Tembang macapat

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 38
1 dari 133
1–10 dari 1.327
1. Dhandhanggula
01.01 sinarkara purwakaning tulis | Dite Manis kaping nêm candrama | Dulkijah Êdal warsane | Sangara punang windu | Warigagung măngsa Asuji | angkaning warsa Hijrah | sèwu tigang atus | kalih wêlas kang Isaka | sinung têngran kagunan ro kèsthi tunggil |[1] dènnya mardi wardaya ||
01.02 pamrih madya rèhing kramaniti | ngeman manah mamrih manuhara | ran tan wrin dawèng dhirine | angimpun rèh rahayu | rinarasing basa basuki | yayah măngka manetah | sagunging apunggung | srana sirnaning malèng tyas | ninging rasa sasmita ingkang nênarik | ngratna sanepanira ||
01.03 saking sêkunging [4] tyas amêmundhi | mêmusaka caritaning kuna | katamana supangate | sang para mardika nung | para luhur ing tanah Jawi | tumusing kautaman | nulusa saturun | mamêthik gancaring kăndha | duk akiring Janbanujan kang linuri | dungkap ing kamanungsan ||
01.04 kang minăngka bêbukaning rawi | Kangjêng Nabi Adam lan kang garwa | Dèwi Kawa nalikane | dinukan ing Hyang Agung | tinurunkên saking swargadi | nèng donya sru kaswala | darunanirantuk | babêndunirèng Pangeran | awit saking nêrak laranganing Widhi | dhahar wowohan swarga ||
01.05 yèku ingkang anama woh kuldi | jêng nabi sru panêlangsanira | dahat mêminta inggale | luwar saking papa gung | lêlampahanira jêng nabi | prituwin ingkang garwa | duk nèng swarganipun | mangkya kang winarnèng gita | ya ta muhung pinugut ri wusnya lami | antuk parmaning Suksma ||
01.06 kangjêng nabi gya jumênêng aji | mêngku nagri Kusnia Malebar | angratoni sakabèhe | sato kewan wana gung | tuwin kutu-kutu kumêlip | ngwiyat dharat samodra | samoa sumuyut | wusnya lamyantaranira | wau dènnya jumênêng nata jêng nabi | anulya darbe karsa [5] ||
01.07 nênuwun mring Hyang Kang Maha Sukci | yun mêdharkên wijining manungsa | sumungku ing pangèsthine | ngêningakên pandulu | gya anyipta tanajultarki | makatên pardikanya | inggih turunipun | wiji pêncaring manungsa | tan antara gyantuk pitulunging Widhi | kadugèn sêdyanira ||
01.08 Dèwi Kawa anulya garbini | dupi prapta ing sêmaya babar | nanging wahyaning putrane | dhampit putri lan kakung | ngantos gangsal rambah anênggih | sajroning limang warsa | dadya sabên taun | Dyah Kawa dènnya pêputra | sarambahan kang putra awon kang warni | sarambahan warnendah ||
01.09 dupi sampun diwasa prasami | karsanira Kangjêng Nabi Adam | pan arsa dhinaupake | putri kang nora ayu | dhinaupkên lan kakung pêkik | priya kang warna ala | angsal èstri ayu | nanging karsane Dyah Kawa | para putra wau samia akrami | kadang sêsarêngannya ||
01.10 putra ayu dhaup kakung pêkik | priya awon angsal èstri ala | têmah sulaya karone | rêbut bênêring kawruh | nora nana kang ngrasa sisip | pamurbane mring putra | adhaku-dhinaku | cukêng lan adrêng têmahan | samya nyipta rahsa kang minăngka saksi [6] | pamurbanirèng putra ||
1 dari 133

 


Tanggal: Dite Manis (Ngahad Lêgi) nêm (6) Dulkijah (Bêsar) Êdal (Dal): kagunan ro kèsthi tunggil (AJ 1823). Tanggal Masehi: Minggu 10 Juni 1894. (kembali)