Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-06, #392

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-06, #392. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-06, #392. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 6, Juni 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kabudayan tuwin Kagunan Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5

5. Têmbung tuwin sastra Jawi

Bab sastra Jawi èngêt kula sampun muyêk pangrêmbagipun, sarta sampun dipun rampungi ing dalêm parêpatan Yapha Insêtitut. Mila kula namung badhe urun pamanggih, sambêtipun kalihan dhasaring raosipun tiyang Jawi. Kajawi sastra Jawi punika sampun gambuh kangge nyêraki têmbung Jawi, ugi miturut sêrat kina, sastra wau anggitanipun sarjana linangkung, inggih punika Sang Ajisaka, mila nalaripun anggèning nganggit, awêwaton ilhaming Gusti, botên alêlandhêsan nalar. Nalar kêdah sampun lêrêm, jêr panjênênganipun miturut dêdongengan sampun asarira bathara. Dados anglêngkara manawi kagungan ada-ada, wah kangge kaparluaning umum, botên tuwuh saking wêninging karsa. Malah para tapa punika adhakanipun ugêr obah, sanès karsanipun piyambak, awit gêsanging padintênanipun, botên kenging dipun ukur mawi gêsang padintênanipun tiyang limrah. Minăngka kangge pasaksèn, manawi sastra tuwin têmbung Jawi punika jumbuh kalihan kabatosanipun tiyang Jawi, dene manawi kangge angginêm kawruh kasuksman jangkêp, wah inggih bukêt, kosokwangsulipun, manawi kangge angginêm wètênsêkap tuwin tèhnik, botên anyêkapi, sarta kidhung, amargi dhasaripun tiyang Jawi utawi tiyang wetanan botên tumuju dhatêng matêriil, dhatêng bab kasuksman. Sêrat-sêrat babagan kawruh teosopi, ingkang kasêrat mawi têmbung Walandi, sêring nyambut [nya ...]

--- 82 ---

[... mbut] têmbung Sansêkrit. Makatên ugi têmbung Mlayu, manawi dipun angge ngandharakên bab kasuksman, limrahipun nyambut têmbung Arab utawi Jawi. Sarèhning sastra tuwin têmbung Jawi, sajakipun sampun dado[1] satunggal kalihan tiyang Jawi, mila prayogi dipun upakara ngantos kenginga kangge angginêm kawruh kilenan.

6. Bab lawuhan tuwin têtêdhan cara Jawi

Lawuh tuwin têtêdhan punika, agêgandhengan kalihan rahsaning lidhah (satunggal saking păncadriya gangsal), dados sawarnining lêlawuhan tuwin têtêdhan cara Jawi, punika têtela damêlaning indriya Jawi, perangan rahsaning lidhah, dene pikir, asta, suku namung dados pirantos amujudakên utawi angratêngi, nanging ingkang ngracik bumbu-bumbu, tuwin abên-abênan, punika indriya (rahsaning lidhah). Sarèhning makatên kawontênanipun, dados sampun mêsthi manawi olah-olahan cara Jawi, kangge tiyang Jawi eca tuwin laras, sarta rabuk ingkang anjalari kadiwasaning badan lair sarta batos. Amung kemawon sarèhning ing wêkdal samangke sampun ngancik ing jaman gumêlaring pamulangan, mila pundi racikan ingkang botên pikantuk tumraping kasarasan (Voedzaam) wajib dipun tilar, dipun santuni ingkang sarinipun anjalari kasarasan.

Miturut kawruh kasarasan badan, sarining têtêdhan ingkang maedahi dhatêng adêging gêsang, punika wontên sakawan margi, 1. Proteine utawi stikstof, 2. Koolhijdraten, 3. Vet (gajih), 4. Zout (sarêm), wondene sarining têtêdhan sakawan warni wau (Voedsel bestanddeelen) ingkang kathah pinanggih ing dalêm têtuwuhan, kados ta: puwan, kèju, martega, kapri, buncis, tuwin kacang, punika isi stikstof. Trigu, gandum, uwos tuwin sanès-sanèsipun ingkang nunggil jinis. Wowohan, kêlanan kados ta: kapri, kacang, linsên (linzen) ingkang kathah isi koolhijdraten; vet (gajih) wontên ing sakathahing têtêdhan ingkang isi stikstof: punika kenging dados sêsulihing martega tuwin lisah. Wondene sarêm dumunung wontên sadaya têtêdhan, nanging botên ajêg kathah lan sêkêdhikipun. Dados ugêr manungsa, sampun nêdha têtêdhan ingkang kajarwa ing nginggil, sampun ngadêg gêsangipun. Sawênèh wontên sarjana ingkang gadhah pamanggih, bilih daging isi sarining têtêdhan kados ingkang kajarwa ing ngajêng langkung kathah tinimbang ing dalêm sayuran, nanging sarêng dipun titipariksa dening para propèsêr, tuwin para sagêd sanès-sanèsipun, pinanggihing panitipariksa, lêrês ing dalêm sayur-sayuran ingkang isi sarining têtêdhan ingkang prayogi kangge adêging gêsang. Ing dalêm daging ingkang amigunani namung eiwit tuwin vet (gajih). Nanging sampun kasupèn, manawi eiwit punika pinangkanipun ugi saking têtuwuhan, kados ta: têtuwuhan ingkang gadhah isi, kados ta: kacang, kapri, kêdhêle tuwin sapanunggilanipun. Dados sadaya-sadaya wau gunggunganipun lajêng wangsul dhatêng têtuwuhan. [têtuwuh ...]

--- 83 ---

[... an.] Sarta eiwit ingkang pinanggih ing dalêm têtuwuhan wau, taksih murni dayanipun langkung agêng tinimbang ingkang pinanggih ing dalêm daging.

Miturut Inleiding tot yoga adêging manungsa punika winêngku watak tigang prakawis: 1. Satwa, watak runtut (harmonie), 2. Rajas, watak mobah, utawi obah, 3. Tamas, watak kêsèd. Têtêdhan ingkang andiwasakakên watak-watak wau, miturut Bagawatgita, pinerang dados tigang perangan. Makatên têdhakanipun: sarupaning panganan kang mirasa, sêgêr, kang nglênga, iku prayoga tumrap satwa. Panganan kang pait, kêcut, asin, panas, pêdhês, garing lan gosong, iku prayoga marang (pakanane) watak rajas. Panganan kang wis wayu, ora enak, bosok, sisa utawa lêthêk, iku cocog tumrap (pakanane) tamas.

