Tembang macapat

Babad Dêmak, Dewabrata, 1914, #1295

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Dêmak, Dewabrata, 1914, #1295

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 13
1 dari 61
1–10 dari 607
1. Sinom
01.01 taruna dama kiratha | nging mêgsa ambêg kumasis | kapencut yun wignya nurat | nurun pustaka puniki | mung pamintamba mugi | mring pra maos ywa ginuyu | myang paringa aksama | rèh amba agung kumaki | salugune dèrèng wrin anggêring sastra ||
01.02 nanging mêgsa ngeka-eka | mèngêti tatkala wiwit | tinulis sêrat punika | ri Saptu Wage marêngi | wulan Sapar tanggal ping | tiga wlas ing jroning taun | Ehe tinêngran ăngka | sèwu wolung atus tuwin | kawan dasa sakawan ingkang lumagsa |[1]|
01.03 ingkang jinêjêr ing kăndha | wau Sèh Molana Mahgrib | duk tinilaran Kunthara | saklangkung kewraning galih | awit wiku tatèki | nèng madyaning wana agung | tanpa rowang sajuga | sang tapa osiking galih | arsa marang ing desa Tarub samana ||
01.04 tandya wisata gal-inggal | sarwi bopong jabang bayi | tan kèri sangkuh tulupnya | sinigêg ingkang lumaris | nênggih gênti winarni | pawèstri ing dhusun Tarub | nêmbe tinilar pêjah | mring laki tanapi siwi | nyi warăndha kalangkung susah ing driya ||
01.05 tambuh raosing wardaya | saking gunging kang prihatin | kapungkur bukti myang nendra | tan liyan kaciptèng galih [196] | mung lakinira tuwin | sutanya ingkang wus lampus | nuju turu kêkadhar | nyi răndha sêmana ngimpi | pinanggihan mring lakine kang wus laya ||
01.06 pitutur kinèn narima | lawan pinaringan èsthi | alit kinèn nyurtènana | yèn wus gêng marakkên mukti | nyi răndha nuli tangi | mriksa padhang kadya daru | tibèng pêrnah makaman | kuburing laki twin siwi | wus raina nyi răndha marang makaman ||
01.07 sarawuhirèng kuburan | nyi răndha tandya kapanggih | kalawan Sèh Maolana | nyi răndha dèn pituturi | lan pinaringan bayi | kinèn ngaku putranipun | salire wus winartan | lan malih dipun paringi | sangkuh tulup sampun tinampèn nyi răndha ||
01.08 wus têlas pangandikanya | wau ta Sang Maha Yêkti | tandya lon-alon wisata | apan arsa jajah bumi | nyi răndha laju mulih | sapraptaning wismanipun | ngundang-undang brokohan | kulawangsane kèh prapti | ambrokohi putra mati mulih gêsang ||
01.09 tyang Tarub kathah kang prapta | tatuwi mring jabang bayi | sami lek-lekan samana | kathah parêpat kang prapti | măncalima tanapi | asung pasumbang sêdarum | bayi mahyakkên bagya | nyi răndha sugih tumuli [197] | kang Kunthara sinusonan datan arsa ||
01.10 nusu swendanya[2] priyangga | ayêm datan mawi nangis | suprandene kuwat akas | pan wus karsaning Hyang Widhi | kunêng gênti winarni | Sri Narendra Majalangu | Sang Prabu Brawijaya | garwanira ingkang kalih | sami bobot babar praptaning sêmaya ||
1 dari 61

 


Tanggal: Saptu (Sêtu) Wage tiga wlas (13) Sapar Ehe: sèwu wolung atus kawan dasa sakawan (AJ 1844). Tanggal Masehi: Minggu 11 Januari 1914. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
swedanya. (kembali)