Tembang macapat

Ngèlmu Kadhoktêran, Padmasusastra, 1898, #1353

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ngèlmu Kadhoktêran, Padmasusastra, 1898, #1353

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–5 dari 5
1. Sinom
1.1 sinêkaran roning kamal | ing karsa dalêm sang aji | Pakubuwana ping sanga | mangripta kidung sêsingir | karya sênênging galih | sêlaning pêrlu prajagung | gunêm dununging badan | kalawan dhoktêr Kornèlis | asarana arca kang pinindha janma ||
1.2 cacahing badan sadaya | sabên enjing dèn pirsani | wulu kulit daging darah | balung sungsum otot sami | myang ati kapat tuwin | parincine jroning wadhuk | lakuning otot marang | kang lumêbèng sanubari | lan kang manjing betal makmur dunungira ||
1.3 myang lakuning angin tirta | lan darah rasaning dhiri | urusing badan sadaya | pinardi kalayan trêtip | lair kalawan batin | rinujukkên patrapipun | ngèlmu Rab Lănda Jawa | rinujukkên dimèn sidhi | winisudha ing kawruh utamaning rat ||
1.4 ngrat makirtya mamrih [240: ma...mrih] dadya | dadining kawruh utami | tumanêming driyanira | nak putu kang nêdya mamrih | kawruh utamèng dhiri | wirayate ngèlmu tuhu | utama dunya kerat | myang mashuring liyan nagri | kang pinardi lêstarining kawistara ||
1.5 barêsihing kawruh mapan | pinintokkên liyan janmi | kang putus utamèng sastra | lan kang tapa sawatawis | waskitha lêlèjêming | ing tuwan rabil rahmanu | nuraga manis netya | susêtya utamèng nagri | nagri lair nagri batin tan bêncorah ||