Mangsuli bab olah-olahan cara Jawi. Lêrêsipun olah-olahan cara Jawi, tumrap tiyang Jawi, botên ngaping kalih damêl malih. Upami ngangge: mêsthi srêg, jêr damêlanipun indriyanipun piyambak, eca wah mirah. Pakantuk tumrap băngsa ingkang pamêdalipun botên kathah. Kula sêring nyobi masakan tuwin têtêdhan kilenan, raosipun botên kirang eca, nanging tumraping ilal[2] kula kraos kirang sêdhêp. Beda manawi dipun têdhani gudhêg manggar utawi gori, sambêl gorèng, êmpal sapanunggilanipun, rumaos botên gadhah bosên. Langkung malih kupat gudhêg.

Păncadriyanipun tiyang Jawi sampun mancik ing kadiwasan. Eman-eman sangêt, manawi botên dipun upakara, supados saya bablas kadiwasanipun. Sandriya sapunika malah sampun diwasa, inggih punika indriyanipun, ondêrras kanêm, ingkang maratah sawêg wontên ing tanah Aostroliê, Kaliporniê, tuwin ing kiwa têngênipun. Miturut wawasan teosopi, ing tanah Jawi ugi sampun wiwit wontên, nanging taksih sakêdhik sangêt. Tiyang ingkang kagolong ondêrras kaping nêm, manawi mikir utawi manah punapa-punapa, tanpa mawi ngêningakên cipta, sagêd angsal intuitie sagêd dumugi kajatènipun ingkang dipun manah). Păncadriyanipun satunggal-tunggaling badan (jagad agêng, jagad alit) ginêsangan ing rahsa jati (Bewustzijn). Manawi păncadriya lêrêm, rahsa jati tumanggal. Dados wontên ing alam wadhag, tuwin ing alam kaalusan, ingkang bewust punika Bewustzijn. Conto sakêdhik: tiyang tilêm supêna punika badanipun wadhag onbewust nanging kala samantên angrumaosi, medahakên păncadriya. Bab punika kula punggêl samantên kemawon, namung mêndhêt kangge katranganing păncadriya.

Kala wau kula matur, manawi păncadriyanipun tiyang Jawi, sampun ngancik ing kadiwasan, tăndha yêktinipun, panggondanipun[3] têtiyang

--- 84 ---

Jawi sampun sagêd ambedakakên ambêt-ambêtan, kados ta: amis, bangêr, badhêg, lêtêng, lêcit, andulêk, wangi, arum, sapanunggilanipun. Rahsaning ilat, sampun sagêd cariyos: lêgi, anyir, sêpêt, pait, gêtir, kêcut, gurih, ănta, pêdhês, sapanunggilanipun.

Miturut wêwarahipun paduka Nyonyah Ani Besan, tiyang jaman Atlanti (Atlantiers) wortêlras kaping sêkawan, indriyanipun ingkang diwasa sawêg tiga, inggih punika paningal, pamirêng tuwin rahsaning gêpokan. Dene panggănda, tuwin rahsaning ilat dèrèng, mila taksih doyan nêdha bathang.

Kajawi ing dalêm kalanganipun sadhèrèk dhusun, sajakipun masakan tuwin dhaharan cara Jawi punika badhe kasingkur. Mila pamuji kula, mugi-mugi tumuntên dumugi ing măngsakala, lawuhan tuwin dhaharan cara Jawi, dipun saeni sapantogipun, ngantos botên nguciwani, dipun wêdalakên ing pasamuan agêng.

Dumugi samantên atur kula, kula punggêl rumiyin, sanès dintên manawi panjênênganipun rêdhaksi marêngakên badhe kula lajêngakên malih, botên langkung panyuwun kula dhatêng para maos, mugi-mugi sampun kirang pamêngku, tumrap galap gangsuling ukara, tuwin kalintuning atur kula, awit kula matur prasaja, manawi kothong amung băndha purun, andhèrèkakên para sarjana, supados wêwaha sêsêrêpan kula.

Wasana kula nyuwun pangaksama.

Cariyos Lajêngipun: Kêkesahan dhatêng Rio.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5.

Bab lampah-lampahing pangupakara, botên badhe kula cariyosakên sadaya, namung raosing badan utawi èngêtan, badhe kula cariyosakên sawatawis. Raosing badan, bêntèr botên ilok, dhatêng têtêdhan botên doyan, botên karaos luwe sakêdhik-kêdhika, namung ngêlakipun sangêt. Saking cariyosipun tiyang-tiyang ingkang sampun atam dhatêng sêsakit wau, manawi tiyang sakit makatên punika kalêbêtan sêkul sapulukan kemawon amasthi tiwas, jalaran usus lajêng jêbol katrajang ing sêkul wau. Tujunipun kula inggih botên gadhah kêpengin dhatêng têtêdhan punapa-punapa. Punapa malih anggèn kula têtêpangan kalihan Tuwan Dhoktêr Prèis watawis kalih dasa taun, mitulungi agêng dhatêng kêncênging angên-angên kula, nyirnakakên dhatêng kapengin kula dhatêng têtêdhan ing nalika nyandhang sêsakitipun wau.

Wondene angên-angên kula, pangraos kula sampun wontên ing jagad sanès, botên wontên ing donya, nanging dèrèng wontên ing akerat. Sadaya ingkang thukul wontên [wo ...]

--- 85 ---

[... ntên] ing angên-angên, kados katingal wontên ing mripat, nanging botên patos cêtha, dados kados tiyang supêna. Tiyang ingkang jagi sok kula pitakèni punapa-punapa ingkang katingal wontên ing angên-angên, wangsulanipun botên wontên punapa-punapa. Punika kula dakwa mukir utawi kumbi. Manawi kula têtêr-têtêr, kula dipun anggêp andalêming. Manah kula sok grêgêtên utawi jèngkèl.

Anggèn kula lumah-lumah watawis ngantos sawulan, bêntèripun suda-suda lajêng ical babarpisan. Kula lajêng kêtagihan sêkul, sarta kêtagihan maos. Nanging kalih-kalihipun dèrèng dipun kengingakên dhatêng dhoktêr. Sarêng sampun watawis saminggu anggèn kula botên bêntèr, kula sawêg kenging nêdha bubur cuwèr. Wah, bingah kula kados punapa. Ewadene panêdha kula botên kuwawi kathah. Pancèn tuwan dhoktêr inggih botên suka manawi kathah-kathah.

