Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-09, #432

Judul

Ăngka 9, Sèptèmbêr 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 15,- sapalih kaca f 8.- saprapat kaca f 5.- ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan. Ingkang abonêmèn kenging karêmbag.

Pawartos

Mugi andadosakên kawuninganipun para lêngganan, bilih administrasi ngajêng-ajêng sangêt dhatêng pêparingipun naphakah para lêngganan ingkang dèrèng lunas pambayaripun yatra lêngganan tumap taun 1934 sarta 1935, murih sampun ngantos kasuwun sarana pos, kwitansi. Makatên wau murih mayaripun sakalih-kalihipun.

Administrasi

Bab Pirantosipun Misaya Ulam Êloh ing Lèpèn Tanah Parêdèn, tuwin ing Tanah Ngare

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 8

Miturut piandêl kina, pandamêlipun sawarnining pancing, kêdah wontên ing dintên Sênèn Wage, botên kenging ing sanès dintên, malah dintên Kêmis, dados sirikan agêng. Tiga: pancing grandhul. Pancing grandhul punika, maligi kangge mancing ulam agêng, kados ta: sênggaringan, jambal sapanunggilanipun. Panganggenipun wontên ing lèpèn ingkang agêng, kados ta: ing lèpèn Sêrayu, Bêngawan Sala tuwin sanès-sanèsipun. Pancing, pirantos sarta têdhanipun sarwa beda kalihan pancing limrah. Walêsanipun ugi dêling, nanging kakên botên mêntul. Kênuripun bênang ingkang wulêd, dipun tampar sarta dipun salusur ing tlutuh kajêng turi. Pancingipun ugi kawat, nanging agêng. Kênur tanpa bandhul, dados botên kados limrahipun pancing. Dene têdhanipun prêcil. Manawi prêcil gêsang sampun dipun trapakên ing pancing, walêsan pancing dipun tancêbakên ing

--- 130 ---

pinggiring lèpèn ingkang lêbêt. Botên dipun kêlêmakên ing toya, namung dipun kambangakên kemawon. Dene prêcilipun taksih sagêd budi nglangi ngalèr ngidul. Pancing grandhul wau sapisan masang botên cêkap satunggal utawi kalih, sakêdhikipun gangsal wêlas iji, jèjèr-jèjèr dipun tancêbakên ing pinggir lèpèn. Dene ingkang gadhah botên ajêg nênggani, namung kala-kala ngendhangi. Wancining mancing ingkang sampun kalampahan, ugi botên dipun têmtokakên, siyang dalu ajêgan dipun pasang. Manawi angsal ulam, namung dipun santuni prêcilipun kemawon. Ing wanci dalu ugi mawi dipun endhangi. Sakawan: pancing lèrèp. Pancing lèrèp punika ugi namung kangge mancing ulam agêng, ingkang purun nêdha sasamining ulam. Mênggah wanci ingkang prayogi kangge mancing ulam kasêbut ing nginggil, manawi enjing wiwit jam: 7 dumugi 10. Manawi sontên wiwit jam: 3 dumugi jam 6. Pancing lèrèp punika ingkang dipun damêl timbêl, dipun gambar ulam alit. Sirah kalihan kèpètipun, dipun tèmplèki pancing limrah, dipun patri kêkah. Wêwangunan ulam timbêl ingkang sampun dipun tèmplèki pancing ngajêng wingking wau, lajêng dipun tangsuli mawi kênur. Pungkasaning kênur ingkang sasisih dipun angsalakên ing walêsan. Dene walêsanipun kados walêsan limrah, nanging radi panjang sakêdhik. Panganggenipun pancing lèrèp punika tanpa têtêdhan. Ugêr pêpêthan ulam timbêl wau sampun dipun tèmplèki pancing ngajêng wingking, sarta sampun wontên kênur tuwin walêsanipun, kantun nyêmplungakên ing kêdhung. Kênuripun kêdah kuwawi, awit ingkang dipun angkah ulam agêng. Mênggah panganggenipun wontên ing kêdhung, nangguh wancinipun ulam ngupados têdha kados kasêbut ing nginggil. Pancing wau botên dipun êkum ing toya, namung dipun lampahakên ngalèr ngidul, kados ulam ngêlangi. Kala-kala dipun lêlêpakên sakêdhik. Ulam agêng ingkang ngintên, bilih punika ulam alit lêlumban mudhik milir, enggal-enggal nyarab. Manawi pancing sampun dipun sarab ing ulam, juru mancing kêdah enggal nyêndhal pancingipun. Awit manawi botên enggal-enggal dipun sêndhal, mindhak dipun bêkta amblês ing toya. Manawi ngantos kalampahan makatên, sok sagêd mêdhotakên kênur, awit ulam ingkang wontên salêbêting toya punika, kêkiyatanipun tikêl, katimbang kalihan ingkang wontên ing sèsèr utawi anco. Gangsal: pancing rèntèng. Pancing rèntèng punika ugi pancing alit, ingkang dipun damêl kawat alit, kados pancing limrah. Mênggah rekanipun anggèning masang makatên: êduk sawiyaring lèpèn, utawi sawatawis kemawon, kiwa têngên dipun tangsulakên ing adêg-adêg dêling ori, ingkang dipun landhêpi ing ngandhap. Samangke kênur ingkang sampun wontên pancingipun, dipun tangsulakên ing sapanjanging êduk wau, êlêt ngalih têngah kilan, nanging tanpa bandhul timah, prêlunipun pancing ingkang sampun wontên têdhanipun, [têdhanipu ...]

