Tembang macapat

Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 61
1 dari 179
1–10 dari 1.787
1. Sinom
01.01 sinawung sêkar srinata | mrih tatanirèng panulis | têlasing bale sagala | lakone kinarya ganti | sayêkti mung nyambêti | Jaka Kăngsa adu-adu | dumugi Rajamala | ingabên kadange kalih | Arya Rupakenca myang Kencakarupa ||
01.02 wau ta ingkang bêbuka | kinarya jêjêring tulis | kahyangan Saptapratala | anênggih Hyang Nagabumi | ingkang nuju siniwi | para Pandhawa sadarum | myang Kunthi Naribrăngta | Sêmar Bagong datan kari | samya dhêku ngarsèng Hyang Anantaboga ||
01.03 sawusira Arya Sena | dhinaupkên lawan Dèwi | Nagagini yu utama | wus runtut sapalakrami | langkung dènira asih | sinihan kalihe nutug | mangkana Hyang Ananta | pangandikanira aris | marang para Pandhawa sadayanira ||
01.04 he kaki sira wêruha | witing rusak iku saking | rusiya lawan Kurawa | rêkasa wêkasannèki | lire kasrakat dadi | lêlakon ananging kulup | lakon kang wus kawuntat | poma aja sira pikir | ingkang durung kewala waspadakêna ||
01.05 wong ingkang lagya kataman | marang sêsakiting ati | matrapêna patang pangkat | tata kalawan nastiti | têtêg lan ngati-ati | kapindho pitutur ingsun | wong ingkang lagya nandhang | rêkasaning manah kaki | kikisane ngrêgêma catur prakara ||
01.06 kang dhingin kandêling manah | kapindho bandêling budi | kaping tri kêndêling rahsa | ping pat kumandêla maring | ingkang amurbèng urip | kalawan manèhe kulup | lamun lagya anandhang | sangsara rêkasèng dhiri | aja kêmba angimbanga catur warna ||
01.07 dhingin bêtah pindho ngangkah | kaping tri dèn lêmbah kaki | kaping pate amêmakah | kanthia ênêng lan êning | ênêng mênênging budi | êning wêninging pandulu | Rahadèn [2: Rahadè...n] Darmaputra | umatur saha wotsari | langkung nuwun saha pamundhi kawula ||
01.08 ing wêwarah jêng paduka | mugi sagêda nglampahi | Bathara Anantaboga | malih angandika manis | nèng manèh babo kaki | iya ing pitutur ingsun | rèhne jêngira arsa | suwita ing narapati | wêkas ingsun poma dipun èngêt sira ||
01.09 jênênge kawula anyar | ywa pisan rumasa kaki | padha lan kawula lawas | kawula kang lawas ugi | aja rumasa sami | lan kulèng kaparêg kulup | kawula kang kaparag | ya aja rumasa sami | lan santana de yèn ingakên santana ||
01.10 aja kongsi sumantana | karana jêngira aji | ingkang ingakên santana | amuhung kang bênêr kaki | kalawan santosèki | lan malihe wêkas ingsun | yogya angawruhana | kulup mungguhing kadadin | nistha madya utamane wong ngawula ||
1 dari 179