. Nalika dhatêngipun têtiyang Rum ing tanah Jawi kala wulan Rum anuju wulan Nisan, taun Rum amarêngi 437 etanging taun Adam wiwit kala Kangjêng Nabi Adam jumênêng kaliphatullah, dumugi tanah Jawi kaisenan tiyang Rum, ingkang wiwitan, kaetang taun srêngenge angsal 5154 warsa, kaetang ing taun rêmbulan angsal 5306 warsa, pêparênganipun etang Jawi anuju măngsa wisaka, taksih salêbêting taun Sambrama, etangan taun Indhu saking jaman Pancama kala angsal 768 warsa, mênggahing taun suryasangkala tuwin taun candrasangkala sawêg sami angsal sataun, ungêl-ungêlaning sangkala kunir wuk tanpa jalu, tinêngêran angkaning warsa 1.

Kacariyos tiyang kalih lêksa semah wau sami kaparag ing sêsakit, awit saking botên tahan ing hawa panas tuwin minăngsa ing sato galak, kintên-kintên amung kantun kalih èwu semah. Kêkantunanipun tiyang samantên wau, dangu-dangu kantun kalih dasa semah. Wêkasan tiyang kalih dasa semah wau sami anumpal kèli mantuk ing nagari Rum, ngaturi pirsa ing kangjêng sultan. Etanging taun suryasangkala kalihan candrasangkala sawêg angsal gangsal taun, sinêngkalan toya muluk ing gagana.

Kacariyos sarêng kangjêng sultan tampi aturipun patih, bab tumpêsipun tiyang ingkang katanêm ing tanah Jawi, dahat sungkawanipun, lajêng utusan raja pandhita ing Bani Srail, nama Ngusman Ngaji. Pandhita langkung dibya sakti sarta bijaksana, ingandikakakên anumbali pulo Jawi ingkang taksih sonya. Sang pandhita matur sandika lajêng bidhal dhatêng pulo Jawi, sarwi ambêkta jimat saking para pandhita sarta para tapa. Sadhatêngipun ing pulo Jawi sang pandhita lajêng amasang tumbal, kala samantên wulan Rum anuju wulan Tasriniki, etang Jawi pinuju măngsa manggasri, etanging taun suryasangkala kalihan candrasangkala sawêg sami angsal gangsal taun. Ungêl-ungêlaning sangkala tata sonya tanpa barakan, tinêngêran angkaning warsa 5.

Kacariyos raja pandhita sudibya Ngusman Ngaji botên kasamaran, bilih ing wukir Hyang wontên tiyangipun mangun tapa, inggih punika Êmpu Sangkala, ingkang ing ngajêng sampun nate puruita dhatêng sang pandhita wontên ing Bani Srail, lajêng pinarpêkan sarta dhinawuhan badhe kawulang malih, supados wêwah guna kasantikanipun. Êmpu Sangkala botên lênggana, lajêng umiring. Kala samantên wulan Rum anuju wulan Nisan, etang Jawi pinuju măngsa wisaka, salêbêting taun Dundumi, etanging taun suryasangkala kalihan taun candrasangkala sawêg sami angsal nêm taun, ungêl-ungêlaning sangkala anggas pêjah ing awang-awang.

Kacariyos sarêng dayaning tumbal tumama, satêmah bumi gonjang-gonjing, lindhu agêng prakampita. [prakampi ...]

--- 22 ---

[... ta.] Ing nalika punika kathah wukir ingkang sami dhungkar, saking mandining tumbal tumanduk dhatêng sakathahing lêlêmbat brakasakan. Dumugining pêndhak dintên kapiyarsa tangising lêlêmbat brakasakan, ingkang sami kasangsaya kambah ing sêsakit, swaranipun gumuruh gumaludhug, barung kalihan gara-gara, getêr patêr dhèdhèt erawati, guntur kêtug bayu riwut. Duta saking Rum sami angêmpal dhatêng baita, lajêng mancal layar mantuk dhatêng Ngêrum, Êmpu Sangkala botên kantun. Duk masangipun tumbal sinangkalan gora sirna, tinêngêran angkaning warsa 7.

