Tembang macapat

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 94
1 dari 263
1–10 dari 2.626
1. Puh Dhangdhanggula
01.01 purwaning wangsit têmbang artati | kang wus sidik wisudèng sudarga | apuranta panggujênge | rèhning mudha apunggung | cumênthaka milwa angawi | kêdah [[f. 3r]] ingalêm wignya | tansah sasar-susur | sastrane kathah kang băngga | tuna liwat akithal tanduking dhong-dhing | dèn gêng sih paramarta ||
01.02 apuranên dera sang [[f. 3v]] sudyapti | kang amaca miwah kang miyarsa | andonga-dinongakake | ayua imanipun | myang mulyane kang jisim sami | antuka nugraning Ywang | Pangeran Kang Agung | kang murah ing dunya marma | ing akhirat langgêng kang kun bumi langit | ping dwi martaning duta ||
01.03 kangjêng gusti nabi kang umiyi | ingkang sidik ing tyas kang amanat | tablèh barang parentahe | lilaning manah nêrus | têrus maring ing jaman akhir | akhire asung rahmat | mring umat sêdarum | ping tiga babu lan bapa | sanak tuwa maratuwa ping nêm Gusti | ingkang ulah ngibadah ||
01.04 ping pitu barkating gurunadi | ingkang salèh kang kêrana Allah | trêwalok ing Pangerane | lan barkating pra ratu | kang pinaring nugrahèng Widi | Kangjêng Sultan Mataram | kang turun-tumurun | Kangjêng Sultan ing Ngayogya | ngrilanana ingkang abdi mangun tulis | kăndha Jayalêngkara ||
01.05 ri sampunnya sipat pasang putih | patah brêstha gandaning sarira | pinrih anjrah ing jrênihe | nênggih wit kang ingapus | astha brăngta sinalin gêndhing | ngaran Jayalêngkara | cinampur lan ngilmu | karsaning para oliya | wus mufakat uliya ing tanah Jawi | kang kangge ing narendra ||
01.06 wanci jam nawa wiwit manulis | ri Soma Pon ping rolikur Rajab | Jimakhir titimangsane | sèwu lan pitung atus | tigang dasa angkaning warsi |[1] punika kuningana | taun măngka tugu | pasongkara sang mangripta | Purwarêja dalême sang murwèng gurit | kinarya smarondona ||
2. Asmaradana
02.01 sigêgên têmbang artati | asmarondona [[f. 4r]: asmaro...ndona] gumantya | karsane sang amangun rèh | winangsulan purwaning rat | duk karya kênyatahan | Pangeran Kang Murbèng Tuwuh | witing ora dadi ana ||
02.02 ring pupusing alam tunggil | ana măntra-măntra wetan | angêndhanu kilèn gène | ana gatra tanpa warna | katetesan kampinta[2] | ring Ywang Găngga Wirantanu | dadi sarining buwana ||
02.03 kang kaeka dasa adi | purwa eka têdah tunggal | adi ing kaluwihane | dasa sêpuluh artinya | purwa liring wiwitan | nadyan kathaha praja gung | tan wontên kang mirib memba ||
02.04 sêdasa kathah praja di | jêr sawêg Sonyawibawa | kang tinêdahkên baguse | kinarya witing carita | pasir wukir wulusan | mêngkêr arga mangku laut | murah sandhang muwah pangan ||
1 dari 263

 


Tanggal: Soma (Sênèn) Pon rolikur (22) Rajab (Rêjêb) Jimakhir (Jimakir): sèwu pitungatus tigang dasa (AJ 1730). Tanggal Masehi: Senin 7 November 1803. (kembali)
kampita. (kembali)