Tembang macapat

Wicara Kêras, Pahêman Radya Pustaka, 1900, #1292

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wicara Kêras, Pahêman Radya Pustaka, 1900, #1292

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 8
1 dari 23
1–10 dari 225
1. Sinom
1.01 watêke wicara kêras | sumuke pangucap wêngis | iku nangèkakên napas | setane nuli kêkinthil | yèn ujar ririh manis | nora tangi napasipun | ayêm sarta santosa | setane lumayu ngênthir | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||
1.02 budi kang nora sarănta | iku panuntuning eblis | dèn omahakên paragak | pangrasane suwarga di | wong kêna ing jêjail | kurang mantêp marang ngèlmu | dhinadhung bêrkasakan | nalare pating saluwir | nora eling lamun titahing Pangeran ||
1.03 sasat kinarya khalipah | têgêse mapan gêgênti | têka kurang panggraita | parandene kudu bêcik | apa margane bêcik | sok buwang [2] sarak tur lêngus | măngsa silih antuka | malah jiniwir ing cicir | pangrasane dudu gêtih lawan kama ||
1.04 wus kocap ing dalêm kitab | pêpacanganing bilai | wong kurang sabar darana | ewan panastèning ati | lyan jinising utami | yèku bangsaning têrwèlu | andadra ngămbra-ămbra | lali lamun ana pati | utamane yèn wong bêcik nglakonana ||
1.05 sabarang panggawe arja | sumingkir panggawe nisthip | anyêgah tingkah kang salah | nora ewan nora jail | saengga wiji sawi | sayêkti cêpak mèh thukul | kakêmbanging awirya | dudu kêmbanging bilai | dèn waspada wong urip aja sêmbrana ||
1.06 aywa dumèh yèn awirya | anak putune wong mukti [3: mu...kti] | sanadyan mêngku nagara | aja sumakehan êdir | tan nganggo dugi-dugi | sapa sira sapa ingsun | puniku bêbakalan | atombok kaki lan nini | kang wus bêcik panggonane milu kambat ||
1.07 sanadyan ora wania | ngarêp garundêl ing wuri | iku wong watak niaya | nora ngeman kaki nini | wong tuwa kang wus mati | katut tinunjang ing pisuh | mêmule pêndhak Ruwah | ilang bae tanpa kardi | nak putune ting balengkrah nora kaprah ||
1.08 wong tuwa wajib bêbakal | wong anom dama[1] nglakoni | yèn wong tuwane tan lumrah | turune yêkti nêmahi | iba ta Kangjêng Nabi | Mukhamat ingkang rinasul | tur wus nayakaningrat | tan kêna sawiji-wiji | parandene ngetung [4: nge...tung] nistha lan utama ||
1.09 sawab mikir ing wêkasan | kaya ta ing tanah Jawi | duk Ki Agêng ing Sêsela | asabar tur tèki-tèki | Bondhankajawan nênggih | ingkang miwiti mangun kung | kongsi prapta ing Pajang | Ki Pamanahan angabdi | Sultan Pajang olih ganjaran Mataram ||
1.10 Ngabèi Saloringpasar | saparene angêmohi | nora nganggo lara lapa | sadaya samya amukti | tan milu mati ragi | mangkruk-mangkruk nêmu kêthuk | Kyai Agêng Sêsela | pêpaline aprayogi | dèn anggoa nora sasar kabêlasar ||
1 dari 23

 


darma. (kembali)