Lêt sawatawis dintên malih kula kenging nêdha sêkul tim lêmês. Saking bingah kula, kula ura-ura, ngantos sami kagèt. Sarêng kula têdhani sêkul tim, wêtêng kula kraos ambêsêsêt. Têtela yèn dèrèng patos kuwawi, mila lajêng wangsul dhatêng bubur malih.

Prakawis maos, sanajan ingkang sami têngga ngawisi, namung kula sagêd nyolong-nyolong maos, sabab, sarêng kula sampun botên bêntèr, panjagèn botên dipun kêncêngi. Manawi kula sumêrêp badhe dipun endhangi, ingkang kula waos, kula dhêlikakên wontên ngandhap bantal. Anggèn kula maos tiyang namung kalihan tilêman kemawon.

Sarêng kula sampun kenging linggih, rumaos yèn sagêd lumampah. Badhe mlampah-mlampah mêdal. Ananging... sangêt gumun kula, dene jèngkèng kemawon botên kuwawi, sampun ingkang ngadêg, saya tangèh. Rai kula, kula pêngiloni katawis lonjong. Kula ngantos pangling.

III. Mantun sakit

Lamining lami kula sagêd grêmêt-grêmêt, mawi dipun rêrămpa. Manawi sampun linggih ing kursi, badhe ngadêg inggih botên kuwawi. Ing batos, kula gumun sangêt, dene kêkiyatan kula kok larut sadaya. Măngka adatipun kula kuwawi mlampah ngantos nêm pitung pal. Batos kula makatên: Wong lara kuwi kok gèsèh têmên karo wong waras. Yèn karêping si ati iya mèmpêr-mèmpêr wae, nanging kaananing awak, kok bumi langit.

Nalika taksih sangêt-sangêtipun anggèn kula sakit, pangraos kula, badan kula: namung wiwit dhadha sapanginggil. Dene wêtêng sapangandhap, raosipun namung kados sandhangan kemawon, nglumbruk, kados kenging-kenging kapisah kalihan dhadha. Bokmanawi, manawi sampun ngajêngakên pêcating nyawa, inggih pancèn [pa ...]

--- 86 ---

[... ncèn] kraos, yèn raga punika sadaya, sajatosipun namung sandhangan. Malah saking kintên kula, botên sagêd sumêrêp dhatêng watêsing gêsang kalin[4] pêjah, kadosdene tiyang ingkang wiwit tilêm, tamtu botên sagêd sumêrêp manawi sampun tilêm, pangraosipun inggih taksih mêlèk kemawon. Kula lajêng nyathêt ing salêbêting manah, ucap-ucapanipun tiyang sêpuh makatên: Sing aran urip têmênan kuwi, urip ing besuk sawise ninggal kadonyan. Kintên kula inggih lêrês. Wontên ing ngalam donya namung kados supêna kemawon.

Sarêng kula sampun sagêd mêlampah alon-alon mawi têkênan, kula tirah dhatêng Wanasaba, dipun atêrakên semah kula, sarta rencang èstri satunggal. Manggèn ing griyanipun Tuwan Dhoktêr Prèis. Wontên ing ingriku dipun opèni sae sangêt. Sabên dintên kula katawis mindhak lêma. Damêl kula namung tilêm kalihan nêdha sarta maos sêrat-sêrat, manah kula ayêm. Dumadakan, manawi dèrèng kêparêng ayêm sangêt, kula tampi sêrat saking Ngayoja, mratelakakên, manawi kula kêdah mangsulakên êmpingan dhèk lara si kula nalika mlampah mantuk dhatêng Rio.

Êmpinganipun ingkang sampun kula tampèni satus sawidak rumiyah[5] kalihan wolung dasa rupiyah, gunggung f 240.-. Măngka nagari namung nglilani kawan dasa rupiyah (kirang langkung).

Batos kula makatên: E, lah, wong apês kok ora mari-mari. Isih lara diungsèk-ungsèkake, golèk waras, kok digodhag wae. Kathik ambênêri ora duwe dhuwit. Ana dhuwit sêtithik-sêthithik, dianggo jagane olèhku lêlungan.

Cêkakipun, kula lajêng kintun sêrat dhatêng lurah kula, pratela manawi botên sagêd ambayar brêg. Manawi nagari marêngakên, kula badhe nicil sabên wulan, kathah-kathahipun sadasa rupiyah.

Kula lajêng tampi wangsulan saking kantor algêmènê onpangêr, mêksa kapurih ambayar brêg. Manawi botên purun, blănja kula wulan ngajêng badhe dipun kukup babarpisan.

Huwèh. Batos kula makatên: La nèk bayarku dikukup tabèh,[6] sing tak pangan gèk apa. Apa sêsasi dikon ngangin bae.

Tur upami blănja kula dipun kukup sadaya, sambutan kula inggih dèrèng lunas. Punapa badhe klampahan nyiwêr griya. Sarèhne kula taksih manah badan kula, siwêran wau botên patos kula manah. Batos kula makatên: Omahku disiwêr, ya karêbèn. Omah ilang ya tak tekad, andene dudu duwèkku.

Prakawis kasusahan kula ing nginggil punika kula pratelakakên dhatêng lurah kula Tuwan Blaidhorêp. Saking wêlasipun dhatêng kula, kula dipun tawèni yatra kangge kabêtahan [kabêtaha ...]

--- 87 ---

[... n] kula. Kula inggih matur nuwun. Nanging sarèhne sakêdhik-sakêdhik, kula taksih nyêpêng yatra, dados kula matur, yèn ing waktu punika dèrèng kalangipan sangêt-sangêt, namung kula nyuwun pitulung, karsaa ngudèkakên, supados kula kenging nicil. Sarêng sampun dipun ingar-ingêr, kula dipun parêngakên nicil f 17.50 sawulan.

