Tembang macapat

Jiwandana, Mangunwijaya, 1913, #1236

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Jiwandana, Mangunwijaya, 1913, #1236

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 15
1 dari 75
1–10 dari 749
1. Dhandhanggula
01.001 sèwu dhomas catur dasartati |[1] kaping sanga Mukaram kasapta | ing warsa Be rikalane |[2] birai babar kidung | mudhadama apaksa kawi | ambangun karawitan | mawi rinèh kidung | amung ngeja ingewanan | jêr nir deya kadêrêng kudu mêmardi | amurwa pralampita ||
01.002 de kang dadya parasdyaning kapti | dènnya marna manawung gitaya | tan katênta ing tyas dimèn | kataman ing panggunggung | sariratri ingalêm bangkit | ngikêt ing pangawikan | ambabar tyas namung | mèt wirayat yuning gêsang | myang sabisa-bisa arsa mardisiwi | sakulawarga ingkang ||
01.003 kirang kawruh tuna ing pambudi | dimèn dadya pambukaning sêdya | mrih widada dumadine | dadi nora kasêbut | tuwa tiwas tanpa nuwasi | karana ing agêsang | andhap miwah ruhur | sayêkti padha kewala | kang kaprênah tuwa wajib mituturi | ring suta sakwasanya ||
01.004 de kang măngka pindaning pamardi | dongèng duk ing jaman kuna ana | jawata lwih kadibyane | Hyang Jiwandana juluk | ngejawantah saking swargadi | jujug ing arga sunya | mahasèng asamun | dyan mêmuja mêsu budya | nyipta putra lan praja myang karaton tri | datan antara lama ||
01.005 tri candrama wus dadya prajadi | sangkêp sarwa araras kawuryan | swamipèng radya binètèng | rangkêp pat luwih pêngkuh | dhingin bètèng [2: bè...tèng] têmbaga nuli | bètèng parunggu nulya | salaka katêlu | pat bètèng kêncana mulya | ginapura têrusan sanga miranti | măngka wiwarèng praja ||
01.006 kèh kang marga prapatan waradin | rêsik wera têpi linut ingkang | udaka mili kinalèn | luhuring marga sinung | panjutadi kinurung munggwing | sêlaning wrêksa kanang | taraping têtanggul | yèn dalu padhang lir rina | kèh janma kang wis mendah têpining margi | tulyasri tiningalan ||
01.007 myang kadhaton katêlu wus dadi | sangkêp ing saisinya sarwendah | tuhu dahat tanpa tondhe | dhêndhêng kumêndhung-kêndhung | pindha swarga gurulokadi | gêdhong-gêdhong ginêdhah | kêbak barana gung | sotya mas maneka warna | kèh yasendah sananing parêkan cèthi | kang samya listyèng warna ||
01.008 myang pêpatih sapanêkar sami | wus sumewa madyèng panangkilan | pênuh ambalabar andhèr | samya busana luhung | nanging maksih mênêng tan osik | dene Hyang Jiwandana | duk samana sampun | sênêdan nèng jroning sanggar | kang ingaran nênggih gupit măndakini | ya made sandyasana ||
01.009 nging Hyang Jiwandana tan kaèksi | lir manungsa wit kinurung cahya | kang umancur kadyanggane | jwalèng surya sitangsu | anartani jro măndakini | têkyan kang tri puraya | katrangan sadarum | dirèng sunaring ujwala | nadyan jroning paraja kajajah dening | jwalèng Hyang [3] Jiwandana ||
01.010 prabawanya sangêt wingit singit | pêksi mêsat ing luhur kasanglat | tibèng kisma murcatmane | kênèng prabawanipun | risang nungku pudya sêmadi | sidhêm sajroning praja | tanpa sabawa mung | mênêng kabèh nora obah | mung kênyaring sêsotya rêngganing puri | sumirat rêbut praba ||
1 dari 75

 


§ (1840). (kembali)
Tanggal: sanga (9) Mukaram (Sura) Be: sèwu dhomas catur dasartati (AJ 1840). Tanggal Masehi: 21 Januari 1910. (kembali)