Kocapa sadhatêngipun ing Ngêrum, raja pandhita lajêng sowan kangjêng sultan, ngaturi wuninga sarèhing dinuta. Kangjêng sultan dahat kacaryan ing panggalih, Êmpu Sangkala lajêng kautus ing kangjêng sultan, ngupados tiyang ingkang sami asli saking tanah panas, ingandikakakên ambêkta dhatêng pulo Jawi. Êmpu Sangkala lajêng pangkat kanthi utusan saking Ngêrum, dhatêng tanah Indhustan saurutipun. Sadumugining tanah Indhustan, Êmpu Sangkala lajêng sowan ing Sang Hyang Jagadnata, inggih punika pangagênging dewa ingkang dipun pangeran têtiyang ing tanah Indhu sapiturutipun. Êmpu Sangkala nyuwun tiyang 20000 semah, sampun kaparingan sarta kalilan panyuwunipun. Êmpu Sangkala nampi tiyang saking Indhu, tiyang Kêling saking ratunipun, cacah 15000 semah, sampat sapalakartinipun, sarajakayanipun, sarta sadêdamêlipun. Êmpu Sangkala kanthi ingkang rayi têtiga: 1. Êmpu Bratandang, 2. Êmpu Braruni, 3. Êmpu Braradya, lajêng mangkat layar mampir ing nuswa Kandhi sakidulipun Indhustan, inggih punika nagari Ngalêngka, prajanipun Prabu Dasamuka. Wontên ing ngriku Êmpu Sangkala angsal tiyang 2000 semah, saking ngriku mampir ing Siyêm, angsal tiyang 3000 semah, gunggung sadaya jangkêp 20000 semah. Tiyang samantên wau botên dipun tanêm ing tanah Jawi sadaya, salong dipun tanêm ing pulo Bawean, sarta ing pulo Karimunjawa. Botên kacariyos rêroncènipun. Satirahipun ingkang dipun tanêm ing pulo Bawean tuwin Karimunjawa, têtiyang wau lajêng kaperang pinăntha-păntha, dados kalih dasa păntha, ing sapanthanipun nyèwu semah sapirantosipun, sarajakayanipun, sadêdamêlipun, saingon-ingonipun, lajêng kapêncar mangilèn, mangetan tuwin wontên ing têngah-têngah, nuntên sami lêkas babad wana, lajêng sami tata pondhokan binanjar-banjar, wontên ingkang wiwit nanêm pantun, jujutan sapanunggilanipun, wiji bêktan saking tanahipun piyambak-piyambak. Têtiyang Kêling sami nanêm gênitri kalihan kêling. Kêling punika wiji siwalan ingkang sampun sêpuh. Kala dhatêngipun têtiyang saking tanah Indhu wontên ing tanah Jawi, lajêng babad-babad saha nênanêm, anuju măngsa srawana, etanging taun suryasangkala tuwin candrasangkala sawêg sami angsal sadasa taun, sinêngkalan sirna rupaning dhuwur, tinêngêran angkaning warsa 10.

--- 23 ---

Kacariyos ing nalika punika Êmpu Sangkala amilih têtiyang ingkang undhagi ing guna, angsal tiyang sadasa. Têtiyang wau sami winulang ing cipta sasmitaning jaman satunggal-tunggal, sarta winulang ing etanging taun Sangkala, lajêng sami kinèn amêmulang ngiras amradinakên dhatêng sakathahing têtiyang ingkang sami bêbadhe babad wana sadaya. Sasampunipun tiyang sadasa wau pinatah-patah panggenanipun sowang-sowang, kajêjêrakên dados puruita, Êmpu Sangkala sarta para utusan sadaya, sami alayar mantuk dhatêng Indhu ngaturi wuninga ing Sang Jagadnata. Kala samantên anuju măngsa kartika, etanging taun suryasangkala kalihan candrasangkala sawêg sami angsal sawêlas taun, ungêl-ungêlaning sangkala pring sadhapur, tinêngêran angkaning warsa: 11.

Botên antawis lami Êmpu Sangkala dipun utus ing Kangjêng Sultan Oto, ingandikakakên mariksani têtiyang ingkang dipun tanêm ing tanah Jawi, mawi ngirid sudagar Rum kathah, ambêkta dagangan warni-warni. Sultan Oto wau, putranipun Sultan Galbah ingkang kagungan karsa ngisèni têtiyang ing pulo Jawi. Ing ngriku têtiyang Jawi sami tumbas gêgramèn saking Rum tinumbas kalihan urup-urupan mas, kajêng utawi musthika. Têtiyang Rum ingkang sami gêgramèn wau kathah ingkang lajêng karaos dêdunung ing tanah Jawi.

Wiyosipun, ing nalika punika têtiyang ing tanah Jawi inggih punika kalêbêt pulo Sumatra, Bali, Madura, sampun sami têtêp rahayu tangkar-tumangkar. Dene anggènipun sami amakarangan, amadhêkahan wontên ing wukir miwah wontên ing ngare sami gêmah sadaya, namaning dhusun ingkang kathah sami kabêkta utawi manut namanipun ingkang bêbadhe. Kala samantên têtiyang Jawi tumuntên sami wiwit yasa kabuyutan, inggih punika panggenanipun anêmbah dhatêng panutanipun piyambak-piyambak.

