Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-12, #445

Judul
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 12, Dhesèmbêr 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sarta Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 15.- sapalih kaca f 8.- saprapat kaca f 5.- Ingkang lajêng kaparêng lêngganan, angsal sudan. Ingkang abonêmèn kenging karêmbag.

Bikakipun Museum Sanabudaya

Bab pahargyan bikakipun Museum Sanabudaya, Pusaka Jawi botên damêl pratelan piyambak, namung badhe mêthiki saking sêrat-sêrat kabar sanès kemawon, langkung-langkung saking Sêdyatama. Wondene ingkang kapacak rumiyin piyambak, pêthikan saking Sêdyatama, kapacak sablêgêripun, namung dipun lêrêsakên kalèntuning pangêsèt utawi pangêcapipun, sarta dipun lêrêsakên sakêdhik-sakêdhik manawi wontên kirang têrangipun. Dados ing ngandhap punika sadaya pêthikan saking Sêdyatama.

Kêpyakan Sanabudaya

Kêpyakan Museum Sanabudaya, yasanipun pakêmpalan Yapha Insêtitut, wontên ing nagari dalêm Ngayogyakarta ngriki amarêngi dintên Rêbo Wage tanggal kaping 6 Nophèmbêr1935.

Ing dintên wau Sanabudaya ingkang wêwangunanipun kadamêl cara Jawi ingkang katingal ing sêmu ngêngrêng awingit, karêngga sarwa prasaja, anjalari kawingitanipun kasêmbuh ing sigit angrêspatèni. Museum majêng mangidul, ngajêngakên alun-alun êlèr.

Ing ngongrongan sisih lèr, dipun isèni kursi sadhiyan palênggahan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta kalihan tuwan gupêrnur, sarta wakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sarta pangarsa Yapha Insêtitut. Sacêlakipun ngriku palênggahanipun para gusti, bandara, sarta para pangeran, sisihan kalihan palênggahanipun para [pa ...]

--- 178 ---

[... ra] putri, putra sarta rayi-rayi dalêm, punapadene garwanipun para pangeran. Sisih wetan kasambêtan papan palênggahanipun para warga rad kawula. Ingkang sisih kilèn palênggahanipun para bupati, kasambêt ing sisih kilèn iring kidul, sarta sisih kidul, palênggahanipun para tamu sanès-sanèsipun, kalêbêt ugi wakiling sêrat-sêrat kabar sarta golongan partikêlir.

Wiwit jam wolu para tamu sampun wontên ingkang rawuh. Saya dangu saya kathah, dumugi jam 8.45 sampun ngalêmpak sadaya. Jam 9 ngarsa dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan rawuh, kadhèrèkakên para gusti sarta para bandara pangeran, saha pêpatih dalêm.

Sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta botên sagêd rawuh, dipun wakili putra dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam inggih botên sagêd rawuh. Dipun wakili Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, bupati pêpatih Pakualam. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, rawuh sakalihan gusti kangjêng ratu.

Lênggah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan wontên ing têngah, kaapit-apit tuwan Gupêrnur Ngayogyakarta kalihan pangarsa Yapha Insêtitut Prof.Dr.R.A. Husin Jayadiningrat (warga rad pan Indhi), ing satêngênipun dêlèr Husèn Jayadiningrat, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, ajêng-ajêngan kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang lênggah wontên sakiwanipun gupêrnur, anyêpuhi lênggahipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

Para gusti sarta bandara pangeran ingkang rawuh, Ngayogyakarta sadaya, Surakarta: Gusti Pangeran Abèi,[1] Ba.Kang.Pa.Ar. Adiwijaya. Ba.Kang.Pa.Ar. Kolonèl Purbanagara. Kajawi punika para Kangjêng Pangeran ing Kadipatèn Mangkunagaran kalihan Pakualaman, ugi wontên sawatawis ingkang rawuh.

Tamu warga rad kawula: Kusumautayan, Tamrin, Kasima, Prawata, lan taksih wontên sanèsipun malih kathah.

Tamu para bupati saking Jawi Têngah sarta wetan, Surakarta lan Ngayogyakarta pêpak, samantên ugi para bupati nayaka ing praja kajawèn. Mistêr Kang.Ra.Tu. Wăngsanagara, Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, bupati patih Mangkunagaran, Kang.Ra.Tu. Nitinagara (ingkang sapunika asma: Kang.Ra.Tu. Natayuda) ugi katingal rawuh.

Tamu para sagêd sarta partikêlir ugi kathah, kados ta: Mistêr Sumardi, Mistêr Sastra Mulyana, Ra.Ma.Ar. Suyana, dhoktêr bêsar Ra. Rujita, dr.Ra.Nga. Purbacaraka. Ki Hajar Dewantara, lan sanès-sanèsipun.

Tamu priyantun Walandi: tuwan Gobee Adpisur Inlansêsakên, tuwan Insinyur Sitsên saking dhêpartêmèn Ekonomi, tuwan Kats lan sanès-sanèsipun.

--- 179 ---

Sarêng ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sampun lênggah, para warga pangrèh Yapha Insêtitut lajêng mapan. Pangarsanipun, Prof. Dr. R.A. Husin Jayadiningrat lajêng sêsorah minăngka:

Bêbuka

Pangarsa ngunjukakên kasugêngan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, ingkang wiwit nalika badhe adêgipun museum katingal sangêt anggènipun kaparêng manggalih, sarta ambiyantu. Sampun mêsthi kemawon Yapha Insêtitut inggih ngunjukakên gênging panuwunipun ingkang tanpa upami.

Sasampunipun makatên lajêng ngunjukakên kasugêngan dhatêng tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta ingkang dados wêwakilipun tuwan gupêrnur jendral. Inggih punika sanggar waringinipun Yapha Insêtitut. Saha lajêng ngunjukakên kasugêngan dhatêng wakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang dados pangarsa minulya Yapha Insêtitut, sarta dhatêng wakil dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam. Wasana ngaturakên kasugêngan dhatêng wakil dhepartêmèn ondêrwis, dhatêng wakil dhirèksi Koninklijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen sarta dhatêng para tamu sadaya.

Kêpyakanipun museum punika nyarêngi dintên wiyosan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, inggih punika dintên Rêbo Wage. Mila dintên kêpyakan Sanabudaya punika tumrap pangrèh, kamanah dintên sae.

Bêbadan adêging museum.

Sasampunipun makatên, pangarsa lajêng ambabadakên adêgipun Museum Sanabudaya, ngiras pantês ngaturi panuwun dhatêng para ingkang sampun anglabêti. Bêbadan adêging museum wau kawêdharakên wosipun makatên:

Karampunganing rêmbag bab ngadêgakên museum, punika dilalahipun inggih wontên ing kitha Ngayogyakarta, anyarêngi konggrès Yapha Insêtitut ing wulan Dhesèmbêr taun 1924. Ingkang dados jalaranipun gadhah karampungan makatên wau, margi kala sêmantên ngadani tèntunsêtèling mitongtonakên kagunan yêyasan, bab wêwangunan sarta rakitipun griya Jawi. Margi wontên kawontênan warni-warni, bab wau dèrèng sagêd kalampahan katindakakên, tur saèstunipun pikajênging karampungan wau inggih namung nêtêpakên dhêdhasar.

Yapha Insêtitut gadhah sêdya ing wulan Dhesèmbêr 1929 badhe mèngêti sadasa taunipun, srana ngawontênakên konggrès manggèn ing Surakarta. Wontêning sêdya ingkang makatên wau, tumusipun anjalari Yapha Insêtitut macak atur dhatêng dhirèktur dhepartêmèn yustisi, wosipun prêlu nyuwun panduman lotre, badhe kangge nglêksanani jangkanipun ingkang sampun kaidham-idham dangu, inggih punika yasa museum sarêng-sarêng [sa ...]

--- 180 ---

[... rêng-sarêng] kalihan para panjênêngan dalêm nata ing praja kajawèn. Kala sêmantên ingkang jumênêng dhirèktur Yustisi Mr.J.J. Schrieke. Panyuwunipun Yapha Insêtitut wau kala 1930 kaparêngakên, lajêng kenging kaangge pawitan. Saupami botên makatên, jăngka ngawontênakên museum wau sapriki mêsthi dèrèng kalêksanan. Margi makatên wau, wontên ing ngriki punika, kula pangrèh ngaturakên gênging panuwunipun Yapha Insêtitut dhatêng tuwan Mr.J.J. Schrieke. Pawitan wau ing taun 1934 angsal wêwahan malih saking panduman lotre.

Sarêng makatên, pangrèh padintênan Yapha Insêtitut lajêng andhapuk panitya museum. Punika kapatah damêl ancêr-ancêr bab wangunan, pasang rakit sarta gêsangipun museum. Ingkang dados warganing panitya tuwan Ir.Th. Karsten, P.H.W. Sitsen kalihan S. Koperberg.

Sêdyanipun Yapha Insêtitut ngawontênakên museum wau, katingalipun gatra, sarêng sampun angsal griya ingkang sasampunipun kaewahan, lajêng kados samangke punika. Angsalipun griya dalah anggènipun angewahi, punika awit saking pitulunganipun tuwan Ir. J.L. Moens sarta rembagipun panitya museum. Griya punika suwau griya sêkaotan, yasan B.O.W. kala pitung dasanan taun ingkang kapêngkêr.

Anggènipun milih griya wontên ngriki punika, wontên nalaripun, jalaran ing ngriki punika alun-alun ingkang dados têlênging kitha. Kajawi makatên kawawas saking kabudayan, alun-alun lèr punika kenging kawastanan dados kalêmpakanipun gêsang Jawi, jalaran manawi wontên karamean, têtiyang sami nglêmpak wontên ing ngriku. Jêr saking pamanggihipun Yapha Insêtitut, museum makatên kêdah sêsambêtan kalihan bêbrayan Jawi ing samangke, dados gêsang, dalah mêkaring kamajênganipun museum makatên botên kenging namung mrêlokakên dados paklêmpakan sarta naliti barang-barang kina kemawon.

Paklêmpakanipun inggih kêdah marnèkakên gêgambaran umum ing bab babading kabudayan ing jaman ingkang sampun kapêngkêr sarta jaman sapunika tumrap: Jawi, Sundha, Madura tuwin Bali. Wêwarnèn babading kabudayan makatên punika, gêgêbênganipun botên namung nitipriksa kemawon, ingkang langkung prêlu ngajêngakên kabudayan wau. Sagêdipun makatên wau, kêdah ngajêngakên tiyang ingkang dhatêng ing museum, utawi sarana mitongtonakên barang, mawi dipun lêbêti corak utawi cêngkorongan anyar. Sarana mranata sagêdipun tiyang ningali museum sêsarêngan, ngawontênakên sêsorah-sêsorah sasaminipun. Ngongronganing griya museum kenginga kasambut pakêmpalan-pakêmpalan ingkang gêgayuhanipun tunggil kalihan têbaning panyambutdamêlipun Yapha Insêtitut, klêmpakaning buku sarta papan kangge maos, sagêda angajêngakên pandamêlan museum.

Awit saking papanipun wontên ing Ngayogyakarta sarta kathah ingkang migatosakên, sampun mêsthi kemawon museum punika badhe

--- 181 ---

adamêl saening pangipun kabudayan ing Ngayogyakarta, sarta inggih gadhah sipat Ngayoja. Nanging saèstunipun museum punika botên sinêdya kadamêl museum ingkang asipat saênggèn. Museum punika sêdyanipun mila dadosa museum kabudayan, ingkang kikis sarta kamajênganipun kapêndhêtaken saking tapêl watês sarta kamajênganing kabudayan-kabudayan ingkang sampun kula aturakên wau, ingkang gêgambaranipun lajêng winujudakên ing museum wau.

Makatên punika atur kula bab gêgrambyanganing sêsipatanipun museum punika, ingkang margi makatên wau, saking pamanggihipun pangrèh lajêng gadhah sipat piyambak sarta jèjèr kalihan museum ing tanah Jawi ingkang sampun wontên. Museum ingkang makatên wau sêsipatanipun, ingkang dhêdhasaripun ugi kapratelakakên cêtha sangêt dening panitya museum wontên ing pêrslah punika, ugi gandhèng sangêt kalihan pamangunipun griya museum. Bab prakawis punika mangke badhe kawêdharakên tuwan Ir. Karsten.

Griya sêkaotan ingkang lajêng dados kantor pulisi, ngantos samangke sagêd wujud griya museum kados makatên, ingkang saking karsa dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Sultan, ing wingking lajêng kawêwahan griya kangge papan pangrimating sêrat-sêrat sarta papan kangge maos, punika panyithakipun kanthi pitulunganipun tuwan Karsten kalihan tuwan Sitsen. Tuwan Karsten ingkang damêl cêngkoronganipun, tuwan Sitsen ingkang nindakakên. Wragadipun namung nglintoni satêlasing wragad (dados kangelanipun tuwan wau botên dipun aosi). Kajawi punika wontên malih bêbadan ingkang kapatah ngawat-awati pandamêling griya museum, dipun pangarsani Ir. Moens. Bêbadan punika tansah ngawat-awati pandamêlipun griya sarta ugi suka rêmbag dhatêng pangrèh. Sadaya punika wau, Ir. Moens sakănca warga komisi, saya malih tuwan Karsten kalihan Sitsen, dintên punika kula aturi panuwun tanpa upami, awit saking katrêsnanipun dhatêng Yapha Insêtitut sarta anggènipun sampun anglabêti pandamêlipun griya museum.

Sarêng griya museum sampun ngadêg, rampung panggarapipun, pangrèh inggih taksih kêdah ngaturakên panuwun, jalaran saking kathahing sumbangan ingkang dhatêng museum sarta bibliotik, malah bêbadan Pantibudaya kagunganipun praja kajawèn sakawan ugi nglêbêtakên kalêmpakanipun buku-buku sêratan tangan.

