Tembang macapat

Wirawiyata, Pigeaud, 1953, #1389

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wirawiyata, Pigeaud, 1953, #1389

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 6
1–10 dari 56
1. Sinom
1.01 sri nata dera makirtya | wirawiyata nujwari | Rêspati tanggal sapisan | sasi Saban wuku Wukir | Ehe sangkalèng warsi | murtyastha amulang sunu |[1][2] asung wasiyat putra | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat [3: 8] ||
1.02 iki ta wasitaningwang | marang kang dadi prajurit | aja kêmba ing wardaya | rèhne wus sira lakoni | balik dipun nastiti | marang ing kawajibamu | owêlên sariranta | rêksanên luhurmu sami | yèn kuciwa gawe punggêl drajatira ||
1.03 awit sira wus prasêtya | nalika jinunjung linggih | saguh nut anggêring praja | myang pakoning narapati | sinêksèn dèn èstrèni | mring para wira sawêgung | upama sira cidra | nyirnakkên ajining dhiri | têmah nistha wèh wirang ing yayah rena ||
1.04 ywa sira duwe pangira | lamun wong dadi prajurit [3: 9] | karyane abot priyăngga | wruhanta sagung pakarti | kabèh dunya puniki | tan ana prabedanipun | kang dagang nèng lautan | miwah ingkang among tani | sumawana kang suwita ing narendra ||
1.05 myang kang tapa jroning guwa | kang manusup ing asêpi | lakone padha kewala | awit iku dadi margi | mrih katêkaning kapti | sapangkate pandumipun | nanging sarananira | mantêp têmên lan tabêri | samaptane ingaranan laksitarja ||
1.06 lawan sira sumurupa | kang kalêbu pangabêkti | nora sêmbahyang kewala | kang dadi parênging Widi [3: 10] | kabèh panggawe bêcik | kang mantêp suci ing kalbu | uga dadi panêmbah | yèn katrima iku sami | sinung rahmat samurwate badanira ||
1.07 lamun tan mawa sarana | paran katêkaning kapti | lir bêdhag tanpa sanjata | ingatasira Hyang Widi | tan karsa mituruti | marang wong kang tanpa laku | nir ngamal myang panêmbah | kumudu dipun turuti | ngêndi ana gusti rinèh ing kawula ||
1.08 kang mangkono andupara | lamun jinurung ing kapti | malah nandhang duka cipta | dosane angrèh Hyang Widi | mulane sira sami | aja kakèhan panggayuh [3: 11] | manawa durung ngrasa | duwe ngamal kang nglabêti | bêcik sira angona wêktuning praja ||
1.09 dene sira gêlis bêgja | olèh pangkat kang nyartani | iku ta nalar kagawa | saking lêluhurmu sami | nguni wus potang sakit | dadya ing kapenakipun | sumrambah marang sira | marma den sokur ing Widi | tarimanên bêrkahe wong tuwanira ||
1.10 jêr janma kang wus minulya | lir wadhahing minyak wangi | utamane winantona | gandane saya mênuhi | nadyan ngisenan warih | labêting we maksih arum | kang măngka sudarsana | Jêng Gusti Pangran Dipati [3: 12] | Arya Mangkunagara ingkang kapisan ||
1 dari 6

 


§ Taun Jawi 1788, taun Walandi 1860, wulan Pèbruari. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) sapisan (1) Saban (Ruwah) Ehe: murtyastha amulang sunu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Kamis 23 Februari 1860. (kembali)