Tembang macapat

Warayagnya, Pigeaud, 1953, #1388

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Warayagnya, Pigeaud, 1953, #1388

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–10 dari 10
1. Dhandhanggula
1.01 warayagnya wêdharing palupi | pinandara macapat sarkara | ing nalika panitrane | Sênèn ping kalih likur | sasi Saban Dhêstha Be warsi | sangkala nyatur slira | mêmulang mring sunu |[1][2] Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Prabu Prangwadana kang amarni | winahya mring pra putra [3: 2] ||
1.02 kakung putri ing rèh palakrami | sumawana kang sami jêjaka | tan wun têmbe pikramane | marma tinalyèng wuwus | wasitane mêngku pawèstri | ywa dumèh yèn wong priya | misesa andhaku | mring darbèkirèng wanodya | palakrama nalar lan kukum kang dadi | yèn tinggal têmah nistha ||
1.03 wuryaning rèh priya kang rumiyin | lamun arsa angupaya garwa | dèn patitis pamilihe | aywa kasêsèng kayun | bokmanawa kêduwung wuri | ya bênêr yèn wong lanang | wênang duwèkipun | rabia ping pat sadina | kêna uga wuruk karêpe pribadi | nanging ta tan mangkana [3: 3] ||
1.04 dadi ora ana ala bêcik | ngilangakên istiyaring gêsang | yèn ngarah apa tekade | andarung kadalurung | ngèlmu sarak dèn orak-arik | buwang ajining badan | lumuh rèh rahayu | tur upama kalakona | kasangsara kaduwunge anêkani | manglah nênutuh driya ||
1.05 aja nganti mangkono ta kaki | bêcik apa cinacad sêsama | wong gêndhak kalakuane | sapa kang duwe sunu | wadon awèh sira rabèni | kiraku nora nana | kêjaba kêbutuh | ala rinabenan koja | bêcik băngsa wit tan duwe putu êncik | mung iku ciptanira [3: 4] ||
1.06 kawruhana kaduwunging ati | jalarane mung patang prakara | wong anom dadi brangtane | dhingin myat warna ayu | kaping pindho melik wong sugih | kaping tri kawibawan | lan kaping patipun | kêna sambang sarawungan | rokok kinang winèhkên lan ujar manis | rinukêt mrih asmara ||
1.07 wêkasane ya kêna sayêkti | ngadatira wong anom mangkana | kèh rabi dudu niyate | yèn kêna sutaningsun | arabia jalaran bêcik | aja rabi pasogan | nistha yèn dinulu | angapêskên yayah rena | wruhanira manungsa nèng dunya iki | yèn kêna kang tinêdha [3: 5] ||
1.08 ingkang dhingin rahayuning dhiri | kinalisna sakèhing prakara | myang saksêrik sêsamane | kapindho badanipun | aja kambah barang panyakit | kaping tri aja tansah | susah manahipun | kaping pat arsa darbea | anak lanang kang mursid minăngka wiji | dawakkên turunira ||
1.09 mula nora gampang wong arabi | kudu milih wanodya kang kêna | ginawe rewang uripe | sarana ngudi tuwuh | myang ngupaya kang sandhang bukti | wêwilangane ana | catur upayèku | yogyane kawikanana | dhingin bobot pindho bèbèt katri bibit | kaping pat têtariman [3: 6] ||
1.10 papat iku iya uga kanthi | dhingin warna kapindhone brana | kaping tri kawibawane | catur pambêkanipun | êndi ingkang sira sênêngi | aja nganti angawag | manawa kêduwung | karana milih wanodya | datan kêna dèn mupakatkên sêsami | wuruk nèng karsanira ||

 


§ Taun Jawi 1784, taun Walandi 1856, wulan April. (kembali)
Tanggal: Sênèn kalih likur (22) Saban (Ruwah) Be: nyatur slira mêmulang mring sunu (AJ 1784). Tanggal Masehi: Senin 28 April 1856. (kembali)