Wontên ngriki kula botên badhe ngaturakên asmanipun para ingkang sami maringi panjurung dhatêng museum, kula kuwatos mangke mindhak ambosêni. Asma-asma wau benjing badhe kapratelakakên sadaya wontên ing pêrslah. Ewadene wontên satunggal ingkang mêksa kula aturakên, inggih punika pêparing dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, awarni krobongan, rumiyin kagungan dalêm Ingkang [Ing ...]

--- 182 ---

[... kang] Sinuhun Amêngkubuwana I. Ingkang dados utusan nampèkakên paring dalêm wau Nyonyah A.J. Resink-Wilkens. Kala sêmantên mawi wiwahan sawatawis.

Kajawi dhatêng para ingkang maringi barang-barang sarta buku-buku dhatêng museum, kula inggih ngaturakên panuwun kula dhatêng sadaya kemawon ingkang sampun ambiyantu panyithakipun museum punika. Mangke manawi sampun kakêpyakakên, museum badhe katampèkakên dhatêng bêbadan Commissie van Beheer ingkang dipun pangarsani: Ba.Pa.Ar. Adinagara. Sangêt panuwun kula dene sariranipun kaparêng dados pangarsaning bêbadan wau.

Sadaya ingkang sampun sami tandang damêl acêcawis adêgipun museum, punika wontên satunggal ingkang dados sapu-kawat, ingkang ayahanipun botên namung dumugi kêpyakaning museum punika kemawon, inggih punika tuwan Koperberg. Tuwan punika panitranipun komisi museum, sèkrêtarising komisi pandamêlipun museum (Bouwcommissie) sarta inggih lajêng dados panitranipun Commissie van Beheer. Ugi dados sèkrêtarisipun Yapha Insêtitut, ingkang prasasat dados indhêning pakêmpalan. Kula pangarsaning Yapha Insêtitut, wontên ing kêpyakan punika kumêdah-kêdah anglairakên gênging panuwun kula dhatêng tuwan Koperberg wau, ingkang salêbêtipun andhapuk adêg sarta gagraging museum katingal babarpisan botên wêgah kangelan, sarta inggih kathah sangêt anggènipun ambiyantu kula.

Tumrap panjurung ingkang amrih samuwa sarta rêgêng kêpyakanipun museum punika, ingkang ăngka satunggal Yapha Insêtitut ngunjukakên gênging panuwunipun dhatêng ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, nomêr kalihipun dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, ingkang botên sagêd anjênêngi kêpyakan punika jalaran angèngêti kawontênaning sarira mêntas gêrah, sarta margi makatên wau paringipun pasumbang bêksan, botên èstu kagêbyagakên. Kula matur nuwun dhatêng Anak Agung Karangasêm ingkang ngrawuhi kêpyakan punika sarta maringi sumbangan jogèd Bali. Salajêngipun kula matur nuwun dhatêng kumêndhan wadyabala anggènipun sampun marêngakên mungsik bataliyun kasuwun kangge ambagèkakên rawuhipun para tamu. Aniem ingkang sampun nyumbang urubing lampu. K.P.M. lan N.I.S. ingkang sampun anyumbang lampahing para niyaga sarta tukang jogèd Bali, botên kapupu wragad. Sadaya wau kula aturi panuwun. Têtela agêng sangêt sarjuning manahipun maskape wau dhatêng Yapha Insêtitut, ingkang sanadyan jamanipun rêkaos, mêksa nyukani kamayaran kados makatên. Yapha Insêtitut ingkang ugi ngalami rêkaosing jaman, ngaosi sangêt dhatêng pambiyantu ingkang makatên wau.

Kula ngambali atur kula wau malih: tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta, kula aturi kasugêngan, [kasugêng ...]

--- 183 ---

[... an,] ugi margi anggènipun amakili tuwan bêsar gupêrnur jendral. Pangrèh Yapha Insêtitut sangêt ing panuwunipun, dene jalaran sariranipun botên sagêd ngrawuhi piyambak, salah satunggalipun sèkrêtaris nguningakakên dhatêng pangrèh, bilih panjênêngan tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta kakarsakakên dados wêwakilipun. Saking panyuwun kula, mugi panjênênganipun tuwan gupêrnur kaparêng nglantarakên gênging panuwunipun Yapha Insêtitut dhatêng tuwan bêsar gupêrnur jendral.

Sêmantên ugi panyuwun kula dhatêng: Ba.Ka.Pa.Ar. Suryaamijaya wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punapadene Ka.Pa.Ar. Suryaatmaja, wêwakil dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, mugi kaparênga ngunjukakên panuwunipun Yapha Insêtitut, dene sampun kaparêng utusan angèstrèni.

Wasana, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, kasuwun ing Yapha Insêtitub[2] kaparênga jumênêng pangayomaning museum. Sapunika kaparênga ngêpyakakên museum punika.

Sarampunging sêsorahipun pangarsa, ngarsa dalêmampeyan[3] Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan lajêng miyosakên pangandika ing basa Mlayu.

Wiyosing dhawuh pangandika dalêm wau makatên:

Toean Voorzitter, toean-toean Bestuur dari Java Instituut dan dari Museum Sono Boedojo, Saja merasa senang sekali Saja ampoenja hati, jang ini hari saja dapat berhadlir oentoek memboeka Museum ini dengan officieel. Sebab Saja pertjaja, bahwa museum ini tidak sedikit artinja bagi kemadjoean kultuur Boemi Poetra, lebih-lebih oentoek kesenian dan batjaan boekoe-boekoe. Oleh karena itoe, soedah sepantesnja, Museum ini dapat bantoean dari mana-mana.

Toean Voorzitter, tadi toean menjerahkan kepada saja beschermheerschap dari Museum ini. Maka penjerahan itoe Saja terima dengan segala senang hati.

Begitoe djoega dari sebab hari memboekanja museum ini kebetoelan hari kelahiran Saja, Rebo Wage, toean-toean Bestuur memberi selamat kepada Saja, maka dengan ini Saja mengoetjap terima kasih jang diperbanjak-banjak atas pemberian selamat dari toean-toean itoe.

Kemoedian Saja poedjikan, moedah-moedahan Museum ini akan hidoep soeboer dan dapat tertjapai apa jang dimaksoedkan, sehingga boeahnja akan menambah kemadjoean negeri dan pendoedoeknya.

Njonjah-njonjah dan toean-toean, atas permintaannja toean-toean bestuur dari Java Instituut soepaja Saja memboeka Museum ini, maka permintaan itoe Saja kaboelkan dengan segala senang hati. Dan sekarang Saja menjatakan, bahwa museum ini Saja boeka.

Satêlasing dhawuh pangandika dalêm, pangarsa Yapha Insêtitut lajêng ngunjukakên panuwunipun dhatêng Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Paring dalêm pasugatan sampanyê wiwit lumados, lajêng Ba.Kang.Pa.Ar. Suryaamijaya ingkang dados wakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, maringakên dhawuh pangèstu dalêm ingkang wicaksana, basa Walandi.

Pangandikanipun Ba.Kang.Pa.Ar. Suryaamijaya ingkang amakili Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, basa Walandi, suraosipun ing basa Jawi makatên:

Tuwan pangarsa: awit saking asma dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun [Sinuhu ...]

--- 184 ---

[... n] Kangjêng Susuhunan ingkang botên sagêd angèstrèni pasamuwaning kêpyakan Sanabudaya punika, kula gadhah atur sawatawis.

Dhawuh timbalan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, sangêt andadosakên dhangan saha kaparênging panggalih dalêm, dene sampun dipun unjuki uninga sarta kaaturan têdhak angrawuhi pahargyan punika. Dhangan saha suka kaparênging panggalih dalêm wau jalaran samangke saking wontênipun Sanabudaya punika, nyukani margi dhatêng sadaya kemawon, sêpuh miwah ênèm, ingkang sami migatosakên kagunan sarta kawruhipun para lêluhur. Têmahan sami sagêd nyipati undhuh-undhuhaning kagunan miwah kawruhipun para lêluhur wau. Kajawi punika inggih nyukani margi dhatêng para ingkang nêdya matitisakên sayêktos dhatêng kagunan sarta kawruh. Kamêmpênganipun tansah sagêd katêtangi. Anggènipun sagêd kalampahan makatên wau botên sanès kajawi saking ihtiyaripun bêbadan ingkang pangudinipun angering-eringakên, ngantos botên sagêd dipun tiru. Makatên wau awit saking tuntunanipun tuwan pangarsa sakănca warga pangrèh, saha saking kamêmpênganipun panitra Yapha Insêtitut ingkang botên wêgah kangelan sarta botên nate sayah. Sampun lêrêsipun manawi kawontênan makatên wau pantês sangêt kaalêmbana, saya manawi angèngêti, bilih Yapha Insêtitut inggih sawêg tumut ngrubyuk ing rêkaosing jaman.

Tuwan pangarsa, dhawuh timbalan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kula andikakakên matêdhakakên dhawuh pangèstu dalêm. Ingkang punika sumăngga. Puji dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, mugi adêgipun museum punika dadosa kêkiyatan amrih pêncar sarta lêbêting sêsêrêpan punapadene pasinaon mênggahing kagunan miwah kawruh ing tanah Jawi tuwin Bali. Mugi Sanabudaya punika panjang umuripun, lêstantun widada sarta ngrêmbaka ing sapanginggilipun.

Satêlasing pangandikanipun Ba.Kang.Pa.Ar. Suryaamijaya, pangarsa Yapha Insêtitut lajêng ngunjukakên panuwunipun, wasana kasambêtan sêsorahipun tuwan Dr. Bosch kalihan Ir. Th. Karsten (sêsorahipun sarjana kêkalih punika badhe kapacak pisah sakêdhik kalihan pratelan punika, margi radi panjang).

Satêlasing sêsorah, para tamu lajêng mriksani isining museum, isi barang kina warni-warni, botên prêlu kula princi satunggal-satunggal.

Sarampungipun mriksani isining museum, para tamu wangsul lênggah malih lajêng kasugata jogèd Bali, watawis jam 12.30 bibaran.

Sontênipun para tamu kasêgah lêlangên golèk sarta bêksan, paring dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta. Dalunipun malih kasêgah jogèd Bali. Para tamu ingkang ngèstrèni kenging dipun wastani taksih ajêg. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Si ...]

--- 185 ---

[... nuhun] Kangjêng Sultan ugi têdhak mriksani, kadhèrèkakên para gusti sarta para bêndara pangeran.

Bab bêksan golèk sarta jogèd Bali wau redhaksi Sêdyatama sampun pikantuk kasagahan warisan saking salah satunggaling êmpu kagunan ing Mataram ngriki, Insyaallah inggih badhe kapacak ing Pusaka Jawi.

Prêlu kula aturakên, sawarnining kawontênanipun pahargyan kêpyakan Sanabudaya punika dipun giyarakên lumantar radhio dening pakêmpalan Mavro ing Ngayogyakarta.

Museum Indhonesiah[4]

Cara Jawining sêsorahipun Dr. F.D.K. Bosch wontên ing kêpyakan Museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta. Kapêndhêt suraosipun kemawon

Kula nuwun, ingkang sapisan kula ngaturakên pangayubagyanipun dhirèktur ondêrwis dhatêng pangrèh Yapha Insêtitut, jalaran sampun kasêmbadan sagêd ngawontênakên museum. Awit saking karsanipun tuwan dhirèktur ondêrwis, kula ngaturakên pêpuji, mugi-mugi museum punika lêstantun widada, gêsangipun saya subur angrêmbaka.

Kaping kalihipun, kula ngaturakên puji basukinipun pangrèh Koninkelijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen.

Dumadosing kawontênan wigati punika, sangêt adamêl agênging manahipun bêbadan kalih wau, dhepartêmèn ondêrwis kalihan Koninklijeke Bat Genootsch. V.K. en W. Anggènipun makatên punika, botên namung margi bêbadan wau kalihan Yapha Insêtitut gadhah kabêtahan sami. Ingkang baku jalaran tiga-tiganipun nunggil gêgayuhan ingkang pangudinipun wontên ing salêbêting wêwêngkonipun piyambak-piyambak. Lampahipun ugi piyambak-piyambak. Dene tunggiling gêgayuhan wau inggih punika: ngajêngakên sêsêrêpan sarta mêgaripun kabudayan Jawi. Sampun mêsthi kemawon tunggiling sêdya ingkang makatên wau ing dintên punika sangêt katuju ing manah, jalaran ing dintên punika Yapha Insêtitut ngawiti dados bêbadan ingkang kasumêrêpan ing akathah, gadhah sarta mandhegani museum. Ingkang makatên wau anjalari ayahanipun langkung mapan tinimbang waunipun. Yapha Insêtitut malêbêt ing alam gêsang enggal, ingkang badhe kathah gêgadhanganipun.

Kawuningana, anggèn kula matur wontên ing ngriki punika, botên namung badhe mêdharakên saraosing manah ingkang makatên wau.

Sintên kemawon ingkang nglacak ada prakawis museum ing Indhonesiah salêbêtipun satêngah abad ingkang kapêngkêr, mêsthi rumaos agênging manah, margi nyumêrêpi rahab, gita sarta mêmpêngipun tiyang, dados botên namung nganggur angathêkur utawi botên pradulèn. Nanging kajawi makatên, inggih radi prihatos, jalaran tuwuh pitakèning batos: punapa mêmpêng sarta uraning mêkaripun ada museum [muse ...]

--- 186 ---

[... um] wau, badhe mikantuki tumraping kabêtahan kabudayan. Utawi punapa dèrèng dumugi ing titimangsanipun angayati lampah utawi ancêr-ancêr kangge pawingkingipun.

Anggèn kula wontên ing pêpanggihan punika mawi ngrêmbag pitakenan makatên wau, wontên sababipun, kasêbut ing pranatanipun Yapha Insêtitut, gêgayuhaning sanès ingkang têmên-têmên sarta tunggil ancas kalihan sêdyanipun Yapha Insêtitut, punika mêsthi badhe dipun biyantu Yapha Insêtitut. Dados yèn makatên, rêmbag umumipun prakawis museum, liripun ing tanah Jawi, Madura, sarta Bali, punika kalêbêt dados ayahanipun Yapha Insêtitut, sarta kêdah dipun karuhakên. Pangêmbatipun sêsarêngan kalilan[5] sanèsipun, prêlu damêl rancanganing lampah, sarta lung-tinulung anggènipun anindakakên. Wigatosipun prêlu ngajêngakên saenipun prakawis wau.

