Tembang macapat

Menak Sêrandil, Balai Pustaka, 1933, #1089

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Sêrandil, Balai Pustaka, 1933, #1089

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 15
1 dari 50
1–10 dari 494
1. Kinanthi
1. Lamdahur dhaup kalihan Rêtna Prabandari
01.01 binêlok salawe taun | anèng ing sumur gumuling | sang rajaputra ing Selan | tan patya antuk aguling | sêpuh anèng ing kunjaran | gêng luhur anglêliwati ||
01.02 dêdêge satus sapuluh | gas dinulu angajrihi | nênggih kadang Rajèng Mlaka | pamêkas ingkang pawèstri | gêng luhur warna yu endah | aran Rêtna Prabandari ||
01.03 ya ta supêna ing dalu | katingal bêdhah kang langit | ana palangkan tumêdhak | kang nitih wong kaki-kaki | sajrone supêna tanya | sira Dèwi Prabandari ||
01.04 sapa sintên kang tumurun | sumaur ngong Nabi Êsis | awêwarah marang sira | yèn jatukramanirèki | yèku ingkang sinêngkala | Sang Rajaputra Sêrandil ||
01.05 iya kang aran Lamdahur | kinunjara nèng jro bumi | besuk apêputra lanang | ing benjing kaliwat pêkik | agya sira uculana | Lamdahur anèng jro bumi ||
01.06 iku pinêsthi Hyang Agung | dadya prajurit linuwih | kaonang-onang ing jagad | prakosa digdaya luwih | mara age luwarana | iku jodhonira yêkti ||
01.07 kagyat sang rêtna awungu | astane [4] ginănda wangi | wruh yèn bêcik kang supêna | wau Rêtna Prabandari | sigra marang pawarangkan | sang dyah sarwi bêkta kikir ||
01.08 ingiring pawonganipun | kêkalih kang bêkta nasi | miwah ingkang pêpanganan | wus prapta sumur gumuling | prênahe kang samya jaga | wong Mêlaka satus gilir ||
01.09 Rêtna Prabandari muwus | marang lurah kang akêmit | ingsun wênganana lawang | kagèt kang samya akêmit | dene kadange gustinya | saksana dipun wêngani ||
01.10 wong kêmit ika sadarum | sadaya samya sumingkir | dening ana putri prapta | samya amanggèn ing têbih | samya ajrih ing sang rêtna | tan wontên purun nyêlaki ||
1 dari 50