Tembang macapat

Nah Kuwi, Jayasayana, 1954, #1059

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Nah Kuwi, Jayasayana, 1954, #1059

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 44
1–10 dari 436
1. Dhandhanggula
01.01 Ri Sêtu Kliwon manitrèng manis | wêktu injing wanci pukul sanga | kaping nêm likur tanggale | Dulkangidah sutèngsu | warsa Wawu sêngkalanèki | jalma pat ngèsthi nata |[1] Landi wulanipun | Nopèmbêr kaping wolulas | angka sèwu sangang atus sawlas nênggih | Srat Nah Kuwi namanya ||
01.02 sri narendra yèn lênggah pandhapi | rare papat angadhêp sadaya | tan kêna pisah rowange | nulya ingabên gêlut | ababintèn sakawan sami | rare gulung-gulungan | kalinthingnya umyung | yèn wis samya ginanjaran | pêpanganan utawa lan wedang kopi | langkung suka sang nata ||
01.03 yèn garwane tumut nèng pandhapi | rare papat kinèn pêpenekan | srikaya miwah manggise | samya alênguk-lênguk [2: alêngu...k-lênguk] | ting pathangkrong amangan sami | dinulu lir rangutan | sawênèh lir lutung | gya ginitik mring sang nata | ingkang kêna akagèt jumbul kapati | aniba galundhungan ||
01.04 rowangira kumrutug nulungi | nulya cinandhak binayang-bayang | binêkta ngarsa sang rajèng | nulya ginanjar gupuh | pêpanganan lan wedang kopi | langkung suka sang nata | miwah garwanipun | amijêt wardayanira | aningali rare tiba saking nginggil | gumlimpang lir rangutan ||
01.05 nulya kinèn adus marang bèji | patamanan sagaran kang para | nulya adus sadayane | ya ta ingkang winuwus | sri narendra dipun aturi | marang ing residhenan | sang nata gya rawuh | pan wus ingaturan koran | koran saking nagari ing tanah Jawi | residhèn Surakarta ||
01.06 jroning [3: jro...ning] koran apan iku muni | lamun arine jêng sri narendra | Pangran Natadiningrate | binêktèng marang laut | dosanira iku anênggih | arsa nusul sang nata | ing Ambon arsa wruh | sang nata dupi miyarsa | dhêlêg-dhêlêg sapandurat tan bisa ngling | kumêmbêng waspanira ||
01.07 asru katon warnane kang rayi | saha kagagas wardayanira | mangunadika galihe | dhuh nyawa ariningsun | têka dadak kangên mring mami | bote sadulur lanang | ing Ambon arsa wruh | ing mangke kadi punapa | ariningsun anêmu papa lir mami | katuhon têmên sira ||
01.08 luwih adoh nagri tanah Jawi | lawan Ngambon arsa wruh ing kadang | têmahan dadi lupute | dhuh nyawa ariningsun | sapiraa yèn panggih mami | nadyan dadi lêlakyan [4: lêla...kyan] | yèn karo sadulur | ya talah sira yayi mas | durung măngsa sira anêmoni sakit | abela kadang tuwa ||
01.09 pra Kompêni duk miyat sang aji | yèn kumêmbêng nênggih socanira | anggraita sadayane | nulya rinămpa gupuh | lan sinamur-samur dènnya ngling | wus lilih sri narendra | residhèn lon matur | yèn dhangan panduka nata | benjing enjing anggèr sami akuliling | mubêng pacinan anyar ||
01.10 sri narendra nulya nyuwun pamit | tuwan rêsidhèn ngatêrkên njaba | nata wus praptèng dalême | panggih lan garwanipun | sri narendra tan arsa angling | tuwin tan arsa nendra | mèh tutug sadalu | jêng ratu mèh salah tămpa | sang aprabu tinarka arsa nimbali | marang para dyah liya ||
1 dari 44

 


Tanggal: Sêtu Kliwon nêm likur (26) Dulkangidah Wawu: jalma pat ngèsthi nata (AJ 1841). Tanggal Masehi: Sabtu 18 November 1911. (kembali)