Tembang macapat

Darmaduhita, Padmasusastra, 1898, #1346

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Darmaduhita, Padmasusastra, 1898, #1346

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 4
1–10 dari 32
1. Kinanthi
1.01 dene ta pitutur ingsun | marang putraningsun èstri | dèn eling ing aranira | sira pan ingaran putri | kang aputih kang sanyata | tri têtêlu têgêsnèki ||
1.02 bêkti nastiti ing kakung | kaping têlune awêdi | lair batin aja êsak | nglakoni tuduhing laki | laki ciptanên bêndara | mapan wong wadon puniki ||
1.03 wajib manut marang kakung | aja pisan amapaki | marang karêpe wong lanang | sanadyan atmajèng aji | alaki lan panakawan | sayêkti wajib ngabêkti ||
1.04 kalamun wong wadon iku | angrasa mêngku ing laki | ing batine amarentah | rumasa sênêng mring laki | nora rumasa wanodya | puniku pan kaking laki ||
1.05 iku wong wadon kêpaung | bingung binglêng kênèng pêning | tan wurung dadi ranjapan | ing dunya tumêkèng akir | dadi [142: da...di] intiping naraka | kalabang lan kalajêngking ||
1.06 ingkang dadi kasuripun | sajroning naraka benjing | iku wong wadon candhala | kang tan bisa amêrangi | ing nêpsu kalawan hawa | amarah kang dèn tut wuri ||
1.07 iku poma wêkas ingsun | anggonên pitutur iki | dèn wêdi ing kakungira | aja dumèh sutèng aji | yèn sira nora bêktia | ing laki tan wurung dadi ||
1.08 gêgawa mring rama ibu | kurang pamuruking siwi | iku tarkane ngakathah | panêdhaning sun sadêmi | maring Allahutangala | miwah mring Rasullollahi ||
1.09 ing sakèhe putraningsun | èstri kanggoa ing laki | kinasihana ing priya | lan padha bêktiyèng laki | padha lakia sapisan | dipun kongsi nini-nini ||
1.10 maksih angladèni kakung | sartane dipun wêlasi | aoyoda arondhona | warêga amomong siwi | lan nini pitutur ingwang | estokê lair batin [143] |[1]|
1 dari 4

 


Kurang satu suku kata: estokêna lair batin. (kembali)