Tembang macapat

Menak Kaos, Balai Pustaka, 1934, #1090

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Kaos, Balai Pustaka, 1934, #1090

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 16
1 dari 49
1–10 dari 489
1. Dhandhanggula
1. Wong Agung cinidra wontên ing paprangan ngantos nandhang tatu
01.01 wong patang atus narik tan osik | yèn anaa tutur mring sang nata | mara sun tarike dhewe | lamun si nora rubuh | gawok têmên ingsun ningali | kalangkung adêksura | puniku pukulun | lamine kawula tumbas | pan sakêcap ulun dèrèng dèn basani | malah kula kang basa ||
01.02 mila wontêna pitulung aji | maripiha inggih mulangana | kramaa ing juragane | dimène dipun anut | wulang saking paduka aji | manthuk-manthuk ngandika | sira Raja Umum | lah iya sira undanga | kawulamu mêngko sun prêdine ugi | dimèn mari dêksura ||
01.03 Tasikwaja sira ngundang aglis | hèh ta Palupanèmpolan sira | marenea dipun age | andikane Sang Prabu | Palupanèmpolan nauri | apa ta karyaningwang | sira cêluk-cêluk | Jayèngmurti sarwi mara | Raja Umum gumuyu dènnya ningali | abênêr si juragan ||
01.04 satuture iya nora sisip | lagi tumon mêngko wong kawula | nora basa ing gustine | lan marenea gupuh | hèh budhake juragan aglis | iki ta gustinira | kang tuku [4: tu...ku] awakmu | angling Palupanèmpolan | hèh sang ratu manawa sira ta ugi | dadi budhak juragan ||
01.05 Umarmaya sigra turira ris | dipun agêng palamarta tuwan | inggih punika watêke | tan mawi unggah-ungguh | apocapan lawan narpati | inggih tan mawi basa | myang satriya agung | botên angangge upama | ngandika sru sri naranata ing Dêmis | hèh budhake juragan ||
01.06 apa nyata sira anyumbari | marang ingsun sanggup anarika | gon ingsun gêgladhèn kiye | sanggup jêngkangkên ingsun | Palupanèmpolan nauri | mara sun nèng rimbagan | tarikên dèn gupuh | yèn rubuh sun patènana | Raja Umum mudhun sing rimbagan aglis | lah mara ancikana ||
01.07 sigra angancik Sang Jayèngmurti | ing rimbagan nulya sukunira | kang kiwa pinulêt rante | sigra Sang Raja Umum | nyandhak rante nulya anarik | Wong Agung nora obah | ngêtog kuwatipun | suku tumanêm ing lêmah | rante pêdhot runtik Umum marêpêki | angangkat wêwangkingan ||
01.08 ya ta anon Prabu Nyakrawati | hèh ta Bêstak sira nora wikan | kang ngadêg rimbagan kae | iya Si Jayèng Pupuh | dèn prayitna sagung prajurit | kagyat Kya Patih Bêstak | kang atunggu pintu | kabèh samya ingundhangan | bala Dêmis sira Ki Patih Dêbruni | ngundhangi pra punggawa ||
01.09 wau ta ingkang lagya anyangking | Raja Umum ngangkat nora kangkat | mêtu gêtih darijine | suku manjing [5: ma...njing] sadêkung | marêntul rah netra kêkalih | karingêt gêtih kalas | apan tan kajunjung | hèh sira nyata prawira | payo gênti wong Menak tumurun aglis | mundur saking rimbagan ||
2. Durma
02.01 Raja Umum sigra ngadêg ing rimbagan | wong Menak nyandhak aglis | jinunjung wus kangkat | mubêng kadya likasan | sigra binanting ing siti | tigang pandurat | sang nata tan anglilir ||
1 dari 49