Tembang macapat

Jampi Susah, Budi Utama, 1918, #1226

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Jampi Susah, Budi Utama, 1918, #1226

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 9
1 dari 23
1–10 dari 222
1. Dhandhanggula
1.01 kaga trêsna sêkaring palupi | bantêring tyas paripaksa ngarang | tumuntên dadya sêdyane | dera sumêngkèng kayun | ning sujanma kang mudha pingging | mastuti ring sêdyarja | sasmitaning kawruh | traju kang măngka panimbang | upamanya têpa palupining dhiri | tataning kamartanan ||
1.02 mamrih têntrêm tumanêm ing ati | ingkang arsa ginupitèng kata | karya sirnaning wirage | tarima marang pandum | sumawana sarèhing budi | rêrantaman kang arda | sêsumuking kayun | rarasing rèh kawidadan | karsèng Sukma kang ginusthi siyang ratri | baboning kasunyatan ||
1.03 lir mangkana pêpuntoning kapti | têmah karya usada turida | kang tumindak sadinane | ing rèh jalma sawêgung | anom tuwa jalu pawèstri | ingkang sami kataman | prihatin ing kalbu | ywa kongsi kadawa-dawa | tanpa karya ngaurip anandhang kingkin | luhung amangun suka ||
1.04 paran dènnya angruwat prihatin | mangkya padha dipun sinaua | ulah prana sapantêse | samăngsa sira iku | sru kataman susah ing ati | aywa kongsi dinawa | lêburên dèn gupuh | kadi ta sira kapraptan | susahing tyas jalaran roganing [2: ro...ganing] dhiri | enggal usadanana ||
1.05 dening budi pakarti pribadi | lara iku aja dipun uja | kongsi samarine dhewe | mangkono iku luput | yêkti kudu mawa usadi | sanadyan pirang warsa | lamun durung mantun | aywa sah budidayanta | ngêndi bae dununge usada jati | kang bisa maluyakna ||
1.06 nadyan kongsi tumêka ing miskin | labêt dènnya marsudi usada | yèn tinimbang sapêrlune | tan dadi apa iku | janji bagaswarasing dhiri | awit nadyan sugiha | tur dadi tumênggung | lamun tansah nandhang roga | tanpa karya uripira anèng bumi | mung dadi sêsawangan ||
1.07 lan ngakèhkên prabeyaning urip | jêr wus kurang kasênênganira | wong nandhang roga jatine | kapitunan kang muput | tan ngamungkên badan pribadi | tuhu tular-tumular | susahirèng kalbu | mring batih sajroning wisma | sanak kadang mitra myang tăngga têpalih | kabèh kaduman susah ||
1.08 tuna bau suku miwah picis | ngèthèrakên wajibing wong kathah | ora karuan petunge | marma lamun kinalbu | lamun lara wus madal jampi | ora kêna tinamban | tan antuk pitulung | amrih ludhanging ngakathah | wong kang lara luwih bêcik nuli mati | cuthêl banjur tan kocap ||
1.09 ingkang lumrah sakathahing waris [3] | tansah owêl-owêlên ing manah | maksih kèlingan trisnane | ingkang mangkono luput | tan pinikir tumêkèng budi | nadyan eman trisnaa | nanging ora mantun | tur tan darbe kasênêngan | pêrlu apa wong lara dèn ênggik-ênggik | muwuhi ngêrêsing tyas ||
1.10 parandene sakathahing waris | mêksa maksih kogêlên ing driya | kang lara pinrih warase | mau ingsun wis tutur | aywa kêmba ngudi usadi | nanging lamun wus tita | ihtiyare jamu | paran gone budidaya | ora liwat mung rinêksa ingkang sakit | aja bangêt ginagas ||
1 dari 23