Tembang macapat

Căndrarini, Pigeaud, 1953, #1392

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Căndrarini, Pigeaud, 1953, #1392

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 5
1 dari 4
1–10 dari 37
1. Sinom
1.01 kang agnya gita srinata | ing Surakarta nagari | Pakubuana ping sanga | mangun wasitaning èstri | ingkang cinitrèng ari | Rêspati tanggal ping pitu | Jumadilakir wulan | kang nêm Be sangkalèng warsi | miyarsakna trusing kang sabda narendra |[1][2]|
1.02 liring kang wiyata arja [3: 55] | ujar ugêring pawèstri | kang winayuh dènnya krama | yogya ngupakarèng dhiri | manjêrnih mardi wèni | wêwida gănda rum-arum | umarah ngadu warna | winor ing naya mêmanis | mangèsthia ing rèh cumondhong ing karsa ||
1.03 awit jênênging wanodya | pêgat dènnya palakrami | nistha nir kadarmanira | wigar dènira dumadi | sami lan mangun tèki | kang badhar subratanipun | punggêl kasêlan cipta | marma sagunging pawèstri | marsudia widadaning palakrama ||
1.04 dèn kadi duk jaman purwa | garwane Sang Pandhusiwi | kang kocap layang wiwaha [3: 56] | lêlima ayu linuwih | tiga putrining aji | kang kalih atmajèng wiku | pantês dadya tuladha | èstri kang kanggêp ing krami | winursita dyah lima candraning warna ||
1.05 kang sêpuh Wara Sumbadra | saking Madura nagari | atmaja Sri Basudewa | ing warna ngrêsêpkên ati | sumèh kang netra lindri | pasaja ing driya tangguh | sêmu kurang budaya | awijang dêdêg rêspati | kuning wênês labête amung kapama ||
1.06 tan pati ngadi busana | mangu kadung yèn lumaris | jatmika arang ngandika | tan rêgu sêmune manis | ririh tanduking angling [3: 57] | lumuh ing wicara sêndhu | amot mêngku aksama | tuhune pribadi pinrih | sêtyèng priya datan lênggana sakarsa ||
1.07 mring maru kadi sudara | rumêsêp tan walangati | sanadyan kurang budaya | lêgawa anrus ing batin | winongwong widadari | labêt kadangira Wisnu | marma Sang Dananjaya | pamêngkune sêmu ering | marunira anggêpe sami nyuwita ||
1.08 myang raka Sri Baladewa | miwah prabu Arimurti | kalangkung ing trêsnanira | marang Dyah Banoncinawi | kadang èstri satunggil | kapisah panggenanipun | mila tansah anduta [3: 58] | wau sang narendra kalih | tanya warta mring sang rêtna Madubrăngta ||
2. Dhandhanggula
2.01 garwa ingkang panênggak winarni | apêparab Dèwi Manohara | saking patapan wijile | putranira Sang Wiku | Manikhara ingkang palinggih | wukir Tirtakawama | ing warna pinunjul | kadi gambar wêwangunan | netra jait antêng pamulune manis | yèn paès wimbuh endah ||
2.02 nadyan ngusud yêkti maksih manis | wănda luruh kang bahu awijang | maya-maya sawangane | amardapa ngênguwung | kuning wênês asêmu wilis | lir Hyang Pudhak sinurat [3: 59] | katon warnanipun | tan pae pêpindhanira | andakara katawèng ing ima nipis | rumamyang amradipta ||
1 dari 4

 


§ Taun Jawi 1792, taun Walandi 1863, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) pitu (7) Jumadilakir Be: miyarsakna trusing kang sabda narendra (AJ 1792). Tanggal Masehi: Kamis 19 November 1863. (kembali)