--- 131 ---

[... n,] sagêd kampul-kampul anut ilining toya. Manawi sampun mirantos, adêg-adêging êduk ingkang isi pancing wau, dipun tancêbakên ing kiwa têngêning lèpèn ingkang toyanipun mili botên santêr. Inggilipun dipun kintên-kintên, supados kênur pancing sagêd dhumawah ing toya, pancingipun kampul-kampul kasêntor ilining toya. Ulam ingkang milir, mudhik botên anggraita bilih ingkang kampul-kampul wau pancing, dipun kintên têtêdhan. Enggal kasarab. Limrahipun mancing mawi pancing rèntèng punika, botên ajêgan dipun tênggani, cêkap namung kala-kala dipun endhangi. Ingkang prêlu dipun kawekani punika, manawi pancingipun sami ruwêd agêgathukan. Manawi kalampahan makatên, kêdah tumuntên dipun udhari. Nanging manawi ruwêdipun namung sawatawis, prayogi dipun kèndêlakên kemawon, mindhak kêkêrêpên nyêmplung ing kêdhung, satêmah adamêl ajrihing ulam. Dene têdhanipun kados pancing limrah. Nêm: pancing kerekan. Pancing kerekan punika, namung kangge mancing ulam agêng, wontên ing rawa, talaga utawi sagantên. Sanadyan ing lèpèn inggih kenging, ugêr wontên ulamipun ingkang agêng. Juru mancing ingkang ngangge pancing kerekan, ingkang kathah numpak baita alit, awis-awis ingkang manggèn ing pinggiran, awit limrahipun ulam ingkang agêng punika manggèn ing têngah. Pancing kerekan punika sami-sami pancing kathah piyambak ubarampenipun. Pancingipun wontên ingkang badhenipun kawat agêng, wontên ingkang waja. Kênuripun rami dipun tampar, panjangipun kirang langkung ngantos tigang dasa dhêpa, mawi bandhul timah kados sacaranipun pancing alit. Manawi botên pinuju kangge ngulur ngêtutakên plajênging ulam ingkang kenging ing pancing, kênuripun dipun gulung (dipun ikal). Walêsanipun, dêling dipun ongoti, bongkotipun agêng, pucukipun alit panjang, botên mêntul. Pancing limrah kênuripun ingkang sasisih dipun tangsulakên ing pucuking walêsan, wangsul pancing kerekan botên, namung dipun lêbêtakên ing klowongan kawat, ingkang jèjèr-jèjèr wontên ing walêsan. Wiwit ing pucuking walêsan, jèjèr tiga mangandhap. Tirahanipun dipun gulung. Sarana reka ingkang kados makatên, manawi pancing dipun sarab ing ulam, sarta kabêkta mlajêng, kênur kenging dipun ulur. Dene têdhanipun, ingkang prayogi piyambak, ulam alit, usus ayam, utawi bungkil dipun dhêplok kalihan juwadah. Sarèhning ingkang purun nyarab pancing wau mêsthi ulam agêng, sanadyan kênuripun rami, ewasamantên manawi dipun bêdhagal, kathah ingkang pêdhot. Mila manawi pancingipun dipun sarab ing ulam, kêdah dipun dhêdhêt, dipun ulur. Sarèhne karaos sakit, sarta badhe angoncati bêbaya, plajênging ulam sapurug-purug. Sakawit kalangkung santêr, dangu-dangu bandhangipun saya suda. Awit saking punika, supados tumuntên têlas kêkiyatanipun, sabên plajêngipun [plajêngipu ...]

--- 132 ---

[... n] kèndêl, kênuripun enggal dipun dhêdhêt. Manawi sampun kraos abêr plajêngipun, sawêg kenging dipun ambati utawi dipun gèrèd. Ewadene salêbêtipun anggèrèd, baita dipun lampahakên majêng alon-alon, dhatêng prênahipun ulam ingkang kenging ing pancing.

Salêbêtipun ulam ambanyaki mlajêng sapurug-purug, wontên ingkang prêlu dipun kawekani dening juru mancing, dipun jagia ulam sampun ngantos sumangsang utawi cumanthèl ing oyoding kêkajêngan, ingkang wontên ing salêbêting kêdhung. Manawi ngantos kalampahan makatên, ing măngka ulam taksih rosa, kênur ingkang kacanthol wau sagêd pêdhot, sabab panglumbanipun ulam ingkang ambanyaki.

Sasumêrêp kula, pratikêlipun juru mancing, anggènipun ngangge pancing kerekan, botên beda kados caranipun tiyang mancing limrah. Pancing dipun cêlubakên ing kêdhung, tangan têngên nyêpêng walêsan, kênur ikalan sadhiyan kangge nguluri, dipun cêpêng tangan kiwa. Nanging manawi pancing sampun dipun sarab ing ulam, sarta dipun bêkta mlajêng ing salêbêting toya, walêsan sampun botên dipun raosakên. Tangan kiwa têngên tumandang sadaya andhêdhêt, ngulur kênur, kados sacaranipun tiyang ngulukakên layangan, malah kêdah langkung trampil, awit plajênging ulam ing salêbêting toya, kajawi santêr, mawi nêkak-nêkuk botên kantênan jurusanipun, sabab saking karaos sakit. Ing măngka sabên kèndêl, kêdah dipun dhêdhêti, supados mlajêng malih. Ulam lajêng enggal sayah sarta suda kêkiyatanipun.

12. Jala. Jala punika apêsipun warni tiga: agêng, dhara, tuwin alit. Panganggenipun manut kawontênaning lèpèn, sarta ulam ingkang dipun angkah. Manawi wontên ing kêdhung, ing têngah botên wontên selanipun agêng, sarta wontên ing rawa tuwin talaga, punapadene ingkang dipun angkah ulam agêng, ingkang majêng jala agêng. Nanging manawi wontên ing kêdhung ingkang cêkapan tur botên sapintêna lêbêtipun, ingkang dipun angge jala dhara. Dene jala alit, namung maligi kangge wontên ing kalèn-kalèn, sarta ing papan rupak. Panjangipun jala alit watawis kalih mètêr, ingkang dhara kalih satêngah dumugi tigang mètêr, dene ingkang agêng ngantos wolu utawi sangang mètêr. Jala wau ingkang dipun damêl tamparan bênang, dipun salusur mawi babakan turi, sarta dipun anam rajut, bolonganing rajut wontên ingkang agêng, wontên ingkang alit manut prêlunipun. Jala agêng, dhara sarta alit, sami mawi bandhul timah utawi rêjasa, namanipun tampang. Jala tigang warni wau ing ngandhap, sami mawi kandhutan, manawi tanpa kandhutan, ulam ingkang kalêbêt ing jala sagêd mrucut. Jala alit ingkang tanpa kandhutan inggih wontên, nanging tampangipun kêdah kaduk awrat. Jala alit [a ...]

--- 133 ---

[... lit] ingkang tanpa kandhutan, namung kenging dipun angge wontên ing lèpèn alit.

