Tembang macapat

Wanagiri, Pigeaud, 1953, #1380

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wanagiri, Pigeaud, 1953, #1380

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 8
1–10 dari 74
1. Kinanthi
1.01 rarasing gita yèn wimbuh | dèn sawung ing têmbang kadi | masdrawa tinrapan irya | ri kang nindya lumrang wêning | ya mangkana malih pama | gănda marum kongas saking ||
1.02 kusuma anjrah sumawur | tan sêndhu manduk ing aksi | miwah tumujwèng nasika | mangkana karya upami | titis langêning lukita [1: 2] | lamun rinancanèng gêndhing ||
1.03 sumarmanira mangapus | mung manadukarèng kapti | lam-lamên mring kasusastran | nanging kawruh maksih sêpi | dèrèng wrin wêwadining kang | pramasastra pramakawi ||
1.04 nanging rabda mêdhar kidung | mrih gênyanging kramaniti | musthi ring ambêk rumarah | têtika mring basa Jawi | marma saru sigugira | êntyarsa dipun waoni ||
1.05 ingkang winursitèng têmbung | pasanggrahan Wanagiri | prênah kidul wetan praja | ing antara tan atêbih | nênggih mung wolulas êpal | munggwing sasukuning wukir ||
1.06 punika iyasanipun [1: 3] | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga | rikalanira cangkrami | babêrêg kang buron wana | myang misayèng ulam kali ||
1.07 lan pra tuwan kang tinamu | sahaya kang para gusti | bupati tuwin satriya | sêsuruhan ingkang prapti | sawadya pacaranira | prajurit lan para mantri ||
1.08 ing ngriku pakuwonipun | rinakit winangun asri | kinăntha sapăntha-păntha | kadya purane pribadi | sinuba saananira | binojana siyang ratri ||
1.09 cinatur rêrêngganipun | wau ta ing Wanagiri | papan nglowok sawatara [1: 4] | kinubêng ing wukir-wukir | angungkurkên kang narmada | lèr wana gêng anglangkungi ||
1.10 ginapura ing palêngkung | pêpalang malipir margi | pagêr bobok bêbanjêngan | panjang tiga bêlah kaki | pasagi capuri pura | pêrak mubêng ingkang margi ||
1 dari 8