Tembang macapat

Panitisastra, Pahêman Radya Pustaka, 1899, #1291

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Panitisastra, Pahêman Radya Pustaka, 1899, #1291

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 10
1–10 dari 95
1. Dhandhanggula
1.01 mêmanise panêmbah pamuji | kang minăngka pandoning wardaya | mring kang karya alam kabèh | baka kodrat puniku | ingkang sipat rahman lan rakim | kang murba amisesa | jagad isinipun | ping kalih maring utusan | Kangjêng Nabi Mukhamad ingkang sinêlir | myang kulawarganira ||
1.02 dadyarsa ulun mangke muryani | angikêt gita basa pralambang | Panitisastra arane | sinawung lawan kidung | pêksi nila bilih kapanggih | inggih rujuking jarwa | pintên bangginipun | panggih atêpang ing basa | pêpèngête yogi dipun lari-lari | subasitaning praja ||
1.03 têgêsipun subasita nênggih | silakrama kaping kalihira | basa krama ing têgêse | sila puniku lungguh [2] | basa krama têmbung kang bêcik | kadi wong lêlênggahan | pasamuan lamun | wong bêbaturan kalawan | wong bêbêkêl tan wênang jajara linggih | miwah kramaning basa ||
1.04 nora wênang iku dèn kramani | wong bêbatur mring wong bêkêl ika | dèn jalang tatakramane | lan tataning alungguh | awit saking sang rajaniti | mulane ana tata | titine sang prabu | wong tan wruh ing subasita | lêgog-lêgog tan wikan ing tatakrami | mudha pugung[1] arannya ||
1.05 têgêse mudha wong tanpa budi | têgêse punggung ina budinya | dèrèng wruh sad rasa lire | sad nênêm têgêsipun | rasa ingkang karasa saking | iya pucuking ilat | punika liripun | amla kayasa lawana | kathuka tikta [3: ti...kta] madura mêkasi |[2] jangkêp rasanên lirnya ||
1.06 amla asêm ing têgêsirèki | lawana asin ing têgêsira | kayasa sêpêt têgêse | kathuka têgêsipun | pêdhês tikta têgêse pait | dene basa madura | lêgi têgêsipun | sêdhah pucangan tambula | suruh jambe ênjêt widya iku rai | sêpi samun têgêsnya ||
1.07 wong tanpa nginang kalane sami | lêlungguhan anèng pasamuan | pucat rai lambe putèh | ingkang mangkono iku | lamun ana rêrasan tulis | sastra kang winicara | mênêng lêngur-lêngur | arsa milua micara | nora bisa lir wong tapa bisu dadi | mênêng jomblong kewala ||
1.08 kang mangkana iku upamaning | mukane kadi lawanging guwa | wisa kang [4] cinatur mangke | wisaning sêmadiku | yèn carobo tindak tan apik | wisane wong amangan | yèn tan gêlis lêbur | dene wisaning agêsang | tanpa arta saujare tanpa dadi | karêpe tan katêkan ||
1.09 wisaning èstri kalamun uwis | kalaraban uwan dadi wisa | iya marang ing awake | kakung tan ana ayun | angrabèni ewa ningali | sanadyan parawana | ilang kênyanipun | yèn uwis kasaban uwan | panêngêran janma di ngrêsêpkên ati- | ning wong sapalungguhan ||
1.10 datan kêtèn sabarang dènnya ngling | tansah anduga-duga ing nitya | tan pêgat jaga-jagane | datan ana wong rêngu | dadya samya mrih sujanèki | amêmungu ing manah | kapurunanipun [5: kapurunani...pun] | tan angamungakên ing prang | lyaning karya sumêngkut karya gêng alit | yèku ran janmotama ||
1 dari 10

 


punggung. (kembali)
Kurang satu suku kata: kathu katikta Madura amêkasi. (kembali)