Tembang macapat

Wulang Putra, Padmasusastra, 1898, #1344

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Putra, Padmasusastra, 1898, #1344

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 20
1–10 dari 192
1. Kinanthi
01.01 kinanthi pinurwèng kidung | sri narendra kang mandhiri | Surakarta kaping sanga | puwara widagdèng kawi | wasising gêndhing wus kondhang | mumpuni kidung palupi ||
01.02 mêmalat waluyanikung | mangripta kidung sêsingir | ngulari lêjaring driya | driyarda asêmu wingit | mangun wudharing duhkita | tumutur karsaning Widhi ||
01.03 wêdharing nala mangapus | puspitanirèng utami | tumanêming driya aywa | kabanjur rudah ing kapti | tinaliti nuladhèng tyas | tyasing sujanma utami ||
01.04 utamanirèng pamêngku | wêwêngkoning praja luwih | wahyaning wêktu kawuryan | waluya sining prajadi | sumingkir kala dursila | lêlayaran mèt kang sêpi ||
01.05 pinapas sagung ru-biru | rêrusuh gêlahing nagri | nagri yêm mangayam-ayam | mêmayu waluyèng dasih | datansah [59: da...tansah] pangudining tyas | tata têntrêming nagari ||
01.06 rumaras raras rum-arum | rum-arumira pinurih | rumakêta pawongmitra | mêmitran samaning janmi | sapraja ywana bêncorah | rahayuning kang pinurih ||
01.07 tumutur utamanipun | mring putra wayahing wuri | ruwiya ingkang utama | linuria aywa lali | lêlabêt antuk nugraha | padhanging tyas narambahi ||
01.08 mring bumi tulus tinandur | kadarmanirèng wadyalit | lumaksana tan rêkasa | satitah narimèng ati | miturut tanpa lêleda | widadanirèng prajadi ||
01.09 andina-dina tumimbun | purbaning kahanan jati | tuhu adining tyas tama | mêmardi murtining ati | têtumanên dimèn tuman | kataman sarêjuning sih ||
01.10 sih-sinihan ing sawêgung | gung kinudang sapraja di | dining kanang sru kaonang | onang jananung sajawi | wirotama trahing tapa | turta sinihan dewadi ||
1 dari 20