Amarêngi ing măngsa manggasri, kacariyos para dewa ingkang kahyangan ing tanah Indi, inggih ingkang ing mangke dipun wastani tanah Indhustan, sami angejawantah malih tumêdhak dhatêng ing ngarcapada tanah Jawi, sami anama rêsi, pangagêngipun Sang Hyang Jagadnata nama Rêsi Budha, lajêng dados uyun-uyunanipun têtiyang kathah sarta sami anyêbut jawata, têgêsipun guru ing tanah Jawi, wiwit kala samantên para dewa sinêbut jawata.

Kacariyos Rêsi Mahadewa Budha, amatah panggenaning para rêsi, wontên ingkang pinatah dados jawata ing tanah wetan, kidul, kilèn tuwin lèr. Dene Rêsi Mahadewa Budha piyambak minăngka jawata ing tanah têngahan. Ing nalika punika lajêng iyasa candhi, dumunung sakilènipun wukir Candramuka, Candragêni, ingkang kadamêl sela sakalangkung agêng inggil, dipun wastani candhi Marabudha, inggih candhi Barabudhur ing tanah Kêdhu. Mênggah candhi wau kadamêl panggenan pamujan. Para rêsi inggih

--- 24 ---

lajêng sami ngadêgakên candhi wontên tanahipun piyambak-piyambak. Wiwit kala samantên, têtiyang ing pulo Jawi waradin sami ngangge agama Budha, anganggêp bilih para dewa kawasa adamêl cupêt panjanging lêlampahan. Sarta patrap pangangge, tatacara, padatanipun têtiyang Jawi, sadaya sami anut ing sarèhipun para dewa, inggih punika purwanipun wontên sêmbah, sarta purwanipun têtiyang Jawi sumêrêp tatakrama, ananging patraping sêmbah kala samantên kuncuping asta dipun dunungakên ing êmbun-êmbunan, dèrèng wontên sêmbah kuncuping asta kadunungakên ing grana kados sapunika.

Sapunika gêntos anyariyosakên bab agama Budha, ingkang ngantos dintên punika saperangan taksih dipun lêluri dening băngsa kita. Mirit wêwarahipun Sêrat Pustaka Raja kasêbut ing ngajêng, kacariyos ing salêbêting taun Iwa, etanging taun suryasangkala: 325 tinêngêran tataning panêmbah kauningan. Kacariyos Sang Hyang Naradha tumêdhak dhatêng Purwacarita, ngêmban timbalanin[1] Sang Hyang Jagadnata, Sri Maharaja Kano dhinawuhan amranata agami Budha, awit rêsah lampahipun, worsuh pêperanganipun, mila nalika punika ing sabên golongan kinèn amaringi pangulu, sarta sasewa-sogatanipun kadhawahan sami ngangge têtêngêr piyambak-piyambak. Pangandikanipun Sang Hyang Naradha ingkang kadhawuhakên dhatêng Sri Maharaja Kano jarwanipun makatên: Iki panêtêp panatagama kang dadi purba wisesanira ambawani bawana, pangawasa kang wajib kaparentahake dadi anggon-anggoning karatonira.

He, Kanwa, rahayu wong kang santosa lan nungkul marang agamanira, dèn lêksanani panataning agama sawiji-wiji, kang dhingin pangulune, kaping pindho têtêngêre, kaping têlu panêmbahe, kaping pat lakune, kaping lima tapane, kaping nêm ari rayane, kaping pitu larangane, kaping wolu wêwênange, kaping sanga pêpaline, kaping sapuluh panglayone, kaping sawêlas paliyasane, kaping rolas pamulyane. Kaya kang wus kasêbut ing sastra.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Sambo pangulune aranana pramana, sasewa-sogatane padha anganggoa têtêngêr walantaga, barang musthika rineka pirantining amêmuja, panêmbahe marang arca, lakune têpa-têpa, yèn măngsa kartika ora kêna mangan sarwa bungkah, yèn măngsa palguna angraka, yèn ariyaya kang sarwa asin, larangane ora kêna ngrabèni kang kapêrnah nini, uwa, bibi, kadang, pulunan sarta putu, kang saka

--- 25 ---

lêlurine lanang, lan ora kêna amisesa manuk kang lagi andon asmara, ora kêna mangan iwak ati, ora kêna nganggo wêsi, ora kêna angrusak candhi. Wênange kêna ngrabèni kapêrnah nini, uwa, bibi, kadang, pulunan lan putu, kang saka lêluri wadon. Lan wênang mangan iwak ati manawa ginawe tămba. Wênang nganggo wêsi manawa ginawe sarana, wênang wong lakirabi bela-binelanan mati, wênang wong wadon cinukur manawa ora bela mati ing lakine, wênang wong wadon disunati nalika laire, lan wênang wong lanang ditêtaki manawa ora bela mati ing rabine, pêpaline yèn lakirabi anganggoa baladho, têgêse kang lanang anglangkahi jăntra, wusu, likasan, kukusan iyan ilir enthong. Kang wadon anglangkahi garu, luku, pacul linggis, yèn mati layone ingupakara, têgêse karumatan sarta diopèni ana sawijining panggonan kang prayoga, paliyasane layon dinusan ing landhaning mêrang kêtan, yèn mêmulya sarana utang. Taksih wontên sambêtipun.

