Tembang macapat

Bayanu'llah, H. Buning, c. 1920, #129

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Bayanu'llah, H. Buning, c. 1920, #129

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 13
1 dari 43
1–10 dari 427
1. Dhandhanggula
01.01 kawruhana tataning wong urip | mangarêpa arjaning tumitah | tumuwuh ing dunya anggèr | gêgulangên kagêlung | ginêlung ing sarkara mamrih | mrih padhanging pamawas | tanpa was wus kukuh | kukuh kuwating tyas têrang | têtelaning mèdêm kawruh kang sajati | jati-jatining tama ||
01.02 utamaning manuswa puniki | kudu budia marang lukita | kang madhêp trang wèlèh-wèlèh | ling-lingên liding sêmu | sêmu nyata karoban saksi | saksi kang tunggal karsa | karsane ki guru | guru pugêraning jiwa | jiwa raganira sumarah ing kapti | kapti kêrdyating suksma ||
01.03 wong tamarja arjaning dumadi | sakanparan[1] myang antaranira | wus kinawruhan salire | sêdene ingkang durung | têmên musthi antêping pati | wit kaananing gêsang | janma sadayèku | saking Adam purwanira | liring Adam tanpa kăntha tanpa kanthi | tan gatra tan satmata ||
01.04 datan êmbuh [3: ê...mbuh] tur datan amuji | iya iku aran tawang-towang | suwung wangwung sajatine | Allah malekat durung | durung ana kawula gusti | jatine jaman ora | kidam têgêsipun | dhingin nora kadhinginan | witing jaman manuswa sakaning sêpi | ing kono rasakêna ||
01.05 supaya wruh sakaning aurip | kang sawênèh guru amêmulang | asale janma ginawe | nêmbêlas wijènipun | mapat-mapat ping pat sakawit | iku sayêkti dora | tan pisan tinêmu | tăndha saksi nora ana | ana manèh saka wadi madi mani | maningkêm yèn mangkana ||
01.06 yêkti dudu Ngadam kang miwiti | kale para manuswa wus nyata | saka Ngadam pinangkane | marma sagung nak putu | parsudinên asalirèki | dadining kanyataan | ingkang tanpa tutur | saksi kodrating Pangeran | luwih bênêr brêsih titi tur lêstari | campuring kautaman ||
01.07 mangke paraning sangkaning urip | upayanên hya nganti sumêlang | aja [4] tumpangsuh pikire | lungane wong tumuwuh | luwih ewuh tur dhêmit rungsit | glethakan sinamparan | saking gampangipun | kang sawênèh pra ngulama | rina wêngi sawarga pinusthi-pusthi | iku wong kabegalan ||
01.08 kang sawênèh para pandhita di | ahli sorog gêdhene samrica | kumilat thathit warnane | mijil sing netranipun | iku ingkang pinrih nglêboni | nêmu ngalam gumêlar | wong mangkono tamtu | ciptane sasar katriwal | ana manèh oliya ciptèng tyas milih | johar kanthaning warna ||
01.09 kang gumêbyar-gêbyar angebati | linêbonan dèn anggêp sawarga | nèng kono gusti pamore | lah iku wong kalèru | wus kadhadhung ginawèng jajil | sawênèh malah ana | wruh cahya umancur | dinalih sipating Allah | iya iku kumpuling kawula gusti | têtêp wong kabegalan ||
01.10 ana ingkang pinanjingkên maring | sipat kodrat hu utêg têtêsnya | iku goroh [5] satêmêne | wit masih bisa lêbur | ajur-mumur awor lan siti | pinêndhêm pajaratan | dinalih nèng ngriku | ana ngalam jagad jêmbar | linêbonan langgêng nora owah gingsir | iku ciptaning setan ||
1 dari 43

 


sangkanparan (dan di tempat lain). (kembali)