Tembang macapat

Babad Kangjeng Ratu Kancana, Sastrasumarta, 1936, #1081

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kangjeng Ratu Kancana, Sastrasumarta, 1936, #1081

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 31
1–10 dari 305
1. Dhandhanggula
01.01 dyan ingêpuh pamêsuning budi | mandar wagu gatining gitaya | trima mung sakêcandhake | gumulung lênging kayun | ruwêtira tan dèn pèngêti | saliring tata sastra | srananing pangapus | suwung tan lir pramèng basa | marmanira wadhah wadhak tanpa sari | tangèh mirib sarjana ||
01.02 napak tilas lêstarining nguni | kang laksita ginubah binabar | kang wus kacihna tandhane | gandanya maksih arum | mêtabêri sadarah wuri | kamuman ganda wida | sumarambah marbuka |[1] rumakêt maring sarira | anrus tumus rumêsêp ing sanubari | mirid dongènge kuna ||
01.03 sarosamba mardawa mamardi | anggupita sinawung sarkara | gancarakên rorocene[2] | jinêjêr Kangjêng Ratu | Kancana di Pramèswara Ji | Sinuhun Pakubwana | swarga kaping têlu | kang mandhirèng Surakarta | winursita rumuhun putranya swargi | Tumênggung Wirarêja ||
01.04 babadira binabar binudi | nênggih Radyan Mênggung Wirarêja | duk maksih nèng desa manggèn | Palar lêgèn rumuhun | anêmah ing kasrakat miskin | aran Ki Jagasura | wismanira gubuk[3] | cagak dêling payon krapak | reyak-reyok gêdhèke bêtepe garing | cagak dhoyong tinuwak ||
01.05 jaga yitna[4] yèn sinrang ing angin | lamun jawah balêbah kasrambah | klêbus kêbês badan kabèh | karongron luwih rukun | dènnya somah jalu lan èstri [2] | antêping tyas têmênan | taman murkèng pandum | kang priya ulah kêbonan | mung sacluwik dèn ulik-ulik agasik | ngrêsêpkên kang amulat ||
01.06 tinanêman ingkang mawèh misil | karya jangan bêtahing padinan | kacang kara bêstru ceme | terong sêdhêng sumêrung | lombok jêpan timun kêrai | lalaban gugudhangan | nikir dewadaru | yèku karya lalawuhan | ingkang èstri tan darbe kunung kardi |[5] mung rencang sawatara ||
01.07 kadwinira dahat ing pangèsthi | lamun ratri nendra tan piraa | tajin dhahar miwah sare | agung subratanipun | dahat dera sru mati ragi | sagunging kang pakaryan | yayah karya sintru | unggyanira muja brata | aywa kongsi sinigênan sagung janmi | mrih hayu kang pinanggya ||
01.08 sayêktine nadyan tan kasait | nging tinampi kanthi sabar drana | sinamuning sêmu sarèh | mangkya ingkang winuwus | Ya Nyai Jagasura marêngi |[6] wahyaning mangsa kala | sayêkti yèn sampun | ngandhêg kandhuhan subrata | sumarmèku barang karya angêndhoni | luluh lêsah kasulah ||
01.09 lamun dalu tan nendra kapati | siyangira lêsu kasayahan | anging sinamun sêmune | bawaning wawrat sêpuh | sêmpoyongan tan jênak linggih | mara marêk ring priya | puwara sru muwus | dhuh adhuh sira wong priya | paran baya benjang praptanirèng wanci | jêr ingsun wawrat tuwa ||
01.10 saka mantyan[7] rudahing tyas mami | katatangi tangèh yèn tataa | dupi sumandhang mangkene | gênah tan bangkit minggu | yèn rinasaa wawrat tan iki |[8] baya tan bêrokohan [3] | dêstun têmên idhup | mirip lir caraning rucah | sapa baya kang milala amêlasi | maring wong sudra papa ||
1 dari 31

 


Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sumarambah marbuk. (kembali)
rêroncène. (kembali)
gubug (dan di tempat lain). (kembali)
jagayitna. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang èstri datan darbe kunung kardi. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ya Nyi Jagasura marêngi. (kembali)
sakamantyan. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn rinasa wawratan iki. (kembali)