Wawasan dhatêng Santun-sumantuning Kawontênan saha Padatanipun Băngsa Jawi

Punika salah satunggaling karangan ingkang kakintunakên dhatêng pangrèhing Yapha Insêtitit kangge nglêbêti pasanggiri bab tatakrama.

Bab asli

Nitik kawontênan ingkang katingal dumugi sapunika băngsa Jawi punika, ing purwanipun kados inggih lêrês aslinipun saking tiyang băngsa warni-warni. Katitik saking pasikon pakulitan saha kaciptan (pakarêman) tuwin padatan punapadene cara panganggenipun. Ewadene manawi dipun wawas ing kabatosan saha piandêlipun lajêng katingal sami. Kados ta: băngsa Madura, Jawi Têngah, saha Sudha.[2] Waradinipun sami gadhah piandêl tigang prakawis.

1. Bab pêjahing manungsa punika jiwanipun taksih sagêd gêsang mawi badan alus (sukma) sarta sukma wau gadhah pangawasa manjing ing sadhengah, kados ta ing kêkajêngan saha sela utawi sato, awit saking punika gadhah pangidhêp dhatêng samukawis ingkang elok saha katingal gadhah daya prabawa. Ing ngriku wontênipun piandêl dhatêng kayu aèng, lêmah sangar, watu angkêr. Pangraosipun ingkang makatên [makatê ...]

--- 26 ---

[... n] wau sami kanggenan utawi kadunungan ing sukmanipun manungsa ingkang linangkung. Lajêng nuwuhakên pangidhêp dhatêng padhanyangan, pêpundhèn saha patilasan tuwin pakuburan.

2. Piandêl, bilih jiwaning para lêluhuripun punika taksih tansah anjangkung dhatêng sadaya turun-turunipun, kalayan abadan sukma. Awit saking punika tiyang sami tabêri tirakat nênêpi dhatêng ing pakuburaning para lêluhuripun, manawi pinuju kapêtêngan manah utawi karisakan. Ingkang makatên wau lajêng anuwuhakên lampah têmên utawi bêkti, inggih punika mituhu saha ngèstokakên dhatêng punapa piwulang saha piwêlingipun para lêluhuripun wau, ajrih nyulayani utawi nêrak ing wêwêling. Inggih punika bêbukanipun wontên bêbasan ila-ila. Sarèhning sampun mantêp ing piandêlipun, mênggah para lêluhur wau tamtu asih trêsna dhatêng têdhak turunipun. Ingkang punika piwulang saha piwêlingipun wau tamtu lêrês tuwin mamrih kawilujênganing turunipun, pramila sadaya ila-ila saking wêcaning kina botên pisan dipun paibên saha kalirwakakên, kaanggêp ingkang asung wasita wau nadyan sampun pêjah taksih ngulatakên saking alam gaib. Punapa malih sadaya ingkang kapacak dados wêca wau tamtu sampun dipun yêktosi botên saenipun dening ingkang asung wêca. Ingkang punika kabêkta saking watak bêkti, lajêng botên purun maibên sarta anêrangakên sababipun malih. Tiyang sanès ingkang klayu dhatêng wêwarah pêpacak wau saking kapenginipun wilujêng, nama mèlu-mèlu, ing ngriku têtêpipun têmbung ila-ila.

3. Tiyang sami pitados manawi jiwaning manungsa punika, gadhah daya ingkang kenging utawi sagêd suminggah dhatêng samubarang, srana lampah brata saha dêrênging pangèsthi, dening ingkang gadhah rumiyin utawi ingkang anggarap damêl sasaminipun. Ingkang punika andadosakên piandêl saha angaji-aji dhatêng gêgaman saha barang damêlanipun para linangkung, utawi kagunganipun para luhur, dados pusaka, jimat saha isarat. Makatên wau kaanggêp yêktosan, lair batos, winastan anggugu tuhu (sanès panganggêp gugon tuhon).

Mênggah cara pambêkan ingkang makatên wau kalampahan ing tiyang Jawi watawis tigang atus taun.

Bab piwulang Indhu

Ing nalika samantên tiyang Jawi sawêg kadhatêngan tiyang Indhu ingkang ambêkta piwulang tatacara saha agami, gampilipun tiyang Indhu amulangakên agaminipun, margi kawarah manawi jiwaning manungsa ingkang sae pambêkanipun punika dados dewa, dene dewa wau sami gadhah pangwasa saha kabêbahan panuntuning jagad punika warni-warni. Ingkang măngka pangagêngipun pamarentah wontên nênêm sami putranipun Sang Hyang Guru, ing ngriku dewa têtindhih nênêm wau gadhah tata agami [a ...]

