Tembang macapat

Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 34
1 dari 111
1–10 dari 1.110
1. Asmaradana
01.01 kasmaran carita luwih | purwanira duk rinêngga | Rêspati Manis dinane | nuju tanggal ping sawêlas | injing ing tabuh astha | Galungan ing wukonipun | Jumadilakir sasinya ||
01.02 panuju ing măngsa katri | taun Ehe punang warsa | anênggih ing sêngkalane | dadi obah syawara jalma |[1][2] anênggih kang ayasa | Dyan Dipati Arya Danu- | ningrat Bupati Magêlang ||
01.03 panjênêngan kaping kalih | akarsa mangun piwulang | sangking rama piwulange | Kangjêng Rahadyan Dipatya | Magêlang kang kapisan | Arya Danuningrat kasub | kasusra ing sanagara ||
01.04 ing pamrihnya ayya lali | darapon sagêda nelad | mèmpêr-èmpêr rib-iribe | muga padha dèn èstokna | dening pra putra wayah | ing sawuri-wurinipun | supaya manggiha arja ||
01.05 manira asung warta mring | sakèhe anak manira | gêdhe cilik tuwa anom | sangking dikane jêng rama | ingkang manira pajar | samya èstokna sadarum | muga [2] padha dèn pikira ||
01.06 pitutur ingkang abêcik | duk syargine kangjêng rama | nyritakakên wirayate | sangking sujalma utama | kang nate anèng praja | kang wus waskitha ing ngèlmu | tur tate angrèh nagara ||
01.07 kang ginêlar sabda gati | lalungit yudanagara | wong nèng dunya ing artine | uwis wong suwitèng nata | pan tinutur sadaya | dhumatêng kang anak putu | tanapi kang kulawarga ||
01.08 hèh ta anak putu mami | padha sira pirsakna |[3] iya ing pitutur ingong | pratingkahe angawula | tuwin ulah agama | tan beda ing larasipun | wong anom yugya gulanga ||
01.09 kang anom sun wuruk dhingin | liring anom maksih tuna | durung akèh lêpèhane | beda lawan wong kang tuwa | nyêpuhi têgêsira | mapan nyawabi sadarum | mulane jênêng wong tuwa ||
01.10 pan wênang tinuwi-tuwi | marang anak putunira | sumawona ing lilane | lamun ora mangkonoa | tan jumênêng wong atuwa |[4] pan [3: pa...n] iku wong tuwa suwung | dadi têtuwan ranira ||
1 dari 111

 


Lebih satu suku kata: dadi obah syara jalma. (kembali)
Tanggal: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) sawêlas (11) Jumadilakir Ehe: dadi obah syawara jalma (AJ 1764). Tanggal Masehi: Kamis 22 September 1836. (kembali)
Kurang satu suku kata: padha sira piyarsakna. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan jumênêng wong tuwa. (kembali)