Tembang macapat
Jaka Nastapa, Leiden University Libraries (Or. 2138), 1824, #1023
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Jaka Nastapa, Leiden University Libraries (Or. 2138), 1824, #1023
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 25
1 dari 70
1–10 dari 691
1. Puh Asmarandana | |
01.01 | ing kala wiwit tinulis | ing dintên Ngahad Paingnya | tanggal ping kalih likure | ing sasi Sêla sinêrat | Êdal ing tauneka | binabadan duk tinurun | bumi rana ardining rat |[1]| |
01.02 | purwakane kang ginurit | nênggih nêgorèng[2] Bragêdad | kang kocap ing caritane | nêgara gung tanpa sama | agêmah tur raharja [[2r]: rah...arja] | tulus kang saryya tinandur | karta-karti kang nêgara || |
01.03 | nêgara pasir awukir | luhjinawi[3] ingkang desa | apanjang maring dawane | atêbih wawêngkonira | tan ana kang madhaa | awukir ngungkurkên gunung | pasir ngajêngkên samudra || |
01.04 | bisikanira Sang Aji | Maharaja Suryyangalam | langkung gagah prakosyane | abagus maksih taruna | akathah rabinira | tinakutan [2: ti...nakutan] ing musuh |[4] ing sabrang myang tanah Jawa || |
01.05 | sampun aputra sasiki | èstri ayune kalintang | lwir widadari warnane | têdhak saking suralaya | unèng[5] ing mêrcapada | sandyah[6] ayuning pinunjul | ulate agêtir kilang || |
01.06 | èngsême apait gêndhis | wayahe patbêlas warsa | sêdhêng lagi biraine | wagêd lamun atênaga | yèn lêkêring wêdana | jaite netra sang ayu | kêmbar kalalyan ingbunya[7] || |
01.07 | kala mangke sang suputri | dèrèng akarsa akrama | lagya mongmong sarirane | agung satriya anglamar | anak mantri punggawa | tanapi putraning ratu | akathah kang brăngta ngarang || |
01.08 | nanging Dèwi Căndrawati | tinari krama tan arsa | pinaksa dera sang katong | nanging sandyah nora arsa | dadya mangke sang nata | tanpantuk dènira nantun | tansah dadi artatinya || |
2. Dhandhanggula | |
02.01 | injing sang nata miyos tinangkil | pêpêk andhèr onèng[8] sitibêntar | sagunge wadya mantrine | punggawa sêk supênuh | kulamagang singanêgari | andhèr wong priyantaka | gandhèk martalulut | mantri anom jagasura | kulamandhung [[3r]] wong anirbinta tan kari | wong sèwu numbakanyar || |
02.02 | wong panumping jajar wong pamiji | kawula gêdhong tata ing paseban |[9] nora na lali pêrnahe | para santana ngayun | jajar lawan rêkyana patih | laminira sang nata | sineba ing wadu | tan kadya mangke sang nata | wus alênggah anèng ing dhêdhampar rukmi | ingayap ing pawongan || |
1 dari 70
1 | Tanggal: Ngahad Paing kalih likur (22) Sêla (Dulkangidah) Êdal (Dal): bumi rana ardining rat (AJ 1751). Tanggal Masehi: Minggu 18 Juli 1824. (kembali) |
2 | nêgarèng (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | lohjinawi. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: tinakutan ingkang musuh. (kembali) |
5 | anèng. (kembali) |
6 | Variasi: sang dyah (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | ibunya. (kembali) |
8 | Variasi: anèng (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: kawula gêdhong tata paseban. (kembali) |