Margi makatên wau kaparênga kula ngaturakên rêmbag-rêmbag sawatawis bab kawontênan sarta ajênging museum, ingkang sapunika kalêbêt dados rêmbag ingkang nyrambahi mrika-mriki.

Panjênêngan ingkang rawuh ngèstrèni pahargyan museum punika, mêsthinipun kathah ingkang botên pirsa, manawi museum Yapha Insêtitut punika, dede ingkang kawitan madêg wontên ing nagari Ngayogyakarta. Malah inggih kathah ingkang botên pirsa manawi papan paklêmpakanipun barang-barang museum wau, saking ngriki botên têbih dunungipun.

Kala taun 1885 dados satêngah abad têrês[6] ing Ngayogyakarta ngriki madêg pakêmpalan Archeologische Vereeniging. Sêdyanipun inggih kados Yapha Insêtitut, nanging namung alit-alitan kemawon. Sêdyaning pakêmpalan wau, kêklêmpak pasaksèn ingkang mikantuki dhatêng sêsêrêpan prakawis kina, babad, siti sarta tiyangipun tanah kêjawèn. Anggènipun amrêlokakên sêsêrêpan prakawis kina wau, bokmanawi kemawon gandhèng kalihan anggènipun tanah Eropah ing saantawisipun taun 1870 kalihan 1880 sangêt migatosakên sêsêrêpan kawontênan ing jaman kina. Anggènipun migatosakên wau, kabêkta saking tuwan Schliemann sagêd manggih barang kina agêng-agêngan wontên ing Troyê kalihan Misènê, sêmantên ugi tuwan Petri wontên ing Mêsir. Ingkang makatên wau mêsthi kemawon agêng dayanipun.

Nanging inggih badhe kadospunapa kemawon nalaripun, nyatanipun ing Prambanan wontên siti wiyar papan panyambutdamêl andhudhuk barang kina, ingkang êloh sangêt. Inggih papan ngriku punika ingkang dipun garap pakêmpalan wau. Saya nalika sawêg madêg enggal-enggalan sawatawis taun. Nanging bab adêging museum, lampahipun botên sagêd sakeca.

--- 187 ---

Nalika madêgipun pakêmpalan wau (dados ing taun 1885) sampun wontên rêmbag badhe ngawontênakên museum. Bab punika kapratelakakên wontên ing sêratipun Bat. Genootschap dhatêng pakêmpalan wau. Wosipun makatên: Sampun kasumêrêpan ing akathah, ing dalêm sarta ing palataran karesidhenan, wontên rêcanipun sawatawis sae-sae sarta barang-barang kina sanèsipun. Kajawi punika têtiyang ing Ngayogyakarta inggih kathah ingkang gadhah rêca. Rêca-rêca wau ingkang kathah sampun mêsthi saking Prambanan, nanging salong inggih wontên ingkang pinangkanipun saking sanès panggenan. Manawi barang-barang kina, ingkang awarni sela, êmas, slaka sarta prunggu wau sagêd kaklêmpakakên dados sagriya, sampun mêsthi Ngayogyakarta badhe agêng manahipun jalaran gadhah museum barang kina, ingkang lajêng dados papan sae sangêt kangge nitipriksa kajawèn kina, inggih kinaning agami-agami ingkang wontên ngriki.

Sêdya makatên wau kathah ingkang rujuk. Têmahan awit saking kaparênging panggalihipun tuwan residhèn, kala 1885 pakêmpalan wau dipun paringi siti wontên saantawising gandhok karesidhenan kalihan greja Protestan, dados wontên sacêlakipun butulan Sanabudaya ing wingking. Sarêng sampun kaping wongsal-wangsul anggènipun sêsêratan, nglampahakên panyuwun sarta nyuwun rêrigên, kala taun 1894 kalampahan guprêmèn angyasani gudhang wontên ing siti kasêbut nginggil. Gudhang wau blak-blakan, ingkang kadamêl kajêng. Anggènipun ngrakit sarta nata gudhang wau ngantos kalih taun. Dene kaparêngipun dipun ênggèni sarêng sampun lêt tigang taun malih.

(Kala Marêt 1933 B.O.W marêngakên griya punika kasuwun Yapha Insêtitut, dipun pangaosi sami kalihan tumbas barang ingkang sampun risak. Kala sêmantên ingkang dados dhire[7] B.O.W. Tuwan Dr. JAM van Buuren ingkang sapunika dados dhirèktur dhepartêmèn Verkeer en Waterstaat. Samangke punika sariranipun Tuwan van Buuren kula aturi panuwun ingkang tanpa upami. Dene sitining griya wau dalah wêwahan ing sacêlakipun, saking kaparênging panggalih dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan saha tuwan guprênur, kaparingakên anggadhuh dhatêng Yapha Insêtitut).

Sarêng sampun makatên (dados sampun lêt kalih wêlas taun) rêca-rêca lajêng katata ing museum. Tuwan Groneman tumuntên kapurih damêl pratelan rêca-rêca 130 ingkang wontên ing ngriku, kawrat ing sêrat Catalogus, nanging kamonceran ingkang sêmantên wau botên dangu. Jalaran pakêmpalan lajêng gesrak kalihan gênutsêkap ing Bêtawi. Pakêmpalan kadakwa mêndhêti rêca saking candhi-candhi, prêlu kangge ngathahi isinipun museum, lêt sataun saking adêging museum, sampun wontên swantên supados lajêng karembak kemawon.

--- 188 ---

Rêca-rêca kapurih mangsulakên dhatêng papanipun lami, sanèsipun lajêng kadarbe dening gênutsêkap. Karampungan ukum pêjah punika wau anggènipun ngêmpakakên sarêng sampun lêt kalih wêlas taun. Inggih punika kala 1912, sarêng tuwan Dr. Krom damêl palapuran kawontênaning museum wau, wosipun: ing ngriku babarpisan sampun botên katingal manawi ngrêmbag kêklêmpakan rêca-rêca wau.

Sarêng kasatitèkakên sayêktos, têtela botên wontên tiyang satunggal kemawon ingkang ngaruhakên prakawis museum. Malah para pangagêng ngajêng-ajêng supados museum punika wau kaicalana babarpisan kemawon, prêlunipun sagêda ngawontênakên margi wiyar. Kala samantên dipun ayati, museum wau niyat badhe dipun icali.

Mêsthi kemawon sadaya isining museum lajêng pating bêgêgêg wontên ing latar. Bêgjanipun dene rêca-rêca wau manawi katandhing kalihan ingkang kacriyos wontên ing sêratan taun 1902, dèrèng kêsangêtên risakipun. Salêbêtipun sadasa taun wau, namung wontên rêca kalih ingkang prothol êndhasipun. Kawontênaning rêca-rêca babarpisan botên ngantawisi rêjaning museum. Manawi lêstantun makatên mêsthi botên sae, mila rêca-rêca wau kêdah kaêlih dhatêng panggenan sanès.

Margi kocar-kaciring isinipun, babading gêsangipun museum wau lajêng cuthêl. Manawi kaupamèkakên tiyang pêjah, têtilaranipun namung kantun sêdya anggènipun badhe ngawontênakên museum manggèn ing nagari Ngayogyakarta, sarta pèngêtan utawi notulênipun parêpataning pangrèhing pakêmpalan, punapa malih potrèting griya museum, sampun katingal jêne lamat-lamat.

Pakêmpalan Archeologische Vereeniging ing Ngayogyakarta anggènipun makatên wau botên miyambaki. Kathah pakêmpalan ingkang nalika mêntas madêg, têtiyangipun sami gambira, jangkanipun kathah. Wontên ingkang anggăntha griya museum, nanging kombulipun namung sakêdhap, lajêng rêbah. Dene ingkang dados jalaranipun sami kemawon kalihan kathah-kathahing pakêmpalan ing tanah ngriki, inggih punika:

Lajêng botên pradulèn, nglênthar sarta botên mumpuni dhatêng prakawis ingkang dipun êmbat. Wontên malih ingkang margi pasulayan wontên sajawi utawi salêbêting pakêmpalan, botên agêng pamêngkunipun. Kawontênanipun Makassaarsch Genootschap ingkang nama Heemschut, ingkang ngawontênakên museum, blak-blakan, yèn kula aturna ing ngriki, ngêrês-êrêsi sangêt. Jalaraning ebra inggih kados ingkang kula aturakên punika wau.

Samangke kula namung badhe ngaturakên museum-museum ing Indhonesiah ingkang taksih wontên. Kuciwanipun dene kula botên sagêd ngaturakên pratelan ingkang patitis [patiti ...]

--- 189 ---

[... s] utawi jangkêp bab wontênipun museum ing tanah ngriki, jalaran inggih wontên museum sae ingkang adêgipun botên kasumêrêpan ing Bêtawi, sarta inggih wontên museum ingkang manut cathêtan taksih madêg, nanging wontên ing jaman krisis punika sampun botên wontên.

Kula aturakên rumiyin, museum ing Têgal nama Ngèsthimulya, lajêng museum gadhahanipun Sriwêdari ing Surakarta, isi klêmpakaning barang kina, sarta dipun wêwahi barang-barang kina wêdalan praja kajawèn.

Ing Kêdhiri ugi wontên museum gadhahanipun gêmintê, isi barang-barang kina saking kabupatèn ngriku, sêmantên ugi ing Tulungagung. Museum Tulungagung, ugi angsal barang-barang kina saking pakêmpalan Toeloeng Agoeng en Omstreken. Wiwit taun 1922 ing Malang madêg pakêmpalan kangge ngajêngakên sêsêrêpan kabudayan Jawi sarta Indhu Jawi. Papanipun wontên ing gandhoking dalêm kabupatèn, rumiyin tilas pagêdhogan.

Museum yasan guprêmèn, punika ing tanah Jawi namung satunggal, isi barang-barang kina gadhahanipun swargi Bupati Kramajaya Adinagara, kala 1912 kaaturakên dhatêng parentah. Ing sacêlakipun ngriku, ing Triwulan, wontên museum êblak-êblakan gadhahanipun Oudheidkundige Vereeniging Madjapahit isi barang-barang kina saking wêwêngkon ngriku, sarta dipun pandhegani Ir. Maclaine Pont.

Surabaya gadhah organisasi museum kalih, inggih punika Soerabajasche Museumvereeniging isi barang-barang saking tèntunsêtèling, barang-barang kagunan tangan ing Jawi Wetan ada-adanipun Yapha Insêsitut. Lajêng "Provinciaal Museum en Stedelijk Historisch Museum te Soerabaja" madêgipun kala 1934.

Tumrap tanah sabrang, wontên museum ingkang kêdah kaaturakên, jalaran sêpuh piyambak ing tanah wetan, papanipun museum wau wontên ing Ambon. Ingkang yasa tuwan Rumphius kala 1662. Kala sêmantên nama Amboyna Rariteit Kamer babagan Nat. Historie gêsangipun dumugi taun 1670. Lajêng ing Bali inggih wontên museum manggèn ing Dhènpasar. Dalêmipun Sultan Têrnate sapunika damêl museum, isi barang-barang kina jaman Kumpêni. Dèrèng dangu punika ing Ambon ugi madêg museum.

Ing Sèlêbês ugi wontên museumipun manggèn ing Makasar, anama Metthes Stichting awit saking ada-adanipun tuwan gupêrnur Caron. Sêtihting wau gadhah bibliotik, punapadene klêmpakan sêrat-sêrat kina. Dene madêgipun sapêjahipun Makasarsche Genootschap.

Kawartos, kajawi punika ing Sèlêbês ugi wontên museumipun, ing Mênadho kalihan ing Gorontalo.

Ing Sumatrah, wontên museum ing Palembang, papanipun wontên ing griya kina cara ngriku brêgas sangêt. Kajawi punika ing Medhan, Pordhêkok, [Por ...]

--- 190 ---

[... dhêkok,] kalihan Kotaraja ugi wontên museumipun.

Salajêngipun, wontên museum alit anama Simeloengoensche Studieclub sêdyanipun badhe ngudi sagêda angsal subsidhi saking băndha karèt, prêlu kangge ngêdêgakên museum wontên ing Pêmatangraya.

Museum-museum ingkang sampun kula aturakên wau, namung ingkang agêng-agêng ingkang manggèn wontên ing kitha-kitha, ingkang adêgipun dipun santosani sarta kêrêp kemawon sêsambêtan rêmbag kalihan gênutsêkap ing Bêtawi.

Adêging museum alit-alit, punika ingkang kathah-kathah botên sapintêna kêkiyatanipun. Ing ngriku sok sampun wontên paklêmpakaning barang-barang, wontên ingkang gadhahanipun tiyang partikêlir lajêng kasambutakên dhatêng pakêmpalan, wontên malih ingkang sampun dangu sumimpên ing kantor residhenan. Tarkadhang inggih wontên ingkang botên awarni klêmpakan barang. Upaminipun anggarap griya gagrag yasan pribumi, ingkang sae, benjingipun lajêng badhe kadadosakên museum.

Saèstunipun prêlu wontên tiyang satunggal, ingkang cancut andhapuk pakêmpalan museum, mawi damêl pangrèh ingkang tansah nêngênakên propagandhah, andhapuk pranatan sasaminipun, sarta saking sakêdhik sagêda dipun bandhani artanipun tiyang-tiyang pribumi, gêmintê, gêwès utawi băndha karèt. Ing sadèrèngipun museum madêg, tiyang kêdah gadhah arta kas sawatawis èwu rupiyah, wêwah kontribusi ingkang sampun kenging kapasthèkakên sawatawis atus rupiyah ing sataunipun. Pêpiridan ingkang kula aturakên punika cêtha sangêt sagêdipun tumindak, pratandhanipun, museum ing tanah sabrang punika ingkang 80 pCt. madêgipun ing salêbêtipun gangsal taunan punika. Manawi cêpêting tuwuhipun lastantun kados samangke, kenging dipun kintên, sawatawis taun malih, mèh sabên kitha utawi papan ingkang nyalêmpit, mêsthi wontên museumipun.