Miturut cariyosipun sadhèrèk ingkang sampun kulina misaya ulam lèpèn, jala alit tuwin dhara punika langkung pikantuk, dipun angge ing wanci dalu, kajawi măngsa anjênu. Ulam ingkang radi agêng, ing wanci siyang manawi botên kapêksa, sami andhêlik wontên ing êrong. Mila jala prayogi dipun angge ing wanci dalu, saking ngandhap nungsung toya manginggil, jala alit limrahipun namung dipun angge anjala ing kêdhung utawi ing ulêkan ingkang èthèk. Manawi sampun dipun dhawahakên, ingkang kathah botên lajêng dipun pupus, dipun gogohi rumiyin. Manawi salêbêting jala wontên ulamipun ingkang radi agêng, dipun pêndhêt sanalika, awit manawi tumuntên dipun pupus, ulam ingkang sawatawis agêng, sagêd mrucut, botên malêbêt ing kandhutan, jalaran kandhutanipun alit. Dene jala agêng, panganggenipun botên dipun wingkis lajêng dipun kêpyukakên, kados limrahipun tiyang anjala. Dipun jèrèng tiyang wolu utawi sanga sami turut pinggir, dipun ungkulakên ing sawiyaring kêdhung, lajêng dipun culakên sêsarêngan. Makatên punika manawi têngahing kêdhung botên wontên selanipun agêng. Nanging manawi wontên, reka kados makatên wau botên sagêd tumindak. Mila jala agêng punika, sagêdipun tumindak sakeca kêdah wontên ing kêdhung lèpèn ing ngare. Mênggah wangunipun jala kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Jala

Taksih wontên sambêtipun.

Bab Dhusun ing Jêblog ing Sukunipun Rêdi Lawu

Karanganipun Radèn Mas Suradisastra

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 8

Bab tanêmanipun tiyang ing Jêblog

Dhusun Jêblog punika papanipun sampun ewonipun inggil, mila inggih asrêp sangêt. Saking asrêpipun, anjalari botên wontên tanêman pantun, jagung tuwin tela. Sampun marambah-rambah tiyang nyobi nanêm pantun tuwin palawija, botên sagêd sae, tur

--- 134 ---

umuripun langkung panjang tinimbang wontên ing ngare. Tanêman jagung umuripun ngantos nêm wulan, tarkadhang langkung, wujuding uwitipun kêra-kêra, wohipun alit-alit, sauwit namung sagêd uwoh satunggal, anakipun uwit tarkadhang botên sagêd awoh. Makatên ugi sanès-sanèsipun.

Manawi sampun dumugi ing wancinipun anggarap sabin ingkang badhe dipun tanêmi brambang, kapri, boncis, sasaminipun, kamajênganipun têtiyang ing ngriku, anggènipun têtanèn katingal ngungkuli têtiyang ing tanah ngare. Prasasat botên ngeman dhatêng jiwa raganipun. Makatên kawontênaning tumindakipun: ingkang jalêr sabên tangi tilêm enjing, lajêng dhatêng sabin anggarap sabinipun, kalihan dipun rabuk talethong ingkang sampun kasimpên wontên ing griyanipun. Tlethong wau sanajan sampun dados simpênan, inggih taksih têlês, tur gandanipun botên eca. Pambêktanipun dhatêng sabin sarana dipun wadhahi ing tenggok utawi tomblok, lajêng kasunggi utawi dipun rêmbat. Saking rêmênipun dhatêng rabuk wau, anggènipun madhahi namung sarana tangan kemawon, tanpa wigih-wigih, katingal sêngkut, rahap, dhokoh, kadosdene tiyang ngukupi uwos wutah, ingkang kasêlak katêdha ing ayam. Tiyang ingkang pambêktanipun talethong kasunggi, sampun tamtu badanipun pating dlèwèr kenging toyaning tlethong wau. Kok inggih eca kemawon sajakipun. Inggih anggènipun kados makatên punika, anggèn kula mastani botên ngeman dhatêng jiwa raganipun.

Têtiyang ing ngriku rêmên sangêt dhatêng rabuk talethong kapal, amila dhatêng kapalipun inggih gumati. Kapalipun katingal sami lêma-lêma.

Mênggah pirantosipun anggarap sabin, pacul kalihan sorok dêling. Garu tuwin walujêng botên kangge, awit papanipun wontên ing pêpèrènging rêdi, tur sitinipun ajêg mawur.

Paculipun punika warni kalih, ingkang satunggal doranipun panjang, kirang langkung kalih têngah dhêpa, ingkang satunggalipun limrah kemawon. Pacul ingkang doranipun panjang punika, kangge nyaruki siti ingkang têbih-têbih utawi ingkang inggil. Dene pacul ingkang doranipun cêlak, kangge ngradin guludan ingkang alit-alit, calon dipun tanêmi kapri tuwin boncis. Manawi badhe dipun tanêmi brambang utawi bawang, kênthang, punika guludanipun wiyar-wiyar. Pangradinipun ngangge sorok dêling wau.

Ingkang èstri wontên ing griya anggarap wijinipun brambang, bawang, kapri, tuwin sanès-sanèsipun. Panggarapipun katingal satiti. Siyang dalu, enjing sontên inggih namung nandangi wiji-wiji wau. Manawi sampun mangsanipun katanêm, inggih lajêng katanêm. Manawi anggènipun tanêm sampun rampung, têtiyang ing ngriku sawêg katingal sêla, awit manawi sawêg wancinipun tanêm, prasasat botên kenging dipun sêlani pandamêlan sanèsipun.

--- 135 ---

Bab têdhanipun tiyang ing ngriku

Saking kulina kula kalihan têtiyang ing Jêblog, ngantos sagêd sumêrêp padintênanipun. Têtiyang ing Jêblog botên kulina nêdha sêkul uwos, dene ingkang minăngka têdhanipun sabên dintên sêkul jagung. Saking kulinanipun bêthak jagung, dadosipun sêkul kuwawi ngantos kalih dintên dèrèng jêmèk utawi mambêt. Mila anggènipun bêthak inggih sabên kalih dintên sapisan. Têtiyang ing ngriku prasasat sadaya botên simpên uwos. Kajawi têtiyang ingkang kêrêp katamuan saking ngare. Dados tiyang ingkang dèrèng gadhah simpênan uwos, sawanci-wanci katamuan saking ngare, lajêng grobyagan ngupados uwos. Dene yèn botên angsal, inggih namung kasêgah sêkul jagung. Rêraosanipun sadhèrèk ngare ingkang sami nêdha sêkul jagung wau, kraos eca, labêt saking anggènipun awis-awis nêdha.

Têtiyang ing ngriku jalêr èstri kalimrahanipun sami anggantèn sarta susur. Awis-awis tiyang jalêr ingkang sês, punapa malih tiyang èstri. Wedangipun têtiyang wau ingkang kathah-kathah wedang ron kopi. Ingkang wedangan bubuk (kopi) inggih wontên, nanging botên kathah.