--- 27 ---

[... gami] piyambak-piyambak, kados ta: Sambu, Bayu, Endra, Brama, Wisnu, Kala. Ing nalika punika tiyang Jawi inggal pangidhêpipun dhatêng tata agami warni nênêm punika milih ingkang dipun kaconggahi. Dene watakipun tiyang Jawi lêstantun lampah bêkti saha mituhu, ajrih goroh paracidra. Ingkang makatên wau ngantos kasandhang sèwu taun laminipun, ananging têlênging pangidhêpipun taksih dhatêng lêluhur.

Bab Piwulang Eslam saha Nasara

Kala samantên tanah Jawi kadhatêngan ing băngsa Arab, amulangakên agami Eslam ingkang warni satunggal, langkung pêdhês saha kêncêng, sarana dipun ajrih-ajrihi naraka tuwin dipun pêpengini dhatêng swarga. Ing ngriku tiyang Jawi pancènipun awrat, amargi nyulayani dhatêng tekadipun lami, angrèmèhakên panganggêp dhatêng patilasan, andosakakên tiyang ngidhêp dhanyang sasaminipun, anglêpatakên dhatêng pusaka wêsi aji. Ananging kabêkta lajêng katêtêpakên dening panjênênganing nata, mila inggih kalaksanan saprasakawaning piandêl, utawi saprasadasaning cacah, dene têlênging piandêlipun taksih ngidhêp dhatêng para lêluhur. Pangidhêpipun dhatêng Allah amung wontên ing lambe, tandhanipun, manawi kataman rupaking manah taksih lumajêng dhatêng patilasan saha makamipun para linangkung, wali, oliya, măngka dipun awisi agami Islam babarpindhah kaanggêp ngidhêp brahala. Awit botên marêm pangidhêp tanpa lesan wujud. Ing nalika punika para waspada lajêng damêl pêpali, piwulang ambêk kasujanan, wiweka, sawarni lumuh (sanès lumuh malincur) nanging lumuh darêdah parapabên, dados ing jaman samantên wiwitipun tiyang Jawi gadhah watak goroh lêlamisan. Sintên ingkang ngucap têmên awêwaton barang kang botên katingal, dipun anggêp gadhah kawasa, punika winastan gumaib. Sintên ingkang mungêl manawi barang gadhah daya, winastan gugon tuhon. Ing nalika punika tiyang Jawi kêndho katêmênanipun lajêng rêmên lêlamisan, anyanggi krami murih wilujêng, karantên piandêl kalihan tindakipun beda. Ingkang momot saha jêmbar ing manah ambêk sujana, ngantos têmbung sujana dipun têgêsi watak sae, nanging sanès pangatos-atos utawi wiweka. Makatên wau kalampahan tigang atus taun lajêng kasusul wontênipun băngsa Eropah ingkang amradinakên agami Nasara (Kristên), kajawi mardi bab kaprasêtyan, anata bêbudèn mamrih wangsul lampah têmên malih. Punika sampun kangelan, margi wontên paprentahan piandêl warni kalih. Ing ngriku wiwit risaking băngsa Jawi, saya mlorod, amargi risak piandêlipun, amarêngi jaman dahuru, sampun kêndho panganggêpipun dhatêng lêluhur saha wêsi aji, satêmah watak ngucira, sêmang-sêmang tindakipun, watawis kalih atus taun.

--- 28 ---

Bab jaman kagunan

Sarêng tanah Jawi sampun têtêp kaparentah ing kangjêng guprêmèn (băngsa Eropah) paprentahanipun ngadil saha jêmbar, botên maèlu agami, ing ngriku băngsa Jawi rumaos kobèt, kabêkta niyating kamajênganipun lastantun, rêmên nêniru utawi nênulad ingkang nyata, anggayuh pangaji-aji, punika sampun cêtha. Ing ngriku băngsa Jawi langkung sêsêg ajêngipun anggayuh kawruh saha kagunaning bongsa kilenan, ingkang sampun têtela kuncara saha luhuring dalajat kabangsan. Inggih wêktu punika pamaliking piandêl babarpindhah, saking lampah bêkti sirna, santun watak nalar, lampah sujana kandhih, santun ambêk ngăngsa-ăngsa. Inggih punika risaking lair batosipun băngsa Jawi, kados bingung anggèning sadaya-daya ngupaya pamarêm.