Ingkang dados pitakenan punika: Punapa kawontên[8] wau pantês sinêbut kamajêngan ingkang pantês dipun biyantu, punapa prêlu dipun pêkak. Pamanah kula makatên: Bab tular-tumularing pêpenginan ingkang sumêbaripun waradin ing satanah Nusantara punika, manawi badhe dipun nyana-nyana awon, gampil kemawon anggènipun milihakên têmbung ingkang pait-pait, kados ta: olèhe sêsandêran bêbarêngan padha arêp ngêdêgake museum kuwi rak mung saka gumaibe wonge wae. Utawi: saking olèhe kêmajon. Utawi: saking olèhe dhêmên tiru-tiru utawa oncor-oncoran. Utawi sanès-sanèsipun malih. Manawi tiyang sampun gadhah panyana-nyana ingkang makatên, tamtu lajêng botên purun tumut cawe-cawe utawi ngaruhakên. Pancènipun, manawi wontên lêlampahan ingkang nganyar-anyari punika, saenipun rak dipun upadosi sababipun ingkang langkung lêbêt, utawi kêdah ngèngêti [ngè ...]

--- 191 ---

[... ngêti] sabab satunggal ingkang baku, ingkang undhuh-undhuhanipun ing sa-Indhonesiah kirang langkung sami.

Kawuningana, sabab satunggal ingkang baku wau gênah wontên. Rèhne kula matur wontên ing kalanganing para sagêd, sababipun wau kula têmbungakên kemawon Westersche penetratie prêlunipun sampun ngantos anyuda kêkiyatan sarta wawratipun. Panjênêngan mêsthi sampun ngawuningani kadospundi dayaning ekonomi sarta paprentahan ing nagari ngriki punika, dangu anggènipun ngawontênakên ewah-ewahan ingkang lêbêt sangêt tumraping bêbrayanipun tiyang pribumi ingkang amêm sarta narimahan. Salajêngipun sapintên mênggah prabawaning daya sarta krisis tumandukipun dhatêng kagunan sarta babaran utawi pakaryaning kagunan. Daya wau marnèkakên kêndhoning têtangsuling naluri utawi babad, grobohing pakaryan tangan, kêsuk ing barang pribumi ingkang kathah aosipun, kawon suk kalihan barang mănca ingkang mirah.

Manawi kasawang saking ngriku lajêng katingal bilih lampahing gêsangipun museum ing Indhonesiah punika kados kawontênan gêgambaraning sêsakit. Kula sagêd sumêrêp lampah pananggulang utawi reactie ingkang jumêdhulipun saklangkung ngêgèt sarta inggih mila prêlu sayêktos makatên punika. Prêlu nanggulang bêbaya ingkang ngengingi kabudayanipun tiyang pribumi saking kiwa têngên, ngajêng sarta wingking. Kabudayan wau wontên mutawatosipun margi risak, utawi kagantosakên, kadadosakên arta, utawi dipun lintoni barang saking jawi rangkah ingkang kathah pangaosipun.

Ing ngriki lajêng cêtha manawi museum ing Indhonesiah punika agênga alita, sami anglampahi ayahan wigati mênggahing kabudayan. Ing sasagêd-sagêd nêdya ngluwari, nyimpêni, sartaa anjagi gêgadhahaning băngsa sarta nuswa ingkang katingal badhe sirna. Cêkakipun anjagi sampun ngantos kabudayanipun lajêng kasrakat.

Sapunika manah kula sami gadhah raos sarju dhatêng kawontênan tuwuhing museum ingkang sakawit sami kula sumêlangakên. Nanging sanadyan mênggahing nalar, kula sami purun angakêni prêluning museum, ewadene margi kathah kawontêntênan[9] ingkang nguciwani, mila anggèn kula sami ngakêni wau inggih botên namung waton ngakêni makatên kemawon.

Bab ingkang kapisan ingkang prêlu dados rêmbag, inggih punika gamblênging kukubaning pandamêlanipun satunggal-tunggaling museum, sarta sêsambêtanipun museum-museum, sarta damêl têlêng wontên ing Bêtawi punapa ing Ngayogyakarta. Têrangipun: museum ingkang pundi ingkang wajib amadhahing[10] sawênèhing barang, ingkang supados pigunanipun tumraping kabudayan sagêd agêng. Botên nama kaladuk manawi kula mastanana bilih tidha-tidhaning manah tumrap prakawis wau dados pakèwêd agêng tumrap tuwuhing museum. Umumipun, sabên museum,

--- 192 ---

punika anglêmpakakên barang-barang punapa kemawon ingkang sagêd kacêpêng, botên manah sanès-sanèsipun. Malah angsal-angsalanipun barang wau limrahipun ingkang kathah kadamêl wados, prêlunipun sampun ngantos dados kêmèrènipun tiyang sanès. Saya tumrap sambêtipun kalihan Bêtawi. Tiyang ngatos-atosipun sangêt sarta mêngku kasujanan agêng. Panyananipun ngriku punika badhe ngangsalakên badanipun piyambak, lajêng ngalang-alangi utawi makèwêdi budidayaning museum ing satunggal-tunggaling panggenan. Mila manawi angsal-angsalan barang, inggih lajêng kadamêl wados. Kawontênan makatên wau, anjalari museum wau botên sagêd sêsambêtan kalihan sasamining museum sarta ing Bêtawi. Botên namung makatên kemawon, kawontênan wau anêdahakên wontên lambang lintu sarta ubênging darbèk kabudayan ing museum ingkang botên lêrês babarpisan. Kados ta: kathah awonipun, manawi wontên barang pèni kasimpên wontên ing salêbêting museum ing panggenan ingkang sêpên, măngka makatên wau botên salêrêsipun. Lajêng wontên malih barang kakintunakên dhatêng Bêtawi. Măngka mathukipun barang wau kapapanakên wontên ing museum sajawining Bêtawi (plaatselijk museum).

Bab prakawis tidha-tidhaning manah ingkang kula aturakên wau, angèl anggènipun ambengkas, jalaran bab prakawis wau kêdah kanalar kalih warni: saking sêsêrêpan, kalihan nalar sosial.

Manawi ingkang kula manah namung nalar ingkang awêwaton kawruh, gampil kemawon pambengkasipun, inggih punika srana nglêmpakakên barang-barang dados satunggal. Sadaya barang ingkang paedah tumraping pangudi kawruh, kaklêmpakakên dados sapanggenan utawi kalih panggenan. Dene barang ingkang botên sapintêna ajinipun, lajêng kapapanakên wontên ing museum alit-alitan ing satunggal-tunggaling panggenan.

Nanging manawi pamanah kula mawi ngèngêti dhatêng laladan sosial, lajêng botên gampil. Kula aturakên rumiyin upaminipun bab barang-barang kina, kalêbêt ugi tilas utawi sisaning barang jaman kina, ingkang kilap margi santuning agami, kilap margi wontên sabab sanès, lajêng botên wontên têgês utawi paedahipun punapa-punadha[11] dhatêng băngsa ingkang gêsang ing jaman samangke. Barang ingkang kados makatên wau, sanadyan namung kamanah cèthèk-cethekan, botên rujuk manawi kapindhah ing sanès panggenan, kados ta dhatêng museum agêng. Bab ingkang makatên wau, tumindakipun kêdah ngatos-atos sangêt, saya manawi ngèngêti bilih têtiyang pribumi ingkang kapetang sagêd ingkang kapêdhotan naluri kalihan jaman kina punika kêdah kapulihakên margi ondêrwis kilenan. Tuladhanipun makatên: upami wontên rêcanipun ratu ing Bali ingkang dipun mangrêtosi sangêt ing tiyang ing Bali, rêca wau mênggahing babad sarta kabudayan langkung mathuk tuwin langkung maedahi kadèkèk [kadè ...]

--- 193 ---

[... kèk] wontên ing Museum Dhènpasar ing Bali, tinimbang wontên ing Museum Rumah Gajah ing Bêtawi.

Măngga, pamanahan sosial wau kangge ningali jaman kapêngkêr ingkang dèrèng têbih êlêtipun, ingkang taksih gêsang wontên ing angên-angênipun tiyang. Lajêng kadospundi kawusananipun dandosan kajêng ukir-ukiran wêdalan kina, têtabuhan kina ingkang botên nate kangge, wayang ingkang katawèk-tawèkakên badhe kasade, tênunan sarta pangangge asri ingkang sampun botên dipun angge. Juru rêmbag ingkang dhasaripun nêngênakên sosial, gampil kemawon anggènipun mangsuli. Tiyang wau mêsthi lajêng nyukani rêmbag: miturut tumindakipun naluri kina, punika gampil kagêsangakên malih. Tarkadhang margi daya saking jawi, upami daya ekonomi, ngawontênakên têba, ujug-ujug barang-barang kina wau gampil sangêt kagêsangakên. Piyambakipun mêsthi badhe ngangsêg anggènipun angrêmbagi: sadaya băndha kabudayaning băngsa punika ingkang sae piyambak kapapanakên cêlak kalihan pinangkanipun barang wau, inggih ing papan ingkang têtiyangipun ngriku rumiyin-rumiyinipun ngangge barang wau. Tiyang wau badhe mrêlokakên angrêmbagi: museum alit ing satunggal-tunggaling panggenan punika sagêda sêsambêtan kalihan bêbadan kalih ingkang sagêd nginggilakên kagunan sarta gêgarapan tangan. Bêbadan kalih wau: pamulangan kagunan sarta katabêrèn (kunstnijverheidsschool) kalihan bêbadan ingkang nyadèkakên barang (verkoopsorganisatie).

Dumugi sêmantên kados sampun cêkap anggèn kula nêrangakên pamanggih kalih warni wau. Ingkang satunggal, pamanggih adhêdhasar bêtahing kawruh, punika ingkang kapêlêng namung nglêmpaking barang-barang kabudayan ingkang paedah sangêt, wontên ing sapanggenan. Dene pamanggih satunggalipun ingkang adhêdhasar kabêtahan sosial, punika ingkang kaangkah nglêmpakipun barang-barang ingkang sami.

Sampun mêsthi kemawon botên sae sangêt manawi salah satunggaling pamanggih wau anggènipun ngêcakakên kapantogakên sayêktos. Jêr manawi makatên, pamanggih ingkang satunggalipun inggih gadhah wêwênang katindakakên ngantos sapantogipun. Tumrap prakawis wau lampah ingkang sae piyambak punika rukun (Compromis). Inggih lêrês lampah rukun punika tumindakipun tumrap satunggal-tunggaling museum sagêd mitunani. Nanging manawi sadaya museum kaanggêp dhêdhapukan satunggal anglêmpak, lampah ingkang kula aturakên wau têrang sagêd dados pambirat ingkang sae piyambak.

Lampah ingkang kula aturakên punika kapêndhêt umumipun, nanging inggih sagêd wontên ancêr-ancêr sawatawis ingkang sagêd katindakakên sae.

Ingkang sapisan, upami wontên barang ingkang mênggah gênging paedahipun tumrapipun kawruh cêtha sangêt, ngantos tiyang lajêng botên mangu-mangu anggènipun [ang ...]

--- 194 ---

[... gènipun] badhe mapanakên barang wau. Upaminipun kemawon: pirantos wêdalan jaman kina. Barang makatên wau têrang sangêt kêdah kapapanakên wontên ing Bêtawi, jalaran ing ngriku sampun wontên kalêmpakan pirantos wêdalan kina, dados prêlu kangge anjangkêpakên kalêmpakan wau. Kajawi makatên ing ngriku sampun wontên sarjananipun ingkang sampun tinanggênah, ingkang lajêng sagêd nitipriksa barang wau.

Dene barang ingkang pangaji mênggahing kaendahan, kula botên sumêrêp têtuladanipun ingkang botên ngatingalakên raosipun kawruh sarta kabudayan. Saupami wontên barang ingkang endahipun kalangkung-langkung, ngantos manawi cinêlakan, lajêng mêtêngi paedahipun mênggahing kawruh sarta kabudayan. Margi saking endahipun wau, barang punika lajêng kados wontên ing sanginggilipun sadaya rêmbag prakawis papan sarta wêkdal. Lênggahipun lajêng wontên ing kagunan ingkang botên namung kangge sawênèh golonganipun băngsa sarta wêkdal kemawon, malah kangge sadaya tiyang sarta botên mawi milih wanci.

Tumrap kawontênan ingkang awis kalampahanipun makatên punika, kêdah mawi tatanan, kasimpên wontên ing panggenan ingkang ing ngriku mêsthi kathah sangêt tiyang ingkang ningali sarta ngalêmbana. Nanging kajawi punika ingkang gênah kêdah angsal pangrêksa utawi panjagi mitadosi. Panggenan ingkang makatên wau, namung museum ing Bêtawi kalihan Ngayogyakarta. Sintên ingkang tumrap prakawis punika kagungan pamanggih sanès, kula aturi ngèngêti kadospundi lampahipun juru naliti kagunan, ing salêbêtipun sawatawis taun kapêngkêr dumugi sapriki, saupami barang makatên wau botên kapapanakên wontên ing Bêtawi. Ingkang kêdah dipun dhatêngi mêsthi botên namung sadasanan panggenan ing tanah Jawi kemawon, malah inggih kêdah andhatêngi Palembang, Tapanuli, Kutèi, sarta Sèlêbês pasisir kilèn.

