Tembang macapat

Menak Cina, Padmasusastra, 1898, #1349

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Cina, Padmasusastra, 1898, #1349

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 3
1–10 dari 27
1. Mijil
1.01 kang tinulis ing sêrat puniki | atêmbang pamiyos | wulang saking pan si bapak kiye | marang sira putraningsun putri | tingkahing akrami | angladèni kakung ||
1.02 nora gampang babo wong akrami | luwih saking abot | kudu wêruh ing tata titine | miwah sacara-caraning laki | pan watake ugi | dèn awas dèn emut ||
1.03 yèn pawèstri tan kêna bawani | tumindak sapakon | nadyan sira iku putra natèng | nora kêna ngandêlkên sirèki | yèn putra narpati | têmah dadi luput ||
1.04 pituture Ratu Cina iki | apan luwih abot | pamuruke marang atmajane | Dèwi Adaninggar duk ngunggahi | mring sang jayèng murti | angkate winuruk ||
1.05 wêwêkase bangêt wanti-wanti | mring putra tane wadon |[1] nanging Adaninggar tan [159: ta...n] angangge | mulane ta patine tan bêcik | pituture iki | Prabu Cina luhung ||
1.06 dene sira nini sun tuturi | prakara kang abot | rong prakara gêdhening panggawe | ingkang dhingin parentah narpati | kapindhone krami | padha abotipun ||
1.07 yèn tiwasa wênang bilaèni | panganggo kang loro | padha lawan anggêguru lire | mêruhkên mring salamêting pati | ratu lawan laki | padha abotipun ||
1.08 wadya iki pan kaking narpati | wadon kaking bojo | pan kuwasa barang pratikêle | aniyasat miwah anatrapi | sapratingkahnèki | luput wênang ukum ||
1.09 sapolahe yèn wong amrih bêcik | dèn amrih karaos | pon-ponane kapoka i[2] têmbe | nora kêna anak lawan rabi | luput ngapurèki | tan wande anêmpuh ||
1.10 amung bala wênang ngapurèki | polahe kang awon | beda anak lawan rabi [160] kase | pan mangkono nini wong akrami | apaitana eling |[3] amri[4] asmarèngkung ||
1 dari 3

 


Lebih satu suku kata: mring putrane wadon. (kembali)
ing. (kembali)
Lebih satu suku kata: pawitana eling. (kembali)
amrih. (kembali)