Sarêng kula sampun dumugi ing griya malih, kula lajêng nglampahakên sêrat panuwunan, katur dhatêng tuwan dhirèktur Binênlanbêstir. Suraosipun, kula nyuwun luwar saking cicilan wau. Ing sêrat wau kula mawi anggêpok ungêl-ungêlan ingkang kasêbut ing pranataning abdinipun kangjêng guprêmèn manawi anglêrêsi angsal pamit kados kula makatên. Wangsulaning sêrat, suraosipun makatên: Sing kopratelakake kuwi rak pranatane priyayi Lănda. Yèn kowe kudu nurut pranatane priyayi Jawa.

Manah kula lajêng mak bêl. Batos kula makatên: We, lah, iki rasane wong dadi têlukan, samubarange digèsèh karo sing nêlukake. Gèsèhe kuwi kok olèh sing ora enak wae. Tak kira iya akèh wong sing krasa kaya aku ngene. Aku ora maido, yèn ana wong sing banjur nekad, ananging puluh-puluh dikapakake...

Ing nginggil punika kula pasaja namung mratelakakên saraosing manah kula kemawon. Prakawis cicilan inggih lastantun lumampah ngantos lunas.

Sadangunipun kula mantuk saking Rio, kala-kala manah kula karaos mak nyut, kèngêtan nalika kula taksih wontên ing purug, sagêd têtêpangan kalihan tiyang Malayu wontên ing nagarinipun, sumêrêp tatacaranipun sawatawis. Sumêrêp wêwatêkaning băngsa kula tiyang wetanan ingkang manggèn ing sajawinipun tanah Jawi. Tiyang-tiyangipun inggih limrah manungsa, wontên ingkang sae, wontên ingkang botên patos sae. Racak-racakipun inggih kados tiyang wetanan sanès-sanèsipun, sami sumanak utawi sumadhèrèk tur andhap asor utawi purun ngasorakên badanipun.

Satunggalipun dintên kula dhatêng kantor karêsidhenan, kêpanggih tiyang Malayu bêbauning kantor, kilap juru sêrat, kilap klèrêk, kula botên patos têrang. Kula wicantên makatên: Êngku, saya hêndhak bêrtêmu dhêngan tuwan sèkrêtaris. Tiyang wau mangsuli: Saya bukan êngku.

Katrangan: Kula sumêrêp bilih êngku punika sêsêbutanipun tiyang Malayu têdhaking priyantun agêng, èmpêripun ing ngriki: radèn, utawi radèn mas. Dene têngku punika mèmpêr: radèn mas utawi bêndara radèn mas, têdhaking ratu utawi raja utawi sultan. Têmbung êngku manawi ing tanah Sumatra pasisir kilèn, kados ta ing Padhang

--- 88 ---

saurutipun, kêcapipun mungêl angku. Rumiyin-rumiyin têmbung angku punika inggih namung dados sêsêbutanipun trahing băngsa andanawarih. Anamung lami-lami lajêng dados sêsêbutanipun para priyantun agêng alit. Tarkadhang ngantos dumugi agèn pulisi sapanunggilanipun. Dados tiyang Malayu punika dipun sêbut mawi sêsêbutan ingkang kinggilên, inggih wontên ingkang botên purun. Kula botên sagêd ngaturakên kadospundi maratahipun, punapa makatên sadaya punapa botên, sabab anggèn kula têtêpangan kalihan tiyang Malayu namung sakêdhap. Ingkang kula têpangi namung sakêdhik. Manawi kalihan tiyang Jawi ing tanah Jawi, anggèn kula têtêpangan sampun ragi dangu, têtiyang ingkang kula têpangi inggih ragi kathah. Ingkang kula mirêngi utawi kula sipati gêgayutan kalihan prakawis ing nginggil wau sampun warni-warni. Coba badhe kula cariyosakên sawatawis.

Anuju satunggaling dintên wontên lare jalêr neneman ngatêrakên adhinipun èstri dhatêng sakolahan Milo. Lare neneman wau warninipun ragi bagus, pakulitanipun jêne, mangangge cara Walandi. Adhinipun inggih mangangge cara nonah, pancèn sawêg badhe malêbêt enggal-enggalan. Sadumuginipun sangajênging pamulangan, lare èstri kaundang malêbêt dhatêng sakolahan, kakangipun ngêntosi wontên ing jawi kêmpalan kalihan tiyang kathah ingkang sami ngatêrakên lare-lare ingkang inggih sami badhe malêbêt sakolah Milo wau. Wontên tiyang satunggal pitakèn dhatêng lare neneman wau makatên: Babah mau masukkên adhiknya. Lare neneman wau mangsuli sêmu kêri manahipun: Kula dede Cina. Tiyang wau kagèt ragi anggragap, sumêrêp bilih kêcêlik sangêt, gadhah pangintên bilih ingkang dipun pitakèni wau băngsa luhur trah Pakualaman utawi Kasultanan, lajêng andhodhok sarta wicantên: Nyuwun ngapuntên, bêndara, kula kalèntu. Lare neneman mangsuli: Kula dede ndara. Cuthêl, bab lajênging ginêm botên kula pratelakakên. Punika namung mratelakakên, bilih lare neneman wau botên purun dipun sêbut ingkang nyimpang saking wêwênangipun.

II. Anglêrêsi wontên tiyang gadhah damêl. Ing ngriku tamu kathah awarni-warni. Wontên abdi dalêm Kasultanan, wontên priyantun guprêmenan, wontên sudagar. Ingkang dèrèng têpang sami têtêpangan, takèn-tinakèn utawi mratelakakên namanipun. Priyantun abdi dalêm Kasultanan sangêt pangatos-atosipun. Sasampunipun dipun aturi priksa bab nama utawi padamêlanipun para tamu, lajêng mundhut priksa sêsêbutanipun, punapa radèn, punapa radèn mas, punapa mas. Ingkang dipun pitakèni inggih sami mratelakakên sêsêbutanipun piyambak-piyambak. Wontên tamu satunggal pancèn ragi lucu, badhe [ba ...]

--- 89 ---

[... dhe] anjalomprongakên priyantun wau. Sêbutanipun piyambak mas, lênggahipun cêlak kalihan têpanganipun ingkang sêbutanipun radèn. Sarêng priyantun abdi dalêm wau pitakènipun dumugi piyambakipun, lajêng mangsuli makatên: Sadhèrèk punika (kalihan nudingi jajaripun lênggah) kalihan kula: radèn mas.