Dados umumipun kenging katêmbungakên: barang-barang ingkang paedah agêng sangêt mênggahing pangudi kawruh sarta ingkang mila endah sayêktos, punika saenipun kadèkèk ing museum kabudayan. Minăngka têtandhingan barang-barang ingkang margi saking naluri ing satunggaling panggenan, ingkang sagêd angajêngakên kagunan sarta pakaryan tangan ing panggenan ngriku, punika mathukipun kadèkèk wontên ing museum alit ing panggenan ingkang cocog. Barang-barang ingkang botên kalêbêt ing golongan kalih wau, dados ingkang wujud paklêmpakaning kabêtahan pangudi kawruh, kaendahan sarta sosial, punika ingkang kathah botên dados rêmbag saupami kadèkèk mradini wontên sadaya museum, sêmantên wau manawi kathahing barang nyêkapi. Sagêdipun nuwuhakên karibêdan punika manawi barang wau kalêbêt awis wontênipun, măngka museum-museum botên rujuk ing pamanggih. Manawi wontên lêlampahan kados makatên, ingkang prayogi [prayo ...]

--- 195 ---

[... gi] andhawahakên karampungan wontên museum pundi mênggah pandèkèkipun barang wau, punika bêbadan ingkang netral. Ingkang kêdah kamanah sayêktos kangge dhêdhasaripun andhawahakên karampungan wau, ing bab paedahipun mênggahing kawruh, kaendahan sasaminipun, punika pundi ingkang wawratipun awrat piyambak.

Bab ingkang kaping kalih, ingkang prêlu dados rêmbag inggih punika dêrênging manahipun tiyang ngawontênakên museum manggèn ing papan ingkang saklangkung alit uawi anjêpit, pitakènipun tiyang: Gèk punapa paedahipun ngawontênakên museum wontên ing papan ingkang andhêlik makatên punika. Saking andhêlikipun ngantos botên wontên tiyang ingkang nanjakakên museum wau kangge pêpancadan ngudi kawruh, sarta upami wontêna, inggih namung tiyang satunggal kalih. Tiyang ingkang ningali endahing museum makatên wau inggih botên wontên. Saya ingkang ngalap pigunanipun kangge yasa pamulangan pakriyan sarta bêbadan ingkang nyadèkakên, tamtu inggih botên wontên.

Nanging wontên bab ingkang langkung wigati. Museum alit-alitan ingkang kula aturakên punika, adêg sarta rêbahipun sêsarêngan kalihan tiyang satunggal ingkang mikul sêsanggèn prakawis museum, ingkang sampun ngêsokakên manahipun kurban sarta dipun labêti rêkaos namung prêlu ngêdêgakên tuwin ngudakara museumipun. Manawi tiyang wau pindhah panggenan utawi pêjah, yêyasan wau inggih lajêng tumut sangsara, botên wontên tiyang ingkang purun angliyêr pandamêlanipun. Grêngsênging manahipun tiyang saya kêndho, griyanipun museum jugrug, isinipun namung kapitadosakên dhatêng tukang jagi ingkang botên opèn. Mawi dipun èngêti malih bab bêbaya latu, pandung, kewan alit-alit, sarta kawontênan ingkang anèh-anèh. Manawi wontên museum kasuwak, têtela bilih museum alit-alitan punika agêng sangêt mutawatosipun tumrap barang-barang ingkang kasimpên wontên ngriku. Ing pawingkingipun kêdah kajagi sampun ngantos wontên museum ngadêg kajawi ing panggenan ingkang kalêbêt dados têlênging kabudayan, sarta ingkang têrang, bilih isinipun sagêd angsal panjagi sae.

Kula taksih sagêd ngaturakên kuciwa sanès-sanèsipun ingkang dumunung wontên ing museum ing Indhonesiah. Nanging botên prêlu. Anggèn kula nandukakên panyeda wau bakunipun tumuju dhatêng sawênèhing golongan museum. Nanging ingkang makatên wau botên atêgês bilih museum sanèsipun ingkang botên karêmbag punika lêpat saking panyeda wau. Kula mila botên purun andumuk museum anu kuciwa, museum anu sae. Mila ingkang satunggal kêdah kaulatakên, sanèsipun botên prêlu, malah kêdah dipun biyantu. Ingkang kula prêlokakên punika bab anggènipun museum-museum wau dumugi sapriki botên manah dhatêng kabêtahan Indhonesiah, lajêng botên nganggêp manawi

--- 196 ---

wontên sêsambêtan sarta athik-athikanipun ingkang lajêng wujud kadosa dhapukan.

Museum wau sami mrêlokakên bêtahipun piyambak-piyambak. Măngka lêrêsipun kêdah gadhah raos satunggal. Manawi nêngênakên purun nyambut damêl sêsarêngan, mêsthi kêkiyatan lajêng botên morat-marit, botên kisruh sarta inggih sêpên ing manah sujana.

Sadaya dhêdhapukan museum sami gadhah cacad ingkang makatên wau, sagêdipun ical namung manawi sadaya sami purun nyingkirakên watak amrêlokakên bêtahipun piyambak-piyambak. Dados purun ngicalakên sawatawis anggènipun gadhah sipat badhe bawa piyambak.

Sapunika kula badhe ngaturakên usadanipun kawontênan samangke punika.

Ing sadèrèngipun kula ngaturakên usada, kula manah prêlu ngaturakên rumiyin pranatan museum ing tanah jajahan sanès, kados ta: ing Indho Cina. Pranatan wau, teorinipun mêmêt, cak-cakanipun sae, kathah ingkang pantês kula angge têtuladan. Ing ngriku punika namung wontên dhapukan pakêmpalan satunggal ingkang ngayahi prakawis sêsêrêpan kabudayan. Papanipun wontên ing Hanoi. Dene namanipun: Ecol frasncaise d'Etremen Orient kukubaning ayahan wau nyakup prakawis barang kina, basa, sarta kawruh băngsa. Rujukipun kadosdene bêbadan nagari babagan barang kina kalihan Bataviaasche Genootschap. Kajawi museum gadhahanipun gupêrmèn sarta dipun pandhegani Ecol wau (museum Asiah Wetan ing Hanoi kalayan barang kina ing Turon bawah Anam) ing kitha-kitha agêng wêwêngkon.

Ing Kokên Cina kalihan Anam, taksih wontên museum ingkang madêg piyambak, wragad sarta lampahipun inggih kasanggi piyambak, nanging sadaya wau mênggahing kawruhipun, kaulat-ulatakên bêbadan Ecole kasêbut ing nginggil. Museum wau kados ta ing Kamboja, Leos kalihan Lwangprabang. Sadaya ingkang mandhegani museum alit ing satunggal-tunggaling panggenan wau, sami kadadosakên pambantunipun Ecole, prêlunipun supados museum wau sagêd sae sêsambêtanipun kalihan Ecole.

Rèhne wêkdalipun namung cumpèn, dados kula botên sagêd ngaturakên jalèntrèhing caranipun museum, inggih botên sagêd ngaturakên dhapukaning pranatanipun museum ing Fhnom Fenh ingkang pantês sangêt dados kondhanging yêyasan, jalaran gadhah pamulangan kagunan sarta pakriyan ingkang subur, sarta gadhah bêbadan ingkang nyade barang-barang wêdalan pamulangan wau.

Kula namung badhe ngaturakên bakuning raosipun manah kula nalika kula lêlana dhatêng Indo China ningali museum ing ngrika. Kawontênan ing ngrika ngêmbat lampah ngrujukakên lampah klêmpakan kalihan kasilah utawi kaprênca (centralisatie kalihan decentralisatie). Lampah makatên wau wujudipun nyukani kamardikan nyêkapi [nyêka ...]

--- 197 ---

[... pi] dhatêng satunggal-tunggaling organisasi, amrih budidayanipun piyambak kangge kabêtahan ing wêwêngkon ngriku sagêd mêgar. Nanging kajawi makatên, bêbadan sentral ing Hanoi, kadamêl rosa, sagêd anyampêdi kabêtahaning pangudi kawruh, sarta anjalari museum-museum sami sagêd nyambut damêl sêsarêngan, ingkang sayêktosipun mila prêlu.

Sapunika măngga sami kapanggalih, kadospundi saupami lampah kados ing tanah jajahan Prancis wau kaêcakakên wontên ing nagari ngriki. Kula lajêng sami sumêrêp, wontên pakèwêdipun ingkang agêng, jalaran ing tanah ngriki botên wontên bêbadan sentral ingkang sagêd anglampahi ayahanipun Ecole. Inggih lêrês ing ngriki wontên bêbadan nagari ingkang ngrêmbag babagan barang kina, sarta kêrêp kemawon suka rêmbag manawi wontên ingkang badhe ngêdêgakên museum sarta pakêmpalan angrêmbag barang kina. Nanging mênggahing prakawis kawruh băngsa, bêbadan wau botên nama mumpuni, sarta inggih botên cawe-cawe prakawis wau. Ingkang sagêd nyêkapi utawi mumpuni mênggahing ayahan pangudi kawruh ing sa-Indhonesiah tumrap prakawis barang kina sarta kawruh băngsa, punika bêbadan Bataviaasch Genootschap. Bêbadan punika kenging tinanggênah nglampahi nglampahi ayahan wau. Nanging tumraping Bat Genootschap rèhne punika namung bêbadan partikêlir, dados inggih botên gadhah wêwênang utawi panguwaos ingkang nyêkapi tumandukipun dhatêng bêbadan museum sanèsipun ingkang sami dene badan partikêlir.

Dumugi sêmantên lajêng têrang, prêlu sangêt ing ngriki lajêng wontên dhapukan enggal ingkang ayahanipun kados Ecole, nanging mawi kacundhukakên kalihan kabêtahanipun nagari ngriki. Kula piyambak dèrèng sagêd anggêmblêngakên pamanggih kula, kula namung badhe ngaturakên ancêr-ancêr sawatawis, ingkang saking pangajêng-ajêng kula sagêda dados rêmbag, sarta angsal woh ingkang sae.

Ingkang kula manah organisasi makatên wau wujudipun komisi ingkang madêg têrus, nama Museumraad manggènipun ing Bêtawi. Dene ingkang ngêdêgakên nagari, pamrihipun supados bêbadan Museumraad wau gadhah panguwaos.

Dhapukaning rad wau warganipun sakêdhik, botên susah sadaya manggèn ing Bêtawi. Kajawi pangagêng nagari babagan barang kina, rad wau wontên warganipun wakiling Genootschap, Java Instutuut komisi prakawis barang kina, sarta wakilipun bêbadan sanès sawatawis ingkang gadhah museum sae, utawi migatosakên dhatêng pakriyan sarta kagunan Jawi. Upaminipun, dhepartêmèn ekonomi bagean pakriyan Asib lan sanès-sanèsipun.

Kawajibanipun rad museum wau ingkang baku tigang prakawis:

1. Ngaturi rêmbag dhatêng nagari bab punapa-punapa [punapa-puna ...]

--- 198 ---

[... pa] ingkang magêpokan kalihan adêging museum ing tanah ngriki.

2. Cêpak-cêpak utawi manah sarta nindakakên rêrigên ingkang nyaèkakên panyambutdamêlipun sêsarêngan museum agêng kalihan museum alit-alit ing satunggal-tunggaling panggenan, punapadene ngikdhakakên[12] paedahing museum tumrapipun sosial.

3. Dados juru pamisah samăngsa wontên bêbadan museum ingkang pasulayan.

Dene katranganipun kawajiban tigang prakawis punika wau makatên:

1. Anggènipun ngaturi rêmbag dhatêng parentah wau, samăngsa wontên bêbadan enggal ingkang badhe ngêdêgakên museum, sarta nyuwun dhatêng nagari amrih pranataning pakêmpalanipun kaabsahakên. Jêr adêging rad museum punika kêdah kanthi pranatan. Ing salajêngipun sampun ngantos wontên museum ngadêg, kajawi ingkang sagêd nêtêpi pêpanggil-pêpanggil mênggahing panjagi sarta panyêpênging museum. Bab punika kêdah kasêmantakakên dhatêng rad museum. Trumapipun rad manawi wontên pakêmpalan ngabsahakên pranatanipun dhatêng nagari, punika nama kalêrêsan sangêt, jalaran sagêd nandukakên daya bab pamanggih museum enggal wau sagêd widada punapa botên. Rad sagêd ngrêmbagi ewahing pranatan lan sanès-sanèsipun.

2. Tumrap bab: 2, prêlu kula aturakên makatên: sêsambêtanipun pangrèh museum, tumindakipun kêdah sarana wêwakilipun. Inggih punika tiyang ingkang awit saking pitêdahipun pangrèh museum, kapiji dening Raad, dados wakilipun rad wontên ing salêbêting pangrèh museum.

Awit saking lantaranipun wêwakil wau, pangrèhipun museum kenging dipun têdhani pratelan ingkang cêkak sarta gamblang bab museum cêpênganipun, kados ta: adêgipun, pranatanipun, pandhapukipun pangrèh, warni sarta kathahing barang, wêwahing barang-barangipun ing dalêm sataun, sasaminipun. Pratelan makatên wau botên namung dados gadhahaning pangudi kawruh kemawon. Sadaya tiyang wau utawi bêbadan ingkang ambêtahakên mangrêtos, kados ta Touristenbureau ingkang sapunika babarpisan botên mangrêtos dhatêng kawontênanipun museum ing tanah sabrang.

Margi lantaraning wêwakilipun wau, rad museum inggih sagêd angrencangi gêgayuhanipun museum ing panggenan alit-alit, kados ta nyukani rêmbag ingkang mitadosi ing bab panyêpêng sarta pangruktinipun museum, ambiyantu panyuwunan subsidhi, anggènipun sêsambêtan museum sami museum, linton-lintonan barang, têdah-têdahan katrangan, lan sapanunggilanipun. Kajawi punika rad sagêd ngosikakên adêging kursus-kursus, sakolahan-sakolahan utawi bêbadan-bêbadan ingkang sagêd nginggilakên paedahing museum ing papan ngriku mênggahing sosial.

--- 199 ---

3. Ayahan ingkang ăngka tiga punika bokmanawi ingkang wigati sarta inggih gawat piyambak, jalaran kêdah adamêl watês tumrap ambah-ambahaning satunggal-tunggaling museum, awêwaton katrangan ingkang sampun katampi, sarta dados juru pamisah tumrap pasulayan punapa kemawon ingkang tuwuh wontên ing kalanganing pangrèh museum.