Kasêlan dongèng manglaras

Ingkang suwau tiyang Jawi sarwa narimah, mangangge sawontênipun, nêdha sapinanggihipun, nanging manahipun têntrêm ayêm, budinipun rahayu, dene pangudinipun kagunan lumintu, têtanèn mungkul, pandamêlipun tumêmên wêkêl, dhatêng rajakaya gumati, busananipun ingkang rajapèni sarwa awèt.

Watawis sawêg gangsal atusan taun sapriki, inggih punika wontênipun karaton mawi mardi agami Islam, têtiyanganipun sampun sami kathah ingkang gundhul, amung satus taun lajêng wangsul jalamprah malih, inggih punika jaman karaton Mataram (nalika gundhul karana agami, murih gampil anggèning sêsuci), sarêng wangsul jalamprah, murih gampil pangruktinipun, dene botên pijêr cukur, samangke wangsul gundhul malih, karana mardi kasarasan.

Sawêg ing sèkêt taunan dumugi samangke, kala samantên sarèhning padagangan sinjang saking Eropah dèrèng kathah saha awis rêginipun, para nyonyah ngangkah sagêd angsal mirah saha gampil anggèning sarawungan kalihan băngsa Jawi (ingkang dèrèng tamtu sadhiya kursi) lajêng andhapuk pangangge, sarungan mawi cênela, rasukan kabayak, prêlunipun manawi martamu băngsa Jawi tumut lênggah lesehan. Makatên wau lajêng katiru panganggening para pawèstri Jawi ingkang dados gundikipun para saradhadhu Walandi. Sadasa taun malih, dados panganggening para pawèstri ingkang tumut semahipun dados saradhadhu. Sadasa taun malih dados panganggenipun para gundiking[3] Walandi opsindêr, saha sanès-sanèsipun Walandi ing dhusun. Dados ingkang suwau dhapukan pangangge puwungan utawi lowungan, mandhap dhatêng para asor lajêng minggah malih. Ing samangke kapilih dados panganggening para pawèstri ingkang sampun kaanggêp anglênggahi jaman kamajêngan. Mawi sarung utawi sinjang mawi sèrèt pinggiran winastan sinjang srani.

Kala rumiyin, kangjêng guprêmèn paring pêpacak, dhatêng sintêna tiyang ingkang mangangge sanès [sanè ...]

--- 29 ---

[... s] dêlêsing panganggenipun punika kaukum, amargi kasaksèn badhe nindakakên dursila momor sambu. Ananging sapunika pêpacak makatên wau kasuwak, sadhengah tiyang kenging mangangge sakajêngipun tanpa walêran. Wontênipun jaman samangke băngsa Jawi kapiluyu sami rêmên mangangge ngirib caranipun băngsa Eropa, punika têlênging manah kalayu ajining băngsa Eropa ugi. Dados ingkang mangangge kados panganggening băngsa Eropa, sambadanipun inggih sampun anglênggahi tatakramanipun saha kawruh kasagêdanipun băngsa Eropa, ajinipun inggih badhe samantên ugi mênggahing sagêbyaran. Ananging manawi amung sawêg kèndêl sagêd nulad panganggenipun, punika nama kuciwa ing sêmu, malah ngisap-isapakên băngsa kiwa têngên, inggih punika băngsa ingkang asli saha băngsa ingkang katulak. Punapa malih manawi gadhah panganggêp, băngsa asli ingkang katilar wau asor tuwin awon, punika prasasat angakêni bilih pyambakipun wau têrahing tiyang asor tuwin awon, ingkang punika kêdah prayitna saha patitis ing wuwus.

Ingkang dados indhaking pangaji punika punapa pangangge kemawon. Manawi makatên kalêbêt gampil, dene sampun kantênan ing rêginipun, pangangge punika amung lapisaning badan. Indhaking pangaji amung wontên papan ingkang wontên rêrêgèn undha-usuking băngsa, kados ta wontên ing kareta latu utawi têtingalan ingkang ambedakakên rêgi pituwasing băngsa.

Dêlêsing pangaji punika warni-warni aslinipun, kados ta:

1. Tiyang ingkang alus utawi luhur ing budi.@2. Tiyang ingkang sumêrêp ing tatakrami patitis.@3. Tiyang ingkang sugih kasagêdan, bab punapa kemawon.@4. Tiyang ingkang kuncara dipun rêmêni tiyang kathah.@5. Tiyang ingkang sugih kawruh tuwin gadhah daya prabawa.@6. Tiyang ingkang ciptanipun anggung ngèsthi karahayon, rêmên têtulung.@7. Tiyang ingkang sumêrêp saha sagêd ngêmpakakên unggah-ungguh, êmpan papanipun.

