Tembang macapat

Darmarini, Padmasusastra, 1898, #1347

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Darmarini, Padmasusastra, 1898, #1347

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 3
1–10 dari 24
1. Pocung
1.01 kang tinutur marna rèh mring para sunu | wanodya kang samya | manungku ing palakrami | pan mangkana ingkang winêdharing kata ||
1.02 dipun tuhu anglakonana puniku | kang sangang prakara | wijange sawiji-wiji | dhingin mantêp lire tan niyat mring liyan ||
1.03 kajaba mung ngamungna ingkang amêngku | iku lakinira | kapindho têmên winarni | têmên iku nora silip ing sabarang ||
1.04 dora wuwus dene ta kang kaping têlu | dipun anarima | apa sapanduming laki | ping pat sabar têgêse ywa sring dêduka ||
1.05 cêpak nêpsu ping lima bêktiyèng kakung | de bêkti mangkana | tan wani sarta ngajèni | nora lancang ywa wani andhinginana ||
1.06 barang laku mêngku ngêkul nora ayun | babaganing priya | wêdia bênduning laki | kanêmira kang gumati marang priya ||
1.07 kusung-kusung sêsaji ngopèni kakung | barang kang kinarsan | tanapi [150: tana...pi] yèn sukêr sakit | mulasara sung usada mrih waluya ||
1.08 kang kapitu mituhu sabarang tuduh | manut nora pugal | kawolu rumêksèng laki | bisa simpên yèn ana wadining garwa ||
1.09 tyasira sru ngeman ngowêl ywa katêmpuh | sakèhing bêbaya | kasanga wiweka pasthi | pradikaning wiweka ingkang santosa ||
1.10 ja katungkul sadina-dina kang emut | aywa pêgat-pêgat | ing rina pantara ratri | sariranta wanita èstu tan daya ||
1 dari 3