Priyantun abdi dalêm tatakramanipun lajêng ragi dipun ewahi sakêdhik, sabab ngintên bilih tamu wau darah dalêm, namung nyambut damêl wontên ing guprêmenan. Lajêng manjangakên pitakènipun, murih sagêd patitis anggènipun ngêmpakakên tatakrama. Sampun ngantos klojak-klajuk. Makatên pitakènipun:

Asli saking pundi.

Saking Bagêlèn.

Kalihan Purwarêja prênah punapa.

Pitakenan makatên punika ing Ngayoja sampun maratah. Karsanipun: kalihan bupati ing Purwarêja kaprênah punapa. Tamu wau pancèn trampil, kèngêtan bilih ing Purwarêja gadhah uwa. Lajêng mangsuli makatên:

Punika kalêrês uwa.

La, kalihan Wanasaba.

Punika paman. (Ingkang dipun sêbut paman punika inggih pamanipun piyambak ingkang gêgriya ing Wanasaba, dede Bupati Wanasaba).

Sigêg.

Ing Ngayoja para darah dalêm ingkang sampun botên kuwatos manggih pituna kaoncatan sêsêbutanipun radèn mas, sagêd ngandika bilih botên patos marlokakên dhatêng sêsêbutanipun. Punika botên kula rêmbag bab lêrês utawi botênipun. Ingkang sêsêbutanipun radèn mas, dipun sêbut radèn, utawi mas, utawi ki utawi kyai inggih karsa kemawon kanthi ihlasing panggalih. Anamung manawi anggènipun wawan ginêm mawi sajak angrèmèhakên, punika botên kenging, lajêng dipun kêncèng kemawon.

Tiyang ingkang sêsêbutanipun mas, utawi botên gadhah sêsêbutan babarpisan, punika pancènipun botên sagêd utawi botên pantês manawi tumut-tumut wicantên, bilih botên amrêlokakên bab sêsêbutan. Makatên ugi manawi băngsa pawèstri ingkang botên gadhah sêsêbutan, punika sami kemawon kalihan ingkang mêntas kasêbut ing nginggil punika. Manawi sêsêbutanipun radèn, utawi radèn ngantèn, măngka lajêng dipun sêbut radèn mas, utawi radèn ayu, pantêsipun kêdah kawangsulakên, sabab punika dede wêwênangipun. Dados anama sumêrêp ing lêrês, sarta nuntuni tiyang ingkang dèrèng sumêrêp, utawi nglêrêsakên tiyang ingkang klèntu, tur botên anama ngunggulakên badanipun piyambak.

Prakawis punika kula cêkak samantên kemawon. Băngsa wetanan maratahipun sugih graita.

--- 90 ---

Bab cariyos lajêngipun, kêkesahan dhatêng Rio, manawi taksih pinaringan panjang umur, ing têmbe badhe kula dumugèkakên.

Sa.

Sapa Salah: Sèlèh

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5.

Pawèstri matur: Priyantun, kula punika salêrêsipun semahipun juragan punika jaka lara, sarta botên nate imah-imah malih. Anggèn kula imah-imah namung sapisan punika. Bokmanawi tiyang punika klèntu paningalipun. Kula dèrèng nate têpang kalihan tiyang punika.

Jaksa lajêng dhawuh dhatêng sudagar neneman: He, ca, saniki pripun jawab sampeyan. Tiyang èstri niku pangakune: pancèn bojone juragan niku jaka lara.

Sudagar, sadangunipun mirêngakên wangsulaning pawèstri wau manahipun kumrangsang sangêt, tur sar-saran. Botên ngintên manawi semahipun sagêd gadhah atur ingkang makatên. Raosing manahipun kados-kados badanipun kinarukub ing ardi pawaka. Saking wirangipun, lêga manawi badanipun dadosa awu sanalika. Pramila sarêng kadangu dhatêng jaksa, botên enggal sagêd ngaturi wangsulan. Sarêng sampun ragi pulih pramananipun, lajêng wicantên dhatêng semahipun sakalangkung sêngak: He, wong wadon, aku kokira pangling mênyang kowe. Rupa lan swaramu apadene lagehamu ora kêna dicolong. Maune kowe rak wis mati, ta. Saking trêsnaku marang kowe, tak labuhi tinggal bapa biyung, sanak sadulur, băndha donya, prêlu ngêtutake layonmu têkan satêngahing sagara. Tak rewangi adus ombaking sagara, adus prahara. Ora kolu mangan, ora kolu ngombe. Saking parmaning Hyang Maha Wasesa, kowe dikaparêngake urip manèh nanging nganggo umurku saparo. Aku iya lila umurku saparo koanggo, marga saking trêsnaku marang kowe. Aku duwe pangarêp-arêp, yèn kowe bakal nimbangi sih trêsnaku. Kêpriye dene saiki kowe têka duwe atur mangkono marang pangadilan. Kêpriye bisa-bisamu nyelaki marang lêlakon kang nyata. Aku ora duwe pangira pisan-pisan, yèn kaya mangkono kêkandhutamu. Apa kowe wis didhadhung ing iblis, dene nganti adoh têmên ênggonmu nasar. He, wong wadon, pangarêp-arêpku, muga-muga kowe diparingana eling marang Pangeran, aja nganti kêbanjur-banjur ênggonmu nasar.

Pawèstri wau botên pisan-pisan katawis ngêdhap manahipun, dipun wêlèh-wêlèhakên ingkang makatên wau, malah matur dhatêng jaksa tatag tur tatas makatên: Sumăngga ta para priyantun jaksa, sarta para priyantun ingkang sami anjênêngi pangadilan punika, kula aturi anggalih aturipun tiyang druhaka punika. Ginêmipun ngayawara kados ginêmipun tiyang ewah. [e ...]

--- 91 ---

[... wah.] Anggènipun gadhah atur dora botên mawi ngèngèh-ngèngèh. Manawi gorohipun tiyang sangalam donya dipun tumplak blak, dados satunggal, dèrèng sami kalihan gorohipun tiyang punika. Coba kagaliha: ing jaman pundi, wontên tiyang pêjah sagêd gêsang malih. Tur mawi dipun cariyosakên bilih gêsangipun ngangge umuripun tiyang sanès. Umur têka dipun samèkakên kalihan barang kadonyan kemawon. Kenging dipun sambut, kenging dipun êdumakên. Coba sintên ingkang sampun nate priksa utawi mirêng: tiyang pêjah sagêd gêsang malih.