Kados makatên punika ingkang têtêp pangaji-aji sajati, pundi ingkang dipun kadugèni saèstu dados lantaraning anggayuh pangaji, amung adhakanipun, tiyang ingkang angsal pangaji punika malah ingkang botên ngăntha-ăntha, sanès tiyang langguk kumalungkung, nanging malah ingkang andhap asor nalăngsa. Nadyan sugiha kagunan kapintêran, manawi watak kumalungkung satêmah dipun camah ing pambêkanipun. Taksih wontên sambêtipun.

--- 30 ---

Bab Basa, Tatakrama, Tatacara

Sampun ragi dangu anggèn kula ngantu-antu ngêntosi lajênging wêdalipun kalawarti Kawi, ngantos sapriki mêksa dèrèng kadumugèn. Măngka kalawarti Kawi wau tumrapipun tiyang ingkang kêpengin ngungak dhatêng wohing kasusastran ing jaman kina: maedahi sangêt. Pangajêng-ajêng kula mugi Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka karsaa: nglajêngakên anggènipun anggiyarakên kawruh angsal-angsaling pasinaonipun, supados têtiyang sakkula sagêd andhèrèk ngicipi saking sakêdhik. Sagêda dados ngamal jariyah tumrapipun radèn ngabèi dhoktor.

Sadèrèngipun radèn ngabèi dhoktor anglêksanani pangajêng-ajêng kula, ingkang kabêkta saking arungan padamêlan, wontêna karsanipun paring panjurung dhatêng kalawarti Pusaka Jawi sakêdhik-sakêdhik, kangge jêjampinipun ngêlaking manah dhatêng kawruh.

Rumiyin (ing Pusaka Jawi taun 1927 ăngka 11-12) radèn bèi dhoktor ngandika bilih têmbung bawa ma ingkang lingganipun botên: ha, kados botên wontên ingkang dipun cêngkiwing. Punika urutan saking atur kula bab têmbung miyat, sarta mampus.

Miyat, kula wastani saking lingga liyat.

Mampus, kula wastani saking lingga lampus.

Wiwit saprika-sapriki botên kèndêl-kèndêl anggèn kula ngupadosi panunggilanipun. Pancèn inggih angèl, ewasamantên mêksa sagêd angsal. Kados ta:

Sumăngga saking lingga săngga, dipun cêngkiwing dados măngga.

Sampun saèstu kemawon botên sadaya kenging kacêngkiwing makatên, ewasamantên kenging kadamêl lantaran ngupadosi asal-asalipun têmbung.

Punapa paedahipun nalusur ngupadosi asal-usulipun têmbung. Botên patos wontên paedahipun. Anamung inggih mêksa wontên: kangge namtokakên têgêsipun ingkang salugu.

Para ahli ngarang, ingkang kaprasudi bab panataning têmbung sarta alusing suraos utawi cêthaning kajêngipun ukara, sabab bab têgêsing satunggal-tunggaling têmbung kaanggêp sampun karêgêm ing asta. Wondene têtiyang sakkula, sarèhne dhatêng bab ngarang-ngarang rumaos taksih nyamut-nyamut, dados narimah ngrêmbag bab pirantosipun ngarang sakêdhik-sakêdhik, sagêda mangrêtos dhatêng suraosing kêkaranganipun para ahli ngarang. Ingkang punika panyuwun kula dhatêng para ahli ngarang, kados ta: Radèn Tumênggung Suradipura sarta sanès-sanèsipun, [sanès-sanè ...]

--- 31 ---

[... sipun,] mugi wontêna karsanipun paring pêpadhang sakêdhik-sakêdhik, bab ubarampenipun adamêl karangan. Kados ta: bab panatanipun têtêmbungan ing ukara. Kapratelakna mawi tuladha. Kadospundi dhapuring ukara ingkang awon utawi lêpat, sarta kadospundi lêrêsipun. Kula dalah sadhèrèk-sadhèrèk kula tiyang pasisiran, rêkaos sangêt manawi badhe damêl karangan ingkang ragi mèmpêr. Punapa jalaranipun. Jalaran pancèn kirang kawruh, kirang sumêrêp dhatêng pakulinanipun para priyantun ing tanah kêjawèn ing Surakarta utawi ing Ngayogyakarta.

Kajawi punika wontên panyuwun kula dhatêng pangrèhing pakêmpalan Yapha Insêtitit, wontêna karsanipun anggiyarakên karang-karangan bab tatakrama, ingkang dhatêngipun awit saking sumêbaripun pasanggiri ingkang kasêbut ing Pusaka Jawi enggal mangke.[4] Langkung-langkung karangan ingkang kapratelakakên badhe angsal ganjaran, ăngka satunggal tuwin ăngka kalih. Wondene manawi karangan kêkalih wau badhe kawêdalakên awarni buku, murih mirahing waragadipun, kenging kapêndhêtakên opêrdhrikipun kemawon.

Karangan ingkang botên angsal ganjaran, pangraos kula, satunggal kalih inggih prayogi kagiyarakên ing Pusaka Jawi, kenginga kangge lêlimbangan.