Mênggah pandamêlipun wedang ron kopi wau makatên: ron kopi saunting, dipun godhog ing kwangsul, toyanipun inggih nama kathah. Manawi sampun umob, sawêg kenging kaombe. Pangombenipun sami ngiras nyidhuk piyambak-piyambak sacêkapipun, dados botên wontên caranipun mawi dipun iling dipun wadhahi ing morong utawi teko. Gêndhisipun gêndhis Jawi, dipun lalab. Kwangsul wedang wau sabên dintên dipun êngêt, sarta yèn wontên latu nganggur, tilas kangge olah-olah, kwangsul wau inggih lajêng katumpangakên. Panggodhogipun makatên punika ngantos gangsal utawi pitung dintên, sawêg dipun santuni. Cariyosipun, wedang wau saya lami saya kênthêl tur nyandu, mila inggih sok ngêndêmi.

Anggèn kula dêdunung kêmpal kalihan tiyang ing dhusun Jêblog punika sampun sataun. Ewadene kula dèrèng mrangguli tiyang gadhah damêl mantu utawi têtakan, sarana nanggap têtingalan, kados ta: ringgit, topèng utawi sanès-sanèsipun, saking gawok kula, kula lajêng takèn dhatêng tiyang ing ngriku, punapa sababipun. Tiyang gadhah damêl botên wontên ingkang nênanggap têtingalan. Wangsulanipun gampil kemawon, glèthèk pêthèl, tur patitis: mindhak ngathah-athahi wragad. Têtingalan wau wragadipun botên tarimah namung tikêl, sagêd ugi tikêl tiga, katimbang kalihan ing talatah ngare. Awit têtingalan wau, ingkang wontên namung ing tanah ngare. Manawi badhe katanggap dhatêng ing Jêblog, ingkang dunungipun têbih kalihan ngare, tur dhusunipun wontên ing parêdèn, marginipun angèl, mêsthi kemawon wragadipun kathah sangêt. Nitik kawontênan-kawontênan ingkang sampun nate kula sumêrêpi, [sumê ...]

--- 136 ---

[... rêpi,] têtiyang ing ngriku manawi gadhah damêl, ingkang dipun têngênakên namung têdha, kacihna wontên ing pangrêngganipun griya botên sapintêna, botên karêngga ing sêkar utawi sêsêkaran, gambar-gambar inggih botên, sok ugi sampun rêsik, sampun. Ananging sêgahanipun sarwa kathah. Bêbasan ing ngrika: brokoh tani. Sok ugi nuwuki. Botên namung têtêdhan kemawon ingkang kasêgahakên, dalah tike, inggih kasêgahakên. Ing papan pajagongan ngriku sampun dipun cawisi jlupak sabêdudanipun kalihan tike kawadhahan ing cawan. Kajang sirah inggih botên kantun, jêr tiyang nyêrèt punika ecanipun kalihan anglekar. Cawisan makatên punika ngantos kalih utawi tigang panggenan.

Kalimrahanipun têtiyang ing ngriku manawi dipun ulêmi tiyang gadhah damêl, jalêr èstri sami nyumbang piyambak-piyambak sakuwawinipun. Ingkang gadhah damêl jalêr èstri inggih manggihi tamu piyambak-piyambak. Ingkang jalêr manggihi tamu jalêr wontên ing ngajêngan, ingkang èstri manggihi tamu èstri wontên ing wingking. Makatên punika manawi wancinipun nampèni pasumbang.

Ingkang gadhah damêl wau jalêr èstri anggènipun manggihi tamu sami nyêpêngi kêlud cêlak, minăngka dados pratandhaning nampèni tamu tuwin pasumbang. Yèn wontên tamu dhatêng, ingkang nyêpêng kêlud wau ngacarani anglênggahakên kalihan ngêludi papanipun. Sanajan papan wau sampun rêsik, inggih dipun kêludi. Sasampunipun sami satata lênggah, lajêng sami salaman bage-binage, sasaminipun. Nuntên salaman malih ngulungakên yatra pasumbang. Botên antawis dangu sêsêgahan wedang satêtêdhanipun dipun wêdalakên. Nyêrèt inggih dipun sêgah. Nanging manawi tamu wau botên ajêng, tikenipun sapirantosipun lajêng kaundurakên. Yèn sampun sawatawis dangu anggènipun sami ngombe wedang sarta nêdha têtêdhan, lajêng kaundur-undurakên, santun kasêgah nêdha, lawuhanipun ngantos sakawan utawi gangsal piring. Manawi tamu wau botên purun nêdha, inggih lajêng kaundurakên, sadumuginipun ing wingking, sêkul salawuhipun wau dalah têtêdhanipun, lajêng dipun wadhahi, kabuntêl ing ron, nuntên kasandhat ing janur utawi blarak. Manawi tamu wau pamitan mantuk, buntêlan wau katampèkakên minăngka brêkatanipun. Gadhah damêl kados makatên punika ingkang ngladosi kêdah kathah, awit satunggal-tunggaling tamu dipun ladosi piyambak-piyambak, nyumbang kados makatên punika limrahipun dipun wastani ambècèk utawi konjalan.

Dene manawi jagongan bayi, sêgahanipun inggih panganan, sêkul tuwin nyêrèt, nanging botên mawi sumbangan. Jagongan bayi wau dangunipun ngantos sadasa dintên, ingkang rosa malah ngantos kalih dasa dintên sawêg bibaran.

--- 137 ---

Kaelokanipun ingkang kuwasa

Sampun kula aturakên kasêbut ing nginggil, bilih tiyang ing dhusun Jêblog punika botên nanêm pantun utawi jagung. Ing dhusunipun botên wontên tanêmanipun kalapa, năngka, sukun, kluwih. Kalihan tăngga dhusun têbih-têbih. Kawontênan ingkang kados makatên punika nuwuhakên gagasan, gèk kadospundi têdhanipun têtiyang ing ngriku, têka sagêd sênêng-sênêng gêsangipun. Wontên ing ngriku kamirahanipun Gusti Allah katingal cêtha ngalela dhatêng tiyang kathah. Têtiyang ing ngriku pangupadosipun têdha botên angèl, gampil sangêt. Makatên têrangipun: ing dhusun Jêblog punika ingkang sisih kilèn kaprênah salèring margi, wontên pêkênipun. Pêkên wau pêkênanipun kaping kalih, Wage kalihan Lêgi. Ingkang sami sêsadean mriku inggih namung bakul-bakul ing dhusun-dhusun sakiwa têngênipun. Mênggah sêsadeanipun warni: jagung, tela sasaminipun, bumbu, klapa, sarêm, lombok. Kajawi punika lisah klêntik tuwin petrolium, pirantos pawon, awarni: grabah. Sruwal, rasukan, kipêr, arit, pêthèl, pacul sapanunggilanipun. Inggih pêkên punika ingkang prasasat damêl ramenipun ing ngriku. Tatacaranipun sade tinumbas namung urup-urupan, gadhahanipun tiyang ing Jêblog wulu wêdaling sabin: kapri, buncis, brambang, bawang tuwin sanèsipun. Inggih punika ingkang kalintokakên kabêtahanipun. Para bakul sami angsal kauntungan agêng, awit anggènipun ngurupi tiyang ing Jêblog mirah sangêt. Manawi anggènipun sami urup-urupan wau kathah, lajêng sami rêrêmbagan dhatêng ing griyanipun. Inggih pêkên wau ingkang minăngka lantaran gêsangipun têtiyang ing Jêblog.

