Tembang macapat

Wulang Tatakrama, Pahêman Radya Pustaka, 1899, #1290

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Tatakrama, Pahêman Radya Pustaka, 1899, #1290

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–4 dari 10
1 dari 4
1–10 dari 36
1. Dhandhanggula
01.1 kang kariyin pêrlune wong ngabdi | bisa basa tanggap lan trêpsila | parigêl laku bokonge | dhadhap lan mundhuk-mundhuk | ulat ajèr sarta dèn aris | têmbung tatas dèn cêtha | dèn saguh dèn kukuh | aja kamèrèn mring kănca | dosa gêdhe marang Hyang Kang Maha Suci | duraka gêng pinanggya ||
01.2 kaping kalihira dèn ngawruhi | marang karsane ing Gustinira | dèn tiru ing bêbudène | gusti anggêpên guru | ingkang trêsna lan dipun wêdi | aja angrusak sanak | nglêbur padha batur | yèn dinangu ing bêndara | dèn ablaka aja dhêmên matur silip | tan kandêl pandhuwurnya ||
01.3 kaping tiga dèn amrih abêcik | maring rowang kănca-kancanira | mêmuruka sabisane | dene ingkang [2] winuruk | dianganggêp lan dinglakoni | yèn padha wêwuruknya | lan gustinirèku | poma dèn eling-elinga | barang karya aja nglakoni kacêlik | wong anom nastitia ||
2. Sinom
02.1 kaping pat sira elinga | tingkah ala lawan bêcik | iku pawitan utama | anggonên ati kang bêcik | kang ala dèn simpêni | kinarya pangemut-emut | supaya aja pisan | kagêpok panggawe sisip | aja sira polah saru lan digsura ||
02.2 kaping lima yèn bêndara | kadhayohan gêng lan alit | sira aglis asebaa | ajakên kancamu sami | lamun ana kang lali | utawa yèn ora wêruh | mring têkane dhayohnya | aglis ngadhêpa ing gusti | dadi nora [3] gawe lingsêming bêndara ||
02.3 lan tingkahmu wuwuhana | kang rikat kang ngati-ati | dèn rungon lawan dèn awas | mring watak karsaning gusti | dèn eling ingkang wadi | mênawa sira kaladuk | bukak wadining kănca | miwah wêwadining gusti | dadi pantês ingaran turuning kompra ||
3. Durma
03.1 têmbang durma bab kaping nêm kang winarna | saru nisthaning abdi | cacading acacad | ala-alaning ala | wong saru digsura pasthi | ingkang cinacad | ingkang tinampik-tampik ||
03.2 yèn dinangu sumaur ngadêg kewala | iku polah tan bêcik | patut singkirana | aja sêja atelad | yèn linggiha mangkrik-mangkrik | bêndara liwat | tan nêdya angudhuni ||
03.3 yèn dinukan marêngut bêkis [4: bêki...s] uninya | kokum dinulang tai | nèng ngomah winêkas | gustine lagi lunga | tinakonan api lali | yèku turunya | wijile wong tan kawin ||
4. Mijil
04.1 lamun tămpa timbalaning gusti | dèn enggal linakon | barang karya lamun suwe-suwe | mundhak ras-arasên tanpa dadi | wuwuh abot kaki | cacad têmahipun ||
1 dari 4