Tembang macapat

Panji Jayèngsari, Padmasusastra, 1898, #1350

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Panji Jayèngsari, Padmasusastra, 1898, #1350

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 19
1. Dhandhanggula
1.01 lênggah made pandhapa sang aji | lawan garwa munggèng ing dhêdhampar | pangantèn èstri kalihe | munggèng ngarsa sang prabu | duk winêling kang putra kalih | winuruk ing masalah | angladèni kakung | Prabu Tarnite ngandika | putraningsun babo dèn angati-ati | abagus lakinira ||
1.02 sutèng nata prajurit sinêkti | tur kinondhang Sang Prabu Jênggala | amumpuni sarjanane | ing pramudita putus | bijaksana alusing budi | prawira măndraguna | prakosa dibyanung | ratu abêbala kadang | amêpêki pêkik musthikaning bumi | taruna natèng Jawa ||
1.03 marma babo bêgjanira nini | sinaruwe Sang Prabu Jênggala | pira-pira pamor ipe | ing Jawa goning sêmu | wit sasmita wingiting Jawi | babon ingkang ngupaya | wiweka wèh sadu | mungguh ing panitikrama [166] | wong alaki tadhah sakarsanirèki | padhanên lan Jawata ||
1.04 nistha madya utama dèn eling | utamane babo wong akrama | Jawata nêksèni kabèh | pan ana kang tiniru | putri adi Manggada nguni | widadari kongkulan | ing suwarganipun | lan sinung cahya nur wendah | Citrawati sinêmbah ing widadari | putri adi Manggada ||
1.05 garwanira rajèng Maèspati | Sri Maha Prabu Arjunasasra | tinarimèng batharane | dènnya ngugung mring kakung | mila prabu ing Maèspati | katêkan garwa dhomas | saking garwanipun | putri Manggada angajap | sugih maru akèh putri luwih-luwih | yèn ana kinasihan ||
1.06 mring kang raka Prabu Maèspati | putri Manggada sigra anyandhak | kinadang-kadang yêktine | pinintakakên wuwuh | ing sihira mring raka aji | pan kinarya sor-soran | kang raka anurut | dadya sor-soran sakawan | Citrawati saking panjurungirèki | tinurut [167: ti...nurut] dening raka ||
1.07 lêgawèng tyas anrus ing pawèstri | murtining driya putri Manggada | liwat graitaning sarèh | iku yogya tiniru | Citrawati guruning èstri | nini iku utama | suwita ing kakung | tan garantês pasrah jiwa | ragane pan dèn arêp dèn iris-iris | ing raka tan lênggana ||
1.08 nora beda nini praptèng mangkin | ingkang dadi tuladan utama | putri Manggada anggêpe | suraweyan sang prabu | manthuk-manthuk atudang-tuding | putri kalih gung nêmbah | ing rama sang prabu | poma nini dipun awas | pan wanodya dèn cadhang karsaning laki | dèn bisa nuju karsa ||
1.09 aja rêngu ing netya dèn aris | angandika Prabu Gêniyara | tan kapirsa andikane | mung solah kang kadulu | hèh ta nini madyaning krami | samăngsa ing sakarsa | tan darbe pakewuh | manut sakarsaning raka | Citrawati waskitha osiking laki | mila lêgawotama ||
1.10 nisthaning krama [168] suwalèng batin | ing lalire[1] nadyan lêstaria | ing wuri supêk manahe | ing pangarêpan atur | nora wani mangke ing dhuri[2] | tyase agarundêlan | megat-megot mugut | ing batin ajape ala | aja ana wong wadon ingkang dèn sihi | amunga sun kewala ||
1 dari 2

 


laire. (kembali)
dhiri. (kembali)