Pêpundhènipun tiyang ing dhusun Jêblog

Ing sacêlakipun pêkên wau wontên pakuburanipun. Miturut cariyosipun têtiyang ing ngriku, agêng-agêngipun ingkang sumare ing ngriku Kyai Wanakasasa kalihan nyai. Pasareanipun punika sampun dipun cungkup. Cungkup punika ugi kangge ngrimati mêsiyatipun kyai wau, wujud gêntha kuningan. Inggih pasarean punika ingkang dados pêpundhènipun têtiyang ing Jêblog. Sabên taun sapisan, manawi sami brêsih dhusun utawi badhe anggarap sabin, têtiyang ing ngriku sami ngrêsiki pakuburan wau, sarta katêmtokakên wilujêngan mawi tumpêng kalihan panggang wontên ing pasarean ngriku. Sabên tiyang sami ambêkta tumpêng tuwin panggang piyambak-piyambak. Niyatipun sami nyuwun pangèstu, supados wilujênga dhusunipun, sarta sagêda mêdal sabinipun.

Ing sadèrèngipun kula nyatakakên, gumun kula kalangkung-langkung, dene kok tiyang satunggal ambêkta tumpêng satunggal dalah panggangipun pisang. Mênggah tumpêng wau ingkang dipun damêl [damê ...]

--- 138 ---

[... l] sêkul jagung, agêngipun kirang langkung sacangkir, inggih lancip. Dene panggangipun, ingkang kadamêl tempe dipun sunduki utawi dipun sapit, lajêng dipun panggang.

Panggang tumpêng punika wau miturut katêranganipun tiyang ing ngriku, nalurèkakên karsanipun ingkang dipun pêpundhi wau, inggih Kyai Wanakasa ingkang sampun sumare punika. Sanajan wujudipun namung sêkul jagung kalihan tempe dipun bakar, ing wêkdal kangge mêmule, namanipun panggang tumpêng.

Wit cêmara ing sawetanipun dhusun Jêblog

Sampun kula aturakên ing nginggil, manawi sawetaning dhusun Jêblog wontên marginipun mangidul urut pêpunthuk, katanêman cêmara kiwa têngênipun. Margi punika jugag.

Wit cêmara ingkang tharik-tharik wontên ing pinggiring margi punika wau, manawi nitik agêngipun sampun saprangkul-prangkul, mracihnani, bilih dede tatanan sapunika kemawon, têmtu yèn tanêman kina, kintên-kintên sèkêtan taun sapriki.

Saking pamanggih kula, prayogi sangêt manawi kula sagêd angsal katêrangan mulabukanipun dhusun wau anggènipun kanamakakên Jêblog. Milanipun kula lajêng ngupados katêrangan dhatêng tiyang ing ngriku, ingkang kalêbêt sêpuh piyambak.

Mulabukanipun nama dhusun Jêblog

Miturut katêranganipun tiyang ingkang kula pitakèni, sarèhning piyambakipun kirang gonah, dados inggih namung samangsuli pitakèn kula kemawon, botên sagêd anggancarakên ingkang tapis. Makatên: miturut cariyosipun êmbah-êmbah kula, nalika jamanipun kaki-kaki kula minggah kaping pintên, kula botên sumêrêp, griyanipun ing dhusun Kêmpul bawah Mangkunagaran. Dhusun Kêmpul punika prênahipun sakilèning dhusun Jêblog. Panggaotanipun sêsadean rajakaya: lêmbu kalihan maesa. Panyadenipun sarta anggènipun kilak dhatêng ing pêkên Parang, Sumarata utawi ing Badhegan. Manawi mangetan dhatêng ing pêkên Candhirêja tuwin ing Magêtan. Pêkên-pêkên wau marginipun mêsthi nglangkungi ing Jêblog ngriki. Anggènipun manggaota makatên wau ngantos pintên-pintên taun. Sabên kaki kula wau dumugi ing ngriki, nalika taksih wujud wana, mêsthi sumêrêp tiyang kalih jalêr èstri, sami nyambut damêl. Ingkang jalêr babad-babad, ingkang èstri nênanêm. Dangu-dangu babadanipun wau saya wiyar. Kaki kula wau sabên dumugi ing ngriki, adatipun ngasokakên kewan-kewanipun. Saking kêrêpipun ngaso wontên ing ngriki, kala-kala nêningali mrika-mrika, dumadakan sumêrêp rawa alit. Wontên ing salèripun pêkên punika. Dados tumrap kaki kula wau adhapur kalêrêsan sangêt. Sabên mantuk saking pêkên,

--- 139 ---

kewanipun mêsthi kaasokakên ing sacêlaking rawa wau. Sarèhning saya lami saya kraos sakecanipun, kaki kula wau lajêng damêl kandhang wontên ing ngriku. Maesanipun kaki kula wau sabên-sabên sami gupak ing rawa ngriku. Danguning dangu rawa wau saya wiyar, prasasat papan ngriku dados jêblog dening maesa gêgupak. Dangu-dangu kancanipun bakul rajakaya inggih sami ngaso wontên ing ngriku, têmahan siti ingkang jêblog wau saya wiyar. Ing wasana lajêng karan padhukuhan Jêblog.

Dene tiyang kalih jalêr èstri ingkang sami babad wau, babadanipun saya wiyar sangêt, tanêmanipun inggih kathah tur warni-warni.

