Tembang macapat

Jampi Susah, Tan Kun Swi, 1924, #1105

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Jampi Susah, Tan Kun Swi, 1924, #1105

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 10
1 dari 25
1–10 dari 243
I. Sisah saking sakit
1. Dhandhanggula
01.01 pupuling tyas kapraban mêmanis | jatining Hyang kang pinudyastawa | arsayamrih pakantuke | jana kang samyanggayuh | ing kamulyan waluyèng urip | supadya dadya dalan | rahayuning kayun | karya kayatnaning driya | têtakêran têtêping têpa palupi | tataning kamartanan ||
01.02 lir mangkana pêpuntoning kapti | têmah karya usada turida | kang tumindak sadinane | ing rèh jalma sawêgung | anom tuwa jalu pawèstri | ingkang sami kataman | prihatining kalbu | ywa kongsi kadawa-dawa | tanpa karya ngaurip anandhang kingkin | yogya dèn sêsukaa ||
01.03 paran dènnya angruwat prihatin | mangkya padha dipun sinaua | ulah prana sapantêse | samăngsa sira iku | sru kataman susahing ati | aywa kongsi dinawa | lêburên dèn gupuh | kadi ta sira kapraptan | susahing tyas jalaran roganing dhiri | enggal usadanana ||
01.04 dening budi pakarti pribadi | lara iku aja dipun uja | kongsi samarine dhewe | mangkono iku luput | yêkti kudu mawa usadi | sanadyan pirang warsa | lamun durung mantun | aywa sah budidayanta | ngêndi bae dununge usada jati | kang bisa maluyakna ||
01.05 nadyan kongsi tumêka ing miskin | labêtènnya angudi usada | yèn [6: yè...n] tinimbang sapêrlune | tan dadi apa iku | janji bagas warasing dhiri | awit nadyan sugiha | tur dadi tumênggung | lamun tansah nandhang roga | tanpa karya uripira anèng bumi | mung dadi sêsawangan ||
01.06 lan ngakèhkên prabeyaning urip | jêr wus kurang kasênênganira | wong nandhang roga jatine | kapitunan kang muput | tan ngamungkên badan pribadi | tuhu tular-tumular | susahirèng kalbu | mring batih sajroning wisma | sanak kadang mitra myang tăngga têpalih | kabèh kaduman susah ||
01.07 tuna bau suku miwah picis | ngèthèrakên wajibing wong kathah | ora karuan petunge | marma lamun kinalbu | lara ingkang wus madal jampi | ora kêna tinamban | tan antuk pitulung | amrih ludhanging ngakathah | wong kang lara luwih bêcik nuli mati | cuthêl banjur tan kocap ||
01.08 ingkang lumrah sakathahing waris | tansah owêl-owêlên ing manah | maksih kèlingan trisnane | ingkang mangkono luput | tan pinikir tumêkèng budi | nadyan eman trisnaa | nanging ora mantun | tur tan darbe kasênêngan | pêrlu apa wong lara dèn ênggik-ênggik | muwuhi ngêrêsing tyas ||
01.09 parandene kang padha manoni | mêksa maksih kogêlên ing driya | kang lara pinrih warase | mau ingsun wis tutur | aywa kêmba ngudi usadi | nanging lamun wus tita [7: ti...ta] | ihtiyare jamu | paran gone budidaya | ora liwat mung rinêksa ingkang sakit | aja bangêt ginagas ||
01.10 rèhne ora nyumurupi pêsthi | apa waras apa ta palastra | marmane dipun sumendhe | dèn eklas lamun lampus | dipun sokur yèn bisa mari | dhasar iku dèn ajap | ing siyang lan dalu | dimèn tan muwuhi susah | kapitunan susah anjaga wong sakit | susah ngudi waluya ||
1 dari 25