Tembang macapat

Wara Ratna, Padmasusastra, 1898, #1348

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wara Ratna, Padmasusastra, 1898, #1348

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 16
1. Pocung
1.01 nêmbang pucung parlu mardi dibyèng kawruh | wruhing tatakrama | myang nistha madya utami | tumraping wong wanita salaminira ||
1.02 kang kalaku madya utama kapungkur | nistha ingkang kathah | tata nistha krama nisthip | arda darung kang ardane ngămbra-ămbra ||
1.03 saya kidhung widhung kau kiyal banjur | dènnya mrih utama | nanging nistha tuhunèki | ingkang madya utama ingaran nistha ||
1.04 ingkang nistha sinêngguh utama luhung | mulane kaardan | nisthane arda andadi | warah wuruk lumayua nunjang palang ||
1.05 sababipun lêkêt marang nisthanipun | madyane sru gila | utamane mlayu ngênthir | mung ki basah ni papa ingkang suwita ||
1.06 mring wong darung kang arda ing nisthanipun | tan wurung tuhunya | kênèng cinthung ni papèki | kaki basah masang kala mawa wisa [155] ||
1.07 yèn tan emut suwitane kalihipun | wiwekane sirna | sarta wus pasthining Widhi | nistha arda kabanjur salama-lama ||
1.08 dhuh sutèngsun rungunên manira wuruk | kabèh kang tinitah | rèhning ta sira pawèstri | ingsun karya sanepa wêwulangira ||
1.09 ingsun cêkak supaya enggal dhinapur | nini putraningwang | èstokêna basa gati | basa wadon iku wadi têgêsira ||
1.10 milanipun wadi tan kêna kawêtu | kudu rinawatan | tan kêna lèh wèr ing kardi | dipun sami eling jênênging wanodya ||
1 dari 2