Kaki kula wau danguning dangu lajêng tumut têtruka wontên ing ngriku, mila inggih lajêng têpang sae kalihan tiyang ingkang babad wau. Tiyang wau ngakên nama Wanakasa. Danguning dangu tiyangipun saya kathah, sarta sadaya sami suyud dhatêng Kyai Wanakasa. Sarêng Kyai Wanakasa sakalihan dumugi ing janji, kakubur wontên ing dhusun babadanipun. Anggènipun dipun pêpundhi têtiyang ing ngriku taksih lêstantun ngantos sapriki.

Bab nama: Wanakasa

Saking pangintên kula, nama Wanakasa, punika bokmanawi namung wancahan. Dene jangkêpipun Wanaprakosa. Kalanturipun lajêng dados Wanakosa, utawi Wanakasa.

Ing wasana kula sumanggakakên para maos.

Kawontênan ingkang anèh

Ing salèripun dhusun Jêblog punika wontên rêdinipun alit, nanging panjang, mujur mangilèn. Ing ngriku botên wontên têtuwuhanipun ingkang agêng-agêng, sarta inggih botên dipun tanêmi punapa-punapa. Ing ngriku namung katuwuhan kambêngan kalihan rumput. Rumputipun punika wontên ingkang dhêdhapuran kados pantun. Sadhapur witipun ngantos sakawan, utawi gangsal, ronipun inggih kados ron pantun, sarta inggih awoh kados pantun, nanging sauwit uwohipun namung satunggal, wangunipun gilig, agêngipun watawis sajêmpol. Ing nglêbêt isi toya. Saking cariyosipun tiyang ing ngriku toya wau kenging kangge jampi mripat mayo utawi bèlèkên. Kathah katatalanipun sami mantun. Wontên malih rumput ingkang mèmpêr kados makatên, ananging wohipun kados urang, agêngipun inggih mèh sajêmpol. Mila dipun wastani rumput urang-urangan.

Wontên ingkang gadhah pangintên, bilih rumput ingkang makatên punika, rumput ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata perangan Astikaparwa. Têtiyang Indhu mastani: rumput kosa. Rumput wau kadhawahan Amrêta ingkang dipun gondhol ing garudha. Wontên malih ingkang nyariyosakên dêdongengan sanès warni.

Kula sagêd ngaturakên sadaya prakawis ingkagn kasêbut ing nginggil wau, jalaran rumiyin kula

--- 140 ---

nyambut damêl dados mantri wonêng wontên ing Poncol, sacêlakipun Sarangan sataun laminipun.

Kula: Radèn Mas Suradisastra.

Kintamani

Rêdhaksi Pusaka Jawi tampi kintunan saking Pustaka Nasional Paphilyun G.N.I. Surabaya, buku cariyos roman, karanganipun tuwan Imam Supardi, basanipun Malayu. Mênggah punika rêdhaksi Pusaka Jawi matur nuwun.

Pamanggihipun rêdhaksi tumrap buku wau makatên: Agêng alitipun buku sêdhêngan, kêrtasipun alus sae, aksaranipun cêtha ngrêsêpakên. Pandhapuking cariyos modhèrên (cengkok roman Walandi). Pangikêting ukara brêgas. Têmbungipun kathah momoranipun têmbung Jawi utawi Kawi. Limrahipun buku-buku Malayu kathah momoranipun têmbung Arab, nanging Kintamani prasasat botên wontên Arabipun. Suraosipun nêngsêmakên. Pantêsipun dados waosanipun tiyang ingkang sampun ngumur. Kados limrahipun roman, manawi kawaos lare ingkang ngancik diwasa kirang prayogi, nguwatosakên. Langkung malih tumrap lare Jawi, awit adat tatacara pusakanipun para sêpuh Jawi dhatêng anak putu: lare jalêr kaawisan pêpanggihan kalihan lare èstri sami ijèn. Măngka ing sêrat Kintamani nyariyosakên pasrawunganipun Radèn Sudarta kalihan Radèn Ajêng Utari, sarta kalihan I Luh Lêntari, anggènipun mardika kados băngsa kilenan kemawon. Punika botên cocog kalihan kasusilan wetanan.

Arjuna Wiwaha (Arjuna Binayangkare)

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 7.

Sanajan sampun kêtrucut têmbungipun, nanging rèhning dhasaring pambêkanipun sakalangkung adigang adigung adiguna, pramila kawistara ing sêmu, bilih botên gadhah ngêdhap, panggalihipun tatag panggah kados rêdi Sêmèru.

Ing dalu punika ugi sakathahing wadyabala danawa sami nglêmpak nêdya ngrabasa kaendran. Ing salêbêting nagari jêjêl ariyêl kêbak wadyabala, sadaya sampun asikêp dêdamêling prang. Swaraning têngara, slomprèt, bêndhe, gubar, barung kalihan swaraning wadyabala gumuruh kados swaraning blêdhèg sayuta mungêl sêsarêngan.

XXI. Enjingipun Prabu Niwatakawaca miyos sumêdya nyalirani prang. Sandi upayaning mêngsah botên karèwès, cêkakipun namung nêdya abên kadigdayan tuwin kaprawiran. Sang Niwatakawaca nitih rata waja pinatik ing sêsotya, panarikipun liman pêthak agêng-agêng. Kreta lumampah gumêrit, siti ingkang kaambah bêlah. Sang Niwatakawaca lênggah ngêdhangkrang [ngê ...]

--- 141 ---

[... dhangkrang] wontên ing kareta. Ubaling krodhanipun sumub ing netra, katingal abrit angatirah. Sampeyanipun ingkang kanan kabandul, ingkang kiri katumpangakên ing pêpangkoning widadari kêkasihipun.

Dêdamêl ing Manimantaka bidhalan. Lampahipun radi rêmbêd dening jêjêl riyêling wadyabalanipun. Para raksasa wontên ingkang lumampah dharat, wontên ingkang numpak liman, kapal, sima, singa utawi kuldi. Lêlayunipun wacucal sawêr taksih kakatutakên sirahipun, rinêngga ing sêsotya mubyar. Wontên bandera agêng, ingkang kadamêl wacucaling liman, gadhingipun pêthak mêmplak. Katingalan saking katêbihan pindha mêndhung ngrêgêmêng, kasrang ing thathit.

Lampahing wadyabala ngombak-ombak pindha samodra bêna, utawi gêgulungan pindha rêdi lêlampah sajurang wananipun. Wana-wana ingkang kaambah larut sirna kêkajênganipun. Ingkang munggul tuwin ingkang lêdhok dados waradin. Ing nalika punika wontên lindhu, jawah dêrês, blêdhèg ngampar-ampar, thathit lêliwêran, prahara agêng anggêgirisi, pucaking rêdi-rêdi sami manggut-manggut, măngka sasmita yèn nagari Manimantaka badhe risak samudayanipun.

