Tembang macapat

Rêrêpèn Nawung Brănta, Padmasusastra, 1898, #1352

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Rêrêpèn Nawung Brănta, Padmasusastra, 1898, #1352

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–10 dari 10
1. Kinanthi
1.01 yam yam tilam dhuh mas ingsun | jêjimating tilamsari | kumalane jro paprêman | manis-manising jinêmrik | mêmalat nganyut wardaya- | ning priya lumentar[1] kentir ||
1.02 tarlèn mung mangayun-ayun | parentah sang pindha gêndhis | supadya mangrurah sêkar | kang dumunung anèng wèni- | nira sung enggaring grana | tumuntur osiking laki ||
1.03 kacaryan wudharing gêlung | kalênglêngan lalu nganti | lêsahing ăngga suhing tyas | kentaring wastradi luwih | wiyoga lamun tan panggya | musthikane kang piningit ||
1.04 bramara nèng kisma dunung (tawon tutur) | pasewakan jroning puri (srimanganti) | tumuntur mung nganti karsa | prajagung sawetan Mêsir (Ngêrum) | rum-arumira pininta | pininta dimèn patitis ||
1.05 tumraping kang wastra alus | ywa suwara jroning puri | yèn kalêbon duratmaka | curiga gêming pawèstri (patrêm) | panênggak putra Wiratha (Utara) [238] | dèn têntrêm ywa ngatarani ||
1.06 wusing karya (dadi) jayèngranu[2] | bale atma kang kinawi (angên-angên) | dumadi kangêne dadra | slaka cinitra walandi (kêton) | kamitonên dhuh bêndara | kang mradapa jroning puri ||
1.07 pirangbara sabên esuk | kalilan lumêbèng puri | barêsihi dhatulaya | kang tirta mili lêstari | sumyahing kang taru puspa | kakênan kang tirta wêning ||
1.08 rêmbaka kang lata timbul | tumaruna wohnyandadi | sêdhêng tinon kacaryan tyas | dening pandaming Wêlandi (sêtrali) | tan lali lêlangênira | jro pura angsung mêmanis ||
1.09 manis kararasing arum | rumiat sari ingungkih | kongas gandane angambar | madunya tumamèng lathi | sumyahing driya kapadhan | duhkitaning tilamsari ||
1.10 Anggara Manis sitèngsu | rolikur Rabingulakir | Kuningan kang măngsa Dhêstha | taun Be windunya Adi | sangkalanira ginita | raga sirna pandhita di |[3][4]|

 


kumentar. (kembali)
Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
§ = 1801 [sic]. (kembali)
Tanggal: Anggara Manis (Slasa Lêgi) rolikur (22) Rabingulakir Be: raga sirna pandhita di (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 15 April 1879. (kembali)