Tembang macapat

Menak Cina, Balai Pustaka, 1934, #1087

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Cina, Balai Pustaka, 1934, #1087

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 76
1 dari 257
1–10 dari 2.563
1. Sinom
1. Dèwi Adaninggar kaarih-arih ing rama ibu
01.01 tur sêmbah sira nangkoda | jalwèstri sarêng umijil | sang rêtna sigra tumêdhak | geyongan cèthine kalih | kondur sang rajaputri | sapraptaning puranipun | lajêng mujung anendra | sangsaya wuwuh wiyadi | saking nyata wartane nagri Kuparman ||
01.02 mangkana sang rêtnaning dyah | sampun jangkêp kalih sasi | dènira nahên sungkawa | atilar nadhah lan guling | êmban kalawan cèthi | samya maras manahipun | ajrih lamun matura | mring kang rama sri bupati | yèn kang putra kandhahan lara asmara ||
01.03 mangkana sampun miyarsa | kang rama sri narapati | lamun kang putra sungkawa | lami tan nadhah aguling | wau ta pramèswari | kang ingutus sang aprabu | mring dalême kang putra | kapanggih sang rajaputri | maksih mujung kang ibu prapta tan têdhak ||
01.04 winungu mring ibunira | kagyat sang rêtnaning puri | dènira wungu gumregah | kang ibu mulat ing siwi | kadya grah tigang warsi | risake sariranipun | kang ibu jrit karuna | angrangkul putra sang putri | dhuh sutèngong Adaninggar ana paran [1: 4: pa...ran] ||
01.05 rusak têmên angganira | pagene tan matur gusti | mring ramanira sang nata | apa dadi tyasirèki | lamun sira tan wani | matur marang wong tuwamu | ingsun sira kongkona | atur uninga sang aji | apa ingkang dadi rasane tyasira ||
01.06 kang putra kèndêl kewala | waspanira adrês mijil | kang ibu tansah ngrêrêpa | dhuh wode tyas ingsun gusti | paran kang dadi galih | ing rusake sariramu | payo nimas matura | kang putra datan nauri | sênggruk-sênggruk sang rêtna eca karuna ||
01.07 adangu tan sinauran | kang ibu dènira mindi | kang putra pijêr karuna | pramèswari ling ing cèthi | matura mring sang aji | lamun putrane mangun kung | rusake kang sarira | lir wong gêrah tigang warsi | sun takoni sakêcap pan ora jarwa ||
01.08 manawa sri naranata | têdhaka dèn bêlakani | pawongan tur sêmbah mêsat | prapta ing ngarsa sang aji | aturing pramèswari | sadaya pan sampun katur | gupuh têdhak sang nata | ing Kaputrèn sampun prapti | pramèswari mingsêr mêthuk sri narendra ||
01.09 kang putra nungkêmi pada | ingaras êmbunirèki | adhuh putraningsun nyawa | apa dadi tyasirèki | jarwaa marang mami | apa ingkang sira jaluk | mundhuta gunung sotya | gunung mirah lan widuri | nora kurang nagaranira ing Cina ||
01.10 kang ana pitambuhana | kang ora ana ta gusti | nanging sira aranana | kurange donya jro puri | dolên sarira mami | lan sarirane ibumu | nanging [1: 5] sira tulusa | enake tyasira gusti | suka anèng pagadhèn datan gumiwang ||
1 dari 257