Para priyantun pangadilan anglêrêsakên aturipun tiyang èstri wau, lajêng andangu dhatêng sudagar: Pripun, ca, sampeyan kok kăndha, yèn wong wadon niku waune êmpun mati banjur urip malih. Niku botên tinêmu ing nalar. Saniki êmpun têtela, yèn wong wadon niku pancèn bojone kyai juragan, dede bojo sampeyan.

Juragan wau lajêng nimbrung: Para priyantun, sapunika kula nyuwun adil, nyuwun kokumipun tiyang ingkang gadhah dakwa dora, ngakên semahipun tiyang sanès. Kula wirang sangêt, dipun dakwa mlajêngakên semahipun. Kula botên trimah, semah kula dipun akên.

Priyantun jaksa lajêng dhawuh dhatêng sudagar: Pripun, saniki sampeyan digugat têng kyai juragan, didakwa ngaku bojone. Pripun jawab sampeyan.

Sudagar mirêng wangsulaning pawèstri semahipun, sarta gugatipun kyai juragan, sangsaya putêk manahipun. Rumaos kijenan, botên wontên tiyang ingkang sagêd mitulungi rêmbag, têbih sanak, têbih kadang. Têtiyang ingkang pancènipun sagêd nêksèni pêjahipun tiyang èstri wau têbih sangêt panggenanipun. Wasana lajêng nudingi pawèstri wau kalihan wicantên: He, wong wadon druhaka, wis katog ênggonku nyabarake kowe. Wis tutug ênggonku ngelingake kowe. Wis ora kêkurangan ênggonku awèh pitutur murih bêcikmu. Atimu mêksa atos kaya watu itêm. Kowe melik rajabrana, banjur kêpengin dadi bojone juragan iku, kobandhani goroh atumpa-tumpa. Saiki aku kijenan, ora ana sing bisa awèh pitulung rêmbug, aku nolèh ngiwa nêngên, ngarêp buri wis sêpi. Mung kari tumênga ing tawang. Iku kang bakal paring pitulung marang wong kang kasangsara. Tak suwun bali umurku rongpuluh taun sing tak wènèhake marang kowe.

Sudagar wau lajêng tumênga ing tawang, andêdonga dhatêng Pangeran akanthi kusuk, makatên têmbungipun: Dhuh Pangeran, dhuh Gusti ingkang Maha Wasesa, dhuh Gusti ingkang Maha Adil, dhuh Gusti ingkang Maha Wêlas. Namung Tuwan ingkang ngawuningani samukawis, namung Tuwan ingkang priksa dhatêng barang ingkang gaib-gaib. Sarèhne pawèstri punika selak, botên purun [puru ...]

--- 92 ---

[... n] ngakên bilih piyambakipun punika semah kula, panuwun kula mugi wontêna karsa Tuwan amangsulakên umur kula kalih dasa taun ingkang kula êdumakên dhatêng pawèstri punika.

Awit saking kodrat, iradatipun Pangeran, ing sanalika punika ugi pawèstri wau pêjah dhumawah ing siti wontên sangajênging têtiyang ingkang sami nglêmpak wontên ing ngriku. Têtiyang wau sami kagawokan aningali lêlampahan ingkang makatên punika. Jaksa nuntên dhawuh nyêpêng juragan wau. Lajêng andhawahakên karampungan. Juragan katêtêpakên tampi paukuman ranjam, jalaran ambedhang pawèstri semahipun tiyang sanès, tur mawi kaplajêngakên. Karampungan inggih lajêng katindakakên. Juragan dipun balangi sela ngantos dumugi sapêjahipun. Juragan pêjah siya-siya kaêtutakên ing nama ingkang nistha utawi asor. Sadaya barang darbèkipun karampas, kaaturakên dhatêng nagari, kalêbêtakên dhatêng bètulmal. Wontên ingkang lajêng kaparingakên dhatêng sudagar neneman wau. Wondene baitanipun kapasrahakên dhatêng pinisêpuhipun baita wau dados darbèkipun.

Dumugi samantên cariyosipun bab sapa salah: sèlèh. Lêlampahan ing donya, pundi ingkang botên sagêd angsal karampungan saking pangadilan ing donya, adatipun sagêd angsal karampungan saking Gusti Allah. Dhumawahing karampungan utawi paukuman, tarkadhang enggal, tarkadhang lami. Tarkadhang dipun tampèni ing tiyang ingkang nglampahi kalêpatan piyambak, tarkadhang (saking laminipun) dipun tampèni anak putunipun. Măngsa dhumawahing paukuman ingkang makatên wau miturut sakarsanipun Gusti Allah, botên miturut kajêngipun manungsa. Makatên ugi warnining paukuman inggih miturut sakarsanipun Gusti Allah. Tamtunipun sagêd trêp kalihan takêring kalêpatanipun, sampun botên kenging dipun pokruli.

Kusumatmaja.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5.

3. Bab ukir-ukiran

Dèrèng dangu punika kula tuwi sadhèrèk dhatêng Kudus tuwin Jêpara. Wontên ing ngriku dipun ubêng-ubêngakên dening priyantun bêstir pakêmpalan B.O. sawatawis, parlu mirsani yêyasanipun têtiyang ing padunungan ngriku, ingkang kawical sae. Ing antawising kagunan-kagunan, ingkang dados pamanahan kula punika bab ukir-ukiran. Mèh racak griyanipun tiyang salêbêting kitha mawi potangaring ukir-ukiran, ingkang awig sarta angrawit pangukiripun, kados ta: sêsêkaran, êlung-êlungan malêbêt dhatêng kajêng ingkang dipun dhapur bumbung, lajêng mêdal malih. Sarèhning kula matur prasaja botên [bo ...]