Karangan ingkang badhe angsal ganjaran punika, sarèhne kagalih sampun sae, tamtunipun inggih kenging lajêng katindakakên mbaka sakêdhik. Manawi tumrapipun têtiyang ing ngandhap-ngandhap wontên ingkang ragi mêngkok, prayogi dipun wiwiti saking nginggil, saking priyagung ingkang kagungan pangawasa.

Sarèhne bab tatakrama, pasanggirinipun sampun kaanggêp rampung, sapunika pangraos kula prayogi kadamêlakên pasanggiri bab tatacara. Tatacara punika inggih kathah ingkang sampun prêlu dipun ewahi utawi dipun santuni, miturut kawontênanipun ing jaman samangke. Kados ta bab jagongan bayi, bab gadhah damêl mantu utawi nêtakakên, bab wilujêngan. Bab sumbang-sinumbang, sapanunggilanipun.

Bab tatakrama utawi tatacara punika anggènipun ngewah utawi nglêrêsakên utawi nyuwak, pancènipun botên prêlu kadamêlakên buku. Sok ugi wontên priyagung satunggal kemawon ingkang karsa angasta edhiyalipun akanthi santosaning panggalih, inggih sagêd tumindak, sagêd sumêbar. Anamung manawi kadamêlakên buku, inggih langkung utami, kenging kaliling-liling bokmanawi wontên grago-gragonipun. Punapa malih sarèhne măngsa punika tansah lumampah, têtiyang ing wingking-wingking sagêd kasupèn utawi tidha-tidha. Manawi botên wontên pakêmipun, botên sagêd angsal katrangan ingkang gumathok.

Makatên ugi, pasanggiri punika prayogi [prayo ...]

--- 32 ---

[... gi] sabên-sabên kawontênakên, inggih kabêkta saking lampahing jaman. Tatakrama sarta tatacara inggih katut mingsêd. Mingsêdipun wau tarkadhang sagêd dhumawah dhatêng mindhak sae, tarkadhang dhumawah dhatêng: botên sae. Têtiyang ingkang nglampahi utawi nglampahakên, sok botên kraos manawi ewah. Anggènipun nindakakên namung margi kèli tiyang kathah. Manawi para pinunjul, tamtunipun sagêd priksa utawi sagêd karaos. Tur tamtunipun inggih lajêng sagêd angêlokakên: urdah. Pundi ingkang adamêl sangsara utawi pakèwêd, prayogi lajêng dipun babadi malih utawi dipun bêdholi. Kasantunan ingkang sae, ingkang botênad[5] adamêl sangsara.

Prakawis ngewahi tatakrama utawi tatacara punika, manawi têtiyang Jawi, mawi mandêng kawontênanipun ing kraton. Manawi ing ngriku ewah, ing ngandhap inggih sagêd ewah, dalah ing tanah guprêmenan, anggènipun badhe ngewahi inggih lajêng gampil. Manawi tanah kilenan, ewahipun modhê bab pangangge, kajawi ngêtutakên para agêng, wontên malih sumbêranipun. Manawi têtiyang èstri sok ngêtutakên panganggenipun para wanita ingkang sami nonil, sabab para wanita wau adatipun endah warninipun, tur sugih modhèl. Sok modhèl-modhèlipun, manawi kaêtrapakên ing badanipun sagêd katawis pantês utawi manis. Manawi ing tanah Jawi botên makatên. Ingkang dipun sawang têtiyang namung para luhur, langkung-langkung ing kraton. Ewadene sapunika ing ngriki inggih wontên malih sumbêranipun. Sabab ingkang kaanggêp luhur ing ngriki botên namung kraton kemawon. Para tuwan-tuwan utawi nyonyah inggih kaanggêp luhur, sarta inggih lajêng katiru. Makatên punika sampun limrah dados watêking manungsa.

Kusumatmaja.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 1.

Nyai

Anggèr, pangajêng-ajêng kula mugi sampeyan pinanjangna ing yuswa. (Ing batin): dadi kuwi sing jênênge Sang Carudata kae. Ora ilang muspra ênome anakku.

Jaksa

Sang brahmana, dados Wasantasena punika punapa pancèn kêkasih sampeyan. (Carudata katara rikuh).

Ipene Sang Prabu

Karêbèn durjana kuwi, saking wirange utawa wêdine arêp nutupi kalakuane.

- Sarèhne ênggone mêmatèni melik dhuwit, pialane banjur nêdya ditutupi. Dudu bêndara gêdhe sing matèni.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 33 ---

 


timbalanipun. (kembali)
Sundha. (kembali)
gundhiking (dan di tempat lain). (kembali)
§ Prakawis punika: sampun dipun wiwiti. (kembali)
botên. (kembali)