Wasana kula badhe ngaturakên lampah ingkang langkung mikantukakên sêsambêtanipun rad kalihan pangrèh museum, tinimbang ingkang kapacak wontên ing sêrat. Saupami jamanipun radi rêja, lajêng băndha ingkang kangge nyampêdi gêgayuhan babagan kabudayan sagêd kathah, tumrap sawênèhing bab rad museum sagêd matah tiyang kapurih andhatêngi pangrèh museum, nyukani rêmbag pangrakiting museum. Salêbêtipun makatên piyambakipun wau kapurih nyêlaki utawi nêpangi warga pangrèh ingkang gadhah panguwaos. Makatên punika dayanipun saya ngrakêtakên pangrèh kalihan rad museum. Dados tiyang wau sawarni awak-awaking museum, inggih punika museum-consulenten, panyambutdamêlipun kangge kabêtahaning sentralêrad tuwin pakêmpalan-pakêmpalan museum.

Makatên cêngkoronganing dhapukan museum ingkang kula kajêngakên, sarta mugi sagêd dados panggalihan panjênêngan sadaya. Kula botên badhe ngaturakên jalèntrèhipun malih, namung cêkap ngaturakên bab pangudi ambangun museum punika sagêdipun kasêmbadan utawi botên, nalaripun wontên warni kalih. Inggih punika: mila botên gadhah pikajêng nyambut damêl sêsarêngan (yèn makatên sadaya rêrigên sanadyan kêncênga pisan, botên sagêd ngawonakên daya ingkang ngalang-alangi). Dene ingkang kaping kalih mila gadhah pikajêng nyambut damêl sêsarêngan. Manawi makatên, sanadyan tanpa daya pamêksa, mêsthi sagêd ngaosi madêgipun piyambak para pangrèhing museum-museum, dhapukanipun namung mawi rad museum. Yèn makatên, ngêmpalipun badhe marnèkakên ewah-ewahan ingkang maedahi.

Dumugi pungkasaning sêsorah kula, anjèjèrakên jaman ingkang sampun kapêngkêr kalihan ingkang badhe kalampahan. Cumêthanipun ingkang jaman kapêngkêr awujud Archaeologische Vereeniging gudhangipun museum sakêlangkung mêmêlas. Dene ingkang jaman benjing awujud Java Instituut gadhah griya Museum Sanabudaya sakalangkung endah. Tumrapipun Sanabudaya kula sagêd ngaturakên pangalêmbana sundhul ngawiyat, nanging ingkang makatên wau kula manah botên prêlu.

Kula namung taksih badhe ngaturakên lênggahipun museum ingkang kêpyakanipun sami kula èstrèni punika. Ing benjing tumraping kukuban, museum ing Indhonesiah mêsthi gadhah ayahan wigatos sangêt. Jêr Museum Sanabudaya punika kinaot. Jagad kawruh sami angaosi, jagad kaendahan sami nyèthi, malah sagêd mrasudi sayêktos angajêngakên [a ...]

--- 200 ---

[... ngajêngakên] sawarnining gumêlaripun kabudayan Jawi. Dados yèn makatên têbaning ayahanipun wontên warni kalih, tancêb sosial kalihan tancêb pangudi kawruh barang-barang kina. Ingkang makatên wau anjalari saya saening klêmpakanipun barang-barang, jalaran botên namung ngindhakakên kawruh sarta nglêgani dêrênging manah dhatêng kaendahan, malah inggih mêngku wijining gêsangipun kabudayan enggal. Para pangrèhipun Java Instituut punika margi ngèngêti brêgasing museumipun, sagêd anggandhèng utawi ngrakêtakên kabêtahan-kabêtahan ingkang rênggang utawi pisah, dados sagêd angrosani pambiyantunipun dhatêng sadaya pangudi ingkang ngangkah saya ngrêmbakanipun museum ing Indhonesiah.

Pangajêng-ajêng kula mugi makatêna sayêktos. Amin.

Cara Jawinipun Sêsorahipun Ir. Karsten Nalika Kêpyakanipun Sanabudaya ing Ngayogyakarta kala 6 Nophèmbêr 1935

Tuwan pangarsa, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, tuwan gupêrnur, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sarta para ingkang rawuh sadaya.

Sampun limrahipun, manawi wontên tiyang angêpyakakên babaranipun griya, punika pasamuwanipun inggih mawi rêrangkèn, ngaturakên prakawis pasang-rakiting griya wau.

Anggèn kula samangke ngalap wêwênang ingkang makatên wau, tancêbing sêdya beda kalihan ingkang sampun kalimrah. Kula botên badhe ngaturakên jêjerengan alit-alit prakawis garapaning griya, sarta inggih botên nêdya adamêl sayah panjênêngan sadaya mawi pêpetangan tuwin ăngka-ăngka, sarta botên badhe ngaturi pêpadhang anggèn panjênêngan mangke badhe mriksani museum. Punika botên babarpisan, jalaran kula mangrêtos, salêbêtipun panjênêngan amriksani wau, ingkang langkung kalêbêt ing panggalih, mêsthi barang-barang ingkang kapitongtonakên wontên ngriku, botên têka manggalih dhatêng griyanipun. Ingkang makatên wau sampun salêrêsipun, nanging anggèn kula badhe matur punika saèstunipun margi rumaos gadhah têtanggêlan ing bab yêyasan ingkang botên salimrahipun, ingkang sagêdipun namung adhêdhasar wawasan umum ing bab sêsambêtanipun museum akalihan griya, dados bab boboting kagunan yêyasan tumraping kabudayan, kalêbêt ugi kagunan Jawi. Dados, namung bab punika wau ingkang dados pokoking atur kula.

Parêpatan, tiyang badhe ngêdêgakên museum kados Sanabudaya ingkang tancêbing sêdyanipun kajawi mêngkoni kabudayan ugi gadhah lèrèg dhatêng pamrasudi, sampun mêsthi kemawon kêdah ihtiyar griya sarta papan ingkang sagêd angrencangi kasêmbadaning sêdya wau.

--- 201 ---

Ingkang sapisan bab yêyasan griya wau, sanadyan botên methok, sagêda arêrencang kasêmbadaning sêdya wau, srana pêpagêr ingkang mathis sarta prabawaning papan ingkang cundhuk kalihan punapa ingkang dipun pitongtonakên. Dados bab griya wau kalêbêt prêlu, minăngka dhêdhasar.

Nanging ingkang kaping kalihipun, griya kalihan kawontênan sakiwa têngênipun ngriku punika kêdah gadhah adêg piyambak-piyambak mênggahing kabudayan sarta pamrasudi. Dados cocog kalihan pamanggihing bêbadan ingkang tinanggênah cêcawis adêging museum: kawontênan dalah wêwangunaning griya ing ngriku kêdah mêngku sêsipatan sarta ngajêngakên kabudayan pribumi. Dados yèn makatên, bab griya wau botên namung minăngka dhasar, malah inggih dados kukubaning museum ingkang gadhah sipat bawa piyambak.

Pêpanggil kalih prakawis punika sampun mêsthi kemawon anjalari museum makatên kêdah manggèn wontên ing griya Jawi ingkang jangkêp samukawisipun dipun angge museum.

Botên anggumunakên dene bêbadan ingkang mêntas kula aturakên wau, padosipun griya museum ing sasagêd-sagêd kêdah griya ingkang wêwangunan sarta rêrakitanipun Jawi lugu. Pados griya makatên wau, margi saking maratah luwêsing pasang-rakitipun griya Jawi, botên angèl, inggih punika dalêmipun para pangeran. Dalêm pangeran makatên, ing Ngayogyakarta ngriki kathah. Ingkang kathah taksih dipun dalêmi. Punika wontên ingkang botên kopèn.

Panjênêngan ingkang sami ngèstrèni pasamuwan punika, mêsthi kathah ingkang sampun priksa dalêm-dalêm wau. Pura makatên punika jêmbar, wiyar, sarta ngêngrêng. Dalêm-dalêm sarta gandhok-gandhok sami rêrakitan utawi sêsambêtan. Kadhaton wau kasinggêt-singgêt, wontên butulanipun sarta gapuranipun. Sêsinggêtan makatên wau, cara Jawi kina lugu, malah bokmanawi inggih cara Indhonesiah kina. Ing Bali rêrakitan griya makatên wau sampun limrah, dene ing tanah Jawi ngriki, sanadyan griya limrah, tilas-tilasipun inggih taksih wontên ingkang kenging katitik. Têlênging rêrakitan wau: dalêm agêng mawi pandhapi wiyar, sarta pringgitan, pandhapi wau blak-blakan sarta ngegla, ngajêngakên radinan. Pringgitanipun wontên ing saantawisipun pandhapi kalihan dalêm agêng. Manawi karaosakên kabatosanipun, dalêm wau primpên. Dene pringgitanipun punika dados sêsambêtan. Ing sawingking sarta sakiwa têngênipun, dipun yasani sênthong-sênthong sarta griya malih mubêng. Rêrakitanipun ingkang baku botên timbang sih babarpisan, namung limrahipun mêsthi runtut mênggahing têtandhinganipun sarta anêngsêmakên. Ingkang sae, rakitipun timbang sangêt kalihan garapanipun, runtut sarta endah. Manawi ing ngriku dipun sukani têtanêman ingkang mathuk, sagêd anjumbuhakên cengkoking wêwangunan kalihan kodrat, sampun mêsthi pura wau [wa ...]

--- 202 ---

[... u] dados jênggêrêngipun kagunan yêyasan Jawi kados naluri kina.

Klêmpakan griya makatên wau mathis sangêt tumraping museum, buktinipun inggih Sanabudaya punika, jalaran wêwangunan sarta rêrakitaning griya ingkang kathah nyengkok pura. Malah kula sagêd ngaturakên: miturut kupiya salêbêtipun kula ngrakit griya punika, kula gadhah pamanggih mathêm sangêt. Museum ingkang tumanjanipun dhatêng kabudayan ingkang sampun kantênan, punika mathukipun kapapanakên wontên ing griya sarta wêwêngkon ingkang dêlêsipun mila kawêngku ing kabudayan wau. (Tuladhanipun, kados ta: museum ing ngriki punika sarta ing Palembang. Punika sampun sagêd ngêtrêpi pangajêng-ajêng).

Dene kawusananipun ingkang kapilih botên dalêm pangeran, malah griya loji tur sampun sêpuh, punika inggih sampun mèmpêr kemawon, malah kula inggih sagêd anglêrêsakên. Sagêdipun pikantuk griya sae sarta mapan, tur rêginipun botên awis, punika kêdah mawi lampah kasabaran wetanan, nanging ingkang makatên wau tumraping pakêmpalan kadosdene Yapha Insêtitut, ing sêmu botên kêlampah. Salajêngipun sanadyan sagêd angsal papan langkung ombèr, anggènipun ambangun bokmanawi inggih lajêng kagêngên, jalaran kalêmpakaning griya kados ingkang sampun kula aturakên wau, agêng sangêt. Nanging ingkang lajêng ngawonakên sadaya-sadaya wau, dene papanipun wontên ing alun-alun. Măngka alun-alun makatên, kamanaha saking kabudayan, yêyasan griya kitha, sarta luwêsipun, mila nyata dados têlênging kitha. Saya malih manawi ngèngêti museum punika ugi mrêlokakên dhatêng ancas sosial, milih papan ing alun-alun punika gênah prayogi sangêt, jalaran sagêdipun ingkang makatên wau kasêmbadan, kêdah angsal papan panggenan ingkang sae utawi pikantuk.

Nanging inggih wontên pitakenan, sapintên pikantukipun ambangun yêyasan cengkok Jawi ingkang manawi kapirid saking bêtahing museum, kamanah sae makatên punika kalihan wawasan umum ingkang langkung inggil. Punapa yêyasan makatên punika botên nama nêniru ingkang lajêng botên mapan sarta botên tulèn. Malah punapa botên nama nyulap utawi malsu. Utawi punapa malah dhawah kosokwangsulipun sagêd kaêcakakên wontên ing pamanguning griya ingkang taksih kalimrah.

Wangsulaning pitakèn punika, gumantung dhatêng pamanggihipun tiyang tumrap prakawis sanèsipun, inggih punika: punapa kagunan yêyasan pribumi, saya kagunan yêyasan Jawi ingkang kantun, taksih gadhah kêkiyatan gêsang nyêkapi kangge margining kamajêngan ing salajêngipun, pitakèn punika sampun nate kula rêmbag wontên ing salêbêting konggrès kabudayan ingkang sapisanan ing Surakarta kala

--- 203 ---

taun 1918. Ingkang kula suwun, sampun ngantos panjênêngan namung manggalih pitakèn wau kemawon. Ingkang langkung prêlu supados panjênêngan maringana wangsulan: inggih, krana angèngêti kula punika arsitèk, sarta wiwit kala sêmantên sampun gadhah kupiya.

Wêwatoning wangsulan makatên wau kêdah kula aturakên. Ingkang kula aturakên rumiyin, sami-sami kagunan Jawi ingkang kantun, ingkang wontên ing kalangan agêng sarta kalangan pribumi piyambak dipun aosi, punika ingkang jumêdhuling pangaji-aji dhawah kantun piyambak: kagunan yêyasan. Kajawi makatên, dumugi sapriki kagunan yêyasan Jawi wau andhap piyambak anggènipun ngajèni. Kula aturakên kantun piyambak, jêr sampun kapara lami tiyang anggènipun migatosakên wayang, kasusastran, jogèd, gêndhing sarta kagunan sanès-sanèsipun. Nanging kagunan yêyasan, babarpisan botên nate kocap. Kula aturakên kalêbêt sakêdhik piyambak anggènipun ngaosi, jalaran ing sakawit tiyang badhe ngakêni kagunan yêyasan wau babaraning kagunan ingkang mandhiri, katingal tansah namung mangu-mangu, sarta inggih botên lajêng kalimrah. Sasampunipun makatên, têgêsipun, sasampunipun tiyang purun ngakêni, kawontênanipun mêksa botên patos dipun aosi, sarta inggih botên patos dipun gêgulang. Ingkang pacakipun makatên wau, botên namung tukang damêl griya ingkang umumipun angsal pamrasudi kilenan, dalah tukang damêl griya băngsa pribumi, inggih makatên wau kawontênanipun, jalaran sampun modhèrên, utawi badhe modhèrên. Kajawi punika ing kalangan, opisil, pacakipun inggih gojag-gajêg.

