Tembang macapat

Dewaruci, Tan Kun Swi, 1928, #1212

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Dewaruci, Tan Kun Swi, 1928, #1212

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 5
1 dari 17
1–10 dari 165
1. Dhandhanggula
1.01 nihan doning ulun manulat sri | mring sarkara mamrih mamardawa | tyas wigêna panjutane | juwêt silarjèng tuwuh | wahananing kaanan jati | sujana paramarta | witaning tumuwuh | winangun ingkang sasmita | ginupita ing kawi rèh Bimasuci | winangun lawan jarwa ||
1.02 Wrêkodhara duk puruhita mring | Dhanyang Durna kinèn ngupayaa | toya ingkang nucèkake | marang sariranipun | Wrêkodhara mantuk wêwarti | maring nagri Ngamarta | pamit kadang sêpuh | sira Prabu Yudhisthira | kang para ri sadaya nuju marêngi | anèng ngarsaning raka ||
1.03 Arya Sena matur ing raka ji | lamun arsa kesah mamrih toya | dening guru pituduhe | Sri Darmaputra ngungun | amiyarsa aturing ari | cinipta praptèng baya | narendra mangun kung | dyan satriya Dananjaya | matur nêmbah ing raka sri narapati | punika tan sakeca ||
1.04 inggih sampun paduka lilani | rayi dalêm kesahe punika | botên sakeca raose | arya kalih wotsantun | inggih sampun tuwan lilani | watak raka paduka | Ngastina pukulun | karya mangendra sangsara | Rêsi Durna ginubêl murih ngapusi | sirnaning pra Pandhawa ||
1.05 Wrêkodhara miyarsa nauri | ingsun măngsa [6: măng...sa] kênaa dèn ampah | mati ya ngumurku dhewe | wong nêdya mrih pinutus | panunggale Hyang Maha Suci | Arya Sena saksana | kalepat sumêmprung | Sri Narendra Yudhisthira | miwah ari katiga ngungun tan sipi | lir tinêbak mong tuna ||
1.06 tan winarna kang kari prihatin | kawuwusa lampahira Sena | tanpa wadya amung dhewe | mung bajra sindhung riwut | ambêbênêr murang ing margi | prahara munggèng ngarsa | gora rèh gumuruh | kagyat miris wong padesan | kang kaambah kang kapranggul dhodhok ajrih | andhêpès nêmbah-nêmbah ||
1.07 kathah pasêgah dhatan tinolih | langkung adrêng praptèng Kurusetra | marga gêng kambah lampahe | glising lampahira sru | gapura gêng munggul kaèksi | pucak mutyara muncar | sangking doh ngênguwung | lir kumêmbaring baskara | kunêng wau kang maksih wontên ing margi | wuwusên ing Ngastina ||
1.08 Prabu Suyudana animbali | Dhanyang Durna prapta ing jro pura | natèng Mandraka sarênge | Prabu Ngawăngga tumut | pra sêntana andêling wèsthi | prasami ingandikan | marang jro kadhatun | wong agung ing Sindusena | Jayajatra miwah Ki Arya Sangkuni | Bisma myang Drusasana ||
1.09 Radèn Kuwirya Kurawa sêkti | miwah Rahadèn Jayasusena | Radèn Rekadurjayane | praptèng [7] ngarsa sang prabu | kang ginusthi mrih jayèng jurit | sor sirnaning Pandhawa | ingkang dadya wuwus | aywa kongsi bratayuda | yèn [8: yè...n] kênaa ingapus sangkaning aris | sirnaning pra Pandhawa ||
1.10 golong mangkono turira sami | Radèn Sudarma Surănggakara | anut rêmpêg samya ture | sira ta Sang Aprabu | Suyudana mênggahing galih | datan pati ngarsakna | ing cidranirèku | ragi kagagasing kadang | lagya eca gunêm Warkudara prapti | dumrojog manjing pura ||
1 dari 17