Tembang macapat

Paliatma, Pigeaud, 1953, #1393

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Paliatma, Pigeaud, 1953, #1393

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 18
1. Dhandhanggula
1.01 dhuh-dhuh adhuh pra atmaja mami | ingkang mijil saking garwaningwang | kang wus muksa ing jamane | kang lair kalaningsun | lara lapa dadi prajurit | siranggèr sumurupa | dèn pracayèng kalbu | gon sun mrihatinkên sira | awit ingsun jumênêng Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||
1.02 nora pêgat panêdhèng sun batin [3: 70] | muga sira akatumusana | kanugrahaningsun anggèr | ing mêngko wus jinurung | ingkang măngka tandhaning Widhi | tumrape marang sira | kulup yêktinipun | sira padha palakrama | antuk putra atmaja pangran dipati | timbang lan jênêngira ||
1.03 kaping kalih sira wus darbèni | balewisma abawat priyăngga | kaping tri sira wus darbe | panci liruning lungguh | padha lawan putra narpati | kaping pat sira tămpa | kawiryawan agung | sinêbut jênêng pangeran | padha lawan eyang ta kang saking mami | myang saking ibunira ||
1.04 kang mangkono rasaning tyas mami [3: 71] | ing atase bangsaningsun Jawa | anane ing jaman kiye | wus kêna yèn sinêbut | kanugrahan ingkang nyartani | mulane putraningwang | dèn narimèng pandum | yèku pitulunging suksma | ingsun èngêt sangkaning kamulyan kaki | brêkahe luhurira ||
1.05 mêngko uga kulup jênêng mami | lêga bungah sokur ring Hyang Suksma | lêganingsun awit dene | katêkan panêdhèngsun | bungah ingsun dulu sirèki | sokurku ing Hyang Suksma | de sadurungipun | sun mulih mring kalanggêngan | bisa wêruh ing tumanjanira sami | uripmu anèng donya ||
1.06 dadi suda sandeyaning ati [3: 72] | amung kari arinta Pangeran | Prangwadana sakadange | kang dadi galih ingsun | dene padha maksih lit-alit | kang măngka yuswaningwang | wus suwidak taun | iya lamun mênangana | diwasane yèn ora iku amasthi | dadi ing karyanira ||
1.07 măngka para arinira kaki | Si Suyitna iku sapangandhap | kênane dèn suwunake | unggahe pangkatipun | jênêng pangran kalamun uwis | umur wolulas warsa | wêwangênanipun | kang kamot jroning pustaka | kêkancingan guprêmès[1] ingkang tiniti | ing nagri Surakarta ||
1.08 Mangkunagaran ing sasi Juli [3: 73] | kaping nênêm tanggaling Walănda | kaetung saka taune | duk sèwu wolung atus | sawidak nêm ingkang lumaris | sinung ăngka sakawan | R aksaranipun | ing mêngko pamintaningwang | marang sira kabèh para putra mami | mupung sun maksih gêsang ||
1.09 awit iki tumêkaning benjing | ingsun titip para arinira | Prangwadana sakadange | rêksanên ayunipun | aja taha amituturi | kang marang karaharjan | supayane besuk | yèn gumanti jênêng ingwang | lêstaria bisa mêngku angaubi | mring kadang warganira ||
1.10 mêngko ayo kulup andum kardi [3: 74] | liya saking wajibmu priyăngga | sira sun bubuhi anggèr | rumêksa mring adhimu | kang wus ingsun titipkên sami | sun arsa nutugkêna[2] | kuwajiban ingsun | anata ing prajanira | murih tambah lulusa sira ênggoni | lan para kadangira ||
1 dari 2

 


guprêmèn. (kembali)
nutugêna. (kembali)