Ingkang dados jalaranipun wontên pamanggih makatên wau, ingkang kathah mêsthi margi kagunan wau ayang-ayanganing kagunan yêyasan Indhu Jawi, ingkang mila langkung samuwa sarta wigati, nanging mapanipun wontên ing jaman ingkang kina sangêt, têmahan kados ingkang sampun kula jalèntrèhakên kala taun 1918 botên kenging kangge margining kamajêngan enggal. Nanging inggih wontên sabab sanèsipun, inggih punika kagunan yêyasan Jawi ingkang kantun makatên, sanadyan kagunanipun brêgas, nanging botên gadhah pacak agêng-agêngan, tur ingkang baku, yêyasan griya kajêng, dede griya banon. Dene sabab ingkang baku piyambak, inggih sêsambêtanipun kagunan yêyasan ingkang minăngka wahyaning kagunan sosial, kalihan gêsang bêbrayan, punika kêciyutên sangêt. Jêr ingkang makatên wau anjalari pangênêting panjajah dhatêng gêsang bêbrayan pribumi, tumandukipun dhatêng kagunan yêyasan lajêng murugakên mokal sagêdipun mêkar ingkang kalayan sae. (... want daardoor zette zich de koloniale druk op de inheemsche samenleving voor haar bouwkunst onmiddelijk om in een feitelijke onmogelijkheid tot behoorlijke ontplooiing). Roh Jawi taksih sagêd lêstantun kêlair wontên ing kagunan alit-alit. [alit-ali ...]

--- 204 ---

[... t.] Nanging kagunan yêyasan, saya dangu saya amblês. Saya salêbêtipun sèkêt taunan sapriki, lajêng saya kêndho, ingkang kathah lajêng kasêsêlan kilenan, kados ta dalêmipun para bupati.

Kagunan yêyasan Jawi lajêng saya mundur wontên ing wêwêngkon ingkang mlarat ing griyaning rakyat. Sanadyan munduripun wontên ngriku punika pikantuk papan singidan ingkang radi primpên, sarta botên ketang namung alit-alitan, kawontênanipun taksih sagêd lêstantun, ewadene inggih botên sagêd mêkar sayêktos. Nanging wontên ingkang wigati sangêt, inggih punika wontên ngriku wau kagunan yêyasan taksih cêtha gadhah titikan gêsang. Titikan gêsang wau botên katingal sêgêr ingkang ngungkul-ungkuli. Jalaran bab makatên punika botên sagêd tuwuh saking kagunanipun băngsa ingkang wontên ing ngandhap, tur kagunan wau mênggahing sosial tansah gêgandhengan. Titikan gêsang wau wujudipun, kêkiyatan ingkang sagêd kabangun, nuwuhakên panggèndèng, pêpak tur botên nguciwani, sagêd anyêmbadani pêpanggil ingkang sarwa enggal.

Sintên ingkang nyêmak gêsanging rakyat ing bagean ingkang kula aturakên punika, kajawi sumêrêp cengkok kilenan kathah, ingkang botên angrêsêpakên, ugi sumêrêp kawontênan ingkang têrang gadhah sipat anglastantunakên. Kados ta: tosan katata anèh dados wuwungan, sarta kangge rêrêngganing pêpojokan (upaminipun ing Pêkalongan kalihan ing Banyumas), tarkadhang gêdhah candhela, sarta abên-abênan sanèsipun ingkang modhèrên, kaêtrapakên sae wontên ing pagêr ngajêng ing griya pakampungan salêbêting kitha (upaminipun ing Sêmarang). Wontên malih griya ingkang ing suwau gagragipun kilenan, lajêng kabangun sae miturut naluri, ngantos wujudipun lajêng gadhah sipat piyambak (upaminipun ing Priyangan kalihan Bogor). Lajêng gagragan griya kangge nulak sêsakit pès, ingkang jêjêripun botên gadhah wêlas dhatêng kabudayan, wontêna ing pundi kemawon mêsthi ngicalakên sadaya mathi sarta endahing griya. Griyanipun rakyat kados sampun tanpa aji babarpisan. Nanging sasampunipun dipun prasudi kanthi têmên-têmên ngantos pintên-pintên taun, mêksa sagêd kalampahan gadhah sipat piyambak. (Upaminipun ing sakiwa têngênipun Magêlang sarta panggenan sanès-sanèsipun). Ingkang kula aturakên wau sadaya namung têtuladan sawatawis ingkang sampun kula sumêrêpi. Dados têtuladan wau taksih kenging dipun wêwahi malih.

Nanging taksih wontên bab sanèsipun malih, jêr yakinipun tiyang wontên ing wêwêngkon wau, sanadyan tumindakipun namung alon-alonan, ewadene cak-cakanipun kajawi griya rakyat ingkang damêlanipun piyambak, sagêd angwontênakên undhuh-undhuhan sanèsipun. Griya Techn. Hoogeschool ing Bandhung yasanipun Ir. Maclaine Pont (priyantun ingkang miwiti ngopèni ajining cengkokipun yêyasan punika) [pu ...]

--- 205 ---

[... nika)] ingkang taksih katingal brêgas punika kula sisihakên kemawon, jalaran ing ngriku pola-pola cengkok Jawi kaêmor kalihan cengkok Indhonesiah. Nanging sanadyan griya T.H.S. wau kula sisihakên, inggih taksih kathah tuladha sanès-sanèsipun. Griya-griya rakyat yasan pangagêng-pangagêng ing wêwêngkon ngriku, punika pandamêlipun katitik sangêt manawi gadhah lèrèg dhatêng wêwangunaning griya pribumi. Ingkang makatên wau, kajawi margi saking pamanahan ekonomi, sarta luwêsipun, inggih margi prakawis sanès-sanèsipun. Nanging sadaya wau cêtha gadhah osik ingkang sami mênggahing aosipun yêyasan ingkang mêngku kagunan. Ing Surakarta wontên yêyasan brêgas, dados sakèthènging alun-alun yasanipun tuwan Mierop (angsal-angsalaning sayêmbara). Yêyasan punika nyata sagêd angsal damêl, katăndha ing papan sanès ing salêbêtipun kitha wau inggih lajêng dipun wontêni sakethengan ingkang (sanadyan botên plêk), inggih kados yêyasan wau. Ing Ngayogyakarta ngriki inggih wontên lêlampahan ingkang makatên, plêngkung ing tembok bètènging kitha (kraton) ingkang karembak prêlu kangge margi têtumpakan, sami dipun santuni yêyasan sakethengan acengkok Jawi. Sanadyan yêyasan punika wau mênggahing endahipun taksih kenging dipun pabên, ewadene sampun botên angicalakên saening pikajêngipun. Dados sawarnining yêyasan griya, agênga, alita, botên ketang sakêdhik, katingal manawi ngêcakakên cengkoking yêyasan Jawi. Tuladha ingkang tigas piyambak, kajawi museum punika, upaminipun pangêlaring mêsjid agung ing Cirêbon, yasanipun bêbadan nagari ingkang gadhah ayahan babagan barang kina. Êlar-êlaraning mêsjid agung ing Cirêbon wau, garapanipun brêgas sangêt, dados marêmipun kalangan pribumi, sarta angungkuli garapaning mêsjid sanès-sanèsipun.

Dados têrang anggèn kula gadhah panyuwun supados panjênêngan sami kaparêng mangsuli inggih (sagêd) tumrap prakawis sagêd sarta botênipun kagunan yêyasan Jawi kaajêngakên, punika mila maton. Anggènipun samangke wujudipun katingal kacingkrangan, punika dede pasêksèn bilih badhe lêstantun tanpa kêkiyatan. Jêr saèstunipun sampun kadangon anggènipun koncatan wêwêngan sagêdipun mêkar. Lajêng anggènipun singidan wontên ing griyaning rakyat piyambak, punika têrang taksih gadhah karosan nyêkapi kangge anggiring sakathahing daya ingkang enggal dhatêng gagrag Jawi, katitik saking anggènipun lastantun kenging kaalap sarta anggêgèndèng manah, dalah kangge kabêtahan ingkang langkung agêng tur warni-warni inggih makatên kawontênanipun. Malah inggih nyukani undhuh-undhuhan sae dhatêng kagunan yêyasan gadhahanipun băngsa mănca ingkang wontên ngriki.

--- 206 ---

Ingkang makatên wau lajêng têrang bilih yêyasan griya museum punika botên nirokakên cengkok kina ingkang sampun dados naluri. Sarta inggih dede caraning nyambut damêl ingkang pilih tandhing ingkang kathah anggènipun ngawon-awoni kagunan yêyasan Eropah ing abad 19. Ingkang baku tumraping griya museum punika ngêmbat lampah ngênèmakên sarta nganyarakên kagunan ingkang taksih gêsang nanging kêsingkur têbih. Têtuladanipun ing jagad kilenan, ing ngriki punika ngêmbat lampah kados lampahing kagunan yêyasan ing nagari Swèdhên, ingkang katingal sae sangêt kawusananipun.

Margi makatên wau, sampun mêsthi kemawon, mênggahing wêwangunanipun, botên kenging dipun trapi pêpanggil: cèplês utawi lêrês miturut naluri. (Jêr ingkang dipun ayahi punika cengkok ingkang taksih gêsang, kaalap kangge kabêtahan sanès, tur wontên ing kaanan ingkang ewah gingsir. Rèhne makatên, dados pun arsitèk inggih kenging damêl wêwangunan ingkang ngênèm-ênèmi sarta beda, waton taksih wontên ing wêwêngkon sêsipataning cengkok ingkang mila botên kenging binobot. Dados kamardikanipun wau namung kaêtrapakên ingkang mathis kemawon.

Panjênêngan sadaya mêsthi priksa, atur kula ing ngajêng wau, sampun mêngku katranganing têtanggêlan kula ingkang agêng ing bab pandamêlipun griya punika. Nanging taksih wontên prakawis umum, ingkang kula ugi rumaos gadhah têtanggêlan, inggih punika punapa ayahan ngênèmakên kagunan yêyasan Jawi punika mathukipun botên kagarap têtiyang Jawi piyambak. Jêr manawi botên makatên, punapa botên mutawatosi, jalaran lajêng kêkathahên beda utawi nyimpangipun. Parêpatan, mila nyata makatên. Saking pamanggih kula, ayahan kados samangke punika, lêrêsipun mila botên prêlu mawi tuntunan kilenan. Nanging ubênging kawonlênan[13] ing ngriki makatên: kagunan yêyasan pribumi ingkang kêsuk utawi kêsingkur sarta pêpês margi saking daya kawontênaning panjajah, sagêdipun anjênggèlèk malih namung saking kêkiyatanipun piyambak. Dados ing ngriki, sami-sami awrat lajêng ngawratakên panjênggèlèkipun kagunan wau rumiyin, punika lajêng kangge tăndha yêkti manawi taksih sagêd kalap. Manawi sampun makatên, ing benjing samăngsa gêsangipun sampun kantênan bilih gêsang têmênan, lajêng wiwit wontên daya karosan, prêlu kangge ngrêsikakên.

Tumraping griya museum punika, sarta ngèngêti dhatêng kawontênan ing samangke, tancêbing kabudayan kêdah langkung kaprêlokakên tinimbang pambobot ingkang lèrègipun dhatêng kabêtahanipun piyambak.

Rèhne babagan umum ingkang dados dhêdhasaring pandamêlanipun griya museum punika sampun kula aturakên, kula mêksa gadhah panyuwun amrih panjênêngan kaparêng manggalih dhatêng wujuding

--- 207 ---

griya museum, prêlunipun kajawi nguningani cak-cakaning sawangan umum wau, inggih kangge ngawekani sampun ngantos wontên ingkang klèntu sêrêp tumrap prakawis-prakawis ingkang sumisih margi kapêksa dening kawontênan sanès.

Ingkang kaprêlokakên rumiyin andandosi pagêr banonipun alun-alun minăngka têtawing iring ngajêng. Risaking kabudayan, tumandukipun dhatêng Ngayogyakarta ingkang ing rumiyin gênah sakalangkung endah (tilas-tilasipun taksih wontên sakêdhik, wontên ing alun-alun kidul) ugi ngengingi pagêr banonipun alun-alun, langkung-langkung ing sisish lèr punika. Risaking kabudayan wau kadugi sampun saabad. Ing urut pinggiripun pasitèn punika, lajêng dipun rajêgwêsi, nanging têtalêsipun ingkang rumiyin taksih lêstantun. Kajawi makatên ing ngriki tembokipun dhêdhasaripun wontên ingkang kapêndhêm, jalaran ing ngajêng wontên ilèn-ilèn pambucalan toya ingkang kadamêl inggil. Nalika andandosi, kawontênan ingkang nyênyêpêti punika botên kenging dipun icali. Sasampunipun makatên pêpuntonipun, tembokipun lajêng dipun sukani regol ingkang kala wau sampun panjênêngan langkungi. Mugi anggènipun andandosi kawontênaning tembok wau ing benjing sagêd sampurna.