--- 93 ---

[... tên] gadhah wiji kawruh dhatêng ukir-ukiran, mila botên sagêd angrumpaka kadospundi èdi sarta awiging ukir-ukiran wau, amung karaos ing dalêm pangraos, manawi sêsêkaran tuwin êlung-êlunganipun sampun anglênggahi kawruh ngukir cara Jawi, wah awig damêlanipun. Sagêd kula mastani makatên, katitik dene wujudipun botên amung nyakecakakên sawangan kemawon, malah ngantos karaos ing dalêm batos. Wêkasan katêtangi èngêt kula dhatêng kawontênaning rêca ing Barabudhur, Prambanan sapanunggilanipun. Raosing piwulang lair tuwin batos ingkang dumunung ing rêca ngriku, botên badhe kula andharakên, têtela manawi dhasaripun gêgayutan kalihan raosing agami. Dene ingkang dados raosing manah kula, tuwin panggalihanipun para sarjana ingkang trêsna dhatêng kabudayan Jawi, punika bab kagunan angukir sela, ingkang samantên èdi sarta awigipun, ingkang ngantos dintên punika, kawruh wau dipun larah dening para sagêd mêksa dèrèng kapanggih gamblangipun. Sarèhning sadhèrèk ing Japara tuwin Kudus, bokmanawi ing liya panggenan ugi wontên, têtela gadhah dhasar dhatêng ukir-ukiran, manawi kagunan wau dipun gêsangakên, bokmanawi sagêd dados margining pangupaya kagunan ngukir rêca ingkang ical lacakipun. Mila kula matur manawi kawruh wau kagêsangakên, awit saking pamirêng kula saking katêbihan, bab kawruh ngukir wau, dèrèng sagêd dados panggaotan agêng. Malah sajak kawon agêng kalihan panggaotan tukang kajêng limrah. Nitik garapanipun tukang kajêng limrah, inggih punika: meja, kursi, lêmantun sapanunggilanipun, lêrêsipun kawruh ngukir kajêng taksih mimpang luhur, nanging nyatanipun kawon pajêng. Saking pangintên kula, ingkang makatên wau, namung sabab mêmpanipun ingkang dèrèng mapan. Saupami kawruh wau dipun angge anggarap pirantosing tiyang gêgriya, tuwin sanès-sanèsipun ingkang dados kabêtahan umum sarta dipun ajêngi tiyang kathah, saèstu kagunan wau badhe dados panggaotan ingkang agêng. Dene sagêdipun kalampahan, kula sumanggakakên dhatêng kalangkunganipun pakêmpalan Jawi, ingkang ancasipun angajêngakên putra Indhonesia.

Mangsuli bab kapencut barang enggal. Ingkang kados makatên wau wontênipun sampun kina-kumina, lakar inggih makatên punika wataking manungsa. Dados inggih nama limrah, malah ingkang kathah (botên sadaya) bab niru gagrag sarta gêsangipun băngsa ingkang sawêg misuwur namanipun, sajak gadhah panganggêp manawi dados kawajiban. Lakar parlu tiyang kêdah tiru-tiru gagrag enggal, awit manawi botên makatên, kita botên sagêd majêng, namung kemawon sarèhning adêging kamanungsan punika, agêgandhengan kalihan anggêr-anggêring kodrat, mila panirunipun wajib kanthi kawaspadan, supados botên cêngkah kalihan karsaning anggêr-anggêr

--- 94 ---

wau. Ing măngka manawi miturut piwulangipun Sang Minulya Krêsnamurti, ingkang limrahipun sinêbut Sang Jagad Guru, suraosipun, manawi tiyang badhe wuninga dhatêng lêrês lêpating samukawis, kita botên dipun prayogèkakên muta-tuli pitados dhatêng punapa kemawon, sadèrèngipun dipun manah dipun pikir saparlunipun, manawi kita badhe angadani, amikir tuwin angraosakên lêrês lêpatipun satunggaling bab utawi panindak, parlu kêdah kothong, rêsik uwal saking bêbandaning pangowêl, katrêsnan, kamelikan, dhatêng kawontênan utawi kadadosan ingkang badhe kita raosakên, manawi makatên anggènipun minangkani, sayêkti badhe sagêd animbang lêrês lêpating panindak. Sarana lêkas ingkang kados makatên, kita badhe sagêd angraosakên, anitipariksa lêrêsipun, limrahipun manawi kita kêkêmpalan tiyang kathah, ngrêmbag satunggaling bab, pamanggihipun têtiyang wau lajêng nunggil dados satunggal, rujuk kalihan pamanggihipun ingkang dados juru sabda, ingkang botên jalaran saking uwohing pamikiripun piyambak, margi kadayan piandêl dhatêng ancasipun pamêdhar sabda. Manawi tiyang manah samukawis, ela-èlu anut pamanggihing tiyang kathah, sanadyan manah prakawis sapele, saèstu botên badhe mangrêtos kadospundi lêrês lêpatipun.

Êliding dongèng, sang minulya wau paring pamrayogi dhatêng kita sadaya, manawi badhe punapa kemawon, kêdah asêsendhean pikr sarta nalar, awit pikir wau ingkang minăngka obor kita, dados panulung, dados juru têdah margi ngambah ing ngalam donya ingkang gawat sarta lunyu. Kosokwangsulipun, manawi pikir kita dèrèng diwasa, dèrèng sagêd dados obor, dèrèng sagêd mitulungi, têgêsipun kalèntu pamikir kita, malah pikir wau sagêd anjalari pituna.

4. Bab nam-naman

Bobotipun dèrèng dipun adani yêktos, katabêrèn anam-anaman sampun nama lowung. Ing Jawi Kilèn, saurutipun Tanggêrang, damêlanipun tudhung sampun kawical sae, kantun modhèlipun ingkang kirang kathah. Dene nam-naman bangsaning wadhah sês, kopêr joli, wadhah wowohan, wadhah gantèn, sapanunggilanipun, ingkang kawical majêng ing tanah Pasundhan. Malah sapunika ing Sumêdhang sampun wontên ingkang ngêdali kursi lan meja dêling nam-naman, sarta dêling tutul, rupinipun pèni sarta kêkah, wangunipun kados kursi pênjatos damêlanipun tukang băngsa Tionghwa. Sasumêrêp kula slêpèn ingkang sae, damêlan ing Gombong, Karanganyar (Kêdhu). Damêlanipun alus sarta pèni. Mèmpêr kados slêpèn wulu mêrak, wêdalan Lasêm, wawratipun sampun kagolong awèt, wah mirah rêginipun manawi katandhing kalihan wadhah sês wêdalan klithikan utawi toko tèmplèk. Nanging sarèhning

--- 95 ---

sawêg mêningi jaman kapencut barang enggal, sajakipun panggaotan slêpèn kirang majêng. Ing măngka manawi dipun titi sayêktos, pigunanipun tumap babagan sês langkung kathah, amargi apêsipun rangkêp kalih: kange wadhah rokok, klobot, dika, dhasar abên-abênanipun, kangge sigarèt inggih purun, dipun lêbêti pipa dhasar mawi rangkêpan.

