Tembang macapat

Sriyatna, Pigeaud, 1953, #1390

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sriyatna, Pigeaud, 1953, #1390

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 15
1. Dhandhanggula
1.01 lir mangingsêp maduning kang sari | surasane dènira mardaya | tan milalu kamuktène | mung ketang prajanipun | kang pininta jroning sêmadi | mugi ta pinarêngna | mrih arjèng wadyagung | têntrêm rêna ing tyasira | winantua ing sandhang kalawan bukti | wruha mring yogyatama ||
1.02 sumrambahe marang garwa siwi [3: 33] | kaping kalih ing panêdhanira | mugi para atmajane | kang sampun sinung lungguh | nama pangran ngraosa bilih | sampun antuk nugraha | nunggil asmanipun | lawan kang murbèng bawana | dipun sokur dèn sagêd marnahkên dhiri | nglênggahi namanira ||
1.03 sumawana sadhèrèke sami | priya ugi enggal sumusula | tuk nugraha lir kadange | lawan pamujinipun | dhatêng putra kang sampun wanci | diwasa nampènana | ing sasmitanipun | kang rama dènnya mrih arja | bantonana ing lampah ingkang prayogi | lan pamêsuning driya ||
1.04 lumayana dènira marsudi [3: 34] | upamane palwa nèng samodra | nadyan wasis pandhegane | kalamun palwanipun | awrat datan samapta sami | măngsa ge praptèng paran | tansah kombak kumbul | mangkana para sujanma | tanpa brata ngandêlakên yayah bibi | tan kêna kang sinêdya ||
1.05 kang mangkono dadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa | tan lunga saking ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe punang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal ing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||
1.06 tuk nugraha katêkan ing kapti [3: 35] | nadyan roga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rasanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||
1.07 kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yeka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||
1.08 angupaya wêkasaning dhiri [3: 36] | pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane | lamun tan bangkitipun | amung aja ta dadi pikir | myang karya susahira | iku saminipun | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||
1.09 kang mangkana bêgja dèn arani | prihatine ana dadinira | seje kang tiwas lakone | anake mèngèng tuduh | wus diwasa datanpa budi | wêruhe mung wong tuwa | anggêlar piangkuh | sandhang pangan mrih samapta | duwe japa aku anake wong sugih | tur têdhaking awirya ||
1.10 lamun datan mangkenea isin [3: 37] | apa aku anaking sudagar | ngitung pangan sadinane | kabèh titah Hyang Agung | ana urip ya ana bukti | kang wêruh sesuk sapa | ujar kang puniku | bodho bundhune daluya | kang mangkono lamun tan mangan saari | nyalinguk jroning driya ||
1 dari 2