Sasampunipun makatên panjênêngan pirsa kawontênaning pêndhapi ingkang sapunika sami kagêm lênggahan, dalah pringgitan ingkang pandamêlin[14] dipupun[15] inggili, sarta dalêm ingkang kados atur kula kala wau dados têlêngipun. Margi saking ciyuting papan, agêngipun griya punika kalêbêt alit katimbang dalêm pangeran, jêmbaripun namung sami kalihan griyanipun tiyang golongan têngahan ingkang kacêkapan. Pêndhapinipun griya punika, ing benjing badhe kaukir-ukir. Dene kanggenipun ingkang prêlu kangge anggêbyagakên têtingalan, utawi kangge papan pêpanggihan sasaminipun, dados botên kangge mitongtonakên barang-barang. Nanging ingkang baku piyambak, anggènipun kadamêl tigang ngongrongan jêmbar-jêmbar punika, sêdyanipun kangge ngatingalakên pola kagunan yêyasan Jawi. Kajawi punika, langkung-langkung dalêmipun kaangkah sagêda anuwuhakên raos ingkang mangrêtosakên dhatêng barang-barang sae ingkang kapitongtonakên wontên ngriku. Wontên ing salêbêting dalêm wau, ingkang kaprêlokakên sangêt pêpanggiling museum, papanipun kobèt, pêpadhangipun ajêg. Dados beda kalihan ngongrongan ingkang bêtahipun namung dhatêng padhang ingkang ambalêrêt. Kangge ngisèni dalêm wau, kula sami angsal paringan saking Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, awujud pasarean pêtanèn, sakalangkung sae, sarta wontên nalurinipun ingkang wigatos sayêktos.

Ngongrongan ingkang wontên sawingkinging dalêm, ingkang kangge ngatingalakên barang-baranging museum, punika sêdyanipun inggih kaangkah sasagêd-sagêd [sasa ...]

--- 208 ---

[... gêd-sagêd] ingkang anjawèni sangêt, nanging mêksa botên sagêd cèplês. Bakunipun ing ngriku punika namung griya lami dipun waragadi sakêdhik, prêlunipun namung waton lajêng kenging dipun angge.

Wontên kuciwanipun ingkang agêng, griya museum ngriki punika botên sagêd nyêkapi pêpanggil-pêpanggil ingkang prêlu sangêt mênggahing museum, inggih punika griya museum makatên pandamêlipun kêdah mawi ngèngêti klêmpakaning barang-barang ingkang badhe kasimpên wontên ngriku. Anggènipun botên sagêd nêtêpi pêpanggil ingkang makatên wau, jalaran kalêmpakaning barang-barang wau mila dèrèng wontên. Barang-barang ingkang sumimpên wontên ngriki samangke punika, ingkang kathah anggènipun ngalêmpakakên salêbêtipun griya punika kagarap, dados lajêng kalêbêtakên ing ngongrongan ingkang sampun wontên. Namung klêmpakaning ringgit wacucal punika ingkang beda sangêt kawontênanipun.

Kajawi wujuding panatanipun barang botên nêtêpi pêpanggil ingkang saèstu, jalaran pangrakiting griya botên kenging kapetang anjalimêt, prakawis jêmbaring papan inggih taksih nguciwani. Ing sakawit, komisi museum gadhah sêdya ngêkahi pamanggih-pamanggih enggal ing bab museum, inggih punika sagêda papan ingkang kangge ngatingalakên barang, ingkang ombèr sangêt. Dados barang-barang lajêng botên kadosdene suk-sukan sangêt. Makatên punika mêsthi kemawon, nglêgakakên manahipun para ingkang sami ningali, măngka adêging museum makatên inggih kangge para ingkang sami ningali wau. Nanging inggih botên anggumunakên, rèhne ingkang dipun wiwiti rumiyin kalêmpakaning barang. Dados lajêng nuwuhakên kawontênan-kawontênan ingkang kagatosakên ing akathah, jalaran mênggahing bab-bab ingkang sêsambêtan kalihan kawruh băngsa, tanah Jawi sarta Bali, kalêbêt sugih. Pamanahipun lajêng langkung wigati katimbang prakawis panatanipun barang miturut jêmbaring papan ingkang sampun wontên. Margi makatên punika, kiranging papan wau, inggih wontên kuciwanipun, inggih wontên pikantukipun.

Ngèngêti ingkang makatên punika, sarta atur kula ing bab pandamêlipun griya museum ingkang ngêngrêng amrabawa wau, punapadene ngèngêti dhatêng pambiyantunipun para arsitèk Jawi, têtanggêlan kula mênggahing pandamêlipun griya museum punika kenging kula gêmblêngakên miturut karampunganing komisi museum makatên: griya museum samangke punika adhapur wêwêngan salêbêtipun sawatawis wêkdal, utawi namung puwungan (tijdelijke oplossing) dados taksih kenging kaudi saenipun. Komisi wau gadhah pamanggih: griya museum kados samangke punika, botên nyêkapi manawi ngèngêti kabêtahan kobèting papan ing têmbe wingking, sarta inggih dèrèng nêtêpi pêpanggiling griya museum, kêdah mêngku sêsipatan ingkang mathis sangêt. Sanadyan griya museum samangke punapa

--- 209 ---

salêbêtipun sadasa dumugi kalih dasa taun sagêd kalampahan dipun saèkakên, ewadene sagêdipun manggèn ingkang sayêktos, kêdah tansah dipun prasudi ngupados papan griya Jawi kina ingkang mathuk sangêt kangge museum.

Sadèrèngipun kula ngrampungi atur kula punika, taksih wontên prakawis ingkang sambêt kalihan atur kula kala wau, ingkang kumêdah-kêdah kula têrangakên wontên ing ngarsa panjênêngan sadaya.

Kala wau sampun kula aturakên: salêbêtipun Yapha Insêtitut madêg, inggih botên patos manah dhatêng kagunan yêyasan griya Jawi. Dene sababipun inggih sami kemawon kalihan ingkang sampun kula aturakên kala wau. Malah sanadyan namung klêmpakaning gambar yêyasan ingkang sae-sae kemawon, dumugi sapriki Yapha Insêtitut inggih dèrèng gadhah.

Damêl griya museum ingkang kados makatên punika wujudipun, wontênipun ing Ngayogya ngriki, tamtunipun adamêl cingak, margi ing ngriki gêdhong enggal-enggal yasan nagari, ingkang pandamêlipun miturut karsaning parentah Jawi ingkang luhur, wêwangunanipun sami nyengkok wêwangunan kilenan.

Ingkang dados pangajab kula:

(1) Mugi tumindakipun Yapha Insêtitut, anggènipun ngêblak angakêni wigatinipun kagunan yêyasan Jawi mênggahing kabudayan, lumantar bêbadan-bêbadan ingkang mila mumpuni punika, sagêda kalajêngakên sarta dipun kiyati sayêktos.

(2) Mugi tindakipun Yapha Insêtitut wau, sagêda ngumandhang, langkung-langkung wontên ing jagad kêjawèn ngriki, pamrihipun supados tiyang lajêng mangrêtos, kadospundi sagêdipun andayani amrih kagunan yêyasan ing Surakarta lan Ngayogyakarta sagêd dados enggal sarta sugih.

(3) Mugi ngumandhangipun wau dumugi ing kalanganing pangrèh praja pribumi sarta sanèsipun, nyakup sadaya nagari bawah guprêmenan. Sagêda anênangi, rèhne gadhah kuwasa. Manawi andhawuhi yasa griya kangge kawulanipun, kados ta griyaning para amtênar, griyaning rakyat, mêsjid, pêkên, kantor kabupatèn, bale dhusun, kantor-kantor ing kitha sasaminipun, sadaya wau sagêda kaalap kangge ngajêngakên kabudayan ingkang sayêktos.

(4) Mugi ngumandhangipun wau ugi dumugi ing kalanganing para panuntun ebah-ebahan kabangsan ingkang kalêrêsan sangêt dene ing dintên punika kathah ingkang sami wontên ngriki. Para panuntun wau sagêda mangrêtos, sanadyan wontên ing kukuban kados makatên, amulihna têtangsul kalihan kabudayanipun piyambak dalah kamajênganipun, makatên punika botên atêgês mlaratakên, malah ing alami-lami badhe adamêl rosa dhatêng batosipun.

(5) Mugi ngumandhangipun wau dumugia wontên ing kalanganing golongan têngahan sarta rakyat [ra ...]

--- 210 ---

[... kyat] ingkang kathah-kathah, pamrihipun, rèhne botên mangrêtos, supados lajêng katêtangi anglêstantunakên utawi amangsuli cara pandamêlipun griya miturut nalurinipun, nanging kêdah mawi gagrag anyar ingkang mawi kanalar.

(6) Mugi ngumandhangipun dumugia ing kalanganipun tukang damêl griya băngsa pribumi, ingkang supados sagêd anggêgulang, bilih makatên wau wujuding yêyasanipun sagêd langkung angrêsêpakên, tur sakalangkung sae anggènipun ngawula bangsanipun.

(7) Mugi kumandhangipun wau ugi dumugia ing kalangan pasinaon yêyasan (technische onderwijs) wiwit saking ngandhap dumugi ingkang inggil. Pamrihipun supados kawontênan ingkang ngêngucêmi sagêda ical, sampun ngantos lare-lare pribumi wêdalan Ambahsêkul botên mangrêtos pandamêling griya kampung limrah, wêdalan Technische School ngandhap botên mangrêtos dhatêng rêrakitan Jawi, sarta sampun ngantos para insinyur pribumi ingkang neneman, babarpisan botên mangrêtos dhatêng cengkoking yêyasan griya ing nagarinipun piyambak.

Mugi anggènipun Yapha Insêtitut anglampahi ayahan, inggih gadhah tancêb makatên wau.

Namung sêmantên atur kula.

--- [0] ---

Komisi ingkang Ngupakara Museum Sanabudaya
Pangarsa: Bê.Kang.Pa.Ar: Adinagara - Ngayoja
Mudha pangarsa: Ir. J.L. Moens - Ngayoja
Warga: Gu.Kang.Pa.Ar: Tejakusuma - Ngayoja
Bê.Kang.Pa.Ar. Purubaya - Ngayoja
Bê.Kang.Pa.Ar. Suryaningprang - Ngayoja
Ki Hajar Dewantara - Ngayoja
Bê.Kang.Pa.Ar. Adiwijaya - Sala
Bê.Kang.Pa.Ar. Suryasurarsa - Sala
Juru crita: S. Koperberg.

[Iklan]

--- [0] ---

Atur Panuwun

Nalika bikakanipun Museum Sanabudaya, pangrèhing Yapha Insêtitut bêbasan kaurugan ing pangayubagyanipun para bêndara sarta para priyantun, para mitra Jawi Walandi tuwin sanès-sanèsipun, raosing manah kados kabanjiran ing mabên. Wondene wujuding pangayubagya wau warni-warni, wontên ingkang sarana ngawruhi utawi anjênêngi, utawi ngintunakên wêwakil, angèstrèni pahargyan wontên ingkang paring telegram, utawi paring sêrat kawilujêngan. Nalika dhênging damêl, sawêg sawatawis ingkang kaaturan panuwun, tur prasasat namung kagarba kemawon, botên sagêd ngaturakên panuwun ingkang jangkêp dhatêng satunggal-tunggaling priyantun, kabêkta saking lampahing kawontênan. Pramila samangke pangrèh kaparênga ngaturakên panuwun, ingkang rumiyin piyambak dhatêng:

Kangjêng Tuwan Bêsar Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, ing Indhiya Nèdêrlan
Lajêng dhatêng panjênênganipun tuwan Pisê Presidhèning Rad pan Indhi sarta para lidipun.
Dhatêng para agung ing tanah kajawèn, ingkang sami rawuh utawi ingkang dipun wakili, angèstrèni pahargyan
Dhatêng para dhirèkturing dhepartêmèn ingkang ngasta paprentahan umum, sarta para tuwan-tuwan ingkang rumiyin dados dhirèktur, kados ta panjênênganipun tuwan A. Muhlenfeld sarta panjênênganipun tuwan Propesor Mistêr J.J. Schrieke.
Dhatêng panjênênganipun tuwan algêmènê sèkrêtaris ingkang samangke, sarta ingkang mêntas lèrèh.
Dhatêng para gupêrnur sarta para tuwan-tuwan ingkang ngasta paprentahan ingkang inggil sarta sanès-sanèsipun.
Dhatêng para tuwan-tuwan militèr ingkang inggil-inggil sarta dhatêng para opsir sanèsipun.
Dhatêng para tuwan-tuwan pangagênging pangadilan sarta para priyagung tuwin priyantun ingkang ngasta pakaryan nagari sipil.
Dhatêng para bupati ing tanah gupêrmenan ing tanah Jawi, ing Bali, sarta para priyantun pangrèh praja
Dhatêng para priyagung nagari sarta para priyagung kraton ing tanah kajawèn.
Dhatêng para warganing pholêk rad.
Dhatêng para burgêmèstêr sarta para priyantunipun.
Dhatêng para jêjênêngipun among dagang, jêjênênging kagunan, sarta jêjênênging lampahing dharatan tuwin lautan, kados ta: Koninkelijke Pakketvaart Maatschappij.
Dhatêng pangrèh utawi jêjênêngipun gênutsêkap utawi pakêmpalan, ingkang nunggil ancas kalihan Yapha Insêtitut, mrasudi kawruh utawi kagunan.
Dhatêng ingkang sami mêdhar sabda ing dintên pahargyan ing wanci enjing.
Dhatêng para mardawèng kawruh ingkang manggèn ing nagari Walandi sarta ing ngriki, sarta ingkang sami kasdu mampir ing salêbêting lêlana.
Dhatêng para juru pawartos.
Dhatêng para tuwan-tuwan sarta nyonyah sanèsipun ingkang sami anjênêngi bikakanipun museum.

Ingkang punika pangajêng-ajêngipun pangrèh, mugi sadaya kemawon karsa anampèni atur panuwunipun pangrèh sarta para warganing Yapha Insêtitut, ingkang mijil saking manah ingkang rêsik. Amin.

 


Angabèi. (kembali)
Insêtitut. (kembali)
dalêm Sampeyan. (kembali)
§ Pêthikan saking Sêdyatama. (kembali)
kalihan. (kembali)
lêrês. (kembali)
dhirèktur. (kembali)
kawontênan. (kembali)
kawontênan. (kembali)
10 amadhahi. (kembali)
11 punapa-punapa. (kembali)
12 ngindhakakên. (kembali)
13 kawontênan. (kembali)
14 pandamêlipun. (kembali)
15 dipun. (kembali)