Tembang macapat
Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 97
1 dari 276
1–10 dari 2.755
1. Asmarandana | |
01.01 | purwakanira makirti | rumancana sang pustaka | ing ari Sukra Manise | ing tanggal kaping sadasa | Rabingulakir wulan | Jimawal sangkalanipun | tri suyati bawa tunggal |[1]| |
01.02 | laksitan ingkang winarni | katanirèng Yugabuda | nuswa Jawa pituture | nadyan Buda yèn utama | linuri kang carita | duk jênêngira ing dangu | Maharaja Anglingdarma || |
01.03 | tan ana kang nyênyiringi | kabêntaranirang nata | tri buwana kêkês kabèh | ratu winong ing jawata | kinatujon sakarsa | tuhu kalamun pinunjul | sinêbut nata bathara || |
01.04 | prajanira sri bupati | ingaran Malawapatya | langkung wiyar jajahane | angungkurakên aldaka | ngajêngakên muara | tulus kang sarwa tinandur | eca manahing kawula || |
01.05 | radya ing Malawapati | matyanta gêmah raharja | kacarita punggawane | dhomas samyambêk sudira | prawira ing ayuda | manggala para gul-agul | tate angêlar jajahan || |
01.06 | wau sang sri narapati | Maharaja Anglingdarma | tan kuciwa ing listyane | dibya sakti măndraguna | prawira kinawasa | rama ibu raja ratu | eyang nata pinandhita || |
01.07 | kadang [4] sinangarya sami | ratu wijiling atapa | paluntur andanawarèh | rêmbêsing madu kusuma | Maharaja Nglingdarna | maksih taruna warna nung | kadya Bathara Marmata || |
01.08 | pêpatihira narpati | santana wêkaning warga | Bathikmadrim panêngrane | dibya sakti măndraguna | prawira ngadilaga | marmanira sang aprabu | abala sêsamèng raja || |
01.09 | inggih Patih Bathikmadrim | ingkang angêlar jajahan | pinrêp ing yuda antuke | dadya anungkul sadaya | kang para raja-raja | sumuyud tur putrinipun | sadaya sampun kagarwa || |
01.10 | dhomas cacahe pra putri | kang katur ing sri narendra | citrane samyayu anom | ki patih wus tinariman | santananing narendra | kaprênah misanan prabu | ayu endah warnanira || |
1 dari 276
1 | Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) sadasa (10) Rabingulakir Jimawal: tri suyati bawa tunggal (AJ 1773). Tanggal Masehi: Jumat 18 April 1845. (kembali) |