Gêlaran pasir, gêlaran alit palinggihan kursi, ingkang kathah wêdalan Magêlang, Munthilan, sarta kiwa têngênipun. Damêlanipun alus. Wontên ingkang lugas, wontên ingkang mawi sêkaran, nitik wujudipun, rêgining gêlaran wau sampun nama mirah. Sasumêrêp kula, têtiyang padhusunan ing saindênging pulo Jawi, racak sami sagêd nganam gêlaran. Nanging dèrèng sagêd ngêdali kados gêlaran pasir wêdalan Magêlang tuwin Munthilan. Kursi dêling wêdalan ing Bayalali (Surakarta) ugi sampun patut dipun agêm para alusan, kula sampun nate tumbas ing lelangan, meja satunggal, kursi sakawan rêgi f 4.-. Awètipun namung kaot sakêdhik kalihan kursi kajêng, nanging wangun sarta damêlanipun, dèrèng nyamèni wêdalan Sumêdhang kasêbut ing nginggil. Ing dhusun Plasa bawah kapanewon Sidaarja (Wanagiri), ugi wontên tiyang ingkang damêl capil, nanging modhèlipun taksih para, sarta wangunipun namung satunggal. Taksih onjo damêlan Bagêlèn, kajawi alus, modhèlipun sampun radi kathah.

Yêyasan-yêyasan ingkang kasêbut ing nginggil wau, manawi sagêd tumular mangetan, saèstu badhe sagêd mêwahi kasagêdan tuwin panggaotanipun tiyang siti. Sagêdipun kalampahan, bokmanawi parlu kêdah ngangge pitulunganing pakêmpalan. Awit manawi namung dayaning tèntunsêtèling, kados kemawon botên sapintêna. Amargi limrahipun, kajawi para ahli budi, manawi tiyang ningali barang-barang ingkang dipun pitontonakên wontên ing pêkên taunan, sêkatenan sapanunggilanipun, manahipun botên dumugi ing kajênging tèntunsêtèling. Rumaosipun namung karênan utawi gumun, dene ningali barang-barang sae, wêdalan măncanagari. Kok nyathêt sumêja niru, adhakanipun botên. Sanadyan anyathêta, margi kirang băndha, kirang bau sarta kirang kawruh, ingkang kathah namung kèndêl ing gagasan.

5. Bab grabah

Pot sêsêkaran, kêndhi sapanunggilanipun, wêdalan tanah Pasundhan, tuwin ing bawah Kabupatèn Bantul (Ngayoja) sampun nama majêng yêktos katimbang damêlan kina, pèni tuwin atosipun sampun iring-iringan kemawon kalihan damêlan Eropa. Malah pot siti wêdalan bawah Kabupatèn Bantul (Ngayojakarta), manawi botên kalèntu saking dhusun Kasongan, wangunipun sampun sagêd ngemba pot bêling damêlan Tiongkok, mawi [ma ...]

--- 96 ---

[... wi] pêpêthan leong utawi naga, dipun cèt sarta dipun praos pèni. Modhèlipun warni-warni: wontên ingkang alit dhepok, kangge sêsêkaran ingkang alit-alit. Wontên ingkang inggil mawi suku. Nitik wujud sarta pêpêthanipun, mèh sarupi pot bêling damêlan Tiongkok, rêginipun kalêbêt mirah sangêt. Ingkang agêng sapasang f 1,50, ingkang alit sapasang namung f 0,40. Kala samantên kula pitakèn pirantos-pirantosipun ingkang kangge andamêl pot, punapa mawi cithakan, dene sagêd andamêl rêca leong ingkang anggubêt pot. Sarta punapa wontên ingkang mawi sêkaran sanès rupi. Wangsulanipun botên mawi cithakan, pandamêlipun leong amung siti katèmplèkakên lajêng dipun pijat-pijêt, dipun wangun mawi driji. Dene sanèsing sêsêkaran ing wêkdal samangke kajawi leong, sêkar bakung, sêkar mawar, dèrèng gadhah modhèl malih. Emanipun dene kamajêngan ingkang botên sakêdhik aosipun, têka namung uthêk wontên ing tanah ngriku. Saiba prayoginipun manawi sagêd sumêbar ing tanah Jawi sadaya, jêr tiyang tanah Jawi wradin-wradinipun sami kulina damêl grabah balapêcah, nanging sasumêrêp kula ngantos dintên punika, dèrèng wontên kaindhakanipun, kajawi tanah Pasundhan tuwin ing Bantul wau.

Nitik dhatêng yêyasan-yêyasan ingkang kasêbut ing nginggil sarta sanès-sanèsing kagunan ingkang botên kajarwa ing ngriki, punapa malih nitik dhatêng tatacaranipun, ingkang gêgandhengan kalihan dhêdhasaripun, têtela manawi băngsa Jawi sampun majêng pikir lan pangraosipun. Mila kantun rêmbag pangupakara. Bokmanawi ugêr watakipun ingkang: ngarah apa: ical, kados kemawon sampun mungguh lêlangèn wontên ing ngalam donya. Taksih wontên sambêtipun.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5.

Wiraka

Kretanipun Sang Carudata punika. Criyosipun Ki Lurah Candhana makatên: Sing nunggang iki Wasantasena, arêp mênyang patamanan Kawak Puspakarandaka, arêp sênêng-sênêng ana ing kana.

Ipene Sang Prabu

Pripun para jêksa, saniki sampeyan krungu malih napa botên.

Jaksa

Ah, rêmbulan kang padhang anêlahi dibadhog ing Rau.

Banyu sing bêning dadi rêgêd marga kêjugrugan ing pinggire.

Wiraka, prakaramu bakal dak priksa kari-kari bae. Saiki kowe nungganga jaran kang ana ing sacêdhaking lawang gêdhong pradata kae, mênyanga patamanan Kawak Puspakarandaka. Tilikana: ing kana ana wong wadon kang mati apa ora. Taksih wontên sambêtipun.

--- 97 ---


dados. (kembali)
dados.
ilat. (kembali)
ilat.
panggandanipun. (kembali)
panggandanipun.
kalihan. (kembali)
kalihan.
rupiyah. (kembali)
rupiyah.
kabèh. (kembali)
kabèh.