Tembang macapat

Wicara Kêras, Rêksa Pustaka (A98), akhir abad ke-19, #1061

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wicara Kêras, Rêksa Pustaka (A98), akhir abad ke-19, #1061

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 8
1 dari 20
1–10 dari 197
1. Sinom
1.01 watêking wicara kêras | susumuking pangucap bêngis |[1] iku nangèkakên napas | setane nuli kêkinthil | pangucap ririh manis | nora tangi napasipun | antêng sarta santosa | setane lumayu ngênthir | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||
1.02 budi kang nora sarănta | iku panuntuning eblis | dèn omahakên paragak | pangrasane suwarga di | wong kêna ing jêjail | nora mantêp maring ngèlmu | binedhung brêkasakan | nalare pating saluwir | nora eling lamun titahing Pangeran ||
1.03 sabab kinarya Kalipah [2] | têgêse mapan gêgênti | têka kurang panggraita | prandene kudu abêcik | apa marganing bêcik | sok buwang sarak tur lêngus | măngsa silih antuka | malah jiniwir ing ciwir | pangrasane dudu gêtih lawan kama ||
1.04 wus kocap ing dalêm Kuran | pêpacanganing bilai | wong kurang sabar narima | ewan panastèn ing ati | liya jinis upami | yèku bangsane truwèlu | dadra angămbra-ămbra | lali lamun ana pati | utamane wong bêcik anglakonana ||
1.05 sabarang panggawe arja | tuwin panggawe kang bêcik | anyêgah tingkah kang salah | nora ewa nora jail [3] | saingga wiji-wiji | sayêgti[2] cêpak mèh thukul | kakêmbanging awirya | dudu kêmbanging bilai | dèn waspada wong urip aja sêmbrana ||
1.06 aja dumèh yèn awirya | anak putune wong mukti | sanadyan mangku nagara | aja sumakean êdir | tan nganggo dugi-dugi | sapa sira sapa ingsun | puniku bêbakalan | atombok kaki lan nini | kang wus bêcik panggonane milu kocap ||
1.07 sanadyan nora wania | ngarêp garundêl ing wuri | iku watak nganiaya | nora ngeman kaki nini | wong tuwa kang wus mati | katut katunjang pêpisuh | mêmule pêndhak arwah | dadi ilang tanpa [4] kardi | nak putune ting balingkrah nora kaprah ||
1.08 wong tuwa wajip bêbakal | wong anom darma nglakoni | yèn wong tuwane tan lumrah | turune yêgti nêmahi | sanadyan Kangjêng Nabi | Muhkhamat ingkang rinasul | uwus nayakaning rat | tan kêna sawiji-wiji | suprandene ngetung nistha lan utama ||
1.09 sabab mikir ing wêkasan | kaya ta ing tanah Jawi | duk Ki Agêng ing Sêsela | asabar tur tèki-tèki | Bundhankajawan nênggih | kang amiwiti mangungkung | kongsi prapta ing Pajang | Kyai Pamanahan ngapdi | Sultan Pajang angganjar bumi Mantaram ||
1.10 Ngabèi Saloring Pasar | prandene [5: prande...ne] magsih[3] ngêmohi | tan amilu lara lapa | sadaya pan sami mugti | tan milu mati ragi | mangkruk-mangkruk nêmu kêthuk | Ki Ageng ing Sêsela | pêpaline aprayogi | dèn anggea nora nasar ambêlasar ||
1 dari 20

 


Lebih satu suku kata: sumuking pangucap bêngis. (kembali)
sayêkti (dan di tempat lain). (kembali)
maksih. (kembali)