XXII. Sang Arjuna matur dhatêng Sang Hyang Endra, yèn sampun sagêd kadumugèn punapa ingkang sinêdya. Para dewa sami bingah. Ing wasana wontên pacalang dhatêng, matur dhatêng Hyang Endra, yèn danawa raja sampun dhatêng, malah sampun adamêl risaking kayangan. Ing èrèng-èrènging rêdi Mahamèru kêbak raksasa wadyabalanipun Niwatakawaca. Sang Hyang Endra tumuntên paring dhawuh dhatêng Sang Arjuna: Putraningsun, ingsun wus rumanti, mung kari ngêntèni sira. Para dewa kabèh wus padha siyaga ing gawe sumêdya mêthukake panêmpuhing raksasa. Saiki mungsuh wus padha mangkat sumêdya ngrangsang, mulane bètèng-bètèng kabèh kudu dijaga sarta kudu padha ngrakit gêlar pananggulang. Yèn ana mungsuh sing wani nyêdhak, kudu enggal disirnakake. Watak wantune prajurit prawira, nêmpuh utawa ditêmpuh kuwi padha bae. Macan mati, yèn nganti wani nglurug mênyang padunungane baya. Baya nêmahi tiwas, yèn wani nglantak mênyang grumbuling macan. Makatên pangandikanipun Sang Hyang Endra. Sang Arjuna matur sagah nêtêpi kawajibaning satriya mangun pêrang.

XXIII. Sang Hyang Endra miyos saking ing kitha ingiring sagunging para wadyabala jawata, nitih liman linarapan ing kêncana mubyar pindha rêdi latu lumampah. Sinongsongan ing êlaring garudha kados mêndhung. Sariranipun kinêmulan ing praba sumunar kados wimbaning surya malêthèk ing wanci enjing. Isèn-isèning Suralaya sami surak mawurahan sarwi mêmuji jaya-jaya. Nuntên jawah sêkar mawarni-warni. Kathah ngilapat ingkang mahanani badhe ungguling yudanipun.

Para jawata sami bodholan apacak baris, [bari ...]

--- 142 ---

[... s,] sami ambêkta lêlayu abrit ambranang kumitir pindha langit kabêsmi. Sadaya sami akalung sêkar oncèn. Cacahing rata ingkang pinatik ing nawarêtna titihanipun para widadari tuhu tanpa wicalan. Swaraning surak barung kalihan ungêling têtabuhan gumuruh angêbaki awang-awang.

Dene Sang Arjuna amungkasi lampahing baris, nitih rata rinêngga ing sêsotya abyor, saratinipun gagah prakosa. Bantêring lampahipun rata, sagêd rikat prasasat lampahing gagasan. Tunggulipun pêthak kataman gêbyaring surya ngênguwung. Kênyaring makutha tuwin rasukan kêre pating clèrèt pating galêbyar pindha lintang alih dhawah ing ngarsanipun. Lampahing wadyabala jawata gumêbyar kêbak praba ngantos nyurêmakên surya tuwin wulan.

XXIV. Ing lambunging rêdi Mèru ingkang têmbing kidul sampun pênuh tiyang ingkang sami ngungsi, margi katrajang ing wadyabala danawa. Miturut gotèking pawartos, sampun kathah têtiyang ingkang sami katawan sarta inggih kathah ingkang sami kamăngsa ing danawa. Wasana cucuking barisipun dêdamêl ing Manimantaka dhatêng, lajêng nasak barisanipun para jawata, ananging sagêd kaundurakên kanthi gampil.

Sang Hyang Endra tumuntên ngrakit gêlar wontên ing jurang sela, sakalangkung santosa kados salimrahipun bètèng ing parêdèn, sakalangkung gawat angèl ambah-ambahanipun. Gêlaring barisipun para jawata kados sirah mangkara. Ingkang dados badanipun Sang Hyang Endra kalihan para agul-agul. Cucuking prang Radèn Dananjaya.

XXV. Sarêng sampun rampung pangikêting gêlar, wadyabala raksasa dhatêng, swaranipun gumuruh. Pangêmprèting liman, barung kalihan bêngingèhing kapal. Kumlèbèting lêlayu, gumêrèting rata barung kalihan kumrincinging dêdamêl, kados kocaking samodra rob. Bumi gonjang-ganjing, surya coblong pêtêng dhêdhêt. Rêdi Mèru gênjot amanggut-manggut.

Tumêmpuhing prajurit sakalangkung sêrêng kados têmpuking rêdi. Swaraning têngara gamêlan tuwin têtabuhan kasilêp ing kumêpruk sarta carêngklinging dêdamêl tuwin pasambatipun ingkang sami kêtaton punapadene ingkang sami badhe pêjah. Ing pundi-pundi kapirêng swaraning surakipun prajurit ingkang sagêd nyigar sirahing mêngsahipun.

Saya dangu saya rukêt pêrangipun, kunta tuwin panah sampun sami binucalan, kantun pêrang campuh rok rukêt, bindi-binindi, pêdhang-pinêdhang, tumbak-tinumbak, suduk-sinuduk. Wênèh wontên ingkang gigit-ginigit, dugang-dinugang tuwin têkak-tinêkak.

Kathahing pêpêjah maèwu-èwu tumpuk undhung pindha rêdi. Para senapati sarta andêling prang waringutên ngrubyuk sarta nyabrang sagantên rah.

Wadyabala danawa kasoran pêrangipun, kathah ingkang pêjah tuwin katawan. Prabu Niwatakawaca [Niwata ...]

--- 143 ---

[... kawaca] duka sangêt, lajêng mangsah ngamuk punggung, singa katrajang buyar. Bala kadewan sami giris, mundur saking palagan.

XXVI. Tandangipun para danawa kados Hyang Yama, sakalangkung wêngis, singa kacêpêng dipun têkak, dipun idak-idak tuwin dipun kêmah-kêmah. Wulunipun ngêdalakên sawarnining dêdamêl landhêp, mripatipun angêdalakên gada tuwin tumbak.

Wadyabalanipun Hyang Endra prasasat tumpês tapis. Gêlaring barisipun morat-marit. Para jawata sami lumajêng ngungsi dhatêng panggenanipun Sang Arjuna.

XXVII. Sang Arjuna matak aji sarta ngêningakên cipta, prêlu ngêdalakên jêmparing pêparingipun Sang Hyang Siwah. Jêmparing wau bedhoripun ngêdalakên latu awarni raksasa pitung yuta kathahipun, sadaya sami asikêp dêdamêl, ambyuk ambêsmi mêngsah. Prabu Niwatakawaca inggih lajêng matak aji, tutukipun ngêdalakên danawa agêng-agêng, nglangkungi ingkang sampun kapupu ing paprangan. Wadya kadewan bibar sarsaran. Sang Arjuna katut kêplajêng. Prabu Niwatakawaca asru sumbar: Hah, hah, hah, e, manungsa, kowe ambêk dibya wani karo aku. Mara tutugna sabudimu. Apa ora krungu warta yèn aku kang nguwasani tri buwana. Iya iki dêdalane anggonmu kêcêmplung ing naraka.

Ing nalika punika Sang Arjuna ngêmbat-êmbat langkap kalihan matak măntra, api-api dhawah gumuling wontên ing salêbêting rata, margi kados kataman ing kunta. Prabu Niwatakawaca murugi sarwa sêsumbar anyênyampahi, ngantos kêsupèn dhatêng dununging pêjah gêsangipun. Ing wasana jêmparingipun Sang Arjuna kalêpasakên, trêp tumanduk ing pucuking ilatipun sang danawa raja, pêjah kapisanan. Ambêk kumalungkungipun anjalari weya. Weya punika dados sasmita yèn sampun cêpak kalihan cilakanipun.

XXVIII-XXXVI. Sang yaksendra sampun pêjah. Dene wadya danawa kêkantunanipun sakêdhap kemawon larut kataman ing jêmparing latu.

Sasirnaning mêngsah tumuntên jawah riwis-riwis. Langit ngênguwung, angin sumilir, mêndhung angêndhanu, surya akalangan, suka sasmita yèn wontên gêgêdhuging prang pêjah ing ranangga.

Sang Hyang Endra mundhut toya panggêsangan. Ingkang sami kêtaton sami dipun usadani, ingkang pêjah kagêsangakên malih. Para dewa lajêng sami wangsul. Samargi-margi tansah asuka-suka angginêm kamênangan tuwin kakêndêlanipun. Namung para andêl ingkang sajati ingkang sami kèndêl kemawon.

Sadumuginipun ing Suralaya tumuntên sami mangun kasukan bujana ăndrawina. Sang Arjuna kajumênêngakên nata mangrèh ing kaendran.

Kaparingan kadhaton sakalangkung endah sami kalihan kadhatonipun Hyang Kama. Sang Arjuna ngasokakên sarira wontên ing kadhaton, binusanan ing agêm-agêman sarwa adi. Remanipun kaore, saya mêwahi bagusipun. [ba ...]

--- 144 ---

[... gusipun.] Para widadari pêpilihan ingkang rumiyinipun, nalika Sang Parta taksih tapabrata sami kasirik, sapunikanipun sami ngladosi sarta sami kalêgan ingkang dados onênging manahipun. Pikramanipun Sang Arjuna ingestrenan para jawata. Saisining Suralaya sami kasukan nutug amulyakakên sang pinangantèn.

Sang Arjuna anggènipun mukti wibawa wontên ing kaendran ngantos pitung wulan dangunipun. Sarêng sampun dumugi, tumuntên nyuwun pamit badhe wangsul dhatêng marcapada nunggil kalihan kadang-kadangipun.

Sang Hyang Endra paring pêpèngêt dhatêng Sang Arjuna, pangandikanipun: He, putraningsun, dikukuh anggonira nindakake kautaman, jalaran yèn sira nganti kinêlun marang ardaning pêpenginanira, bakal muspra bae kasutapanira. Elinga, candhi sing kukuh bakuh, bisa jugrug marga katemplekan ing waringin. Saupama ing nalikane wit kuwi mau isih cilik wis dibêdhol, ora bakal bisa gawe karusakan. Mangkono uga atinira, rêksanên murih ajêge rêsik. Yèn ana srompod sing lumèngkèt, enggal watunên, aja nganti kadaluwarsa. Makatên wêwarahipun Sang Hyang Endra. Para widadari sami nangis. Yèn kenginga, sami lênggana tinilar Sang Arjuna. Sang Arjuna lajêng wangsul dhatêng marcapada nunggil kalihan kadang-kadangipun malih.

Sampun rampung anggèn kula ngrumpaka pikramanipun Sang Arjuna. Sawêg sapisan punika kula, pun Kanwa, coba-coba nganggit sarta ambabar Kakawin. Èstunipun manah kula sawêg gorèh, amargi kula badhe andhèrèk sang prabu pêrang. Mugi sakathahing pêpuji konjuk ing ngarsanipun Sang Prabu Erlangga, ingkang sampun miyarakên nagarinipun ngantos tikêl kalih, punapadene sampun karsa ngabsahakên sêrat punika.

Nglayad Sadhèrèk Kasripahan, sarta Panguburipun Layon, Saubarampenipun

Culikan sêsorahipun Radèn Sasrasugănda wontên ing pakêmpalanipun para priyantun pènsiunan ing Ngayogyakarta.

Sarêng kula tampi sêrat saking pangrèhipun pakêmpalaning priyantun pènsiunan,[1] kakarsakakên mêdhar sêsorah wontên ing parêpatan, ragi awrat raosing manah kula. Jalaran pakèwêd pamilih kula prakawis pundi ingkang badhe kula aturakên. Sabab ingkang badhe mirêngakên: para priyantun ingkang sampun sami rampung pasinaonipun. Manawi kula upamèkakên tiyang ngaos, sampun sami katampa ngaosipun. Sampun pêpak utawi jangkêp lêlampahan ingkang dipun alami. Kajawi punika sampun sami kulina dhatêng kula:

Wontên ingkang tilas murid. Badhe kasambêt.

--- [0] ---

[Grafik]

Nalika mragad menda sarta mêndhêm sirahing menda wau wontên sangandhaping saka pandhapa.

[Grafik]

Regoling museum Sanabudaya.

--- [0] ---

[Grafik]

Wilujêngan, nalika ngêdêgakên saka pandhapa sarta nalika mêndhêm sirah menda.

[Grafik]

Patanèn, pêparing dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping wolu, têtilaran saking Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Mangkubumi.

--- 145 ---


§ Namaning pakêmpalan: Swaragati Ngèsthi Tunggal. (kembali)
§ Namaning pakêmpalan: Swaragati Ngèsthi Tunggal.